Upacara Pambuka
Ambal Warsa
SMP N 1
RENGEL
Dening: Dwi Catur Ayu Paninggih
Wingi kuwi
tanggal 29 Juli 2011, SMP N 1 RENGEL ngrayake ulang tahun kaping 65 tahun.
Kabeh siswa lan guru pada nganggo seragam olah raga. Acarane yaiku upacara
pembukaan dilanjutke jalan sehat. Kabeh siswa termasuk kelas IX G uwis pada
baris ing lapangan sekolah. Aku waton ngadek ning mburine Yuni .
“Aku baris
ning mburine Yuni wae, yaa .”kandaku marang Ambar karo Lita sing pas kuwi
ndadek ning jejerku.
“Ya
aku mengko ning jejere Tyas.”omonge Ambar.
“Ya
uwis, aku ning jejere Ambar.”kandhane Lita.
Aku uwis
baris ning mburine Yuni, Amabar ya uwis baris ning jejerku, Lita uga uwis baris
ning jejere Ambar. Mau esuk aku nyempetke tuku permen ning Koperasi. Pas aku
mangan permen, Yuni ngingetke aku.
“Yass,
mangan permen kowe ?”pitakone
Yuni.
“Ho.o,
ngapa ?”wangsulanku.
“Njaluk
aku.”omonge Yuni.
“ya mengko
wae, ndak dha weruh terus njaluk kabeh mengko.”wangsulanku marang Yuni
“Hahahha,
ya ..”wangsulane Yuni
Sakjane
Ambar uwis ndeloke aku karo Yuni, ning kok ya ora dong nek ngomongke permen.
Ninga pas aku meneng-meneng ngenehke permen karo Yuni, Ambar teka-teka nglinguk
ning arahku karo Yuni.
“Woo, aku
njaluk permene ..”omonge Ambar. Aku karo Yuni inget-ingetan lan meng
mesam-mesem bareng.
“Ya uwis,
nyaa …”omongku karo ngenehke permen marang Ambar. Lita sing pas kuwi langsung
ndeloke aku, Yuni karo Ambar banjung ngomong, “Ehh aku ya njaluk ..” ning
ngarepe Yuni.
“Tyas kokk
..”wangsulane Yuni.
“Njaluk aku
..”omonge Lita ning ngarepku.
“Entek,
hehhe .”wangsulanku.
“Asem.”wangsulane
Lita karo menjep.
Upacara
pembukaan uwis arep dilekasi. Nganti upacara pelepasan balon, kabeh pada
ngingetke.
“Ehh balone
kae arep ning ngomahku lhoo.”omonge Ambar.
“Ora ki,
galo ning arah omahku.”wangsulane Ambar.
“Udur ming
ngono we.”omongku nyela.
Teka-teka
Yuni muni, ”Ehh mengko pas jalan sehat aku mlaku karo Lita yaa.”omonge karo
nggandeng Lita.
“Oke, aku
tak karo Ambar.”wangsulanku.
“Okee.”wangsulane
Yuni.
Upacara
uwis rampung, kelas IX kebagian mlaku ning bagian mburi. Ninga Pak Juju menehi
peraturan yen mlakune telu-telu.
“Wehh,
telu-telu we.”omongku.
“Ya uwis
aku karo Alma karo Rery wae le mlaku.”omonge Yuni.
Akhire aku
mlaku bareng Ambar karo Lita ning mburine Yuni, Alma karo Rery.
Rutene
yaiku, metu seka gerbang sekolah banjur menggok kiwa ngliwati ngarep SMAN 1
RENGEL. Banjur lurus terus ngliwati Ganjuran lan saklanjute. Tekan sekolahan
kira-kira
uwis jam 10. Kabeh sing uwis tekan
sekolahan banjur pada ngijolke kartu kado silang kanggo njupuk kado silang.
“Ehh
langsung njupuk kado silang to ?”pitakonku marang Ambar lan Lita.
“Ho.o tto,
ayyo.”wangsulane Ambar.
“Ya
.”wangsulane Lita.
San uwis
oleh kado silang kabeh pada buka kadone ning kelas. Kabeh pada ngicipi panganan
sing ana ning njerone. Acara selanjute yaiku lomba-lomba, antarane lomba ciptalan
maca puisi, story telling, lan sesorah. Nganti acara sing keri dewe yaiku
pembagian doorprise. Amarga aku ana les bareng Adel, Alma lan Efa, awakdewe
mulih dhisik.
“Ehh ayo,
mulih kapan ?”pitakonku.
“Ya saiki
wae yo.”wangsulane Adel.
“Ya
ayyo.”wangsulane Efa.
Banjur aku,
Adel. Alma lan Efa mulih dhisik jam stengah loro.
Tresna Segitiga
Dening: Dwi Catur Ayu Paninggih
Putri julukane bocah wadon SMP kelas
siji sing awake rodo katimbang kanca-kancane.
“Put gelem ora kowe dadi pacarku?.
Aku tresno karo kowe.” Ucap Aldo kakak kelas Putri nembak.
Nanging wektu kuwi Putri uwis duwe
pacar. Putri pacaran karo Rahmat, nanging ning ati sakjane Putri ora
tresno karo Rahmat. Putri mung mesakke karo Rahmat sing wis pirang-pirang
nembak nanging nolak terus. Let pirang dina Putri bubaran karo Rahmat, lan
kesempetan kuwi ora di colke wae dening Aldo kanggo nembak Putri meneh.
“Mas, jembaro pangapuramu aku ora
iso, aku bibar wae putus, apa arep dadian karo jenengan? Ora iso Mas, nanging
aku tresno jenengan :*” Ucap Putri nampik alus tembakane Aldo ning SMS.
Aldo bales SMS-e Putri,”Rrrgh, Ngapa
kowe nampik? Aku tenan tresno karo kowe, dek! Luweh seko Rahmat!”
Suwene seminggu Aldo nesu karo Putri.
“Sayang? Aku sayang karo sliramu, mugiyo sliramu ngapuro aku J” Putri nyuwun
ngapura karo Aldo, Aldo akhire ngapurani.
Saiki Putri iseh dewekan, nanging
Aldo sing biyen tresno karo Putri uwis pacaran karo Mella, najan mono
sesambungan Putri lan Aldo tetep biasa wae. Nanging Putri ngroso cemburu karo
Aldo lan Mella.
Tresna Kethek
Dening: Dwi
Catur Ayu Paninggih
Diwiwiti saka pensi sekolahku. Nalika iku aku isih
kelas VII. Wektu iku ning sekolahku dianakake pensi kanggo penutupan MOS. Sing
ngisi acara murid kelas VII,VIII, lan X. Wektu pentas kelas VIII, aku ngerti
wong sing ngganteng banget. Jebule kuwi kakak kelasku sing ngeband ing pensi
mau. Trangane mas mau kelas VIII E sing jenenge Nimo. Wonge cakep, putih,
dhuwur, pinter ngebass lan nggitar, menengan, pinter baskrt, lan ora kemaki.
Meneng-meneng aku ngematke wonge. Saben dia aku ora iso turu amarga kepikiran
wonge. Wonge mesti teka ing ngimpiku. Ora tak sadari aku kenal wonge saka
facebook. Wonge kerep ngomentari statusku lan aku tambah seneng karo wonge.
“Woalah! Wonge perhatian banget,
aku dadi tambah
seneng
karo koe mas, Mas Nimo.”
Detik dadi menit, menit dadi jam, jam dadi dina,
dina dadi minggu, minggu dadi sasi. Wonge tambah cedak karo aku. Ing salah
sakwijining dina, meneng-meneng aku ngenei wonge kembang, coklat, lan surat
sing isine: “ Kowe semangatku J . J sing kagum kowe J “
Bar rong dina wonge mbales suratku sing isine: “
Kowe sapa ?”
Mas Nimo nyelehke surat balesan mau ing papan sing
padha karo aku nyelehke suratku wingi.
Bar telung dina aku mbales surate
Mas Nimo: “ Aku G..A J sing kagum kowe J“
Mas Nimo saya penasarn karo aku.
Wonge curiga karo status ning facebookku amarga isine padha karo surat sing tak
kirim kanggo Mas Nimo. Ujug-ujug dheweke nulis ning pesanku.
Jarene, “ Apa koe sing ngirim
surat nggo aku? “
Aku
bingung meh njawab apa. Akhire aku ya gur njawab,
Esuke
Mas Nimo nemoni aku lan takon karo aku,
“ Apa kowe sing ngirim
surat-surat kae kanggo aku? “
Aku
gur njawab karo nggregeli,
“ I……………………..yo “
“
Emange kowe ngrti aku saka ngendi? “ takone Mas Nimo.
“ Saka pensi pas penutupan MOS,
mas. “
“ Oh iya,
aku kelingan. Ninga kok kowe isa
kenal aku luwih cedhak? “
“ Mas Nimo, apa kowe isih
kelingan karo facebook sing kerep ngomentari statusmu? “
“ Wow, dadi kae ki kowe? “
“ Ho’o mas, aku sing kerep ngomentari statusmu, aku
sing ngagumi kowe, aku ya sing ngenei kowe kembang lan coklat sak suwene iki. “
Mas Nimo meneng sakuntara.
Ujug-ujug wonge ngomong karo aku:
“ Oleh ora aku kenal karo kowe
luwih cedhak? “ Aku mung iso njawab:
“ oleh mas, jenengku Gita, aku saka kelas VII F. “
Mas Nimo mlayu kesenengen. Sak
tekane ning ngomah, Mas Nimo langsung mbukak facebook gek terus nulis ning
pesanku:
“ Dek, njaluk nomer HPmu no? Oleh
ora? “
Aku
mbales:
“ Iki mas 081904165126. “
Bar kuwi wonge langsung mbales:
“ Nuwun yo dek? “
Aku
mbales meneh:
“ Sami-sami mas. “
Ora
tekan 5 menit, wonge sms aku:
“ Iki dek Gita ya? “
Aku
mbales karo penasaran:
“ Ho’o, iki sapa ya? “
“ Ho’o, iki sapa ya? “
“ Donge kowe ngerti, 5 menit
kepungkur.
Terus
aku mbales smse:
“ Ooooooohh Mas Nimo? “
Wonge mbales meneh:
“ Ho’o no, arek sapa meneh. Eh
dek kok kowe ayu to? “
Aku ngrasa isin-isin karo mbales smse:
“ Ahhh, apa iyo mas? “
“ Tenan dek, kowe ki kaya
bidadari sing mudhun saka surga tresnaku. Hehehe “
Aku lagi wae arep mbales smse Mas Nimo, wonge wis
sms aku meneh:
“ Dek iki tenanan, kowe gelem ora
dadi pacarku? “
Rasaku wis ora karuan karo mbales smse wonge:
“ Iya mas, aku ya pengin mas dadi
pacarku. “
Aku ora sadar nek Mas
Nimo wis ngganti status facebooke dadi berpacaran karo aku. Esuke kanca-kancaku
wis do ngerti nek aku wis pacaran karo Mas Nimo. Mas Nimo ki wonge romantis
karo perhatian karo aku. Ning sekolahan wonge mesti nggatekake aku. Dadine akeh
kancaku sing ngolok-olok aku. Saben istirahat wonge mesti ngajak aku jajan
bareng nanging suwe-suwe wonge berubah. Wonge ora meneh nggatekake aku. Lan saksuwene
dina, wonge njaluk putus karo aku.
Jarene wonge arep
mesti komunikasi karo aku, nanging kenyataane ora babar belas. Ning facebooke
wonge upload foto pacar anyare sing trangane pacare sing anyar kuwi mau ora
liwat yo sedulurku dhewe. Aku kaget lan ora nyangka sedulurku nusuk aku saka
mburi. Padahal aku isih tresna karo Mas Nimo. Sakwijining dina, Mas Nimo njaluk
ngapura marang aku lewat lagu sing dinyanyeke karo kanca-kancane. Lan nulis
surat nggo aku sing isine:
“ Kanggo: Gita, Aku njaluk
ngapura yo, aku wis nggawe kowe lara ati nanging kowe isih gelem to dadi kanca
cedhakku kaya mbiyen maneh?
Saka : Nimo “
Aku bingung arep mbales kepiye,
akhire aku nulis puisi kanggo wonge:
“Layangmu lewat sms HPmu ra iso
ngobati kangenku. Swaramu lewat telepon geratisan ra iso ngalahi ing
sesandingan. Janjimu semono tresnamu gedhe, nyatane saiki kok tinggalake.
Laying swara ra iso ngobati rasa kangen marang sliramu Mas Nimo. Laying swara
ra iso ngganteni kulina aku nyanding sliramu Mas Nimo. Layang swaramu mung nambahi
kangen ning atiku.
Tresna Iku Ora Kudu Nduweni
Dening: Dwi Catur Ayu Paninggih
Sore wus sampurna
katekanan wengi.Wengi kang sepi tanpa swara. Adheme ubin wis ora dirasaake
ragaku. Awakku wis ora bisa ngrasakake sumilire angin. Daksendeake awakku ana
ing tembok, dakkekep sikil loroku kanthi rasa sedih.Aku amung bisa meneng,
tanpa bisa ngucap apa-apa.Dakpandheng sliramu.Mripatku kaya-kaya ora bisa
pindhah.Dakdhelok mripat kuwi mandeng kertas. Kertas kang tak kenal, foto kang
ngelengake aku ana ing dina kwi…
Sumilir angin krasa
adhem nyapu kulit.Mripatku mandheng nyawang mangalor.Nyawang pager omahku kang
katon teles kekenan udan.Teletik grimis turahan udan isih pisan pindho nelesi
lemah omahku.
“ Sugeng ambal warsa, Mas”.
Omongku kanggo mecah sepining wengi iki.
Pawakan lanang bagus
kuwi tansah mesem lan malih mandheng awakku. Aku uga mandheng slirane karo
mesem.
“Maturnuwun”.Wangsulane
cekak aos.
“Iki kadomu”.
Tanganku karo
ngulungake kotak kang dibungkus karo kertsa putih kasenenganku.
“Aja dibuka”.Guyonku
wektu Agung arep buka kadone.
“Matur nuwun, Dik,
matur nuwun tansah gelem ngancani sliraku seprana-sprene nganti tekan saiki”.
Sliraku kaliyan Mas
Agung pancen uwis kurang luwih 2 tahun sesambungan.Senajan umurku kaliyan Mas
Agung bedha adoh, nanging aku ngrasa kepenak kaliyan slirane. Mas Agung bisa
mapanake awake. Bisa dadi kakang kang ngerti kahanane adhine, uga bisa dadi
sesandingan kang pangerten. Mas Agung bisa menehi kasih saying kang ora bisa
dakentuk saka bapak lan ibuku.
“Mas, aku uwis lulus,
wis ketrima ana ing universitas kang dikarepake marang bapak saha ibu”.
“Aku percaya sliramu
bisa gawe bungae bapak lan ibu, Dik”. Omongane Mas Agung gawe bungah atiku sing
kawit wingi rada ganjel, amarga ora bisa mlebu ana ing jurusan sing dakkarepi.
“Aku pengen gawe
bangga wong tua kang wis ngangkat aku dadi anak iki,Mas”. Wangsulanku karo
mandheng adhoh ana ing langit.Mandhang rembulan kang lekas ngetokake rupane
ngilangi mendhung.
Karepku mung sepele.
Mung arep gawe bungah bapak saha ibu kang wis ngangkat aku dadi anak angkate
iki. Mula kuwi dakturuti apa kang dadi kekarepane bapak, mlebu ana ing jurusan
kesehatan. Ana ing njeroning atiku, aku kepengen mlebu ana ing jurusan
liyane.Sanajan ora seneng, nanging aku kepengen nuduhake marang sapa wae yen
aku iki bocah kang “tahu diri”. Bocah kang bisa ngerti penggalihe wong tuo.
“Aku bakal dhuweni calon, calon
dokter”. Guyone Agung gawe mantep ati
“Aku isih nyimpen kadomu,
Dik”.Panngucape lirih kaya-kaya ngampet tangis.
“Foto iki bakal tansah ngelengake
aku marang sliramu”.
Swara lirih kuwi gugah
aku saka lamunanku. Foto kuwi pancen kado sepisan lan pungkasanku kanggo Mas
Agung. Mas Agung pancen ora gelem tak wenehi kado sing aku mesti ngetokake
duwit. Jare aku iki isih sekolah.Urung bisa ngaselake duwit dhewe.Mula kuwi
dakcethak fotoku kanggo hadiah marang Mas Agung.
Wengi san saya
mrambat, pandhenganku isih tumuju ana ing wong lanang kuwi. Dakkremes
driji-drijiku dewe, ing antarane rasa adhem lan rasa kelangan ana ing njero
atiku. Saklebet aku mandheng slirane, mripat bening kuwi tumuju ana ing salah
sawijining papan.Tak dhelok kuwi undangan.Undangan kuwi katulis jenengku.
Tikaningsih Saraswati. Ana luh bening tumetes saka mripat lorone.Aku ora kuasa
mandheng slirane, ora krasa luhku mrebes mili.Angen-angenku mabur ana ing wektu
kuwi. Wektu aku ketemu karo Mas Agung kanggo sing pungkasan.
“Dik aku uwis duweni
calon”.Swarane lirih. Mecah swasana sing katon bedha iki.
Atiku maktratap. Dadaku kebak sesak,
ilatku ora nduweni daya kanggo nyuwara.Ora krasa luhku netes ana ing tangan.
“Tikaningsih”.
Pangucapane karo gegem
tanganku.Aku isih matung.Kaget karo kadadean iki.ora pernah kapikir ana ing
angenku Mas Agung bakal ninggalake aku kaya mangkene.
“Apa tenan Mas Agung
arep nikah?.” Pitakonku rada gemeter.Aku ngerti slirane uga abot karo pepisahan
iki.
“Tika, aku ura bisa
nulak kekarepane bapak, bapak kepengen anak lanange nikah sak durunge slirane
ngadep Gusti”.
“Tega”.
“Banjur aku kudu
kepiye?. Aku dhewe ora gelem dadi bocah sing durhaka marang wong tuo, Bapak
uwis sepuh. Lek kepengan ndelok putrane nikah. Aku ora bisa terus-terusan
nunggu sliramu sing ora pasti. Bapak uga ora sarujuk menawa aku karo sliramu,
Dik”.
“Aku kepengen Sliramu
ora nikah”.
“Nanging awak dhewe
kudu ngerteni kahanan iki, Dik”.“Sliramu bisa entuk bocah lanang kang luwih
apik tinimbang aku”.
Tak pandheng slirane.Mripat kang
biasane eyup sumringah malih dadi mendhug.
“Yen ngono sliramu
kudu nulak kekarepane bapak”.
“Banjur kepiye?.Apa
aku kudu nglawan kekarepane bapak?”
Yen pancen kuwi
dalan sing luwih apik kanggo tresnaku lan sliramu, kena apa sliramu ora gelem?
Apa pancen sliramu ora wani? Apa tresnamu among ing lati? Apa aku iki among
mbok dadekna papan kanggo nunggu calon sisihanmu?.
“Kena apa ora?”.
“Yen kuwi sing dadi
kekarepanmu, aku oara bisa nuruti. Aku njaluk pangapura”.
“Tega kowe Mas, kowe
ora tenanan tresna karo aku”.Pangucapku karo swara setengah gemeter.
“Aku tresna karo kowe,
Dek.Nanging aku ora bisa nerusake tetalian marang sliramu.Aku njaluk ngapura”.
“Iki laying undanganku
kanggo sliramu, Dek.Aku pengen kowe gelem ngrestuni aku”.
Aku tangi, banjur mlayu
ninggalake layang undangan lan Mas Agung tanpa pamit. Aku ora kuasa nahan
luhku.Aku ora rela ditinggal marang Mas Agung.
“Tika”.Swarane banter
nyeluk aku.Nanging aku ora ngubris.
Aku ora kelingan
apa-apa.Awakku ana ing salah sawijining dalan kang dhowo banget kaya-kaya ora
ana tembuse.Dalan kuli kabeh putih.Aku mung bisa mlaku ora ngerti arah.Sikil
iki nuntun aku embuh ana ing ngendi.Dalan kuwi sepi.
Ora ana manungsa ora
ana wit-witan. Ana ing sak tengahe aku mlaku, ana ing dalan kuwi ana
cahya kang cemlorot saka kadhoan. Cahya kuwi nyeret awakku.Saya suwe saya suwe
cahya kuwi saya cemlorot nglarani mripatku.Dakremke mripatku amarga ora
betah.Ewodhene suwe-suwe dakbuka mriptku.Aku nemoni ragaku ana ing peturon,
kebak maneka warna alat-alat kang aku ora ngerti. Bapak lan ibu kabeh padha
nangis sesenggukan. Aku ora ngerti ana kadadean apa iki?.Ngapa awakku dipasngi
alat-alat kaya mangkono?. Ngapa aku ana ing peturon kuwi, nanging aku ana neng
kene?. Ngapa kabeh padha nangis?.
Sadar ora sadar aku
wis nangkene. Nangkene lungguh ngadepi wong lanang sing paling daktresnani.
Wong lanang kang sak kelinganku isih omong-omongan marang aku sakjam mau.
“Dik, iki kabeh
salahku”.
“Kabeh ora bakal
kadadean kaya mangkene, nek aku ora njaluk ketemu marang sliramu.”.“Kecelakaan
kuwi ora bakal tok alami, Dek”.Swarane Mas Agung gemeter ora kuat nahan nangis
meneh.
“Mas, iki kabeh udu
salahmu”.“Iki kabeh pancen uwis suratan”.
Aku sadar wektuku uwis
ora suwe. Gusti Kang Maha Agung wis nimbali aku bali. Bali marang omah
sing saktenane. Ana ing wektuku sing saya suwe saya sethitik iki aku arep
ngucapake, maturnuwun marang sliramu kang uwis sabar ngadepi sliraku lan..
“Mas, dakrestui
sliramu sesandingan marang slirane”.
“Aku rela, sliramu
bakale nikah”.Nanging ana ing njero atiku.Aku isih tresna marang sliramu.Aku
mangerti tresna kuwi ora kudu dhuweni.
“Mugi-mugi sliramu
tansah kebak kebahagian”. “aku rela, aku rela Mas lan karo iki aku pamit”.
0 comments:
Post a Comment