Saturday 24 January 2015

Tembung Andhahan ( Kata Jadian )

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:19 | No comments
Tembung Andhahan


 
       Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale. Tembung andhahan ning basa Indonesia jenenge (kata jadian). Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah – owahan iku bisa awujud :
-          Wuwuhan (imbuhan)
-          Ngrangkep tembung (kata ulang)
-          Nyambor tembung (kata majemuk)
       Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan bisa uga disebut afiksasi, yaiku : ater - ater/ awalan (Prefiks), seselan/ sisipan (Infiks), panambang/ akhiran (Sufiks), lan Wuwuhan Gabung (Konfiks).
a.      Ater - Ater ( Prefiks)
Tembung andhahan kang oleh ater – ater  :
Nuku   : n- + tuku
Maku : m- + paku
Dipangan : di- + pangan
Lan liyane

b.      Seselan (Infiks)
Tembung andhahan kang oleh seselan :
Gumuruh : um + guruh
Tinampa : in + tampa
Ingolah : in + olah
Lan liyane 
c.       Panambang (Sufiks)
Tembung andhahan kang oleh panambang :
Karangan : karang + -an
Panase : panas + -e
penku : pen + -ku
Lan liyane
d.      Wuwuhan Gabung (Konfiks)
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digepukake : di- + gepuk  -ake
Nyolongi: ny- + colong -i
Lan liyane

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads