SI
RATU GALAU
Dening:
Ariyani Ayu Purwanti
Dina iku si Ayu lagi
anyel banget atine. Kepiye ora anyel wong dheweke pijer digawe omongan karo
kanca-kancane. Ana sing nyeluki “bocah edan”, “wanita tahan derita”, uga sing
paling nganyelke yaiku “Ratu Galau”. Ya, “Ratu Galau”. Celukan kuwi sing paling
gawe atine gela.
Saben mlebu kelas, ing kantin, ing
parkiran, mesthi tembung kuwi sing metu saka lambe kanca-kancane. Ora amarga
apa-apa, kanca-kancane uga duwe alesan geneya kok menehi julukan kaya mangkono.
Ayu kuwi bocah wadon sing lugu
banget. Dheweke lagi umur 15 tahun lan lagi ngancik kelas X SMA. Ing SMA kono
dheweke lagi ngerti sing jenenge kasmaran. Dheweke kesengsem karo kanca sakelas
sing sabendinane gawe dheweke ngguyu. Jenenge Faid. Jan-jane Faid iki ora
gantheng, nanging sipate sing humoris gawe dheweke disenengi karo
kanca-kancane, kalebu Ayu iki.
Wiwit kenal karo Faid, dina-dinane Ayu
kebak esem lan guyu, ora tau ana tangis. Saben ing kelas. Ana bae sing dilakoni
Faid sing bisa gawe Ayu kepingkel-pingkel. Ora mung ing kelas, Faid uga asring
ngirim sms ing Ayu sing isine kebak
rasa tresna lan kawigaten sing mbangetake. Saben ing kelas, ing omah, ing endi
bae Ayu rumangsa digatekake karo si Faid. Kabeh tata laku lan tata wicarane
gawe Ayu kepincut. Ayu mendhem rasa tresna marang si Faid.
Ayu lan Faid saya suwe saya cedhak.
Tresnane ayu marang si Faid uga saya gedhe, nganti duwe celukan dhewe-dhewe.
Ayu nyeluk Faid kanthi sebutan Kenyot, lan Faid nyeluk Ayu kanthi sebutan Ay.
Nanging Ayu bingung, apa Faid uga ngrasakake sing dirasakake dheweke? Kebak
pitakonan ing jero atine, nanging dheweke ora wani blaka marang si Faid.
Ing sawijining dina, dumadakan si
Faid ngajak pethukan Ayu ing taman, ana sing arep diomonorae ujare si Faid. Ayu
rada kaget, wong biasane ya ngomong langsung neng kelas utawa sms, iki kok ngajak pethukan ing taman.
Jam 3 sore Ayu budhal ing taman lan ing kono wis ana Faid sing macak necis, ora
kaya biasane.
“Wis suwe ta ngenteni aku?” pitakone
Ayu.
“Ora kok, Ay.” Wangsulane si Faid.
“Ana apa kok sampeyan ngajak
pethukan neng kene? Ngomong neng kelas mau lak ya isa ta jane?”
“Iya, Ay. Jane isa bae aku ngomongne
iki neng kelas, nanging...”
“Nanging apa, Nyot? Jane sampeyan ki
arep ngomong apa ta kok sajake wigati tenan?”
“Iya, iki wigati tenan Ay. Iki
masalah ati...”
“Masalah ati kepiye ta, Nyot? Aku
malah ora cetha..”
“Aku mendhem rasa marang sampeyan,
Ay...”
“Mendhem rasa? Cethane, Nyot?”
“Sampeyan isih durung mudheng?”
“Durung, Nyot. Apa ta?”
“Aku iki tresna marang sampeyan.”
“Tresna marang aku? Apa ora kliru,
Nyot?”
“Kliru kepiye? Sampeyan wis duwe
pacar ta?”
“Ora, Nyot. Jane aku ya wis suwe
mendhem rasa marang sampeyan, nanging aku ora wani blaka, aku wedi sampeyan ora
tresna marang aku.”
“Saiki rak wis cetha ta yen aku ya
tresna marang sampeyan? Sampeyan gelem ta dadi pacarku?”
“Emm.. iya Nyot.” Wangsulane Ayu kanthi
rasa bungah.
Wiwit iku Ayu lan Faid saya suwe
saya raket, neng endi bae mesthi wong loro. Rasa tresnane Ayu marang Faid uga
saya gedhe. Nanging pas ngancik kelas XII SMA, Faid saya suwe saya ngadoh. Wis
jarang pasangan sejoli iku katon mlaku bareng ing sekolahan. Faid uga jarang
nggatekake Ayu maneh. Ayu nduweni pangrasa kang ora kepenak marang si Faid.
Ing sawijing dina, dumadakan ana
salah sawijing kanca sakelase Ayu sing ngomong yen dheweke meruhi Faid
goncengan karo bocah wadon liya. Krungu pawarta kuwi, atine Ayu langsung
kemratag. Pangrasane sing ora kepenak kuwi pranyata kedaden. Nalika ditakoni,
Faid ora bisa ngomong apa-apa. Dheweke ngrumangsani salah marang Ayu. Ayu uga
ora bisa ngomong apa-apa kejaba nangis ing ngarepe Faid. Banjur Ayu njaluk
ngrampungi sesambungane karo si Faid, amarga dheweke rumangsa diapusi lan
diblenjani. Faid mung meneng ndeleng Ayu sing lagi nangis. Sawise kedaden kuwi,
dina-dinane Ayu krasa sepi, kaya-kaya kelangan separo atine. Dheweke ora
sumringah kaya ing padatan, ing kelas mung bisa meneng kelingan kedadeyan sing
gawe atine remuk kuwi. Kanca-kancane wis akeh sing nuturi yen bocah lanang kuwi
ora perlu ditangisi lan dieling-eling maneh nanging Ayu dhewe ora bisa
nglalekake amarga dheweke isih tresna senadyan wis digawe lara. Wiwit saka iku
kanca-kancane akeh sing nyeluki dheweke kanthi sebutan “Si Ratu Galau”.
Kembang Tresna
Dening:
Ariyani Ayu Purwanti
Suruping donya wis ganti
dadi esuk, swara manuk ing dhuwur wit sandhing omah, nangekke Anti sing lagi
turu kamar. Kamare ora rapi nanging bisa gawe kepenak sing manggon ing kono.
Satumpuk buku-buku pelajaran ning rak, sing mau bengi dianggo sinau dijupuk lan
dilebokake ing tas. Sapasang sandal aneng ngisor amben dianggo mlaku
liyat-liyut tumuju jedhing sing cedhak karo ambene.
Sawise adus banjur salin nganggo seragam putih abu-abu anyar sing katon
pantes dianggo, Anti banjur ngaca aneng kaca cedhak rak-rakane. Nyisiri rambute
sing dawa, alus lan endah. Ora lali nganggo jepitan pita warna abang saengga
dheweke luwih katon ayu. Banjur keprungu swara ibune kang ndhawuhi age-age
sarapan.
Kabeh kulawargane wis
ngenteni arep sarapan bareng. Sawise sarapan banjur budhal sekolah. Anti
nge-gas sepedha montore banter banget tumuju sekolahane sing cedhak karo omahe.
Pak Satpam sing arep nutup gerbang dadi ora sida amarga meruhi Anti sing telat
mlebu. Sawise nuturi Anti supaya ora telat maneh, banjur mbukakake gerbang
kanggo Anti. Anti markir sepedhahe lan age-age mlebu kelas.
Kelase apik lan mewah
kanggo sekolah seni. Ruang kelase jembar
sarta akeh instrumen-instrumen
modern kayata piano, drum, gitar listrik,
gitar akustik, terompet, harmonika, biola lan sapanunggale. Temboke
diwenehi ukiran gambar–gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang.
”Apa bener kowe sing
jenenge Anti Sukma Putri?” pitakone bu guru.
“Inggih, Bu. Nyuwun
pangapunten kula telat.” Wangsulane Anti.
“Yawis, nanging aja dibaleni maneh
ya.”
“Inggih, Bu.”
Banjur bu guru miwiti
pelajaran. Ing patemon sing kapisan iki, para siswa diutus nampilake bakate
dhewe-dhewe. Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni. Bocah
lanang kang perawakane dhuwur, rambut ireng, gantheng, maju ing ngarep, banjur nari. Tariane jan
gagah banget. Bocah lanang iku jenenge Adi. Suara keplokan saka siswa liyane
dheweke mungkasi tariane. Mak dheg.. rasa atine Anti nalika Adi mlaku tumuju
ing ngarepe lan nepuk pundake sing cilik.
”Saiki giliranmu, muga
sukses!” Ujare Adi.
Batine Anti rada gemeter
kaya wong kang lagi ketaman asmara. Anti banjur maju lan miwiti bakate. Dheweke
nembang, swarane penak banget nganti gawe kanca-kancane mlongo. Swara keplok lan suraking kanca-kancane mecah sepine kelas.
Anti sregep banget
anggone sinau, amarga dheweke pengin nerusake sekolah ing manca negara kanggo
ngrembakakake bakate. Ing sawijining dina, ana pengumuman saka gurune yen dheweke
antuk beasiswa sekolah ing London. Ing kelase mung dheweke lan adi sing antuk
beasiswa kuwi. Anti lan Adi bungah banget, ning kekarone kudu nglakoni tes
sadurunge mlebu ing sekolahan neng London kuwi.
Anggone sinau Anti
sansaya sregep amarga dheweke ora kepengin gawe kuciwa wong-wong sing
ditresnani. Dina sing dienteni teka, dheweke rumangsa aneh ora kaya padatan. Saiki wayahe Anti, gugup, ndredheg, campur dadi siji ing
atine. Adi sing bubar nampilke bakate banjur mbisiki Anti.
”Kowe mesthi bisa kok,
Anti. Kowe kan wis sregep latihan, ngapa kok wedi? Apik orane urusan mburi,
sing penting wis nglakoni kanthi maksimal. Semangat!“
Anti mesem lan manthuk,
“Oke, nuwun ya Di. Aku seneng tarianmu, apik banget.”
Rando sing ana ing
ngarepe mung bisa ngguyu, “Hahaha.. Ngapa mung seneng karo tarianku, lha nek
karo aku seneng ora?”
Anti kaget. Dheweke
ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung. Swara gitar sing dipetik Anti
kaya lagu nang surga kang bisa nentremake ati. Kabeh kepranan, kalebu juri kang
ana ing ngarep. Sawise diumumake, pranyata Anti lan Adi ketampa beasiswa kuwi.
Saminggu sawise tes kuwi
Anti lan Adi langsung budhal menyang London. Sawise penerbangan puluhan jam, pungkasane tekan bandara. Anti mlaku ing antarane wong-wong
kang sliweran ing bandara, Adi saka mburi ngampiri Anti sing kabotan gawa
kopere banjur ngrewangi nggawa koper iku.
“Piye, An? Seneng ora?”
“Nuwun, Di. Wis dadi
inspirasiku.” Wangsulane Anti karo mesem.
Wong loro mlaku nyedhaki
bis kang wis ngenteni tekane kanthi rasa bungah.
SAWAH
Dening:
Ariyani Ayu Purwanti
Srengenge durung katon, nanging
semburat abang ing sisih wetan wis katon mbranang. Manuk-manuk pating mbleber
mangkat golek pangan.
Mengkono uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang
pasar. Padha nggendhong tenggok munjung-munjung isi dagangan.
Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih
kari nggawa tenggok lodhang lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah
Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake.
Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana rokok lintingan
dhewe. Klempas-klempus sadalan-dalan katon kepenak banget.
Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakecekele. Mbah Wongso senadyan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakecekele. Mbah Wongso senadyan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten
aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh."
"Ooo...ya wis, bener Le.” Wangsulane Mbah Wongso.
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus
lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udude, Mbah
Wongso terus ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete
diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon
katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel.
Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
"Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene Nduk, wah
kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je! Wau saderenge tindak kapurih
sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedaya. Mangan kuwi paling
enak yen wis luwe ngene ki!"
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan.
Mula ora mokal senadyan wis sepuh isih katon gagah. Amarga olah ragane macul
ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan.
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan
katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah
Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso
lan Suminah. "Nyuwun pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?"
wong wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso.
"Penjenengan nyewa saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa
pripun. Sampeyan ampun golek prakara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa
taun kapungkur! Malah wonten surate, sertipikat niku lho!" semaure Mbah
Wongso. Oleh katrangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada
ulat-ulatan semu gumun.
"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin
kula. Kula tumbas kalih welas taun kapungkur. Amargi kula merantau, kula utus
nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Kala wingi kula madosi
Prapto, wartanipun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki.
Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan
mesthi ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu. "Makaten mawon,
kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak
sowan ndalem penjenengan. Menawi penjenengan boten percaya, nyuwun dipunsekseni
perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
Dina sing dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso
ngaturi para-para kang dianggep mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono
ana kanca-kancane Mbah Wongso sing umure sabarakan, sing mangerteni sejarah
tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis
dicepakake ponakane saka kepolisian sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan
sing bakal apus-apus.
Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso.
Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro
wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun nggawa tas koper lan sing nggawa
stopmap durung diwanuhi. Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan
sing nggawa stopmap pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.
Wong-wong mau padha rembukan gayeng nganggo bahasa
Indonesia. Mbah Wongso mung domblang-domblong, ora mudheng apa sing diomongke.
Ora wetara suwe sajake rembukan wis rampung. Nanging kabeh padha meneng.
"Pripun, Bu? Rak gadhah kula ta sertipikat sing asli?”
"Makaten inggih, Mbah. Niki pun disekseni saking
bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, ingkang asli
menika gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan.
"Pripun? Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada
rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!!
Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.
Swarga
Impen
Dening:
Ariyani Ayu Purwanti
Gambar
sketsa praupan wong wadon sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae
rampung.
Aku lagi kena lara aras-arasen.
Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada
sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi,
acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang
sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing
njero omahku iki.
Omahe
Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden
nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku
sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi.
Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?”
pitakone Tanto bocah cilik tangorau. Amarga anggonku nyawang tivi, aku nganti
ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,”
wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto
durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane
wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung
plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, sketsaku malah durung
rampung. Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tv, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah
cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip,
panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana
kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu
mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu
dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih
adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene
iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran
liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik
tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana
tandhingane!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang
swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” wangsulanku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pengin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tv kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane.
Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora
ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayanorae
saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk,
merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame,
ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil
BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake
nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek
dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo
nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang ing dalane nalika dumadakan ana cahya
kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing
ngendi-endi. Aku isih kelingan sadurunge mobil sing taksetiri katut kedilat
geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung
kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung
rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga?
Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng
swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku,
kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga
sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
GEGAYUHANKU
Dening:
Ariyani Ayu Purwanti
Nalika aku
SMP aku sempet mikir. Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake
duwe kekurangan lan kaluwihan. Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing
pinter main voli tur anake wong sugih. Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat
olah raga apa wae.
Aku uga
meri marang kanca-kanca wadon sekelasku. Kabeh pada duwe laptop.
Saben bocah merk laptope kuwi
beda-beda, jarang yen ana sing pada paling iya siji loro bocah sing merk
laptope pada. Yen ana tugas saka bapak utawa ibu guruku sing kudu ngetik, aku
mlayu menyang warnet utawa nggunakake komputer-komputer sing ana ing
Laboratorium Komputer ing sekolahanku. Ora Laptop wae sing lagi ngetrend
ing kelasku, HP uga ngetrend pisan. Kanca-kancaku pada duwe HP sing
LCDne isa digeser nandi wae utawa touch screen. HPne kanca-kancaku kuwi
pada larang-larang lan apik-apik. Regane wiwit sayuta mandhuwur. Aku uga duwe
HP, ning HPku iku kagolong HP biasa jaman lawas.Aku uga kepingin HP sing
anduweni fiture sing lengkap lan kena disambunorae marang internet.
Sejatine, aku mung anake wong ora duwe. Isa mangan lan bisa sekolah wae wis
luwih teka cukup.
Aku iya
ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biasa-biasa
ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane. Kanca-kancaku, yen tas wis oleh
telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar nanging tasku wis oleh setaun
ora jaluk ganti marang wong tuwaku. Tasku uga akeh jaitane. Aku uga ora duwe klambi-klambi
sing apik-apik. Klambiku iku rata-rata diwenehi tangorau sing jenenge mbak
Indah.
Aku wiwit sadhar
yen aku duwe kalodhangan wektu sawiji dina aku mulih sekolah. Aku mlayu
menyang kamarku lan ing kono ana salembar kertas lodhang. Aku eling yen wektu
aku ndelok internet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen Remaja
se-Kabupaten kang hadiyahe trophy lan duwit Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2
Rp 750.000,00, gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan uga entuk pembinaan saka Pembina
teka SMP Bakti Oetomo Jakarta. Hadiah sing ditawanake uga marai aku seneng lan
kepingin melu partisipasi ing lomba kuwi. Aku iseng nulis cerpen gawe melu
Lomba kasebut. Pungkasane, rong dina gawe cerpen kasil cerpen karanganku dewe
sing kajudul ‘’Ngimpi’’. Cerpen kuwi dakgawe isine ana bocah sing jenenge April
sing nduweni ngimpi dhuwur lan kepingin nggayuh ngimpi sing dhuwur kasebut tapi
ora isa jalaran ora ana bandhane. Lan sesuke ing sekolah, aku jaluk tolong
gawekna E-mail utawa surat elektronik
marang kancaku. Maklum, aku iki bocah gagap teknologi. Sawise mari gawe alamat e-mail sing dak pengeni, banjur tak
kirimno marang alamat e-mail
panggonan Lomba nulis cerpen dianakake kuwi. Kurang luwih seminggu aku ngenteni
pengumuman pemenang lomba kuwi, pungkasane ing dina minggu aku disms kancaku
yen aku dadi juara 3 Lomba nulis cerpen remaja tingkat Kabupaten kuwi. Aku
kaget, seneng tur bangga amarga aku dadi pemenang ing lomba kasebut. Banjur
dakkandakake marang ibu lan bapak yen aku kasil menang ing lomba kuwi. Wong
tuwaku bombong atine. Aku seneng banget yen ngerti tanggepan wong tuwaku
positif lan ngedukung hobi anyarku kuwi. Saka lomba kuwi, aku entuk duwit Rp
500.000,00. Aku seneng amarga saka hobi anyarku nulis mau, aku isa ngasilake
duwit kanggo mbayari sekolahku lan uga gawe keperluan liyane.
Saka
kedadeyan kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis.Saben dina, yen ana waktu
lodhang, aku mesti nulis cerpen. Sekolahanku kuwi ngerti hobi anyarku kuwi.
Pungkasane, banjur aku dimelukake lomba-lomba nulis cerpen nganti tingkat Nasional.
Ing omahku, akeh piala pemenang lomba-lomba nulis cerpen. Piala kapisan sing
dakoleh wektu lomba nulis cerpen remaja kuwi dakseleh ing kamar. Pungkasane,
yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan Bahasa. Alesanku arep
milih jurusan kuwi amarga aku kepingin nekuni bidang Bahasa mligine
nulis. Saka hobi nulisku iki, aku duweni gegayuhan dadi guru Bahasa Indonesia
utawa penulis cerpen utawa novel kondhang. Aku bangga marang awakku dhewe. Aku
isa mbuktekna marang wong liya, yen kemiskinan ora alangan gawe nggayuh impen
kang dhuwur.
0 comments:
Post a Comment