Sunday 18 January 2015

JAGO SAIKI - Dening Wisnu

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:13 | No comments


JAGO SAIKI

kukuruyuk – kukuruyuk
kukuruyuk - kukuruyuk
suara pitik saiki
wanine mung klurak-kluruk
ora wani adu panggung

yen pitik wus dadi jago
kabeh saya dliwar
kabeh padha mlenceng
kabeh wis krasa beda
saya suwe saya rusak  ing gegambaraning laku

jago saiki
yen sesumbar kaya kaya nangekake mayit
kaya kaya ngrubuhake tembok beton
gedhene mung ing ucap, cilik ing sikap

jago alas, jago arab, jago jawa tur jago bangkok
apa maneh jagone pra panji
nanging jago iki dudu jago kuwi
jago iki jagone saiki 

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads