Thursday 15 January 2015

Karya Yuliana

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:07 | No comments




Amarga Salah Paham




Dening: Yuliana Sri Astuti

Ing salah sawijining dina, ora kaya biyasane Pras lan Pandu sing terkenal minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora ana guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindhahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.
“Pras, aku lihat-lihat wis dua hari iki kok nggak bertegur sapa sama Pandu, emang kowe ana masalah ya karo Pandu?” pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul.
“Ora kok Yud, ora ana apa apa” jawabe Pras singkat
“Ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mungkin bae aku bisa bantu” Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita.
“Yud,  sebenere pancen  aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong dina iki, tapi iki merga kabeh salahe kok, mosok buku diktat  sing disilih Pandu  ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur, padahal nyatane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngomong yen wis dibalikake pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetake tenan bocah iku” pungkasane Pras crita dawa.
“Ooo…ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana gitu?” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati.
“Apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?” Pras rada muring-muring ditakoni ngono.
“Ya nggak gitu, aku kan cuman nanya…Sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biyasane, piye Pras?” pitakone Yudha.
“Ya gak pa pa sih, sinau bareng bae ning nggonku Yud” jawabe Pras
“Iya deh…Sip. Sampai ketemu mengko sore yo pras”
Sejam sakdurunge iku,
“Dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras kok pas aku dolan ning omahe
“Ooh gitu critanya Pan..Hmm, mungkin saja Pras lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo” ujare Yudha.
“Lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku ya dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to”curhate Pandu maneh.
“Ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai, gimana?”
“Ya wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ana”
sore iku teka ing omahe Pras
“Pandu, aku njaluk ngapura ya jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik kamar…..maaf ya aku wis nudhuh kowe rung mbalikke” Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
“Wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu….kosong kosong ya Pras dhewe tetep kekancan to?” jawabe Pandu
“Iya ora mung kekancan tapi seduluran” Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
“Nah gitu dong…kalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini” Yudha katon seneng amarga usahane kasil
“Matur nuwun ya Yud…kamu memang baik hati”ujare Pras lan Pandu bebarengan
“Okeee…Sama-sama yuk….Sinau bareng e ndang dimulai”.
Sawise iku Pandu lan Pras wes bali apik maneh lan kekancan apik maneh kaya disek, amerga amung salah paham akhire bisa dadi jalaran ancure kekancan.









Napaki Dalan Mediun-Surabaya




Dening : Yuliana Sri Astuti

Adzan sholat dzuhur lagi bae ngumandhang saka masjid lan mushola kang ana ing desaku iki. Srengenge ora katon amerga katutup pedhut ireng, kang  wus gumandhul ing langit kaya arep numplekake banyu. Aku uga enggal nyiyapake barang-barang kang bakale dak gawa bali menyang kota perantauan Surabaya. Kutha anggonku ngerek ilmu kanggo sangu lan bekalku ing mangsa ngarep.
Dak siapake apa bae kang arep tak gawa bali menyang Surabaya, aku bakalan rada suwe ing Surabaya amarga akeh kegiyatan lan tugas kang ngawe-awe. Gawanku kuwi mau krasa abote. Nanging kabeh kuwi mau ora bakal krasa amarga apa, aku balik menyang Surabaya bakal ketemu marang kanca- kancaku sing wus suwe ora ketemu. Dak sawang pandom dawane jam tanganku wus ing antarane rolas lan siji lan pandom cendheke ing antarane loro lan telu.
Sawuse ubarampe lan barang- barang kang arep tak gawa bali menyang Surabaya dak rasa wes siap kabeh, aku banjur tancap gas numpak montor matic beat warna abang kang ditumbaske wong tuwaku srana kanggo alat transportasiku nalika ana ing Surabaya. Banjur aku mampir neng terminal caruban ngenteni wong special singbakale ngancani aku bareng bali menyang kutha perantauan sing padha arah lan tujuwane nanging beda kota. Wong kang dak anthi – anthi akhire teka, priya bagus, nganggo jaket ireng heleman sleret putih campur ireng, Abdul Mahmud jenenge. Priya kang ngisi atiku sasuwene iki. Esemane kang manis lan ngadhemke ati nyapa aku lan ngawe- awe.
                       
Ora ngenteni suwe aku langsung pindah panggon ing mburine dheweke, lan dheweke bagian nyetir ing ngarepku pas, banjur dheweke langsung tancap gas. Ing sasuwene neng dalan kang teles amarga mari kudanan, hawa adhem tansaya nglenget ing kulit lan balung, nanging kabeh wus ora krasa amarga ana slirane kang gawe anget ing rangkulane.
Sasuwene rong jam perjalanan aku lan dheweke mandheg ing pom bensin, ngisi bensin uga leren mulihake tenaga, sinambi leyeh – leyeh lan ngincip bakso anget- anget kang pedes lan krasa luwih mantep maneh amarga dipangan ing wayah adhem- adhem amarga udan kaya ngene iki. Sawuse iku aku lan Mahmud banjur bali nerusake laku marang kota tujuan. Ing sadhawane dalan aku lan dheweke gojekan ora ana menenge, nganthi ora krasa aku karo dheweke tibane wus teka ing terminal purabaya utawa sing paling apal yaiku terminal bungurasih. Aku lan dheweke kepisah ing kono amerga tujuwane pacarku Mahmud iku maeng yaiku ing kutha gresek dene aku ig lidah wetan Surabaya kunu wae.
Akhire aku lan Mahmud kepisah ing bungurasih, dene aku banjur nglajutake lakuku mara ing lidah wetan. Kejaba saka kuwi aku wes seneng banget amarga bisa bareng karo dheweke bareng karo wong kang special sing ana ing uripku napakki dalan mediun Surabaya bebarengan. Matur nuwun sayang.





Patepungan Sadhela Ning Lara Kang Mbekas Suwe
Dening: Yuliana Sri Astuti

Hubungan kang tak lakoni iki, diwiwiti ing tanggal 23 oktober 2013 yaiku tanggal nalikane aku jadian utawa sesandhingan marang bocah lanang sing uga kuliah ing kampus lan jurusan kang padha, mung bedane dheweke luwih senior tinimbang aku, nanging amung beda setahun.
Hubungan iki kawiwitan nalikane aku isih dadi mahasiswa anyar utawa basa keren.e MABA, nalika iku aku isih melu kegiyatan kampus kang majibake Maba utawa mahasiswa anyar melu kegiyatan iki, yaiku jenenge PKKMB yaiku kagiyatan kang ana ing saben kampus, kegiyatan iki isine ngenani pengenalan kehidupan kang ana ing kampus marang para maba kang wus ketrima ing salah sawijining universitas. Nahh ing kegiyatan iku mau kang dadi kawitane aku ketemu karo Andi, yaiku pria kang dadi pacarku iku mau.
Nalika iku ak kenal dheweke ora kenal kanthi langsung ngerti bocahe, nanging wektu iku kenal lewat pesan singkat utawa SMS. Critane iku dheweke SMS aku disik..
Ndret.. ndret.. ndret.. swarane hpku kang geter bola- bali  ing jero sak clanaku, nada nalikane ana pesen utawa sms kang masuk. Tak rogoh hape iku mau, banjur tak buka.
            Iki nomere sapa ya?” batinku nggremeng dhewekan nalikane ana pesen utawa sms saka nomer kang ora tak kenali sadurunge. Banjur aku batin maneh
            Halah.. nomer gak tak kenal paling isine ya “Mama minta pulsa” haha batinku guyu- guyu dhewe, amarga sering ana sms masuk saka nomer kang ora tak kenal banjur isine penipuan, nek ora “mama minta pulsa”, ya “selamat anda beruntung mendapatkan uang sebesar 10jt”.
Sabanjure aku mbatin lan nggremeng dhewe ngenani sms masuk kuwi maeng, sms kuwi maeng ora tak buka lan ora tak gubris,banjur tak lebokne maneh ing jero sak clanaku. Ora suwe kira-kira mung let 5 menit hpku wes geter maneh.
Ndret..ndret..ndret…
Apa maneh ta iki?” batinku karo rada mangkel. Ana pesen maneh saka nomer kang padha, kaya sadurunge maeng. Kang sms.e maeng durung tak waca, kanthi penasarAn lan pengen ngerti jan- jane iki maeng nomere sapa banjur tak buka pesen singkat kang akeh masuk lan gawe ngrameni hpku nganthi pirang- pirang pesan kuwi mau.
Hay, boleh kenalan?” pitakone wong kang ngirim lewat pesen singkat kuwi mau. Banjur tak buka kabeh pesan isine padha kabeh yaiku takon oleh kenalan apa ora.
Lho, iya ta mesti isine wong sms gak jelas, emang kenal ye aku mbek kowe “! Aku nggremeng dhewe lan ngrasa mangkel, amarga isine sms.e wong sing pitakone ora penting. Ora suwe hpku geter maneh, saiki bedha ganti telpon saka nomer kang sms.e lagi ae tak buka kuwi maeng.
Telpan- telpon ae, kenal apa piye!. Sedina utuh hpku muni ora ana mandheke isine ya saka nomer kang padha sing takok oleh kenalan apa ora maeng. Saking aku wes mangkel akhire tak bales pesen singkat sing mlebu maeng.
Siapa ya?”. Pitakonku lewat pesen sms. Ora suwe dheweke langsung bales.
Beh, kilat tenan wong iki balese gawe speedy apa piye iki”?batinku karo guya- guyu dhewe.
Aku, andi boleh kenalan nggak?” pitakone maneh.
Andi siapa? “ pitakonku singkat, padat lan jelas.
Aku andi, dari fakultas FIP, kamu Setiana kan? Maba dari jurusa pendidikan bahasa   jawa“pitakone.
Aku mlengeh, klopah- klopoh bingung, kok isa wong iki ngerti jenengku. Banjur langsung tak bales bae pesen kuwi cepet- cepet merga peasaran, kok isa ngerti aku lan jenengku, banjur saka ngendhi dheweke inthuk nomerku.
            Hlo, sampean kok ngerti jenengku, terus sampean inthuk nomerku saka ngendhi?”pitakonku ganti gawe basa jawa, bah wes pokok.e tak bales.
Ndret..ndret..ndret..
            Iya aku ngerti pokok.e tentang sampean?” balesan saka dheweke kang melu – melu gae basa jawa.
            Sawise kadadeyan iku, aku malih sering smsan karo dheweke, ya meskipun balesanku mesti singkat,cuek, padat. Nagnthi dheweke omong yen aku iki wonge cuek. Kira – kira wis ana seminggu aku kenal lan sms.an karo dheweke. Ing sawijining dina, kaya biasane dheweke sms aku.
            “Aku oleh jujur nggak ndek sampean?”pitakone dheweke sing kaya – kaya serius arep nyatakne sesuatu marang aku.
            Jujur apa loh mas?”pitakonku singkat
Ngene, tapi sampeyan aja muring- muring ya lek saumpama aku wes ngomong jujur neng sampean” balesane dheweke sing saya suwe garai aku penasaran.
Inggih, omong apa ta mas?” jawabku .
let suwe ora kaya biyasane yen bales sms mesthi kaya kilat, ning pas wektu iki anggone bales lumayan suwe. Banjur mlebu sms saka dhewe, sing isine dawa nganthi pirang- pirang slide. isine
Ngene dek, satemene aku iki dudu saka jurusan FIP nanging saka jurusan basa jawa, aku iki angkatan 2012, kawit awal satemen aku pengen jujur, nanging aku wedi merga apa? Aku iki salah sawijining panitia ing kegiatan OSJUR kang bakal samean lakoni, sok iku aku neng kene minangka kamtib, lan ing peraturane aku ora oleh cedhak karo maba. Makane aku ngaku- ngaku yen aku iki saka fakultas liya. Ngapunten nggih dik?”
Ing kene banjur aku langsung batin, “Wong iki lagi wae kenal, wes wani mbujuki wong!”. Sabanjure sms ora tak bales, aku males amarga apa, lagi wae kenl kok wes wani mblithoki wong, piye lek wes kenal suwe maneh.
            Dek, sampean gpp kan?”pitakone dheweke amarga sms ora tak bales.
            Dek”
            Dek”. Pitakone maneh bola- bali
Sakjane aku mangkel ning mesakake terus ak nyadar lek iku maeng kakak seniorku, kang dadi sawijining panitia mula saka sms terus tak bales, aku wedi yen mengko ing sajroning kegiyatan aku dikerjain nganthi amoh.
            Inggih boten napa”.balesanku singkat
Sakwuse kadadeyan iku wus ana 3 minggu luwih aku kenal lan sering sms.an karo dheweke lan aku karo dheweke ya uwis sempet ketemuan. Sasuwene iku aku malih cedhak karo kakak seniorku iku mau, lan uga sering dijak metu golek maem utawa mung sekedar dolen muter-muter karo ngobrol- ngobrol, lan mesthi aku bantu garap tugas, lan aku uga diterke nang ndi bae yen ana kegiyatan. Dheweke pokok.e apik banget marang aku. Ing sawijining dina  tepate pas kuwi malem minggu aku dijak metu karo dheweke, aku banjur dijak mandhek ing sawijing tempat sing padhang lan pemandangane lumayan apik. Terus lungguh-lungguh crita- crita. Ing pertengahane crita dheweke banjur gandhen tanganku lan ngomong.
Dek, aku oleh ngomog sesuatu nang sampean?” pitakone Andi marang aku. Aku banjur kaget lan narik tanganku saka cekelane dhewe,
Omong apa mas emange?” karo mukaku sing malih abang amarga rumangsa isin.
Aku seneng karo sampean, aku cinta karo sampean, apa sampean gelem dadi pacarku?” pitakone dheweke karo nggegem maneh tanganku sing maune tak culke, karo mandhengi aku.aku kaget lan bingung kudu piye, aku mikir wong lagi kenal pirang minggu kok wes nembak “piye iki?”
“Piye dek, aku tresna sampean lo dek, iki wes suwe tak rasakake, batinku sampean iku bedha karo liyane”.pitakone maneh
Aduh mas, piye ya? Aku bingung ngomonge, aku karo sampeyan iku kan lagi kenal masak wes pacaran, kok secepet iki.”jawabanku mring dheweke
Cinta gak kenal waktu dek, aku wes bener- bener ngrasa nyaman cedhak karo sampeyan, piye?”pitakone andi ndesek aku, nganthi aku bingung arep jawab apa.
Ngapunten nggih mas tak pikire disek, jan- jane aku iki males pacaran mas, durung niyat pacaran maneh.”
Dheweke banjur ngewenehi aku kesempatan gawe mikir. Sabanjure kadadeyan kui dheweke saya suwe tansaya apik marang aku lan terus ngewenhi aku keyakinan yen aku bakale isa seneng karo dheweke,nganthi akhire atiku luluh. Lan ing tanggal 23 oktober 2013 aku jadian karo dheweke.
Tansaya suwe, suwe lan suwe aku pacaran karo dheweke. Dheweke uga sering bola- bali mara ning omahku yen lagi pulkam bareng, kenalan marang wong tuwaku nganthi wong uwaku wes ngrasaa seneng marang dheweke,  kira – kira mlaku 9 wulan suwene anggonku pacaran karo dheweke. Kaitung dadi aku wes semester 2 lan dheweke semester  4. Masalah siji baka siji terus teka lunga ngiringi lakune pacaranku karo dheweke, nganthi ing sawijining dina aku lan dheweke tukaran sing paling hebate, nalika iku nganthi seminggu luwih ak lost kontak utawa ora nate sms utawa telpon.
Masalah iki kadadeyan amarga dheweke kang ora nate sms nanging mesthi isa komen- komenan karo wedok liya ing facebook iki sing gawe aku mangkel lan muring – muring merga dheweke luwih mentingne bocah wedok kuwi tinimbang aku sing pacare dhewe. Sapa sing ora mangkel yen ngerti kaya ngono apamaneh aku lan dheweke ana ing posisi LDR utawa pacaran jarak jauh. Nalika iku aku liburan semester ana 3 sasi lan dheweke nglakoni salah sawijining mata kuliah yaiku PKL utawa melu rekaman ing radio, wis omahe adoh, ora bisa ketemu, ora nate sms utawa bales sms. Nganthi aku tau sms ngene
            Aku iki isek mbuk anggep pacarmu apa ora to, kok sajak.e aku mbok abaikan ngene, aku ngerteni lek sampeyan iku sibuk ngurus tugas kuliyahmu, nanging apa ora ana wektu gawe sawetara ngirim pesen, takon kabar. Apa bener- bener sampeyan wis ora butuh aku maneh. Apa sampeyan wes duwe cah wedok liya.?” Pitakonku lewat pesen sms.
Pesen sms iku ora dibales, nganthi bola- bali aku sms pancet ora nate dibales karo dheweke. Akhire aku wes cukup ngrasakne lara ati lan kesel. Amarga ing sasuwene ikiaku terus sing ngalah. Amarga aku wus ora betah akhire aku mikir yen hubugan iki apik.e dicukupne nganthi semene wae tinimbang aku terus- terusan ngrasakaen lara. Mutusku dheweke iku uga aku lewat pesen sms.
            Aku njaluk sepura neng sampeyan, yen slama iki aku gawe sampeyan lara ati apa lapo ae. Aku gak ngerti kena apa sampeyan sikape kaya mangkene ning aku, ngumbar aku lan ora nganggep aku maneh ora tahu ngewenehi kabar. Aku iki cah wedok butuh kepastian, aku gak pengen digantungne ngene iki, dene smsku iki gak sampeyan bales berate tak anggep aku lan sampeyan mulai dina iki wus ora ana hubungan apa- apa maneh.” Smsku marang dheweke
“ ing kene dheweke belas ora bales marang sms kang wus tak kirim, awit saka iku ngganggep yen aku aku lan dhweke wes resmi putus utawa ora duwene hubungan apa- apa maneh. Lara pancen nanging tak lakoni kabeh kanthi ikhlas lan muga- muga oleh ganti kang ora kaya dheweke.











  Sertipikat Palsu
      Dening : Yuliana Sri Astuti

Srengenge durung katon njedhul, nanging clorot abang ing sisih wetan wus katon  mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek  pangan ninggalake anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntap kelungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe pakarya nbakul menyang pasar. Padhang gendong tenggok munjung-munjung isi dagangan kang bakal didol mengko ing pasar.
           Kabeh padhang ajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kar
i gawa tenggok kosong lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake.Tangane kiwa katon kelip –kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias rokok klobot. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget. Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
             "Mruput, Mbah! Tindak sabin?"
"Genah nggawa pacul ngono, masak arep njagong!" semaure Mbah Wongso sak kecekele. Mbah Wongso senadyan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
  "Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mbote naruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh."
"Ooo...yawis, bener Le..., la kowe gek nyapo?" "Mboten, Mbah. Niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso.
 "Dhahar gundulmu kuwi, Kakekane...lha kok malah mbales," wong loro terus padha   ngguyu.
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus maknyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sangaesuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng yawis pating kluthuk njaluk di isi.
           "Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene
nduk, wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je!"
 "Wau saderenge tindhak ken sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedanten."
"Mangan kuwi paling enak ki nek wis luwe ngene ki yi!"Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan wis sepuh isih katon gagah. Amarga olahragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan. Bar dhahar terus ngunjuk benter angin astel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon.   
           "Pak, mbok rokokipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker," durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso.
 "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae, dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa lara isa ora, iya ta? Jarene nek wong – wong ora udud, pabrik rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka rokok kuwi paling gedhe nduk?
Lho, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah ta?"
"Penjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru –parune mangraoskepiyambak!"Suminahkatonmrengut.
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang – wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah.
 "Nyuwun pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon mau takon marang Mbah Wongso.
"Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa saben niki dateng sinten?"
 "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!"
 "Pak, jenenge sertifikat!" Suminah njawil bapake.
"Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang –wadon mau pada ulat – ulatan semu gumun.
"Sabar riyin, Mbah! Ngetennggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih, kalawingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki."
"Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus – apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.
 "Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus - apus. Benjang Sabtu dicoco kemawon sertifikate, kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
Dina sing dipilih kanggo rembugan wis teka. MbahWongso ngaturi para - para kang dianggep mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca – kancane Mbah Wongso sing umure sakbarakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapke ponakane saka kepolisian sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus - apus.

               Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun nggawa tas koper lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi. Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan sing nggawa stopmap pegawai sing ngurusi
sertipikatomah.
              
Wong – wong mau padha rembugan gayeng nganggo bahasa Indonesia. MbahWongso mung domblang- domblong, ora mudheng apa sing diomongke. Ora wetara suwe sajake  rembugan wis rampung.
Nanging kabeh padha meneng.
                "Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan,  mbiyen tak rewangi adol sapi pirang – pirang arep diaku - aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget.
                 "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan.
                  "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap.
"Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengok –mbengok amarga bapake semaput.











TLBM
( Tresna Lawas Bali Maneh)




Dening: Yuliana Sri Astuti
Srengenge durung katon njedul, nanging nylorot abang ing sisih etan wus katon  mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek  pangan ninggal keanak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntap kelungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe pakarya nbakul menyang pasar. Padhang gendong tenggok munjung-munjung isi dagangan kang bakal didol mengko ing pasar.
Esuk iki uga kaya rutinitas ing saben dinane aku budhal menyang sekolah,  jarak antarane omah menyang sekolahku kira- kira ana 7- 8 kilo nan, mula saka kuwi aku wus dicekeli motor dhewe karo wong tuwaku nalikane wes mlebu ing sekolah menengah  utawa SMA. Supaya anggonku budhal tekan sekolah ora athik telat lan cepet sampe.
Kaya biasane saben wus tekan sekolah apamaneh tekan kelas, ya paling isine nyapa kanca- kancaku, lunngguh banjur nyekel hp. Nalikane kuwi aku lagi sibuk dolanan hp sinambi facebookan. ing fb ana pemberitahuan nganthi sakarat- arat, nalikane tak buka isine mung like lan komen saka bocah sing jeneng Fbne Ananda Abdul Mahmud. bocah kang sekolah ana ing STM kang sekolahe iku manggone tepak mburi sekolahku, nanging aku durung kenal lan durung nate ketemu marang dheweke. Salah sawijine komentare sing komen ing fotoku sing wingi lagi tak upload yaiku..
Wihh.. ada bidadari dari mana ini?” komentare dheweke ing sawijining fotoku.
Komen ngunu maeng nggarai aku mesam – mesem dhewe ing kelas nganthi aku dibejeki kanca- kancaku sing jaile ora ketulungan. Komen mau banjur tak bales.
            Apa sih, bidadari dari mana coba, ada- ada aja” balesanku marang komen,.e dheweke. Ora suwe banjur dheweke bales maneh komenku maeng.
            Bidadari jatuh dari langit dong J” balesane dheweke bajur ngewenehi emoticon smile.
Akhire terus – terusan aku komen- komenan karo dheweke, nganthi akhire kau lan dheweke smsan lan ngajak ketemuan.
            Tansaya suwe hubunganku marang dheweke tansaya kejalin raket, dheweke seneng banget lan sering banget gombal lan ngrayu- ngrayu. Wus ana sesasi aku lan dheweke cedhak lan kenal. Banjur akhire dheweke nembak aku. Nalika nembak iku aku lan dheweke lagi ketemu lan dolan bareng. Nalika dolan bareng iku aku lan dheweke kepeksa mandhek ing terminal Caruban gawe ngiyup amarga udan. Ing kunu aku lan dheweke crita- crita, guyon lan nganthi curhat- curhatan. Merga kesel guyon aku lan dheweke padha menenge ngrasakne hawa adhem kang sumilir saka udan. Dheweke nyekel tanganku
            Yuli, aku sayang karo sampeyan, aku cinta karo sampeyan, apa sampeyan gelek dadi pacarku?” dheweke njlentrehna isi atine marang aku sinambi nyekel rapet tanganku. Nganthi aku mung bisa dlongop kaget lan bingung campur seneng rasane kabeh nganthi ora karu- karuan.
            Sampeyan omong apa sih, nggak usah guyon ah, gak lucu tau?” jawabanku kang bingung kudu omong apa maneh.
            Aku nggak guyon aku serius, aku sayang karo sampeyan, aku cinta karo sampeyan, sampeyan gelem dadi pacarku”?dheweke nyoba negesne lan ngeyakino aku
            Sampeyan tenan ta sayang karo aku,?”
            Iya sayang, piye?” pitakone dheweke karo terus nyekel tanganku, sajak ora oleh tak culake. Aku wus ra isa jawab apa- apa, mung isa manthuk- manthuk lan isine atiku sing eneng ing pikiranku amung seneng,seneng kaget la ora percaya yen dheweke uga seneng karo aku, kaya aku seneng karo dheweke.
            Grimis riwis- riwis Kenya manis, so sweet banget batinku, ing grimis- grimis kaya ngene wong sing tak senengi, ngungkapne isi atine yen dheweke seneng marang aku. Gusti dina iki atiku bener- bener sueneng ora ana tandhingane.
            Wektu terus lumaku aku lan Mahmud wes dadi sepasang kekasih. Kira—kira ana telung mingguan aku lan dheweke pacaran, hubunganku lan dheweke kalaksanan kanthi apik- apik lan ayem- ayem bae tanpa ana masalah. Nganthi ing sawijining dina dhweke ape ling omahku lan ibukku nyeramahi dheweke.
            Le.. aku ora apa- apa kowe sakloro iki pacaran nanging, dieling – eling maneh, wes arep ujian saiki sing penting sekolah sin tenanan, aja dolan ae. Wes ta jodho ki wes enek sing ngatur sing penting sekolah sik sing tenanan”. Kandhane ibukku marang aku lan dheweke
            Pancen bener, wektu iku wes cedhak karo UAN utawa ujian kelulusan. mula saka kuwi ibukku kandha yen aku lan dheweke kudu luwih focus disek ing UAN.
            Mulih saka ngomahku, lan mari kadadeyan iku dheweke sikape mulai bedha marang aku. Dheweke dadi cuek lan gampang nesu kaya- kaya emoh maneh cedhak marang aku. sawijining dina dheweke ngirimi aku pesen singkat utawa sms.
            Maaf ya tapi mending awake dhewe putus wae, kaya apa sing dikarepne ibuke sampeyan, sekolah sing luwih penting, sepurane” sms saka dheweke.
Sanalika iku atiku langsung kaya- kaya rasane ambyar, bingung, pengen nangis, ngenes, kabeh campur aduk ing atiku. Nagnthi mripatku wus ora bisa mbendhung luhku  kang tumetes nelesi pipi.
            Kok sampeyan omong ngunu, ibukku ora duweni niatan supaya aku lan sampeyan putus, ibukku ora pernah nglarang aku lan sampeyan pacaran. Kok sampeyan setega iki neng aku apa salahku?”pitakonku marag dheweke
            Inggih sampun, putus nggih putus, tapi sing perlu sampeyan mangerteni tresna iki lan ati iki satemene mung kanggo sampeyan nganthi sampek kapanpun tresnaku marang sampeyan ora bakal luntur.” Smsku kang tak kirim- bola- bali marang dheweke.
            Dheweke belas ora gelem bales sms kang tak kirim nganthi bola- bali, aku mung bisa nanging, lan nangis, kok nganthi kaya ngene dheweke ninggalne aku mung gara- gara salah paham karo pituture ibukku. Lila ora lila amung pasrah sing bisa daklakoni, pikirku dheweke paling durung jodoku.
            Dina nganthi dina terus lumaku, wus ana setahun aku nglakoni urip dhewe sakwuse putus saka Mahmud aku pancen ora duwe pacar maneh, akeh sing nyedhek lan pengen dadi pacarku nanging rasane atiku iki isih cumanthel amung gawe Mahmud. lan uga wes ana setahun iki aku lan Mahmud ora ketemu lan ora ana kabar apa- apa saka dheweke.
            Nganthi aku wis ngancik ing bangku kuliah, tetep ora ana bedhane aku tetep nglakoni lan terbiasa dhewe tanpa pacar. Atiku isih durung bisa nrima cinta liyane sakliyane cintane Mahmud sing tak anthi- anthi nganthi sasuwene iki. Nagnthi ing sawijining dina aku kenal marang bocah lanang senior ing kampus yaiku Andi sing sajurusan lan sa fakultas karo aku sing akhire isa gawe aku sithik isa lali marang Mahmud. masiya butuhake wektu lan pengorbanan, nanging iku kabeh ora bertahan suwe mung 9 wulan wae aku njalani hubungan karo dheweke. Amarga ing pikiran lan atiku mung Mahmud.. Mahmud lan Mahmud.
            8 wulan suwene aku njomblo sawuse aku wis ora njalin hubungan maneh karo Andi, seniorku dhewe iku. Dina- dinaku tak lakoni kanthi santai kaya biasane. Sampek akhire boah kang wus ilang saka uripku sasuwene rong tahun bali maneh ing uripku lan ngisi uripku. Mahmud priya kang dadi pepujanku bali maneh ing uripku. Wektu iku dheweke ngechat aku lewat BBM. Dheweke ngirim sakpenggal lagu, lagu saka band armada sing judule “ apa kabar sayang”. Atiku rasane campur aduk isine seneng, seneng, seneng lan senneg ora nyana yen dheweke bali maneh ing uripku
            Piye kabare?”pitakone dheweke
            Apik wae kok, lha sampeyan piye kabare pasti apik ya”
            Apik- apik wae kok sayang” jawabane dheweke marang pitakonku. Awit saka iku aku lan dheweke mulai bali maneh sms.an lan pdkt. Sampek akhire dheweke ngerti yen aku iki wes duwe pacar nanging dheweke durung mangerteni yen aku wes  putus. Nganthi dheweke gawe status ing bbm “sakjane aku pengene manthuk gawe sampeyan, nanging basa ngerti facebooke sampeyan kok aku malih tanda Tanya”. Saka kuwi aku langsung kaget banjur buka fb, apa sing tak wedeni kedadeyan status- statusku ing fb nalika aku isih pacaran karo andi durung tak hapus.
Banjur dheweke tak SMS.
            Fbku mbok kapakne mas. Mahmud L?”pitakonku
            Ora tak kapak- kapakne ki!”jawabe dheweke rada cuek
            Niyat kabeh status lawas di like kabeh, sampeyan iki ancen kok”. Sumaurku marang dheweke
            Jujur ya, aku maeng ora sengaja nontok fbne sampeyan, ngerti status- stause sampeyan kaya ngono, jujur atiku rasane nyesek.” Jlentrehe dheweke marang aku
            Nek sampeyan, ngrasakake sing kaya mangkono, aku uga wis suwe ngrasakke pa sing kayak sampeyan rasakne.” Tanpa sadar aku bales sms.e dheweke mangkana.
            Hla lek sampeyan ngrasakne kaya ngunu, lapo kok gak gelem omong ket kae, tak kira sampeyan gae status- status kaya mangkana maeng sampeyan wes seneng, makane aku golek cewek maneh”. Jlentreane dheweke
            Bukane aku gak pengen ngomong, nning nyatane aku gak tau duwe kesempatan ae jelasne apa sing tak rasa lagian sampeyan pacaran maneh aku gak apa- apa kok, merga apa ngerti sampeyan seneng meskipun ora bareng aku nanging aku ya uga melu senneg. Apapun sing gawe sampeyan seneng ak ya bakal seneng.
            Aku jaluk sepura ya, peka gak pekane au slama iki aku njaluk sepura.aku ya sayang karo sampeyan. Saiki ayo dijalani ae apa anane, lek jodoh mesthi gak bakal nang ndhi- ndhi kok.” Pitakonane dheweke sing ngajak balikan maneh. tembung iki sing ngawe trenyuh lan sing dadi semangad kanggo aku percaya lan seneng marang dheweke. Mugiya aku lan mahmud mengkone bakalan bisa dadi siji nganti tumekane patiku lan patine mahmud. Lan mugiya katresnan iki bisa dadi katresnan sing suci,kaya sucine bayi sing lagi lahir saka rahim IBU. Seneng bungah rasaning ati keprungu kaya mangkono kuwi mau. Matur Nuwun Gusti.



0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads