Bali Mulih
Dening: Ratna Yulia Damayanti
Ing
antarane ibu-ibu iku ana Bu Karyo sing kelebu
warga pisanan manggon ana ing kompleks perumahan kono kuwi. Ndhisik, sawise diaba yen kompleks
perumahan kono iku wiwit kena
dipanggoni, kulawarga sing nalika iku
duwe anak lanang siji iku banjur enggal-enggal pindhah saka omahe
wong tuwane Bu Karyo
lan wiwit manggon kono kanthi kebak pengarep-arep. Pak Karyo bungahe ora jamak. Sebab sadurunge iku,
patang taun suwene ngenger melu maratua, rasane kaya-kaya wis ora betah maneh.
Esuk iku sawise
bocah-bocah padha diterake budhal sekolah,
swasana lagi wae dadi luwih tenang sedhela, nanging ora suwe uga banjur
sinusul kepurungu swara-swara kesibukan rutin liyane.
“ Sayuuuur...” swarane
bakul mlija sing liwat banjur mara nawakake dagangane. Bakul kuwi
banjur njagang sepedha motore
ing ngarep omahe Bu Karyo, lan
ora let
suwe ibu-ibu tangga
liyane wis padha ngrubung, milang-miling blanjanan apa sing arep padha
dituku.
"Mengko awan
sida ora olehe arep praktek nggawe
jajan?" pitakone Bu Temi sing pawakane lemu
ireng nanging endhele ora
lumrah iku.
“Ya sida no... Arep dak gawe kanggo camilane anakku, je,” semaure Bu Parman.
"Nek ngono
mengko setengah sepuluh kumpul
neng omahe Bu Karyo ya. Kabeh bahane rak wis cumepak,ta?"
sambunge Bu Santosa karo ndeleng marang Bu Karyo.
"Beres,"
jawabe Bu Karyo. Dhuwit urunan sing
diklumpukne wingi pancen wis diblanjakne ing pasar sore dening
Bu Karyo, Dadi samangsa-mangsa bahane
arep ditubutuhake kabeh wis sumadhiya.
Pancen,
wong-wong kuwi kerep padha ngadani acara masak bareng-bareng. Ora kok
nganti wong sa-erte apamaneh wong-wong sakampung. wong pancen
adate iya mung wong papat iku
wae, kanggo ngiseni wektu-wektu sing
kosong neng ngomah amarga
wis ora ana kegiyatan liya rnaneh sawise nandangi pegaweyan rutin ngomah. Biyasane nek ora gawe jajan, ya rujakan ana ing terus omahe Bu
Karyo sing edhum merga kayom-yoman ing
godhong-godhonge wit jambu iku. Lan yen tanggalane wis tekenan, mangka
dhuwit blanja ya durung entuk sebrakan, biasane
ya mung kari trima kumpul- kumpul
ngrumpi bebarengan jagongan
ngalor-ngidul.
"Mosok ta Jeng, sasi ngarep njenengan iki sida arep pindhah, apa ora
ernan-eman ta ninggalake dalem kene?" pitakone Bu Terni nalika wis ana ing omahe Bu Karyo.
"Lha
witikna ya arep kepriye maneh. Bapake
bocah-bocah wis menehi putusan ngono iku. Mumpung sasi
ngarep iki rak ngepasi taun ajaran baru,
dadi bocah-bocah kareben ora kangelan
olehe golek sekolahan anyar," wangsulane
Bu Karyo karo ngudhak adonan. Anake Bu Karyo iku loro, sing mbarep lanang arep mlebu SMA dene adhine wadon arep mlebu
SMP.
'Nanging apa ora eman-eman ta Jeng, awake dhewe iki wis kadhung raket gek njenengan ya wis
wanuh tenan karo dhaerah kene. Pindhah omah sing marahi
angel rak “asimilasi"-ne iku lho karo tangga-tangga anyar,” wuwuse
Bu Parman sing bola-bali kesenengane
kuwi sok keminter ning kerep-kerepe malah
kleru iku.
"Adaptasi, dudu asimilasi,': Bu Santosa nyaruwe.
Bu Parman mung
nggleges wae, banjur muni,
"Adaptasi, asimilasi, apresiasi rak padha wae ta?”
Iya, terus
partisipasi kono pisan. Ya beda,
ta," wong telu kumentar bareng,
nuli uga bnjur ngguyu bareng. Bu Paman
pancen ajeg gawe gayenge jagongan kanthi sipate sing keminter pengin tansah nganggo istilah-istilah asal saka basa asing kaya
ngono kuwi.
Sadurunge oleh Pak Karyo,
Bu Karyo sing maune jenenge
Ningsih iku, mujudake anake
lurah sugih ing desane. Sesedulur mung loro, Ningsih karo adhine lanang. Uripe sarwa kecukupan kepara sarwa
luwih-luwih. Saliyane duwe lemah bengkok, sawahe uga pirang-pirang hektar. Mula,maune Ningsih biasa urip
mubra-mubru, sembarang panjaluke mesthi bisa kelakon,
ora nate mikir dhuwit.
Sawise nikah
karo Karyo, pegawai ing salah sawijining
instansi pamarentah, Ningsih kanggo sauntara taun maune isih nunggal
saomah karo wong tuwane, nganti anake mbarep umur telung taun,
lagi banjur entuk perumahan iku. Mula,
kegawa saka kepengine
enggal ajar mandhiri ngiras ngetutake bojo sing pindhah kantor. Ningsih pindhah
menvang omah sing dipanggoni saiki iki.
Nalika
wiwitan Pindhahan rasane banget nyenenorae. Sebab bareng isih
awor wong tua kae rasane isih kaya
durung tenanan olehe omah-omah. Lan duruag suwe manggon kono,
terus wis keparingan anak maneh. Pas, wis, sing mbarep lanang, adhine
wadon. Ningsih runangsa begja
kemayangan, nganti dheweke mrangguli sawijining bab sing dadi wadi tumrap
bojone selawase iki.
Karyo,
pranyata nduweni kareman sing ala,
seneng nginum-inuman haram, ndemen mendhem.saka pawewehe Dhuwit blanja dadi
kerep kurang. Ningsih sing biasa cekel dhuwit turah-turah, kejaba saka pawewehe
bojone uga saka wong tuwane, banjur dadi
bingung olehe ngubetne. Pancen sadurunge pindhah omah, wong tuwane isih kerep menehi dhuwit marang
Ningsih senajan wis omah-omah. Bareng saiki, bareng wis adoh saka wong tuwa,terus wis ora diwenehi maneh. Arep njaluk ya ora pantes, bisane ya mung kari
njembarake ati wae.
Jejer wanodya
sing setya tuhu marang gurulaki, dheweke ora madulake lelakon kuwi marang
wong tuwane. Dikepriyea wae Karyo kuwi
sisihane, dheweke kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero marang kabeh tumindake
sing lanang. Kaya Wara Sumbadra sing tansah jembar pangapurane marang Raden
Arjuna senajan boione kuwi karem
dolanan wanodya. Kaya Dewi
Sinta sing kanthi ati
tatag njegur ing uleganing agni kanggo
mbuktekake kasucene sawise digawa mlayu
dening Dasamuka, uga kanggo nuduhake
kasetyane marang Prabu Rama.
Nanging dadi
wanita sing tansah ngupaya amrih bisa nurtupi alane sing lanang kaya ngono kuwi
abot sanggane. Ekonomine sing ruwet
marahi dheweke golek rekadaya ning jebul
kanthi dalan sing kleru. Merga ora bisa golek kaya dhewe, utang-utang
terus dadi dalan butulan. Durung maneh
dheweke uga banjur katut-katut
tangga kelu marang dolanan haram, sing
jenenge togel. Embuh keneng apa,
angger ngramesi nomer, iku kok kadhang-kadhang bener, marahi numani wae,, nadyan yen dietung-etung
seprana-seprene iya kerep ora entuke.
Lan jenenge wae
barang ala ditutup-tutupi ya meksa konangan. Entuk-entukane togel ora nyucuk kanggo nutup utang, kepara
tansaya marahi kebulet utang. Ora ana dalan
liya maneh kejaba njaluk tulung marang wong tuwaane.
Sepisanan,
dheweke isih bisa menehi alesan sinig cetha marang wong tuwane bab ekonomine.
Jarene merga samubarang rega mundhak
kadhang ora trirna mundhak, ning salin rega. Bayare bojone ora nyucuk
merga ora melu mundhak. Butuh kanggo wragad sekolahe anake uga akeh, kepeksa
kudu utang kana-kene kanggo nyukupi. Lan bareng giliran nyaur, wis ora cekel
dhuwit.
Amarga ora nemokake dalan sing becik
kanggo metu saka reribed iki, Ningsih ora mung pisan pindho njaluk tulung
marang wong tuwane. Kerep wae dheweke
mulih menyang desa mung butuh njaluk dhuwit sing gunggunge ora sethithik.
Senajan ora kabotan, nanging ajalari tuwuh pitakon tumrap wong tuwane sakloron.
Sejatine keneng apa ta, Ningsih kuwi kok ora gelem blaka suta bab kahanane
saiki iki?
Pancen wong
lanang, nadyan ala ning wenang.
Nadyan wis bola-ba1i dikandhani, tetep wae ora gelem nglereni. Bareng ngawruhi
kedadeyan sing mesthi ndadekake kejot atine wong tuwa ngendi wae ing ndonya
iki, lagi pungkasane bisa nggagas. Kadidene wong tuwa genah nduweni jejibahan sing abot. Saliyane nggedhekne uga
menahi pendidikan sing murwat kanthi
nyekolahake anak-anake. Nanging sing uga ora kalah wigati, yakuwi menehi
tuladha sing bener. Unen-unen anak polah bapa kepradah ngana kae genah nek ora
kleru, nanging kala-kala anane anak iku padha polah, rak merga bapake ora genah.
Anake mbarep
Rudi, lagi kelas loro SMP, wis noba ngincipi
madat, narkoba yaiku pil koplo. Ora nggumunake, lha wong wiwit cilik wis
asring meruhi bapake pista inuman, ora meduli iku ana ing ngomah.
"Wis Pak,
wis ora ana dalan liya maneh, saliyane kudu oncat saka kene.Urip ngene iki saya
suwe saya morat-marit. Menawa njenengan isih duwe krenteg kanggo nylametake
bale somah iki, ndak jaluk jenengan kudu teges.
Nek wis ora
bisa, aku dak bali wae menyang desa
sinarnbi ngajokake layang pegat!”
Ningsih ngincim bojone.
"Ora
usah ngono. Kepriye nek awake dhewe pindhah wae. Omah iki didol kanggo tuku
omah liya. Panggonan anyar rnbok menawa bisa menehi pepadhang, awake dhewe bisa
uwal saka reribet iki," usule
Karyo.
DINANE wis
ditentokake. Ornah sing nate dadi Pangeram-eram iku, sidane dilego, kudu enggal
dikosonorae. Truk sing ngangkut bekakas omah wis kebak. Tangga teparo teparo
karepe arep padha melu nguntabake. Nanging pancen ora ana sing melu ngeterake,
amarga Karyo menehi weruh menawa omahe iku adoh lan ora bisa usaha golek
tumpakan kango ngangkut tangga-tanggane sing padha arep melu iku.
Esuk kuwi Ningsih lan Karyo Pamitan marang para tangga-teparone.
"Aja lali lho ya, mengko nek wis tekan kana manehi
kabar. Eman-eman tau nek nganti sesambungane awake dhewe nganti cunthel,” kandhane Bu Santosa.
Iya, iya. Aja
nganti njenengan kelangan kontrak!" semaute Bu Parman mantep.
"Kontak, yu, dudu
kontrak!" Bu Temi nrbenerake kanthi anyel. Lambene diencepake.
Nining mesem
karo manthuk. Dheweke nuli mlebu ing colt sing diiseni wong papat lan
barang-barang liyane.
Truk lan colt
ninggalake kompleks perumahan. Mlakune rindhik.
Ningsih rumangsa lega dene bisa
pindhah. Karo para tangga-tanggane sesambungane pancen wis raket. Kerep jagongan ngalor-ngidul. Nanging
seprana-seprene kuwi jebul ana sing ora dingerteni dening para tangga-tanggane
iku.
Pindhahe Ningsih
pancen ora pindhah kaya sing dikandhakake.
Sebab dhuwit saka pepayone anggone dodol omah kuwi, sawise
dikurangi kanggo nyauri utange sing
mrana-mrene, pungkasane yi wis ora
nyucuk kanggo tuku omah maneh.
Ningsih sabrayat
satemene mung arep bali mulih menyang omahe wong tuwane ing desa. lan tangga-tanggane kuwi sajake iya wis ora
bakal entuk kabar maneh saka dheweke, amarga ancas tujuane Ningsih pancen
sengaja nginggati wong-wong kuwi kanggo
selawase. Nginggati
uwong-uwong sing sasuwene iku wis ngajari ngambur-arnburake dhuwit lan padha
karern main togel.
BECAK
Dening: Ratna
Yulia Damayanti
Esuk
kuwi hawane adhem banget. Jam isih nuduhake jam 5 esuk nanging Darminto wis
wiwit tata ing ngarep kontrakane kang mung cukup kanggo selonjor iku. Ing
kontrakan ukuran 3 X 3 iku Darminto lan kaluwargane ngreronce sewu impen kanggo
nggayuh urip kang luwih mulya.
Sawise ngelap becak sarta ngecek angine
ban becake, banjur Darminto budhal menyang panggonan biyasane. Dheweke ngetem
bareng kanca-kancane kang padha duwe nasib ora beda adoh karo Darminto. Dina
iki mujudake dina kang paling peteng kanggone Darminto. Wis luwih saka patang
sasi anake ora mbayar SPP ing sekolahane. Lan yen nganti tanggal kang wis
ditetepake dening pihak sekolahan anake Darminto ora bisa mbayar SPP anake
Darminto bakal ditokake saka sekolahan. Siji maneh kang tansaya gawe budreg
sirahe Darminto yaiku bojone wis mbobot tuwa lan miturut pangirane mantri
puskesmas ora luwih saka rong wulan maneh Darminto bakala nampa putra maneh.
Senajan ing utege Darminto lagi
lelimengan sewu prakara kang bisa njalari wong dadi sedeng nanging ing jeroning
ati Darminto ana sacuwil rasa mongkog kamangka dheweke kasil nyekolahake anake
nganti tataran SMA senajan dheweke mung tukang becak utun. Bola-bali jam kang
tumempel ing papan kanggo ngetem Darminto iku disawangi terus. Jam wis nuduhake
jam 9 esuk nanging mendhung dina iki kaya-kaya ora ana babar pisan. Saengga
panane sang surya kaya-kaya ngobong donya. Ing atine Darminto ngrasa seneng
amarga yen lagi panas ngene iki dheweke bakal antuk panumpang kang akeh.
Yen dheweke mantuk penumpang kang akeh
wis mesthi wae bakal bisa njejeorae kendhi kang miring ing kaluwargane. Sinambi
nunggu penumpang kang bakal nyewa tenagane Darminto ngrogoh sak celanane kang
katon lungset. Saka kono dheweke njupuk rokok merk Dua Dewi. Rokok diurubake
banjur disedot sawetara wektu. Sawise ngrasakake campuran cengkeh lan mbakone
rokok mau dheweke ngetokake beluk saka rokoke mau. Senajan rokok murahan naging
kanggone Darminto saka rokok mau bisa aweh usada marang riweting pikir sarta
bisa aweh semangat anyar kanggo mecaki dina-dina ing ngarep.
Durung wae kalong separo rokok kang
disedot dening Darminto saka kadohan ana ibu-ibu setengah umur kang ngawe-ngawe
marang dheweke. Meruhi kahanan kang kaya mangkono kuwi Darminto age-age nggawa
becake. Banjur sawise wis cedhak karo ibu-ibu kasebut Darminto takon menyang
ibu-ibu mau.
“Bu, badhe tindak pundi? pitakone
Darminto”.
“Niki, lho nak kula badhe nyuwun tulung
dhateng panjenengan supados ngeterake putra kula ingkang badhe babaran menyang
Rumah Sakit ingkang cedhak saking ngriki”.
“Sumangga mawon kula derekaken, hla
panjenengan daleme pundi ta bu? Mangga saniki kula dherekaken”.
Ibu-ibu mau banjur lungguh ing becake
Darminto, banjur Darminto age-age mancal becake supaya enggal-enggal teka ing
omahe ibu-ibu mau. Ing sadawane dalan tumuju menyang omahe ibu-ibu mau Darminto
omong-omongan karo ibu-ibu mau. Lan saka omong-omongan mau Darminto lagi weruh
yen keluwargane ibu mau lagi wae pindah saka Yogyakarta. Sawise mangerteni yen
kaluwargane ibu-ibu mau pindahan saka kutha liya ing batine Darminto kumecap
pantes wae yen ibu-ibu mau ora ngerti dumununge rumah sakit ana ngendi.
Kamangka jarake rumah sakit karo omahe ibu-ibu mau mung watara 3 kilometer.
Sawise teka omah magrong-magrong pager ijo kanthi cet warna ijo pupus si
ibu-ibu mau noraon marang darminto supaya mandheg sedhela. Amarga ana kandha kang
kaya mangkono iku Darminto ngendheorae sepedahe lasawise mudhun saka becake
Darmaya diakon ngetutake ibu-ibu mau mlebu menyang omah kang magrong-magrong
iku. Ing omah kang gedhe iku Darminto diakon supaya ngenteni sedhela ing bale
kang ana sacedhake kolam renang oah iku. Ora watara suwe saka omah iku metu
wong wadon kang lagi ngandhut sepuh. Yen ditamatake tenanan wong wadon iku
umure udakara 30 taunan kanthi ditutake dening rewange siji sinambi nggawa tas
gedhe cacahe siji. Bareng tas wis dideleh ing sangarepe Darminto. Ibu-ibu kang
ngundang Darminto ngaturi Darminto supaya nglebokake becake menyang omah
gedhong mau. Pamrihe supaya putrine ibu-ibu mau ora perlu mlaku adoh. Darminto
age-age nuruti kekarepane ibu-ibu mau.
Kira-kira jam sepuluh awan Darminto
wiwit mancal becake menyang rumah sakit kang dikarepake. Ing dalan Darminto
klakon omong-omongan karo pawongan kang diterake kasebut. Lan saka
omong-omongan kasebut Darminto weruh yen ibu-ibu sing noraon dheweke iku
jenenge Bu Harjo. Dene putrine kang lagi ngandhut mau jenenge Sulistyani.
Sawise omong-omongan ngalor ngidul banjur Darminto lagi weruh yen Bu Sulistyani
iku ora ditunggoni bojone jalaran bojone lagi ngayahi tugas minangka Pasukan
Perdamaian ing Libya.
Kira-kira lagi oleh 2 kilometer, Bu Sulis wis sambat
yen wis sambat yen wetenge lara. Meruhi kahanan kang kaya mangkono iku Bu Harjo
ngerih-ngerih supaya Bu Sulis sabar. Saliyane iku Darminto uga mbandhanke
anggene mancal becake ancase supaya enggal teka rumah sakit. Darminto lagi
eling yen ing prapatan sadurunge rumah sakit iku ana rambu-rambu lalu lintas
kang isine nglarang becak liwat dhaerah iku. Darminto kang lagi meruhi kahanan
kang dialami dening Bu Sulis kaya-kaya ora tega yen kudu noraon Bu Harjo lan Bu
Sulis pindah menyang kendaraan liya.
Darminto terus wae mabcutake lakune
becake nerjang rambu-rambu lalu lintas iku. Tanpa diweruhi Darminto saka
kadohan ana Polisi kang meruhi anggone Darminto nglanggar rambu-rambu lalu
lintas iku. Darminto terus wae mbacutake lakune becake. Banjur sawise teka ing
rumah sakit Darminto diakon dening Bu Harjo supaya melu nunggoni proses laire
putune. Anggone njaluk tulung iki dikarepake supaya yen sawayah-wayah Bu harjo
ana perlu ora usah njaluk tulung marang wong liya.
Kira-kira setengah jam saka iku Bu Sulis
kasil nglairake kanthi slamet. Sawise iku banjur Darminto pamitan mulih lan
ngomong marang Bu Harjo yen arep mbalik menyang pangkalan becak maneh. Bu Harjo
ngolehi Darminto balik amarga Bu Harjo uga ngerti yen Darminto uga nduweni
kewjiban liya yaiku nyambut gawe kanggo nguripi kaluwargane. Sawise ngelunorae
dhuwit werna abang telung lembar marang Darminto kandha marang Darminto.
“Matur Nuwun lho nggih Pak panjenengan
purun ngrewangi nunggoni putu kula ngantos lair”.
“Nggih sami-sami Bu. Hlo Bu, niki artane
kekatahen Bu. Biyasane namung 30 ewu mawon, hla niki kula kok panjenengan
sukani 300 ewu?”.
“Mboten napa-napa kok Pak, niki ngoten
wujud rasa syukur kula marang Gusti kang Maha Kuwasa amarga putri kula gangsar
anggene nglairaken lan semanten ugi putu kula ingih katon sehat. Mula saka niku
kula suwun panjengen purun nampa niki. Pramila panjenengan nulak niki ateges
panjenengan sampun ndadosaken kula cuwa”.
Darminto kang oleh bayaran kang ora
samestine saka Bu Harjo rumangsa seneng banget. Jalaran dheweke babar pisan ora
nyangka yen bakal entuk rejeki kang gedhe. Pancen mungguhe wong liya dhuwit 300
ewu iku ora sepira. Nanging kanggone Darminto dhuwit samono iku wis luwih saka
cukup. Sawise iku Darminto mlaku tumuju becake banjur enggal-enggal mancal becake
tumuju menyang papan kanggo dheweke ngetem. Anggone mancal becake katon entheng
kamangka ing atine dheweke ngrasa yen atine rada ayem. SPP-ne anake bakal
kebayar lan dheweke uga isih bisa nabung kanggo proses kelairane bojone kang
kurang telung wulan maneh.
Sinambi ura-ura dheweke mancal becake
tumuju papan kanggo dheweke ngetem. Dheweke babar pisan ora ngira yen kawit mau
dheweke wis diencer Polisi amarga wis nerobos rambu-rambu lalu lintas mau.
Bareng polisi mau wis cedhak Darminto lagi krasa kang dadi incerane Polisi ora
liya iya dheweke iku. Sawise mangertenibabagan iku banjur Darminto mbandhanorae
becake dheweke wis ora mikir apa-apa saliyane kudu bisa ucul saka Polisi mau.
Nalika ngliwati prapatan dheweke ora sempet noleh ngiwa lan nengen. Tanpa dinyana
saka wetan ana Kijang kang mlayu bantervlan bressshhhh.....
Becake Darminto ajur sawalang-walang lan
Darminto dhewe mencelat watara limang meteran. Darminto wis ora bisa obah. Para
warga kang nyekseni kedadeyan iku enggal-enggal menehi pitulungan marang
Darminto. Dene Kijang sing nabrak Darminto mau malah mlayu. Meruhi kedadeyan
kang kanya mangkono iku mau Polisi cacah loro kang nguber Darminto mau salah
sijine nguber playune Mobil Kijang mau. Dene Polisi sing sijine melu ngurusi
Darminto kang lagi tabrakan. Darminto digawa menyang rumah sakit kanthi
dicegatake mobil dening warga kono. Untung wae saka pawongan kang nulungi
darminto mau ana kancane saengga kancane mau wenehi kabar marang kaluwargane
Darminto.
Darminto digawa menyang rumah sakit lan
lagi sadar dina sesuke. kaluwargane wis ngira sing ora-ora. Nanging sawise
meruhi Darminto sadhar kaluwargane ngrasa seneng. Nalika sadhar darminto malah
nangis nggero-nggero amarga dheweke rumangsa wis dadi bapak kang ora bener
jalaran ora bisa mbayar SPP-ne anake. Nanging bojone ngerih-ngerih Darminto
supaya luwih sabar. Bola-bali Bojone darminto ngelinorae yen iki ngono kang
diarani musibah. Tanpa dinyana saka kadohan ana pawongan loro kang mlebu ing
ruangan iku. Bareng ditamatake temenan jebul pawongan mau ora liya yaiku Bu
Harjo lan pawongan kang nganggo sragam Polisi. Meruhi kahanan kang kaya
mangkono iku Darminto rumangsa keweden jalaran dheweke ngira yen polisi mau
arep menehi ukuman marang dheweke. Nanging kepriye maneh arep malyu menyang
ngedi ngobahake awake darminto dhewe isih rumangsa kelaran. Banjur sawise wis
cedhak Darminto enggal-enggal njaluk sepura marang polisi mau.
“Pak, kula nyuwun pangapura marang
panjenengan amargi kula sampun nglanggar rambu lalu-lintas punika. Menawi
panjenegan badhe aweh ukuman marang kula mangga kula sumangoraaken”.
Polisi kang meruh omongane Darminto
mau mung mesem lan njejeri lungguhe
Darminto. Anjur polisi mau kandha.
“Pak sampun ta! Anggen kula nguber
panjenengan kalawau mboten ateges kula badhe nyekel panjengan ananging anggen
kula nguber panjenengan kalawau amargi kula badhe nyuwun piras dhateng
panjenengan ngenani pawongan ingkang panjenegan gandheng wau. Kula kadhos
tepang kaleh pawongan menika. Mula saka niku kula nguber panjengan. Nanging
ketawise panjenengan sampun salah tampa kalih kula”.
Darminto kang krungu wangsulane Polisi
mau mung meneng wae. Banjur Bu Harjo kang uga nyambangi Darminto nambahi yan
polisi iku ngono kancane anake kang lagi dines ing luwar negeri. Lan polisi
kang jenenge Agus iku ngono kanggone kaluwargane Bu Harjo polisi sing jenenge
Agus wis dianggep kaya kaluwarga dhewe.
Sawise rong minggu saka kedadeyan iku
putrine lan Darminto wis padha mulih saka rumah sakit. Ananging saise iku ana
owah-owahan ing kaluwargane Darminto ana owah-owahan sethithik. Darminto wis
ora bisa mbecak maneh. Amarga catu-catu kang nana ing sikile Darminto durung
pulih kabeh. Saliyane iku saka Bu Harjo kaluwargane Darminto diwenehi rombong
bakso. Anane bu harjo menehi rombong iki supaya Darminto ora mbecak maneh lan
luwih becik dodolan bakso wae. Tanpa dinyana bakso gaweane Darminto bisa laris.
Lan wiwit dodolan bakso iku mau
panguripane kaluwargane Darminto wiwit ketata. Merga dodolan bakso mau Darminto
wis kasil mbangun omah sarta anggene dodolan bakso wis ora ing rombong maneh.
Pancen kedadeyan iku wis dumadi pitung taun kepungkur. Anaging kanggone
Darminto isih kaya dumadi wingi. Saiki anake Darminto sing gedhe wis lulus saka
sawijining Pawiyatan luhuring kutha pahlawan Surabaya. Dene anake sing nomer
uga wis sekolah malah dadi sasekolahan karo putrane bu Sulis. Mungguhe Darminto
kang uripe bisa kaya saiki iku ngono ora liya amarga dheweke ngugemi omongane
bapake biyen yaiku wenehana obor marang kepetengen, menehana teken marang wong
kang kalunyon lan menehana payung marang wong kang kudanan. Lan nganti saiki
Darminto isih dadi Darminto sing biyen babar pisan dheweke ora dadi gumedhe lan
isih tetep weneh pitulungan marang sapa wae kang mbutuhake.
Jenenge Mas Hambara
Dening:
Ratna Yulia Damayanti
Dina iki dina Senin. Aku lali yen dina senin aku kudu
budhal sekolah isuk-isuk amarga saben dina Senin mesthi ana upacara bendhera
ing sekolahan. Aku budhal sekolah mlaku bareng kanca-kancaku sing omahe sak
dalanan karo omahku. Aku mlaku amarga omahku pancen cedhak karo sekolahanku
yaiku SMAN 1 Mojokerto sing terkenal favorit kuwi. Nalika aku lan kanca-kancaku
lagi mlaku bareng lan gegojegan ing dalan, kanca-kancaku padha heboh nalikane
ana bocah lanang liwat karo mbleyer-bleyer sepedhane ing ngarepku lan kanca-kancaku.
Bocah lanang kuwi gawe seragam SMA jaketan jemper biru, heleman teropong nggawe
kacamata lan numpak sepedha Vixion abang. Aku mung meneng wae lan heran ana apa kanca-kancaku padha bengak-bengok
seneng banget nalika bocah kuwi mau liwat.
“Heee
Rin, kuwi mau sapa ta?! Kok sajake kowe seneng banget nalikane bocah kuwi mau
mbleyer-mbleyer sepedhane”, pitakonku marang salah sijining kanca cedhakku sing
jenenge Ririn kuwi.
“Hlo
kowe iki piye ta Na? Masak kowe ora kenal karo dheweke. Dheweke hlo ganteng buangeettt”,
saute Ririn karo nyolot ning karo ngguya-ngguyu.
Banjur Ririn nyritakake yen bocah kuwi mau jenenge mas
Hambara sing jarene praen rupane lan gaya-gayane pancen mirip artis penyanyi
terkenal sing jenenge Afgan Syahreza. Mulane akeh bocah-bocah wadon sing
nge-fans karo dheweke. Mas Hambara kuwi kelas 3, sekolah ning SMAN 3 Mojokerto
sing pancen jarak sekolahe karo sekolahanku mung 100 meteran. Mula ora heran
yen sabendinane aku lan kanca-kancaku kerep papasan ing dalan karo dheweke
nalika budhal lan mulih sekolah.
“Naa,
Nana kowe iki piye ta?! Masak karo bacah ganteng kaya artis ngono kok kowe ora
tertarik blas!! Hahahaaa, ” saute kanca-kancaku maneh karo ngguyu cekakakan.
“Halah
embuh cah! Wis ayo cepetan mlakune ben ndang tekan sekolahan selak upacarane
diwiwiti.” Sauranku marang kanca-kancaku.
Dina iki
pancen puanas banget. Bubar upacara bendhera ing lapangan aku lan kanca-kancaku
mlebu kelas banjur nampa mata pelajaran sing ana ing jadual dina Senin. Ora
krasa jam sing ana ing ndhuwur papan tulis wis nuduhake jam 2 awan.
Teeeetttttttt!!!! Unine bel sekolah wis muni iku tandhane sekolah dina iki wis
rampung. Aku lan kanca-kancaku banjur mlaku mulih bebarengan. Awan iku
srengenge lagi cerah banget. Nalika aku lan kanca-kancaku arep nyebrang ing
dalan ngarep sekolahan, kanca-kancaku padha bengok-bengok heboh maneh kaya mau
isuk.
“Mas
Hambaraaa, Mas Hambaraaa....” saute kanca-kancaku. Mas Hambara sing lagi
digonceng kancane iku mung noleh karo mesem. Mas Hambara sing biyasane nggawe
helm teropong pas awan iku dheweke ora nganggo helm-e dadi aku wis ngerti
kepriye rupane mas Hambara sing jare kanca-kancaku ganteng buangeet lan mirip
artis iku. Pancen ora salah yen kanca-kancaku padha nge-fans Mas Hambara sing jebule pancen guanteng banget nalika aku
ngerti praupe dheweke. Nanging apa aku ya kudu melu nge-fans dheweke? Pitakonku mrang atiku. Ahh aku ora kudu se-lebay kanca-kancaku kuwi. Mas Hambara 3
sasi maneh wis lulus SMA jelase dheweke kuliyah ing kutha lan ora liwat dalanan
iki maneh. Yen ngunu jelase kanca-kancaku wis ora nge-fans dheweke maneh.
Telung
sasi sabanjure ora krasa yen aku wis munggah kelas 2. Nalika aku lan
kanc-kancaku mlaku budhal sekolah bebarengan. Praupe kanca-kancaku sing mlaku
bebarengan budhal sekolah kuwi padha lesu ora kejaba praupe Ririn kanca
cedhakku kuwi. Ririn crita nang aku yen mas Hambara kuwi saiki kuliyah ing Universitas favorit sing
ana ing Malang. Dadi wis ora bisa ketemu karo mas Hambara maneh.
“Wis ta
kanca-kancaku sing ayu-ayu? Aja sedhih yen Mas Hambara pancen wis ora liwat
dalanan iki maneh. Kan isa ndeleng wajahe dheweke ning facebook ta?”, pituturku marang kanca-kancaku. Dina-dina sabanjure
kanca-kancaku wis kaya biyasane maneh ora sedhih maneh amarga wis ora bisa
ketemu mas Hambara.
Saiki
dina malam minggu. Yen malam minggu biyasane kanca-kancaku sing duwe pacar lagi
diapeli karo pacare dhewe-dhewe. Ning ora gawe aku amarga saben malam minggu
kanggoku ya biyasa-biyasa bae kaya malam-malam dina liyane. Nalika aku lagi
maca majalah ing kamar keprungu hapeku sing nang meja muni. “Klunting!!... Klunting!!...” Hmm iki pasti
Ririn kanca cedhakku sing sms. Pancen sing kerep sms aku kuwi Ririn kanca
cedhakku. Apa maneh yen malem minggu dheweke biyasane laporan nang aku yen lagi
dolan karo pacare. Aku langsung age-age njupuk hapeku sing pancen dak deleh ing
meja kamarku kuwi. Jebule sing sms aku dudu Ririn. Nanging Anton kanca
sakelasku.
“Na, apa
kowe saiki neng omah?” ana apa bocah iki sms aku ngono. Langsung tak bales
“Iya, ana apa Ton?!” banjur dheweke balesi smsku maneh. “Apa aku oleh mampir
neng omahmu Naa? Aku arep mbalekna bukumu sing dak silih mau isuk pas neng
kelas.” Banjur aku kelingan yen pancen mau pas neng kelas Anton nyilih buku
cathetanku ning dheweke lali durung mbalekake bukuku maneh. “Iya Ton!! Ora
apa-apa ndang age-age ning omahku”.
“Ting
tung?? Ting tung??” keprungu bel omahku muni sing tandhane ana tamu. Gang
sedhela ibuku marani ing kamarku ngandhani yen ana Anton karo kancane arep mbalekake bukuku. Aku sing
lagi maca majalah kuwi langsung age-age mlayu ing ruwang tamu. Ing kono aku
nyawang ana Anton karo bocah lanang sing kayake praupe aku tau ngerti kuwi sapa
ning aku lali jenenge.
“Naa,
iki hlo bukumu! Sepurane ya Naa nek mau pas neng kelas aku lali mbalekna amarga
aku mau kesusu mulih arep mapag tangorau iki,” saure Anton sinambi ngewehna
buku nang aku.
“Iya Ton, aku ora apa-apa kok. Aku ya
kelalen yem bukuku iki isih kok gawa”.
“Ehh iya Na, kenalna iki tangorau
jenenge Hambara. Dheweke iki mau teka Malang mulih kuliyah mulane mau kuwi tak
papag banjur ngeterna aku mrene.” omonge Anton karo ngguya-ngguyu nyawang aku.
Aku lagi kelingan kayake iki mas Hambara sing biyen di fans-i karo kanca-kancaku.
“Kenalna
dhik, jenengku Hambara. Jenengmu Nana ya?,” pitakone Mas Hambara mesam-mesem
karo ngelungna tangane nyalami aku.
“Iya Mas
Hambara,” Dhuh hatiku saya dheg-dhegan nalikane mas Hambara nyawang aku. Jebule
pancen mas Hambara kuwi mirip artis penyanyi Afgan Syahreza sing tak fans-i. Sawise kuwi Anton karo Mas
Hambara pamit mulih amarga pancen wis bengi ora pantes yen dolan nganti
bengi-bengi. Banjur aku mlebu kamar cepak-cepak arep turu. “Kluntiing...
Klunting...” swarane hapeku muni. Jebule ana nomer anyar sing sms sing aku ora
ngerti kuwi nomere sapa. Age-age tak bukak smse.
“Selamat malam Nana, udah tidur?” aku
heran iki sapa ya sing sms aku. Masak salah sijine kanca sekolahku. Nanging yen
pancen iki kanca sekolahku jelase smse nganggo basa Jawa. Hla iki nganggo basa
Indonesia. Hmmmm penasaran jroning atiku. Sawise tak bales jebule dheweke sing
sms mau sms aku maneh.
“Iki aku
dhik, masa lali ta karo aku? Aku mas Hambara sing mau karo Anton dolan ing
omahmu, dhik!” walesane smse. Dhuh nalikane nampa walesan sms kuwi atiku saya
grememet ora karuan. Banjur aku lan dheweke smsan terus nganti ora krasa yen
wis jam 12 tengah wengi. Padhahal biyasane aku jam 9 wis mapan turu. Jebule Mas
Hambara kuwi mau njaluk nomer hapeku nang Anton. Aku seneng bisa smsan karo Mas
Hambara. Sawise kuwi aku kerep banget smsan karo Mas Hambara.
Nalika ing sekolah aku crita marang kanca-kancaku sing
biyen padha nge-fans Mas Hambara. Ora
nyana ora ngira yen kanca-kancaku padha iri
karo aku. Wis ana 3 sasi aku kerep smsan karo Mas Hambara. Mas Hambara
uga kerep nelpon aku nalinakane dheweke ora ana kuliyah. Dheweke kerep ngelinorae
aku supaya aja lali mangan lan kerep ngucapna ‘selamat tidur mimpi indah’ gawe aku. Nanging aku ora oleh GR utawa
gedhe rasa. Sapa ngerti pancen Mas Hambara yen karo bacah wadon kuwi kerep
perhatian kaya ngono. Mas Hambara uga kerep nitip salam kanggo aku liwat Anton tanggane sing kanca sakelasku kuwi.
Anton ya ngunu kerep nggudhoni aku yen nang kelas nganti rupaku abang mbranang
amarga kisinan. Kepriye ora isin amarga kanca-kancaku sing mulane nge-fans karo Mas Hambara kuwi uga melu
nggudhoni aku jarene aku lagi ketraman asmara. Pancen kayake iya sih. Omongku
ing njero ati karo ngguya-ngguyu.
Mas Hambara mengko sore arep dolan ing omahku. Kandhane
dheweke kepengin dolan dhewean nang omshku ora karo Anton maneh. Aku bingung
ana apa Mas Hambara kok kepengin dolan nang omahku lan jarene arep ngomong
penting. “Tiingtung Tiingtuung!!” unine bel omahku. Aku sing mari adus kuwi
age-age mbukak lawang ruwang tamu. Pas tak bukak jebule pancen tamune kuwi Mas
Hambara. Saya kasmaran jroning atiku nalika nyawang Mas Hambara sing nggawe
kacamata kuwi ngadeg ing ngarepku nganggo hem abu-abu lan ,acak kaya
mahasiswa-mahasiswa kuwi.
“Dhik, ana apa kowe ngelamun?” pitakone Mas Hambara karo
nggetak pundhakku.
“Oh, iya mas! Hehehe tak kira sapa kuwi mau mas tamune.
Jebule Mas Hambara ta!’’ wangsulanku karo mesam-mesem lan ngajak Mas
Hambara lungguh ing kursi sing ana ing
ruwang tamuku.
“Ana apa Mas Hambara dolan ing omahku? saiki kan dina
malem minggu. Mas Hambara ora ngapeli pacare ta?” pitakonku.
“Hla iki aku lagi apel ngono hlo dhik?” wangsulane Mas
Hambara sing sajake ngagetna aku lan nggarai aku saya bingung ke-GRan. Aku lan
Mas Hambara gegojegan suwe ing kene. Mas Hambara kuwi pancen lucu banget lan
akeh omonge. Ora salah yen kanca-kancaku biyen padha nge-fans dheweke. Kayadene aku sing digawe ketaman asmara kaya ngene
karo dheweke. Saliyane kuwi Mas Hambara uga sopan marang wong tuwaku. Ibuku uga
matur yen Mas Hambara kuwi ngerti tata
karama lan unggah-ungguh marang wong tuwa. Mulane ibuku seneng nalikane Mas
Hambara dolan ing omahku.
“Dhik, aku oleh ngomong apa ora?” pitakone Mas Hambara
sajake serius.
“Hlo wiwit mau sampeyan lak wis ngomong akeh ta Mas?”
“Ora ngunu, Dhik! Jujur ya Dhik, nalikane aku pisanan
ketemu karo sliramu. Aku dadi kelingan terus karo sliramu Dhik. Aku seneng karo
anggunmu. Pokoke aku seneng karo sliramu kabeh dhik wiwit saka biyen nalika
pisanan ketemu. Kayake aku lagi ketaman asmara marang sliramu, Dhik. Apa kowe
gelem dadi pacarku Dhik Nana?” pitakone Mas Hambara saya serius. Aku saya
dheg-dhegan lan raiku saya abang. Apa iki sing pancen jenenge lagi ceblok
tresna. Sadurunge aku ora tau ngrasakake rasa sing kaya saiki.
“Iya Mas, aku gelem dadi pacarmu Mas.” Wangsulanku
singkat. Dheweke langsung seneng buanget sajake kegirangan nalika aku mangsuli
pitakone kaya mangkono. Ora kajaba aku uga seneng banget amarga asline wiwit
kapisanan ketemu aku uga wis ngrasa ceblok tresna marang Mas Hambara.
Lila Atiku Wis
Lila
Dening:
Ratna Yulia Damayanti
Jenengku Rina Damayanti. Nanging kanca-kanca kuliyahku
biasane nyeluk jenengku Yanti. Padhahal kawit cilik yen ing omah aku diceluk
Rina. Aku kuliyah ing Universitas Negri Surabaya ing jurusan Pendhidhikan Basa
Jawa. Anggonku kuliyah ing kampus sing paling tak
tresnani iki isih mancik
semester 1. Aku heran karo kanca-kancaku. Padhahal isih semester 1 durung ganep
setaun anggone kuliyah, nanging kanca-kancaku wis padha kepethuk pepujaning atine dhewe-dhewe.
Ana sing wis pacaran karo kakak tingkat ing jurusan basa
Jawa iki, uga akeh sing pacaran karo bocah-bocah jurusan liya. Aku mung isa
gumun ing njero ati. Kapan aku bisa cepet ngrasakna ceblok tresna kaya sing
dirasakake kanca-kancaku kuwi. Ya mbok menawa amarga aku iki isih kelingan karo
mantan pacarku sing jenenge Mas Hambara nalika jaman SMA biyen. Padahal wis 2
taun aku pedhot tresna karo dheweke amarga dheweke pindhah omah lan kuliyah ing
kutha Malang. Embuh apa sing njalari aku isih kelingan karo Mas Hambara sing
saiki aku ora ngerti kabare dheweke babar pisan kuwi.
Wis ana
telung wulan anggonku kuliyah ing kene ning aku durung apal kabeh jenenge
kanca-kanca sejurusan sing se-angkatan karo aku sing cacahe pancen akeh banget
kuwi. Sing paling dak eling-eling ya mung kanca-kanca sing sakelas karo aku
yaiku kanca-kanca kelas A. Nanging ana siji bocah lanang sing mesthi yen ketemu
aku dheweke ketara banget yen lagi ngamatake aku. Ora ngerti jalaran apa dheweke sajake tingkahe aneh
yen lagi papasan karo aku.
“Riska,
apa kowe ngerti bocah sing lungguh ing ngarep lawange kelas kuwi sapa?”
pitakonku marang Riska kanca cedhakku sing sakelas karo aku.
“Oalah,
bocah hem bathik kuwi ta? Kuwi jenenge Madha. Dheweke kelas C sih. Masak kowe
ora kenal ta Yan?” Saure Riska ngotot.
“Masak
ta Ris? Aku kok ora ngerti ya?” takonku maneh.
“Ya
mengko tak kenalna ben kowe bisa kenal karo Madha.” Sambunge Riska.
Wengi
iki ing jurusanku ana pagelaran kethoprak sing wajib dideleng karo mahasiswa jurusanku kuwi. Sore iku aku sing isih
ana ing kos-kosanku lagi bingung mengko bengi budhal menyang kampus karo sapa.
Biyasane aku karo Riska. Ning dina iki Riska wis budhal dhisik karo pacare
sing ya padha sajurusan basa Jawa kuwi. Pungkasane wengine aku nekad budhal
dhewe mlaku menyang kampus sing jarake kira-kira 1 kilometer saka kos-kosanku.
Ing tengah dalan ana sepedha motor sing sajake kaya lagi ngetutna aku.
“Tiiinnn!!
Tiiinnn!!!” swarane sepedha motor iku sajake saya nyedhaki aku. Aku noleh nang
mburi. Jebule sing numpak sepedha motor kuwi Madha sing mau awan pas neng
kampus dakrasani karo Riska.
“Kok
dhewean Yan? Hla Riska neng endi? Biyasane awakmu lak karo Riska
sih?!” pitakone Madha karo numpak
sepedha motor sing alon-alon nyedhaki aku kuwi.
Aku bingung dheweke kok wis ngerti jenengku Yanti ya.
Padahal sadurunge aku durung tau kenalan apa maneh omong-omongan karo dheweke.
Paling yen ketemu utawa simpangan neng kampus ya mung padha-padha sawang-sawangan ngono kuwi. Aku ae lagi ngerti mau awan yen jenenge kuwi
Madha.
“Oh iya
Riska wis budhal dhisikan karo pacare.” Jawabku singkat karo nyawang dheweke.
“Tinimbang
kowe dhewekan ayo kene tak gonceng budhal bareng menyang kampus.” Sambunge
pitakone Madha. Aku ora isa nolak tawarane dheweke amarga aku ya mikir yen aku
budhal mlaku dhewe kuwi rasane ora kepenak apa maneh iki wis bengi mengko nek
aku ketemu utawa diwedeni karo lelembut aku lak ya wedi karepku dhewe. Ing ndalan dheweke crita yen
dheweke asline kuwi wis ngerti aku wiwit nalika jaman OSPEK mahasiswa anyar kapungkur. Dheweke
asline kepengin kenalan karo aku nanging dheweke isin.
Wiwit nalika budhal bareng menyang kampus kuwi dheweke
langsung akrab banget karo aku. Dheweke kerep sms-i aku. Yen ketemu ing kampus dheweke ya kerep nyeluk jenengku
karo ngguya-ngguyu. Aku ya nyauri karo ngguya-ngguyu pisan. Ora jarang Madha ya
kerep ngeterna aku nang kos-kosan yen mulih kuliyah. Kayadene sore iki aku
kuliyah mulih jam 4 sore lan bakal diterna Madha maneh. Asline aku emoh
ngrepotna Madha. Nanging dheweke pancen sing meksa kepengin ngeterna aku. Nalika ing dalanan mulih nang kos-kosanku,
Madha sing lagi nggonceng aku kuwi sajake arep ngomong serius.
“Yann.. sore iki awakmu ana acara ta? Mangan bareng karo
aku neng pinggir wadhuk ngarep kampus gelem apa ora?”
Aku sing lagi lesu banget kuwi ora bisa nolak ajakane
dheweke. Banjur aku karo dheweke mangan gadho-gadho bareng neng pinggir wadhuk
ngarep kampusku sing pancen neng wadhuk kuwi akeh wong adol panganan lan
panggone pancen kanggo nongkrong bocah-bocah enom ora kajaba
mahasiswa-mahasiswa sing mulih kuliyah. Sawise rampung anggone mangan
gadho-gadho bareng, dheweke narik tanganku ngajak aku lelungguhan ing pinggir
wadhuk sing diubengi kembang werna-werna iki.
“Ana apa ta Dha awakmu kok ngajak aku lelungguhan neng
kene. Rumangsaku neng panggon sing kana mau ya padha wae ta Dha?” pitakonku
nang Madha.
“Ya beda ta Yan?! Neng kene swasanane luwih enak. Angine
padha sumilir bisa ngadhemke ati sing lagi ketaman asmara iki.” Sambunge Madha
sing pancen nggarai aku saya bingung. Jan-jane aku ya seneng di ajak dolan neng
panggon iki. Apa maneh sing ngajak aku iki si Madha sing pancen dheweke lagi
cedhak karo aku. Embuh aku yen lagi karo dheweke rasane nyaman banget. Dheweke
ngelinorae aku marang Mas Hambara mantan pacarku sing saiki wis nglalekake aku
kuwi.
“Yan, ngendi tanganmu? Iki aku nduwe gelang kanggo
awakmu.” Omonge Madha nang aku karo ngetokna gelang sing ana ing sak klambine
kuwi banjur diwenehna nang aku. Gelang kuwi wujude apik wernane kaya
logam putih ning yen aku ngarani iki gelang monel.
Nanging ana sing nggarai aku kaget ing gelang kuwi ana kaya ukiran jenenge
dheweke ya kuwi ‘MADHA’.
“Hlo hla nyapo gelang iki mok wenehna aku Dha? Iki lak
gelangmu ta? Hla iki ana jenengmu nang gelang iki” saurku nang Madha. Dheweke
sing lagi lungguh ing jejerku kuwi langsung ngguya-ngguyu mesem ning karo gugup
mangsuli maneh.
“Iki gelang pancen kanggo awakmu Yan! Yen aku oleh jujur
jan-jane aku iki ngrasa tresna karo sliramu wiwit jaman mlebu kuliyah kapungkur
Yan. Aku seneng saiki bisa cedhak karo sliramu. Apa kowe gelem dadi pacarku
Yan? yen pancen kowe gelem dadi pacarku tulung gaweya gelang iki neng tanganmu.
Ning yen kowe ora gelem, gelang sing mok cekel kuwi balekna ning aku Yan ora
apa-apa”. Omonge Madha saya serius karo nyekel tanganku. Aku bingung kudu
mangsuli kepriye. Sawayah-wayah atiku saya grememet. Jebule aku mangsuli yen
aku gelem dadi pacare Madha. Banjur dheweke nggawekna gelang sing mau kuwi neng
tanganku. Wiwit dina kuwi atiku wis ora kesepiyan maneh amarga aku wis bisa
ngrasakna ceblok tresna kaya kanca-kancaku.
Kanca-kanca sejurusanku wis padha ngerti yen aku karo
Madha kuwi pacaran masiya nalika ing kampus Madha jarang nyedhaki aku, paling
ya mung budhal mulih kuliyah bebarengan. Ora krasa wis 2 sasi aku pacaran karo
Madha. Nanging Madha saiki wis ora kaya mbiyen. Aku wis kerep padu ora jelas
karo dheweke. Dheweke kerep nesu nang aku mung gara-gara masalah sepeleh. Aku
ya ngunu kerep wales nesu nalikane dheweke nesu karo aku. Kudune salah sijine
lak ana sing ngalah nanging ora gawe aku karo Madha. Aku karo dheweke jebule
padha egoise. Aku dadi kelingan marang piweling simbahku yen aku aja nganti
mbesuk rabi karo bocah sing sapantaran umure karo aku mengko mundhak padha ora
isa ngalahe. Kayadene hubunganku karo Madha iki sing pancen ora kena di
pertahano maneh. Pungkasane aku karo dheweke pancen durung jodhone amarga
nyatane aku wis pedhot tresna karo Madha. Wis 2 sasi aku pedhot tresna karo
dheweke. Luwih parahe yen ning kampus aku lan dheweke wis ora tau tegur sapa
maneh.
Dina iku aku ana kuliyah awan. Aku budhal kuliyah bareng karo
Riska. Aku wis biyasa mlaku bareng sinambi gegojegan karo dheweke.
“Yan.. Yan.. Apa kowe wis ngerti yen Madha mantan
pepujaning atimu kuwi saiki lagi cedhak karo Nita!” omonge Riska karo
narik-narik klambiku.
“Hmmm... ya ben ta Ris? pancen Nita bocahe ayu ta?”
jawabku kethus sajake lila ora lila. Nita kuwi pancen kanca sajurusanku nanging
dheweke manggon kelas C sing pancen sekelas karo Madha.
“Yakin ta kowe Yan wis lila lan wis isa nglalekna Madha
saka pikiranmu?” pitakone Riska sajake saya njengkelna.
Durung mingkem anggone Riska crita banjur ana bocah liwat
numpak sepedha motor goncengan lanang wadon sing papasan karo aku lan Riska.
Sajake aku ora asing karo wajahe. Nalika pas ing ngarepku bocah lanange kuwi
nyawang aku. Tibane kuwi mau Madha karo Nita sing liwat. Dheweke wong loro
kayake mulih kuliyah bareng banjur bebarengan mulih nang kos. Oh pancen Madha
jebule saiki pacare Nita kancaku kuwi. Yen ora pacaran ora mungkin Nita di
gonceng Madha nganti sendhepel ing pundhake Madha kaya ngunu.
Pitakonku marang atiku. Jan-jane aku iki wis lila apa
durung sih? Kok sajake nalika ngerti bocah loro kuwi lagi pacaran ing ngarepku
atiku iki sajake grememet mangkel ora karuwan. Luwih grememet maneh nalika aku
ngrungokake lagu karyane Didi Kempot sing judhule ‘Lila’ kuwi. Apa maneh si
Riska demen banget nggudhoni aku karo nyanyi lagu kuwi ing ngarepku nalikane
ana Madha karo Nita lagi pacaran ing kampus. Dhuh, Gusti Lara ati sing dak
rasakna saiki persis banget nalika jaman SMA biyen di tinggal Mas Hambara kepincut
tresnane bocah wadon liya.
Nanging saiki aku mung bisa mesem nrima kahanan saiki
banjur nyanyi “Lila atiku wis lila senadyan batinku kelara-lara, nanging aku
ora cuwawa marga aku wis kebacut tresna”.
Ibuuukkkkk....!!
Dening:
Ratna Yulia Damayanti
Ing dina Minggu, aku lan ibuku blanja menyang
pasar. Pasare adoh saka omahku. Kira-kira saka Unesa kampus Lidah Wetan nganti
tekan Unesa kampus Ketintang
kana. Aku lan ibuku blanja amarga sesuk ana
slametan ing daleme simbahku. Yaiku slametane mbah kakung sing wis seda rong taun kapungkur.
Ing pasar dina iku rame banget. Akeh
wong padha tuku-tinuku uga akeh sing padha dodolan. Ana sing bakul lombok,
kambil, janganan, sandhangan, lan empon-empon. Ibuku miwiti blanja kanthi tuku
kubis, kentang, buncis, lan lombok. Wektu ibuku tuku sing bakul grapyak nganti
kebangeten. Pancen bakul iki wis
terkenal grapyak anggene ngedoli. Mulane akeh banget ibu-ibu sing blanja ning
kene.
“Tumbas napa, Bu?
“Tumbas kubis. Niki setunggale pinten
nggih? Kula badhe tumbas kathah. Kangge slametan niki”
“Ealah, panjenengan milih kemawon.
Mangke ditimbang, Bu..”
“Inggih. . niki sampun. Cobi panjenengan
timbang”
“Niki kobise kalihwelasewu,Bu. Napa
malih?
“Kentang kalih boncis. Niki panjenengan
timbang.”
“Nggih sekedhap Bu. Kentange
menika radi
awis nggih, Bu. Dadose kobise kalihwelasewu, kentange selangkungewu, boncise
kalihwelasewu. Sedaya sangalikurewu, Bu?
“Nggih sampun. Matur nuwun nggih.”
“Sami-sami, Bu”
Aku wis kesel banget diajak ibuku
mubeng-mubeng blanja. Aku leren lungguh dhisik ing emperane toko sandhangan. Jan-jane aku lungguh ing kene iku amarga ana klambi sing
tak senengi sing dipajang ing patung ngadeg ing buriku iki. Muga-muga ibuku
kersa numbasna aku klambi sing tak senengi iki. Pancen apik klambine werna biru
kombinasi karo putih. Modhel klambine persis banget kaya klambine artis-artis
sing ana ing tipi-tipi biyasane.
Durung ana samenit tak toleh ibuku wis
ngilang. kamangka aku durung
sempet matur yen aku kepengin di tumbasna klambi sing dipajang ing patung
buriku iki. Ora ngerti aku
ditinggal ibuku. Aku
tolah-toleh ngalor-ngidul ning aku durung ketemu ibuku. Aku
bingung nggoleki ibuku amarga pasare rame banget. Senadyan ta aku wis pitulas taun manggon ing kecamatan
iki nanging aku panggah durung apal wae dalanan mlebu metu pasar kecamatan iki.
Dalanan ing jero pasar iki pancen garai bingung apa maneh gawe wong sing ora
apal dalanan kene kaya aku iki.
Kira-kira wis ana sejam aku mubeng-mubeng ing jero pasar
iki nanging aku panggah durung ketemu ibuku.
“Ibuuukkk...........
panjenengan dhateng pundi?” gumun ing njero atiku amarga nganti yamene durung
ketemu ibuku.
Aku wis kudu nangis. Rasane aku kepengin jerit-jerit sing banter wae. Aku
bingung kudu lapo ing kene. Akeh banget wong sing ana ing pasar iki ning ora
ana salah sijiya sing tak kenal. Aku saya wedi suwe-suwe ing jero pasar iki
amarga akeh wong sing praene medeni kaya-kayata praene bapak-bapak penculik
anak sing kaya ing tipi-tipi.
Saka kadohan taksawang kaya ibuku. Tak
ematne maneh, ibuku apa dudu ya? Ucape batinku. Atiku bungah wis ketemu karo
ibuku. Tak parani
karo ngguya-ngguyu. Aku
mlayu-mlayu marani ibuku. Barang wis cedhak langsung tak rangkul teka mburi
amarga aku seneng aku wis
ketemu karo ibuku. Lha bareng taksawang
teka ngarep aku kaget lan
Ibune sing tak ragkul gek mmau uga kaget nyawang aku.
Jebule iku mau
dudu ibuku. Aku langsung
nangis. Aku ngrasa isin banget amarga uwong-uwong padha nyawang
aku.
“Lho, Ndhuk. Nyapo? Kowe anake sapa?” pitakone Ibu sing tak rangkul mau. Aku sik panggah meneng ora mangsuli
sinambi karo nangis.
“Ibumu ngendi, Ndhuk?” pitakone Ibune maneh.
“Kula ditinggal ibuk.” Wangsulanku cekak amarga karo nangis.
Nangisku iki gara-gara ditinggal ibuk lan durung wae ketemu nganti seprene uga nangis amarga aku ngrasa
isin nalikane aku
salah ngrangkul wong sing
tak kirane iku mau ibuku lan padha disawang
wong akeh.
Banjur aku digawa menyang kantor
informasi karo Ibu klambi
abang sing tak rangkul gek mau. Ing kana aku ditakoni
akeh banget karo pak petugase.
“ Jenengmu sapa, Nduk?”
“Nami kula Lia, Pak”. Wangsulanku karo nangis.
“Ibumu jenenge sapa? Lan omahmu ana dhaerah ngendi?”
“Ibu kula namine Sri Wijayati lan griya kula ing Desa Karangjeruk,
Pak.”
“Owalah. Ya Nduk. Sik ya tak siyarne. Muga-muga wae Ibumu krungu wara-wara sing tak siyarna
iki lan langsung marani mrene nang kantor informasi iki.” Wangsulane bapak satpam pasar.
Sawise disiyarne, aku ngenteni kira-kira
ana setengah jam. Banjur ibuku teka
marani aku. Aku seneng banget
banjur langsung rangkulan karo Ibuku. Nanging aku
ora disayang malah aku diseneni
karo ibuku. Akeh uwong sing padha nyawang nalikane Ibuku nyeneni aku. Tambah isin
pindho aku iki. Banjur aku nyuwun
ngapura marang Ibuku. Aku janji yen sesuk-sesuk melu nang pasar maneh aku ora
oleh ngilang-ngilang maneh. Banjur Ibuku langsung ngrangkul aku lan nyayang pipi kiwa
karo pipi tengenku. Bungah rasane atiku amarga wis ketemu Ibuku. Sawise
kuwi aku diajak ibu tumbas Mi Ayam karo Es Degan sing ana ing ngarepe pasar. Nanging aku
sik panggah
isin amarga saben aku mlaku disawangi wong akeh. Tapi aku seneng amarga wis
ketemu ibuku.
0 comments:
Post a Comment