Thursday 15 January 2015

Karya Athikoh

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:22 | No comments


Katresnan Sejati Ora Teka Bola Bali
Dening: Khusnul Atikhoh

Katrêsnan iku pancèn naté ana.  Rasa iku pancèn naté dak rasakaké. Aku ora bisa sélak… Aku ora bisa ngapusi atiku… Dhúh Gusti nyuwún pangapuntên déné raós punika taksíh njanggêt wóntên manah kula íngkang ringkíh.
            “Dhík Santi, kapan têkamu…? Aku kók ora dikabari yèn sliramu arêp têka…?” pitakóné nalika wêrúh aku nèng dalêmé Budhé, ya Ibuné
Mas Pramónó.
“Lagi waé kók Mas ….kira-kira sejam kapungkúr”.
            “Apa karo garwamu? Ndi aku péngín kênalan. Pas sliramu dadi mantèn kaé aku ora bisa jagóng, amarga tugas nyang luwar Jawa”. Mas Pram gagéyan mlêbu omah nggolèki bojoku …. nangíng nganti mubêng-mubêng ora kêtêmu.
            “Lha êndi…?” takóné bali marang aku.
“Sapa ta Mas síng panjênêngan golèki? Lha wóng aku têka ijên kók…!” kandhaku.
“Kók ngono? Apa garwamu sibúk, nganti ora bisa ngêtêraké sliramu réné…?!”
“Ya ora sibúk…. Nangíng ora ana…!”
“Ora ana … piyé?”
“Ora ana wêktu kanggo aku…,” wang­sulanku rada cuwa.
“Ah kók ana-ana waé… Gèk kaya ngapa ta gawéyan iku… Nganti téga nguci­wa­kaké adhiku síng ayu dhéwé ngéné iki…!” kandhané bantêr.
“Apa aku ayu tênan ta mas…?” aku mbéda mas Pram.
“Lha iya ta…. mósók yèn ora, aku nganti kayungyún… Nangíng trêsnaku ora naté éntúk ati…“
“Mak plêng rasaníng atiku, laraaa…. bangêt….. Oh …. mas Pram. Upama pan­jê­nêngan ngêrti sêjatiníng atiku…, sê­jatiníng rasaku… Alón lúhku tumètès…, nangíng énggal tak usap nganggo tangan…
“Mas ora usah nggodha aku kaya ngono. Njênêngan kuwi ya ana-ana waé. Aku mundhak têrsanjúng lho mêng…!” aku isíh mbudidaya ngguyóni.
Tênan ya mas aku nyuwún kanthi bangêt.
Pancèn kabèh mau bênêr. Nangíng kêrsaníng wóng tuwa síng ora bisa dak sélaki. Budhé ora kêrsa yèn mas Pram jê­jodhowan karo aku mêrga isíh misanan. Kamangka sêjatiné mas Pram kuwi putra angkaté Budhé. 
            Lha Budhé tansah nutupi marang sapa waé, uga mas Pram,
yèn mas Pram iku putra pupón. Dadi Budhé mati-matian mêngora iki kabèh, senadyan aku ngêrti yèn pênggalihé sêjatiné ajúr amarga kudu maprasi thu­kulé katrêsnan antarané aku lan mas Pram.
“Aja ya… Ndhúk…, tênan aja ya… Émana marang Budhé…. mêsakna Budhé ya… Aja nganti mbók tampa trêsnané Masmu…. Iku ora apík, amarga piyé-piyéa mas Pram iku kangmasmu dhéwé…“ Budhé tansah ngêndika mang­kono. Sêríng bangêt, nganti suwé-suwé aku risíh dhéwé.
            Sêjatiné Ibuku wís pirsa sakabèhé kuwi, nangíng ya amarga mêsakaké lan ngajèni pênggalihé Budhé, mula aku ya didhawuhi ngêdóh saka mas Pram. ”Wísta aja mbók turuti atimu. Énggal golèka pacar liya bèn pênggalihé Budhému ayêm…“ mangkono ngêndikané Ibu makapíng-kapíng.
            Suwé-suwé aku ya pasrah, senadyan sêjatiné atiku abót, abóót… bangêt. Aku ora bisa ngapusi atiku, aku ora bisa sélak yèn rasa trêsna iku pancèn ana. Bapak banjúr ngutús aku pindhah sêkolah mê­nyang kutha liya kang adóh saka mas Pram karêbèn critané tamat lan sêminé ka­trêsnan ora tansaya ngrêmbuyung.Róng taún saka kuwi, aku duwé kê­nalan kang sajaké ngajak sériús.
Ya wís… senadyan ati iki isíh lara, nangíng aku kêpéngín nudúhaké marang sapa waé – utamané Budhé, yèn aku bocah kang “tahu diri”… bocah kang bisa ngêrtèni pênggalihé wóng tuwa. Mula senadyan lagi têlúng sasi nggónku kênalan, têrús diajak rabi, aku manút waé.
Pancèn tênan, ati iki ora bisa gampang ditata. Rasa iki ora gampang diapusi. Barêng wís nêm sasi aku omah-omah, ati­ku kaya suwúng …, sêpi… pêríh. Sapa ta sêjatiné síng manggón nèng njêro atiku? Mas Pram apa bojoku?
            Ah… bingúng aku… Ladènanku kang adhêm gawé cuwaníng bojoku. Aku ora maido yèn dhèwèké dadi sêríng plêsír karo kanca-kancané. Arang mulíh, arang gunêman, ya… dadi arang sak kabèhé. Aku pasrah, aku ora duwé daya. Aku pancèn salah.
“Mas, aku arêp tilík wóng tuwaku ya…!” Aku pamít bojoku, aku kêpéngín golèk dalan kanggo mêtu saka rasa bingúngku iki.
            “Yawís… Níng aku sibuk ora bisa ngê­têr­aké …“ bojoku pancèn sabar síng satênané.
Bèn kuwi dadi rahasiaku dhéwé.
Sidané aku budhal dhéwé …, lan aku sowan Budhé. Aku kêtêmu manèh karo Mas Pram.
“Mas Pram, piyé yèn mêngko bêngi aku panjênêngan pungkasan mlaku-mlaku …? Wís kangên kutha iki…Wís suwé ora mulíh …. Níng yèn ora ana síng cêmburu lho…!”
“Aja anèh-anèh dhík … Síng cêmburu durúng laír, dadi tênang waé…“
“Kók isa durúng laír ta mas… ?”
“Lha iya ta… wóng trêsna sêjati ngono ora têka bola-bali…“ 
Atiku mak tratab.  Aku mênêng éthók-éthók ora krungu waé, angèl anggónku arêp mangsuli. Sidané bêngi iku aku lan mas Pram mlaku-mlaku, kêmpút ngubêngi kutha, nêkani panggónan síng biyèn naté dadi panggónan dolan. Dhúh Gústi…, kawula nyuwún pangapuntên. Punika sanès mblénjani janji…, punika sanès lampah sèdhèng, kawula namúng badhé padós margi, margi íngkang padhang kanggé kawula lan mas Pram.
            “Mas…, sêjatiné aku arêp crita yèn sêjatiné atiku iki ya lara… laraaa bangêt lho mas…, nalika lungguhan, aku mbukak rêmbugan.
            “Lara piyé dhík…? Apa garwamu ngla­rani atimu…?” mas Pram takón sajak kagèt.
            “Dudu … dudu kuwi mas, aku ya ngra­sakaké kaya síng panjênêngan rasakaké. Nangíng kabèh kudu dak sélaki…, kudu dak buwang adóh senadyan angèl… Amarga aku kêpéngín ngajèni pênggalihé Budhé… !”
“Apa iya dhík…? Apa iya ngono…? Dadi saksuwéné iki kabèh dadi mistêri…, dadi sandiwara …?”
“Tênan mas… Kabèh iki aja nganti ana síng mangêrtèni. Aku lan panjênêngan wís diwasa, kudu bisa milah-milih êndi síng pantês lan síng ora pantês. Cukúp awaké dhéwé waé síng ngêrti. Gústi Allah ora saré kók, muga-muga  tansah paríng pêpadhang marang awaké dhéwé. Aku lêga mêrga panjênêngan wís ngêrti isiníng atiku síng sak tênané…. dadi aja nganggêp múng panjênêngan dhéwé síng lara, nangíng ayo lara iki kita dadè­kaké pamêcút kanggo ngadêg luwíh jêjêg, mlaku luwíh bantêr lan nglairaké katrês­nan anyar, senadyan múng di­lambari wêlas asíh marang liyan…“ tangísku ora kêna dak êmpêt. Mas Pram mlo­ngo, kêmbêng-kêm­bêng ora bisa wang­sulan.
            “Tênan ya mas… Aku nyuwún kanthi bangêt, ayo nya­wang ngarêp… Ang­gêpên aku adhikmu tênan senadyan gêtíh kita ora padha. Golèk­na aku mbakyu kang bisa dak dadèkaké pêla­buhanku, aku arêp nitipaké panjê­nêng­an…. kangmasku, supaya ditrêsnani kaya aku adhiné kang nrêsnani panjênêngan”.
            Sêpi… ora ana manèh kang bisa dak ómónoraé, atiku wis plóng!
            Ya iki síng dak péngini. Nutúp crita lawas lan mbukak lakón anyar.
            Sésuké aku bali…, bali marang bojoku priya kang kudu dak trêsnani, senadyan múng lêlambaran wêlas asíh. Amarga katrêsnan sêjati pancèn ora têka bola-bali.







PANGLARIS
Dening: Khusnul Atikhoh

“Anyar ya Mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”
Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanadyan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cekere. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti ceker.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki Mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Ceker iki bisa dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.”
“Niku rak ceker biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saged ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono Mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Ceker iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu cakar lunorau menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,” bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,” wangsulane bapake.
“Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sing tak omonorae kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut. Pokoke dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenenorae. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siyap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae,  merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan ceker, anteng. Sajak telap telep olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas. Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora bebas. Rasane wagu, sanyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenenorae disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho Pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. “Apik Mas, seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.” Bapake njelaske karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikakake ora ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa crita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke. Diugemi terus, salawase bebakulan,” pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci bebakulan.





















Sepisan Lan Pungkasan
Dening: Khusnul Atikhoh

Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyar lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo nepunorae awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging ya dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyar mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke nepunorae awake.
” Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi rame. Sanadyan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri mesthi mangkat paling dhisik ning sekolah. Esuk-esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku satumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweyane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana siji-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake matur nuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit nalika aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku ya nrima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca raket dhewe. Aku ora ngerti yen Adri nganggep aku dudu kanca biyasa.
Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca raketku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, ya ditutke karo Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa ora kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan sabanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri.
Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri mangoraake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis kerep Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkono, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, amarga bapak nduwe penyakit sing padha karo Adri. ” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha Bu, saniki Adri dhateng pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dag dig dug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk,
Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli.
Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa kandha apa-apa. Dadi Adri wis mati? kenapa cepet banget ? Aku durung nganti njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon,
Iki Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
” Sadurunge lunga, Adri pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake matur nuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.”
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
” Dri, aku njaluk ngapura yo .. .”




Sepure Wis Mangkat
Dening: Khusnul Atikhoh

Aku nyawang arloji, tabuh 10 kurang limang menit. Saka speakere stasiun Tawang, Semarang keprungu lamat-lamat lagune Sony Jozh.  Ora rinasa eluhku tumetes. Tembang kang mentas tak rungu mau  malah njejuwing rasa pangrasaku. Kaya lagi nyemoni apa kang taklakoni sasuwene iki. Gawang-gawang  ing mripatku lelakon seminggu kepungkur  ing stasiun iki ya ing kursi kang saiki tak lungguhi. Lelakon kang  njalari ati kang sasuwene aku bebojowan mati dadi urip maneh.
Anggonku bebojowan cukup suwe nanging durung kaparingan momongan. Sepining batinku saya ngambar-ambra awit saploke ningkahan arang kadhing kumpul bojo merga dipisahake dening jarak. Aku nyambut gawe ing pamulangan luhur negri ing Semarang dene bojoku ngasta ana perguruan tinggi ing Bandung.  Satemene ora kurang-kurang anggonku mbudidaya amrih bisa nyawiji karo bojoku nanging nganti seprene durung bisa kaleksanan.
Rasa tresnaku marang mas Bas, bojoku, dadi luntur mbaka sethithik nganti wusana ilang kasaput angin. Wis ora ana rasa apa-apa marang mas Bas sanajan yen pinuju ketemu ngana kae ya nindakake kaya satataning wong bebojowan. Rumangsaku rasane anyep tur ampang. Nanging ndilalah ana kedadeyan  ora kanyana kang ndadekake atiku murub maneh. Yakuwi nalika ana tamu saka Jakarta saperlu ngoreksi utawa monitoring marang panggaweyan kang dadi tanggung jawabku. Gawang-gawang kadadeyan seminggu kepungkur bali cumithak ana angen-angenku.
Saya besok naik Kereta Gumarang dari Jakarta, sampai Semarang jam 13.00”, ngono unine sms kang mlebu Hpku nalika iku.
“Baik Pak, kami usahakan untuk menjemput bapak ke stasiun”,  aku mbalesi.
Aku banjur ngajak pak Pur, sopir lembaga lan Bu Ati, staf kantor,  supaya ngancani aku  mapag rawuhe tamu saka Jakarta mau. Nanging najan wis meh sakjam anggonku ngenteni sepure meksa durung teka. Kamangka kudune sepur wis mlebu stasiun Tawang  tabuh 13.00 nanging iki nganti tabuh 14.00 kok ya durung teka.
Nalika atiku goreh, saka speaker keprungu wara-wara menawa sepur sing dak antu-antu wis nyedhaki stasiun. “Perhatian untuk para penumpang, Kereta Api Gumarang jurusan Jakarta – Semarang sebentar lagi akan memasuki stasiun.”
Ora let suwe penumpang wis pating brubul metu saka gerbong. Nanging aku  durung weruh  Pak Pramujo, tamu saka Jakarta kuwi.
Selamat siang Bu, selamat bertemu kembali.”
Aku kaget, lha wong kene lagi menthelengi penumpang sing ndlidir metu saka stasiun  kok mara-mara piyantune malah wis ana jejerku. Pak Pram ngathunorae tangan ngajak salaman.
Selamat siang Pak, selamat datang di Semarang. Semoga perjalanan Bapak tidak ada halangan apapun,” aku mangsuli karo nampani astane.
Langsung ke hotel saja Pak,sudah kami pesankan.”
Ya Bu, saya ngikut saja.”
Wis rong dina papriksan berkas lan bukti lapangan katindakake dening Pak Pram. Maneka warna sing ditakokake, ewadene ya isih akeh sing dianggep kurang sampurna. Aku rada kaget karo sikepe Pak Pram. Deksemana nalika aku ngaturake proposal menyang Bogor sikepe cuek. Mesem wae ora. Nanging bareng saiki ketemu ana lapangan jebul akeh guyone lan nyumadulur. Kanca-kancaku sakantor melu seneng marang sikepe Pak Pram kang ora galak kaya pengawas sing uwis-uwis. Rong dina dudu wektu sing suwe tumrapku, nanging keconggah ngurupake genining atiku sing wis kebacut mati. Tuwuh  rasa senengku marang Pak Pram sing kebapakan lan simpatik mau.
Besok pulang ke Jakarta jam berapa Pak?” pitakone Bu Ati  nalika Pak Pram wis rampung niti priksa berkas lapuran.
Jam 10 siang Bu.”
Baik Pak, besok saya siapkan mobil untuk mengantar Bapak,” aku nyaut amarga minangka ketua proyek aku rumangsa duwe tanggung jawab marang panjenengane.
Maaf Pak, tidak ada mobil kantor dan sopir yang nganggur. Terpaksa saya sendiri yang ngantar Bapak dengan sepedhah motor,” kandhaku nalika Pak Pram wis samapta ing lobby hotel.
Tidak apa-apa Bu, yang penting saya bisa sampai stasiun. Naik taksipun boleh jika terpaksa,” wangsulane Pak Pram andhap asor.
Alon-alon motor tak lakokake tumuju stasiun. Sadawane dalan menyang stasiun ora akeh kang bisa dianggo bahan obrolan, luwih akeh meneng-menengane sinambi ngenam pikirane dhewe-dhewe. Nanging ya sadawane mboncengke Pak Pram mau atiku saya ora karu-karuwan. Rumangsaku kaya lagi boncengan karo pacar.  Tekan stasiun karepku arep ngeterake mlebu nanging dicandhet dening Pak Pram.
 Tidak perlu diantar sampai dalam Bu, cukup sampai disini saja.”
Tidak apa-apa Pak, wong saya juga sedang tidak ada kegiatan”, kandhaku karo nyangking oleh-oleh kang arep digawa Pak Pram. Oleh-oleh pitukone kanca-kanca, makanan khas Semarang-an, kalebu bandeng dhuri lunak. Pak Pram mesem lan ngetoorae aku melu mlebu peron.
Aku melu lungguh ngancani Pak Pram, nunggu sepur kang arep nggawa panjenengane kundur Jakarta. Ya ing ruwang tunggu iki  akeh obrolan kang kawetu saka lambeku lan lesane Pak Pram. Sejatine mung ngobrol wajar, nanging cilakane malah dadi ora wajar tumrapku. Aku bola-bali nyawang pasuryane Pak Pram kanthi premati. Ya lagi ing stasiun iki aku bisa taneg ngematake pasuryane sing bagus jalaran sasuwene rong ndina ngancani panjenengane ora kober nggatekake. Tak sawang-sawang kok tambah nengsemake. Atiku kaya urip lan rasa pangrasaku mumbul maneh. Ati lan pangrasa kang wis lawas mati marga ora tau diopeni bojo.
Durung tutug anggonku ngobrol sinambi ngematake pasuryane Pak Pram dadak keprungu aba-aba yen sepur jurusan Jakarta arep mlebu stasiun. Pak Pram menyat siyap-siyap ana pinggir ril.
Saya bawakan salah satu tasnya Pak,”  kandhaku karo nyangkingke tas oleh-oleh.
Ngora usah Bu, saya sendiri bisa kok,”  wangsulane pak Pram karo mesem.
Tapi kan repot,” kandhaku.
Bareng sepure wis mlebu, aku lan Pak Pram munggah gerbong 2 nggoleki kursi 10 C.  Sawise kursine ketemu lan barang wis diunggahke nduwur bagasi, aku nyawang penumpang kenya  merak ati  kang bakal dadi kancane Pak Pram nglantih. Ana rasa ewa ing atiku, yagene dudu aku sing njejeri penjenengane tumuju Jakarta?
Hati-hati Pak, selamat jalan,” kandhaku karo ngajak salaman.
Ya Bu terima kasih atas semuanya dalam melayani saya selama disini,” wangsulane Pak Pram karo nggegem tanganku  kenceng.
Sama-sama Pak, saya turun dulu,”  aku banjur mlaku metu saka gerbong.
Ing ruwang peron aku kepikiran marang wanodya kang ana jejere Pak Pram. Aku cemburu marang wanita kuwi nadyan ya ngrumangsani apa hak-ku nyujanani dheweke. Uthag-utheg aku nggrayahi HP ing njero tas, banjur ngetik sms. “Hati-hati di jalan Pak, jangan sampai dekat-dekat dengan cewek disamping Bapak lho.”
Sms banjur tak kirim marang Pak Pram. Tak tunggu nganti suwe durung ana wangsulan. Nganti sepure mangkat aku isih ngarep-arep wangsulane sms saka Pak Pram. Uga ngarep-arep mbukake lawang ati, lawang ati kang durung tak ngerteni apa isine. Sepure wis mangkat nggawa atiku kang sakdurunge kaku  kaya watu kang saiki wis lumer. Lumer dening sikepe Pak Pram semanak lan simpatik. Kang terus tak eling-eling mung ngendikane Pak Pram nalika pamitan marang kanca-kanca, “Ke Semarang lewat Pati. Semoga diwaktu mendatang bisa sampai kesini lagi”.
Kula tengga rawuhipun, Pak!.







Tresna Iku Wuta
Dening: Khusnul Atikhoh

Dina Ahad esuk tabuh 06.00 aku wis ngenteni Ani ana sangarepe Warung Sega Praja. Warung iku dhewe isih tutupan. Aku kangen karo Ani ke­temu jam 06.15. Mripatku nyawang nya­wang mangalor. Nyawang gapurane kampusku sing sedhela maneh arep dak­tinggal.
Tepungku karo Ani, sing nduweni jeneng jangkep Ani Siswati Laksitorukmi patang taun kepungkur. Melu bareng tes mlebu kam­pusku ing Bale Diklat Srondol. Wektu iku jam 3 sore. Aku diprentah panitiya nindakake tes urine. Mesthi bae aku kudu pipis ana toilet. Ning wektu iku aku durung kebelet pipis.
“Heeh omahmu ngendi mas?” Aku kaget amarga gegerku digablog wong saka mburi nalika aku lagi mangu-mangu arep mlebu toilet apa ora. Bareng dak­inguk jebul bocah wadon sing padha-padha lagi melu tes. Praupane pancen ayu, manis, mranani. Wektu iku nganggo klambi ndhuwuran putih, roke biru. Weruh bocah ayu, penyakitku sing seneng nggodha kumat.
“Haah…kaget inyong. Lah ko si bocah ngendi, deneng si ayu nemen?” Aku balik takon, nganggo dhialek Banyumasan.
“Alah… apa inyong ayu, syukur kari ana sing ngarani ayu. Inyong ngerti ko mesthi cah Praketa, wong ngomonge meh padha karo nyong wong Tegal,” jebul logate cewek iki meh padha karo logatku sing jarene wong wetanan ngapak-ngapak.
Karo ngenteni kebelet pipis aku crita ngalor ngidul karo cewek te­punganku anyar mau. Bapak ibune dadi guru SD ana salah sijine SD ing Kodya Tegal. Dadi wiwit SD, SMP lan SMA Ani sekolah ing Tegal. Mlebu me­nyang kampusku jare merga diutus bapak ibune. Sejatine cita-citane Ani kepengin mlebu Kowal, nanging ora diparenorae dening bapak-ibune. Dhe­weke diutus mlebu Kampusku sing sawise lulus bisa dadi camat.
“Jenengmu sapa heeeh?” Ani takon judhes banget ma­rang aku.
“Budi!” Wangsulanku cekak aos.
“Budi sapa? Budi Jatmiko, Budi Karyono, Budi…..?”
“Budi …. sapa si …. Budi njaluk bojo!!” Aku ndhagel, plesetan.
“Ha, ha, ha…. jeneng kok Budi njaluk bojo…. inyong ya gelem dadi bojomu, sing lanang calon camat sing wadon calon camat klop…. ha… ha… ha!!!”
Swarane Ani banter mlinder nang ku­ping, nanging kok ya enak dirungokne.
Tembung-tembung mau dakanggep mung tembung iseng. Tembung sem­branan. Karo ngenteni krasa nguyuh. Aku lan Ani lulus saka tes penerimaan Calon Mahasiswa Kampusku, sawise ngliwati tes sing sapirang-pirang, klebu akademis, tes fisik lan tes mental utawa psikotest.
Aku sakanca sing lulus saka propinsiku ana 113, banjur digawa menyang kampus Jatinangor sarana numpak bis. Tekan Jati­nangor aku wis ora nate ketemu Ani maneh. Apa maneh ing masa karantina nem sasi ora oleh ketemu karo kanca sa­dhaerah, utamane siswa lanang lan wadon. Ora oleh disusul, utawa ditiliki dening wongtuwane. Surat-suratan bae ora oleh. Aku dhewe ing semester per­tama manggon ana ing barak Sulawesi Selatan. Ani mbuh manggon ana ing barak endi, wong barak Praja Putra karo Praja Putri dipisah. Jeneng-jeneng barak utawa asrama nganggo jeneng propinsi. Wiwit saka barak Nanggro Aceh Darus­salam tumeka barak Irian Jaya.
Aku ora arep crita sing susah-susah ana ing kampusku. Aku arep crita sing apik-apik bae. Ana ing kampusku nyan­dhang, mangan, turu gratis, saben sasi oleh dhuwit gaji, golongan II/a. Tamat langsung munggah pangkat golongan III/a, malah statuse wis PNS, tambah setifikat ADUM.
Sing paling nabet ana ing atiku yaiku yen wayahe mangan. Mangan esuk, mangan awan, lan bengi nikmate pol. Manggon ing Menza. Bebarengan. Ben­dina menune mesthi ana daging lan iwake.
Sajrone nem sasi yen kebener ing Menza, kajaba kelingan bapak, ibu, lan adhik-adhik, aku uga sok kelingan Ani. Aku asring ngalamun, upama Ani ana ing jejerku mesthi lawuhe iwak dakrebut. Mesthine wong Tegal ora doyan iwak, wong omahe jare cedhak segara.
Sajrone nem sasi aku kerep ngimpi ketemu Ani. Ana alam pangimpen Ani wis dadi bojoku. Aku asring digablogi Ani. Njaluk klambi nggablog, luwe nggablog. Aku ya ngesun pipine Ani sing menul-menul. Ning kabeh iku mung ngimpi.
Nalika masa Karantina wis purna kabeh praja dibebasake ketemu karo kanca sadhaerahe. Praja saka Jateng padha kumpul ana ing barak Jateng. Sing dak­goleki dhisik dhewe Ani. Ing ruwang per­temuan barak Jateng Ani ora katon. Aku isin takon. Mula dakgoleki saben kamar. Muter-muter saben kamar daklinguk. Ora ketemu. Nganti wayah mangan awan tetep ora ketemu. Nganti aku kaya wong stres, banjur kebelet pipis. Kuwatir pipis nang clana aku banjur mlayu menyang toilet sing ana ing cedhak menza.
“Heeh digoleki rana-rene jebul ana ing toilet!!”
” Jenengmu sapa heeh?” Ani takon judhes banget marang aku.
Aku digablog wong saka mburi. Swa­rane ora pangling mesthi Ani. Nalika aku weruh Ani sing nganggo sragam Muda Praja, pingkiranku sing waras ilang. Ani lang­sung dakrangkul, dak­kekep, dak­arasi pipine sing menul-menul. Ani ora su­wala. Marem. Tujune ora ana wong liya sing weruh. Aneh kebelet pipise ilang blas.
Pungkasane menza kerep kanggo sarana kangen-kangenan aku karo Ani, mesthi bae yen ana kalodhangan. Dina Minggu aku lan Ani bisa pesiar bareng. Iku bae nyolong-nyolong, sebab yen nganti konangan ana praja putra karo putri pesiar bareng, mesthi bakal diukum.
“Bud… apa bisa awake dhewe suk urip bebarengan mangun bale wisma?” Tako­ne Ani marang aku nalika bisa pesiar ba­reng menyang Cadas Pangeran, desa an­tarane Sumedang-Jatinangor sing kawen­tar kerep ana kacilakaan lalulintas amarga papane sakitere dalan aspal rumpil, pe­reng lan jurang jero.
“Ya An mung kari donga, lan usaha supaya awake dhewe bisa urip bebarengan!!”, wangsulanku manteb karo nyawang nyawang mripate Ani sing dina Minggu iku katon sumringah.
Ana ing menza iku aku karo Ani, se­najan wektune winates, wis bisa nyuntak sakabehing panguneg-uneg, bisa ngrakit ukara-ukara kang saya ngraketake ka­tresnanku marang Ani lan suwalike. Iku kabeh kanggo bisa nggayuh urip beba­rengan. Bab wong tuwaku sing mung tukang becak Ani wis ora ngreken, ora nda­dekake masalah. Wong jarene arep ora nikah karo tukang becake, nanging karo putrane lulusan IPDN golongan III/a sing bisa dadi camat.
Ani malah duwe gegayuhan sing luhur. Jare suk yen wis dadi birokrat, dadi peja­bat, arep tansah disyukuri, kanthi ninda­ka­ke wewenang lan kewenangane kanthi bener lan pener. Amanat saka Gusti kanthi wujud beslit saka pamarentah arep dilek­sanakake kanthi kebak tanggung jawab marang Gusti Allah, marang negara, atas­an lan mligine marang masyarakat. Amar­ga hakekate kabeh mujudake kepercaya­an saka rakyat lan diblanja nganggo dhuwite rakyat.
“Heeh, Pak Camat ngalamun!!!”
Aku digablog Ani nalika aku lagi ma­dhep ngalor nyawang gapura kampusku. Jebul Ani mentas metu saka barak Maluku, ora liwat gapura ngarep. Dheweke liwat gapura kulon saperlu pamit Pak Idrus, tukang kebon sing sabar.
“Bud….eh Mas Bud sida liwat jalur utara??”
Aku manthuk. Bebarengan karo kuwi saka arah kulon ana bis plat G jurusan Ban­dung-Purwokerto. Rangselku sing kebak klambi-klambi sragam kampusku gage dakcangklek. Rangsele Ani senajan abot dakcangking. Ani dadi Nyonya Besar. Rangsel-rangsel iku uga isi surat tugas lan beslitku lan beslite Ani minangka PNS golongan III/a. Gusti Allah wis ngijabahi gegayuhanku karo gegayuhane Ani. Aku lan Ani ditugasake ing Kodya Tegal.
“Bud… eh Mas Budi isih kelingan Menza??” Takone Ani nalika wis lungguh jejer karo aku ana ing bis.
Aku manthuk. Aku ngerti karepe Ani. Ngambali prastawa-prastawa romantis ana ing menza. Ani daksawang, dakkekep banjur dakarasi. Wong sakbis kejaba supir nylinguk kabeh. Aku lan Ani wis ora ngre­ken, cinta itu buta, tresna iku wuta,malah Ani njur makles turu ana pangkonku.



0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads