Sunday 18 January 2015

WENGI IKI DONYAKU KASIRAM BANYU

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:17 | No comments


WENGI IKI DONYAKU KASIRAM BANYU

Wengi iki donyaku kasiram banyu
Donyaku kang wus suwe ngantu- antu
Donyaku kang wus ngelak
Donyaku kang butuh tumetese banyu udan

Udan wengi iki,
Anggegawa berkah kang linuwih
Tanduran katon seger- seger
Lemah- lemah bengkah bisa bali katutup
Kali- kali kang wus asat bisa bali agung nganti amber

Gusti,
Amung  rasa syukur kang bisa kaucap
Marang rahmat ingkang sampun kaparingaken
Dhateng donya menika
Donya ingkang betahaken welas asih- Mu


0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads