Thursday 6 February 2014

Pidhato dengan bahasa jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 07:06 | No comments
    Contoh pidato bahasa jawa

    -Wigatining Unggah - ungguh


Assalamualaikum Wr.Wb.
Sugeng dalu sederek ingkang sami rawuh,
Ingkang kinurmatan bapak ………. sarta Bapak ……..
Bapak/ibu ………………..ingkang dhahat kinabekten
Bapak/ibu……………….ingkang kula urmati.
Saha para masyarakat ingkang kula kurmati.

Puja  lan puji tansah konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring kasarasan, karaharjan, kasantosan ugi katentreman dhateng kula kalihan panjenengan sedaya, saengga kita saged ngrawuhi adicara menika kanthi boten wonten  alangan setunggal menapa. Salajengipun, sholawat saha salam tansah katuraken dhumateng junjungan kita Nabi Muhamad SAW, ingkang sampun dados patuladhan kagem sedaya umat ugi kita tansah antu-antu syafaatipun ing akhirat mangke.

Keparenga kula Wisnu Prasetyo B. mahasiswa saking jurusan pendhidhikan basa jawi, fakultas basal lan sastra, universitas negeri Surabaya, bilih aslinipun kula menika saking mojokerto, kecamatanipun Gondang, kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya, amargi sampun kersa ngrawuhi adi cara menika.

Inggih, para sederek kados pundi pawatosipun, piye kabare ? sae ta..? mugi dalu menika kula kalihan panjenengan sedaya sehat walafiyat,   

Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, Keparenga dhateng ngriki, . kula badhe medharaken menapa ingkang dados ancasipun ing adicara menika. kita minangka masyarakat nggadhahi tanggel jawab wonten bangsa lan Negara, tumrapipun dados pamudha jawa. Kados pundi usaha kita dados tiyang jawa ingkang jawani.

Wonten ngriki kula nggadhah tujuwan lan kawigatosan, bilih dados pamudha jawa menika kedah mangertos ngenani wigatosipun unggah – ungguh basa wonten bebrayan tumrapiun kagem pra mudha. Para rawuh sedaya ingkang sami bagya ,

Ing bebrayan sampun asring kepireng tetembungan unggah-ungguh. Napa ta Tegesipun unggah-ungguh, nggih bakunipun menika sopan santun, tata krama. Tiyang  Jawa samenika kathah ingkang ngarani menawi lare enem sampun boten anggadahi  unggah-ungguh malih. Awit menapa lare samenika tindak lakunipun kedah sarwi cepet, amargi nguber kabutuhan gesangipun, ngginakaken paugeran cepet-cepet angger slamet. boten kados tiyang jaman riyin ingkang gadhah pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon, kebat kliwat
Kanthi lumampahipun wekdal saha jaman, mesthi wonten owah gingsir kahanan, amargi tuwuh kahanan enggal utawi sangsaya majun teknologi bakal nuwuhaken  owah-owahan. Menapa menika owah-owahan sikap, napa tindak tanduk
Kahanan kados menika nyababaken basa jawa ngalami owah ginhsir, saged2 ngalami ilang musna kados basa jawi kuna ingkang jaman samenika tiyang jawi boten mangertos. Samnika kathah lare ngatos tiyang ingkang sampun boten ngertos basa jawi malih, ngrtosipun nggih naming capet-capet, napa malih basa ingkang inggil.
Kadang-kadang kula ingkag samii rawuh
Namung  ngengetaken dhaten panjenegan kemawon, sajroning unggah- ungguh menika wonten pangginan basa ingkng perlu dipunmangertosi, kados ta
1. Basa Ngoko kadadosan saking Ngoko Lugu saha Ngoko Andhap (Ngoko Alus) .  
2. Basa Krama
kadadosan saking Krama Lugu lan Krama Andhap (Krama Alus). Basa Krama Andhap (krama Alus ) kaya Mudha Krama. Kenging menapa naminipun mudha krama? Amargi basa Mudha Krama menika kramanipun lare enem dhateng tiyng sepuh. Wong Jawa nggadah watak ngajeni tiyang kang dipunjak guneman saha ngasoraken piyambak, ngagem basa  Ngoko Alus utawi Ngoko Andhap .

            Para kadang ingkang kula kurmati
Wonten pundi dununge unggah-ungguh samenika?
Wonten salah seungale tiyang  ingkang nggadah pamanggih, menawi kirang setuju  mriksani tiyang sepuh ngendikan kalih putranipun ngagem basa jawa, boten amargi basanipun ingkang lepat, namung pangginakipun basa ingkang dados perkais, tiyang sepuh menika ngginakaken basa ngoko dhateng putra kang taksih alit. Pancen sejatosipun ungah ungguh basa jawi bilih tiyang sepuh ngendikan dhateng lare ingkang enem saged ngagem basa ngoko, namung menika putrane saha taksih alit, minangka tiyang sepuh amrih sae ngajaraken basa dhateng putranipun piyambak kanthi ngginakaken basa krama, utawi ngoko alus. Kanthi cara menika putra saged nyinaoni ugi nirokaken napa ingkang dipunngendikakaken dening tiyang sepuh.


Kerep kapirsa interaksi sajroning tiyang sepuh kalih putanipun, taksih kathah putra ngginakaken basa ngoko lugu utawi andhap,  mireng kados mekaten tiyang sanes mung saged nggumun, nggedeg2, dalah ambegan gedhe. Wonten bebrayan ugi kerep kepiren mnawi tiyang sepuh nimbali putraanipun ngagem tembung kowe,koen, tembung menika fatal, amargi ndadosaken putra saya boten gadah unggah2, awit menapa, tuladhanipun. “ si embok ngemdikan, “ar, koen wis mangan ndang?, inggih mesthi kemawon putra nggih wangsuli, durung mak. Engkok ae…. la pun cetha mekaten ta,.. langkung sae menawi nimbali kanthi sesulih tembung mas, mbak, dik..  

Para kadang sedaya
Kula badhe nyuwun pirsa dhateng panjenengan, menapa panjenengan setuju menawi unggah – unggah  saya lami malah saya risak? Napa setuju ?
La kula saha panjenengan sedaya menika minangka generasi panerusipun jaman, boten wonten lepatipun ta ngginakaken unggah ungguh basa jawi ingkang sampun dipunajarkan dhateng kita awit kula saha panjenengan sedaya taksih alit nalikanipun sinau ngomong, sasanesipun minangka tat krama kagem interaksi, namung ud=gi minanka tandha kita nresnani budaya jawi, dados, bilih mangke sampun ngulawarga saha nggadah momongan nalikanipun ngginakaken basa jawi ingkang dados padinan, amrih sae menawi putra dipunajari basa jawa krama, krama andhap ugi krama inggil. Awit menapa unggah unggah menika wigati sanget, amargi namung unggah – unggah ingkang dados jari dhirinipun tiyang jawi. Menawi boten wonten unggah2. Malah dados unen-unen  “ wong jawa ilang jawane”

Para rawuh sedaya menika ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan sedaya. Saking menapa ingkang kula aturaken kala wau, saged dipundudut bilih wigatosipun unggah ungguh menika damel bentenaken budaya kita kalihan budayanipun negari sanes. Sanesipun kagem tata krama sajroning bebrayan ugi nglestantonaken budaya jawi.

Kula tegesaken malih, bilih unggah-ungguh ing jaman samnika sansaya sekedhik ingkang ngginaken. Menawi boten kita ingkang miwiti, sinten malih, awit menapa samenika kathah ingkang tiyang jawa ical jawanipun, wong jawa ilang jawane.

Saking punapa ingkang kula aturaken menawi wonten solah bawa kula, pangucap kula lan panemu ingkang boten mranani ing manahipun panjenengan sedaya, kula aturaken agunging pangaksami dhumateng para rawuh sedaya.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenga sedaya, dene kula saged ngaturaken punapa ingkang dados ancasipun adicara menika.

Mugi-mugi panjenengan sedaya tansah pinaringan kasarasan lan kinurmatan saking Gusti Alloh, lan mugi-mugi ing wekdal samangke kita taksih saged dipunsukani kesempatan ngempal kadosta adicara menika.

Cekap menika ingkang saged kula aturaken. Sugeng dalu. Asalamualaikum wr.wb

Total Pageviews

anti block

G.ads