Sunday 18 January 2015

WAYANG PETENG - Dening Wisnu Prasetyo Bekti

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:14 | No comments


WAYANG PETENG

Surya wus katon melbeng ing bantala
kaya kaya katarik mangulon
dina arep kilangan benter,
bentere sunar bagaskara

putih, ireng
padhang, peteng
putih tur padhang cetha kang sinawang
ireng tur petheng
agawe kahanan saya pereng

wayah peteng
wis dumadi ing dina iki
pegel, sesek, sumpek rinasa
pangarep-arep baline sang surya
kang bisa madhangi jagad raya



0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads