Thursday 15 January 2015

Karya Lefi

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:25 | No comments



Aku Dadi Guru
Dening: Lefi Yuniantika

Nang Semester 3 iki jadwal sinauku padat banget. Aku oleh welingan kanggo mulang nang Sekolah Dasar dadi Guru Agama kanggo sawetara.  Pethuk karo bocah cilik-cilik sing lucu ndadhekake aku tansaya luwih semangad sinau lan  mulang. Keleresan sekolah sing takwulang yaiku salah siji sekolah kanggo bocah-bocah kurang mampu. Bocah-bocah sing sekolah nang kono akeh-akeh nganggo klambi sederhana. Senadyan kaya mangkono semangad bocah-bocah kudu diwenehi jempol. Nyawang bocah-bocah sing kaya mangkana kuwi, aku melu-melu semangad kanggo mulang.
          Wiwit esuk nganti sore waktuku kanggo mulang bocah-bocah. Saben dina tansaya gedhe tresnaku marang bocah-bocah kuwi. Bocah-bocah wis tak anggep kayadene kulawarorau dhewe. Saben aku duwe waktu kosong, aku mesthi nemoni bocah-bocah kanggo sinau lan guyonan karo bocah-bocah. Rasane aku seneng banget ana ing sandhinge bocah-bocah. Aku dadi eling nalika aku mulang menyang kana. Kahanan kelas waktu kuwi krasa sepi banget pepindhan kuburan ing wayah awan. Wis sejam aku ngadhek ngandharake materi ora ana sing wani obah apa maneh ngetokake swara. Mung krungu swara rame saka jaba kelas. Dadi sawise pirang-pirang dina aku akrab karo bocah-bocah. Aku jajal nepungi bocah-bocah siji mbaka siji.
          Sinau dadi kanca kanggo dheweke dudu guru sing mesthi duwe kepinginan kuwi lan kuwi. Dheweke luwih apik katimbang bocah-bocah kutha umume. Dheweke nurut saben-saben aku ngongkon maju menyang ngarep lan menehi pitakonan. Pancen dheweke piye carane ngomong sing sopan, cara sopan santun. Tak biayasakake kebiyasaan apik kanggo dheweke wiwit aku mlebu mulang. Guyu,salam,nyapa,sopan lan santun wis dadi budaya sadina-dina. Wis meh sesasi iki aku ngabdi ana sekolahan iki. Aku kapengin ninggalake apa wae sing apik-apik kanggo bocah-bocah ing dina tembe.
          Ing wayah sore aku mulih saka mulang ing sekolahan, aku ngliwati dalan cilik ing cedhak sekolah. Aku ngerti salembar kertas ceblok ana ing ngarepku. Banjur kertase takjupuk lan takwaca. Tibake kertas kuwi isine lomba cerdas cermat sing arep kalaksanan sesuk jam 9 esuk.
“Masya Allah, sesuk?” kandhaku kaget.
Kleresan pesertane lomba kuwi mau yaiku perwakilan salah siji bocah saben sekolah. Aku mikir,
“Oh ya…Wulan…ya Wulan. Dheweke bocah sing pas kanggo melu lomba kuwi, pikirku yakin. Wulan iku salah siji muridku sing pinter lan cerdas ing kelas. Dheweke aktif takon lan maju ing ngarep kelas. Ing wayah kanca-kancane bingung jawab pitakonanku, Wulan sing cepet lan bener mangsuli pitakonanku. Nanging,saiki aneng endi omahe Wulan? Pitakonan iki muncul. Dina wis meh bengi, ora mungkin yen aku kudu goleki omahe saiki. Ora sopan banget yen aku tamu nag omahe wong lewat jam. Sesuk esuk-esuk banget aku arep bali menyang kene jajal goleki omahe Wulan. “Iya, kuwi luwih apik”,ujarku mantep.
Dring…dring…dring…Swara alarmku nggugah aku ing wayah esuk. Awakku esuk kuwi abot banget . mbokmenawa amarga aku pegelen, sakdawane dina aku kerja ora mandheg blas. Tanpa sadhar mripatku nutup maneh. Lan…
”Mbak…Sulis…tangi…!!! Wis jam 7 iki,masak arepe turu nganti kapan? Ayo ndang tangi cepet!!! swarane adhiku ing wayah esuk kuwi nggugah aku.
“Masya Allah…jam 7?” kandhaku ora percaya.
“Astaghfirullah…Mbak Sulis ora sembahyang Subuh  dhik!!”
“Gaswat darurat iki!”bengokku gugup. Langsung aku tumuju jedhing lan wayah aku arepe adus
“ohh Alhamdulillah...”.omongku karo tenang amarga esuk kuwi aku alangan.
Syukur wis…Aku ora perlu panik saiki. Banjur ndang-ndang takresiki awakku lan ganti klambi putih lan rok ireng, ora lali jilbaban putih. Dina iki dina sing istimewa dadi aku kudu siyap-siyap ngadhepi kabeh sing ana.
“Ibu,Adhi..Mbak Sulis mangkat dhisik ya, Assalamu`alaikum,…” pamitku karo cepet-cepet.
Ana ing dalan tumuju sekolah papan kanggo aku mulang,ana Wulan  sing lungguh ing pinggire segara. Katon dheweke lagi mikir. Langsung wae aku nemoni dheweke lan ngajak ing papan perlombaan, tanpa tak andharake luwih dhisik. Dheweke waktu kuwi nganggo klambi sederhana katon bingung nyawang aku amarga nyekel tangane lan gawa dheweke numpak sepeda motor.
“Ibu Sulis badhe ngajak Wulan wonten pundi? Kok kesesa kemawon?”,pitakone waktu ing dalan.
Aku sing pas waktu kuwi ana ing dalan gedhe sing rame nyoba ngandharake.
“Wulan Ibu nyuwun sepura inggih…Ibu gawa sampeyan kesusu-susu”,ujarku  cekak.
“Awakke dhewe iki arepe tumuju panggon kanggo lomba cerdas cermat sing kalaksanan 1 jam maneh, dadi Ibu ora bisa ngandharake sampeyan”, ujarku karo kesusu-susu.
“Apa?? Cerdas cermat?” wangsulane ora percaya.
“Tapi..Bu..(durung bar dheweke omong banjur takpotong) tapi, sampeyan kudu siyap kepriye kahanane amarga iki penting banget. Oke”,ujarku cekak.
Satekane ana panggonan, aku lan Wulan tumuju panggonan registrasi lan..
”Perhatian-perhatian,dimohon semua peserta perlombaan cerdas cermat segera mempersiapkan diri di area yang telah disediakan”.
Keprungu swara kuwi, banjur aku cepet-cepet ngongkon Wulan  kanggo maju ing ngarep mlebu  panggonan peserta sing laine.
“Wulan..Wulan…sampeyan saiki fokus wae karo pranata acarane ya..semangad..Bismillah…Alloh mesthi karo sampeyan”, bisikku karo Siti.
Banjur sing menehi soal langsung ngomong
Kenapa sopir bus  ketika mengemudikan bus berada disebelah kanan dan tidak berada disebelah kiri? Dan kenapa pula kita disarankan untuk duduk disebelah kanan?”. Banjur Wulan omong.
Emm..saya..saya. Menurut saya sopir berada disebelah kanan karena pemakai jalan itu biasanya berada disebelah kiri jadi kalau sopir itu dusuk disebelah kiri akan menyulitkan orang yang mau duduk di sebelahnya, jadi harus memutar jalan dahulu baru kemudian dapat masuk ke bus,karena itu sopirnya duduk di sebelah kanan. Dan juga,di saat sopir ingin belok  kea rah kiri,dia akan kesulitan karena jatuh dari jangkauan kaca spion yang digunakan untuk melihat keadaan dibelakangnya. Tapi, jika dia berada disebelah kanan dia akan dengan mudah berbelok ke kanan,dengan mengikuti warna lampu lalu lintas. Jika lampu merah,bus tidak perlu berhenti berbelok ke kiri”. 
“Subahanallah..Wulan,”kandhaku seneng lan ora percaya.
Pranata cara sing ngrungokake langsung wangsulan saka Wulan banjur omong
‘Benaaarrrrrrrr sekali…..selamat kepada Wulan. Kamu jadi juara pada perlombaan kali ini”.
Minangka tanda penghargaan,Wulan oleh Sertifikat,piyala,lan dhuwit. Piyala iki dadi piyala sepisanan sing ngisi kelas papanku mulang. Wulan siji-sijine bocah wadon sing kasil ngalahake  peserta liya sing kabeh bocah lanang. Muga-muga wae prestasimu lan kepinteranmu bisa ditiru  lan dadi tuladha kanggo kanca-kancamu. 


















Dijodhohake Ibu Tiri
Dening: Lefi Yuniantika

Saiki dina Selasa Wage, wayahe omahku slametan. Slametan nylameti ibuku sing wis ninggal. Lagi Sesasi ibu ninggal aku ana ing donya iki. Amarga lara jantung sing njalari patine Ibu sing nglairake aku. Aku mung bisa donga muga-muga Ibu ana papan panggonan sing apik ana sisihe Gusti kang duweni Jagad iki.
“Wis lah Ti, ora usah kok tangisi maneh, ibumu saiki wis ana panggonan sing apik ing sisihe Gusti”, kandhaku  Mbak Sari salah siji tangorau.
“Iya Ti, bener kandhane Mbak Sari wis ora usah kok tangisi, donga marang Gusti supaya Ibumu diparingi papan sing apik ing sisihe Gusti”, kandhaku Mbak Surti.
“Iya Mbak matur nuwun”, kandhaku.
”Iya Ti lagiyan saiki kowe yawis duwe gantine Ibumu Bu Narti, kowe kudu bisa nrima Bu Narti kaya Ibumu dhewe ya Ti,” kandhaku Mbak Surti.
“ Inggih,Matur nuwun Mbak Surti sampun maringi welingan kaliyan kula”, kandhaku. Pancen sawise ibuku ninggal, Bapak rabi maneh karo wong wadon sing umure luwih nom saka Ibu. Nanging sipate ibu Tiriku munafik. Tegese yen ana bapak ngapik-apik, nanging yen bapak nyambut gawe aku disiya-siya, dilakokake kayadene pembantu utawa babu omah. Saben bapak nyambut gawe, aku kudu nglakoni apa sing dikarepake ibu tiriku kuwi. Kaya nglakoni kewajiban kerjaan omah kayata ngepel,isah-isah,nyapu-nyapu,blanja,masak lan liyane. ibuku tiri pancen jahat. Nanging aku ora wani bantah amarga senadyan kuwi ibu tiri, nanging wis tak anggap kaya ibu kandhungku dhewe.
          Ora suwe nggonku slametan, ana swara motor saka jaba omah,banjur aku metu delok sapa sing ana ing jaba omahku. Jebule sing teka Mas Anam yaiku pacarku dhewe.
“Sepurane dhik aku teka telat amarga macet ana ing dalan”,kandane Mas Anam.
“Iya Mas ora apa-apa kok,sampeyan mrene wae aku wis seneng,ayo Mas mlebu ing jero omah”,ujarku.
“Iya dhik ayo”,kandane Mas Anam. Banjur Mas Anam melu yasinan lan melu ngewangi aku ing acara slametane ibuku. Pancen Mas Anam kuwi pacarku sing sipate apikan karo aku, ngerteni aku piye kahananku. Aku karo Mas Anam pacaran watara wis ana 2 tahun nalika Ibu isih ana ing donya. Aku pacaran karo Mas Anam wiwit kelas 2 SMA, Mas Anam dhisik kakak kelasku. Aku yawis oleh idi Bapak lan Ibu.”Dhik Santi Bapak ana ndi? Kok ora ana?”, pitakone Mas Anam takon.
“Iku Mas Bapak lagi ngeterna berkat ing omahe Budhe”, wangsulanku.
“Oalah,karo Bu Narti ta dhik? Pitakone Mas Anam.
“Iya Mas”, wangsulanku cekak.
          Banjur ana swara Bapak lan Ibu tirine Santi teka.
 “Assalamu`alaikum”, kandhaku bapak.
“Wa`alaikumsalam” oh Bapak sampun wangsul”, wangsulanku.
“Iya San, aku karo ibumu mung sedhela”, ucap Bapak.
“Sugeng Siyang Bapak, Ibu”, kandhaku Mas Anam. Banjur Mas Anam nyalami Bapak lan Ibu tiriku.
“Oalah..iki mau Nak Anam ta, sampeyan wis suwi ta Nak nang kene mau?”pitakone bapak ing Mas Anam.
“Nembe dugi kok Pak, panjenengan sehat Pak?”, pitakon Mas Anam.
“Iya ngene iki lo nak Anam, ora sehat ya disehat-sehatne,”kandhaku Bapak. Pancen Bapak kuwi duweni lara asma kawit ibu isih ana. Aku nganti ngesakake wong tuwaku loro-lorone duwe penyakit sing meh padha. Nanging ibu dhisik sing diceluk Kang Maha Kuwasa. Saiki bisaku mung donoraake bapak muga-muga sehat salawase.
“Pak,iki sapa ta?” pitakone Ibu tiriku.
“Oalah iki ngunu pacare Santi Bu,jenenge nak Anam”.
“Nyambut gawe apa Pak Anam kuwi? pitakon Ibu tiriku.
“Kula nyambut dhamel ana ing Pabrik Kertas ing Sidoarjo Bu, wangsulane Mas Anam.
“Apa? Mung karyawan Pabrik kertas?”, wangsulane Ibu Tiriku.
“Inggih Bu”, wangsulane Mas Anam.
“Iya Bu niki Mas Anam karyawan wonten Pabrik Kertas Sidoarjo”,kandhaku. Banjur Ibuku langsung mlebu kamar. Kayake ibu tiriku ora seneng karo Mas Anam amarga panggaweane.
“Ora usah dirungokake ya Nak bojoku kuwi, sepurane lak ibu tirine Santi wis ngomong ora pathut nang sampeyan,” kandhane Bapak.
“Inggih Pak boten menapa-napa lo Pak, kula namung biyasa kemawon,” kandhaku Mas Anam.
“Yawis nak Anam, Santi, Bapak tak mlebu kamar dhisik ya sirahe Bapak radhak ngelu. Bapak tak turu dhisik ya,”kandhane Bapak.
“Inggih Pak mangga,sugeng asosarira Bapak”, wangsulane Mas Anam. Banjur ing ruang tamu mung ana aku lan Mas Anam. Mas Anam guyoni aku supaya aku bisa guyu. Aku bisa guyu yen wis cedhak karo Mas Anam. Aku tresna karo Mas Anam. Mas Anam uga tresna karo aku. Mas Anam kepikiran wis ngajak aku rabi karo dheweke. Aku ditawani Mas Anam wis siyap apa during yen dadi bojone. Nanging aku kandha yen aku iki wis siyap dadi bojone Mas Anam. Dadi nunggu lamarane Mas Anam teka. Bapak ya wis setuju yen aku iki rabi karo Mas Anam. Amarga bapak weruh yen Mas Anam kuwi priya sing apik atine. Sing tresna  karo aku lan keluwarorau. Ora mung iku, Mas Anam uga wis bisa nyambut gawe dhewe. Golek dhuwit dhewe. Dadi wis ora jaluk lan ngathong wong tuwa. Kadang aku ya ditukokake panganan karo Mas Anam, panganane diterna ana ing omahku. Bapak wis cocok karo Mas Anam. Nanging aku ora eroh apa ibu tiriku gelem nrima pacarku dadi bojoku. Amarga sipate Ibu tiriku sing kayake ora seneng karo Mas Anam. Nanging aku kudu bisa ngrayu ibu tiriku supaya gelem nrima Mas Anam.
          Ora suwe Mas Anam nyuwun pamit kepingin mulih. “Dhik aku tak mulih ya, aja lali dina Jumuwah ya Dhik tak parani ana omahe sampeyan,kandhane Mas Anam arepe balik mulih. “Iya Mas aku ora bakal lali kok Mas, sampeyan sing ati-ati ya Mas yen budhal mulih,” wangsulanku. “Iya Dhik salam ya kanggo bapak lan ibune sampeyan Dhik, kandhane Mas Anam. “Iya Mas bakal tak sampekake,” wangsulanku. “Yawis Dhik aku bali dhisik, Assalamu`alaikum, kandhane Mas Anam. “Wa`alaikumsalam Mas Anam, wangsulanku. Banjur ora suwe ibuku metu saka kamar,”Ti kuwi mau pacarmu ta?”.
“Inggih Bu,”.
“Kowe ki sajane kok goblok milih pacar,apa ora kok sawang panggweane pacarmu mung buruh Pabrik . Bayarane ora sepira, arep dipakan apa yen kowe rabi karo Anam. Mikiro kowe!” kandhaku ibu tiriku karo nesu.
“Nyuwun pangapunten Bu, kula boten mandhang nyambut gawenipun Mas Anam Bu. Kula niki tresna kaliyan Mas Anam Bu. Mas Anam nggih tresna kaliyan kula, wangsulanku karo nangis.
“Kowe ki mbokya mikir ta Ti, uripku bakal sara yen kowe rabi karo Anam! Bayarane ora sepira kok gelem kowe dijak rabi. Yen kowe mburu tresna ya angel!,”wangsulane Ibu tiriku.
“Wis ya ngene wae kowe tak jodohke karo wong lanang sing sugih sing nyambut gawene mapan, akeh dhuwit, duwe omah dhewe. Yen kowe rabi karo bocah kuwi, uripmu ora bakal sara. Ora bakal kekurangan dhuwit lan kebutuhanmu. Sembarang- mbarang sarwa ana. Ora kaya pacarmu kuwi nyambut gawene mung buruh. Bayaran ora sepira”, kandhane Ibu tiriku.
“Nyuwun pangapunten ibu, Kula boten purun dijodohaken. Kula niki tresnane kaliyan Mas Anam kemawon. Kula sampun janji yen kula niki bakal rabi kaliyan Mas Anam,”.
“Aja goblokmu kok tokne. Manuta karo wong tuwa. Aku iki ngandhani kowe, kurang apik piye aku. Kuwi ya kangge masa depanmu dhewe, wis pokoke isa ora isa manuta aku”, kandhane Ibu tiriku. Banjur Santi mlebu jero kamar nangis. Ora ngira yen Ibu tirine ngomong kaya ngunu mau, pisan arepe dijodohake.
“Bu,sampeyan mau omong piye karo Santi kok aku krungu sampeyan nyeneni Santi?”.
“ Pak Santi iku piye milih bojo wae kok ora bisa, wong buruh kok arepe didadekake bojo. Terus Santi arepe mangan apa yen bayarane Anam ora sepira?”. “ Tapi Bu Santi lan Anam padha tresnane wis arepe ngomongna rabi. Sampeyan aja ngunu ta Bu,urip sing jalani ya Santi”.
“Wis Pak,pokok ora bisa. Aku mung kepingin Santi rabi karo anake kancaku sing sugih,akeh dhuwit,kerja ya wis mapan. Tak jamin yen Santi rabi karo bocah kuwi uripe bakal seneng ora kurang apa-apa”.
“Alah emboh wis Bu,sakarepe sampeyan dhewe. Aku ora melu-melu”,wangsulane Bapak.
Krungu kaya mangkana aku nangis kepingin cepet-cepet nemoni Mas Anam sing tak tresnani. Dina Jumuwah wis teka, waktune Santi lan Anam metu. Sawise ketemu banjur Santi nangis.
“ Lhoh Dhik,ana apa kok sampeyan nangis?”,wangsulane Mas Anam.
“Mas,aku nyuwun sepura karo sampeyan yen aku iki ora bisa nepati janji awake dhewe bakal urip bebarengan”.
“Lhoh dhik, sampeyan nyapo omong kaya ngunu? Apa sampeyan wis ora tresna karo aku? Terus aku iki salah apa Dhik? Apa aku tau gawe atimu lara?”,wangsulane Mas Anam.
“ Mas aku nyuwun sepura, yen Ibu tiriku ora nrima sampeyan dadi bojoku. Aku bakal dijodohake karo priya liya Mas,”wangsulanku karo nangis.
“Sampeyan apa wis kenal? Apa tresna karo priya kuwi Dhik? Terus janji awake arepe rabi piye Dhik? Nasibku piye?,wangsulane Mas Anam.
“Mas aku nyuwun sepura akeh nang sampeyan, pancen iki wis dadi takdire awake dhewe. Aku ora bisa apa-apa Mas. Aku ora wani bantah Bapak lan Ibu tiriku. Sepisan maneh aku nyuwun sepura sing akeh. Sampeyan mesthi bakal entuk wong wadon sing luwih apik saka aku Mas”,wangsulanku karo nangis.
“Yen pancen mangkana takdire awake dhewe tak trima kanthi ekhlas ati Dhik. Senadyan awake dhewe ora bisa urip bebarengan,nanging aku isih tresna lan isih sayang Dhik karo sampeyan,” wangsulane Mas Anam kuciwa.
“Matur nuwun Mas wis sayang lan tresna karo aku,jaga aku. Aku uga sayang Mas Anam karo sampeyan”, wangsulanku.
Pancen tresna kuwi ora mesthi duweni.


Panjalukan Pungkasan saka Kancaku
Dening: Lefi Yuniantika

          Laku kanthi laku wis tak lakoni. Panas, Udan, Seneng, Susah wis tak lakoni. Kekancan iki ora bisa diganteni karo dhuwit utawa berliyan sing larang. Kekancananku karo Anik. Kita wis kekancan suwi banget, wiwit saiki nganti kuliyah. Akeh prakara sing kita lakoni. Nganti ana semester 4 iki aku lan Anik mesthi kompak. Senadyan ana perkara sing ngalangi, aku lan dheweke tetep bebarengan. Wektu kuwi nalika aku mlaku ngliwati perpustakaan, aku nyawang Anik lungguh dhewe kanthi praupane sing ora sumringah.
“Hei Nik…….!!? kowe kena apa??” Pitakonanku
“Haah..Aa..Aku..Aku ora kena apa-apa kok Ke?!” wangsulanku kaget.
Dina iki aku nyawang kancaku kaping sepisane ora sumringah. Sakdurunge aku ora tau nyawang dheweke kaya mangkana, sing biyasane tak sawang kanthi eseme sing manis saka lambene. Aku bingung kena apa kancaku ora kaya biasane.
Banjur ujug-ujug dheweke ngetokake selembar formulir beasiswa kanggo nglanjutake kuliyah semester 5 nganti pungkasaning Seoul University, Korea Selatan. Amarga keleresan kampus papan panggonanku kuliyah padha kerjasama karo Seoul University, Korea Selatan.
“Rike yen kowe duwe kesempatan kuliyah nganggo beasiswa ing luar negri, apa sing arepe kok lakoni?” pitakone Anik.
“Ya aku arep nguber kuwi, nanging…kuwi kabeh ora mungkin amarga aku ora sepinter awakmu…” wangsulanku minder karo nundukake sirahku.
“ Lak awakmu ora cerdas, ora mungkin mlebu Fakultas Kedokteran. Dadi, kepriye, awakmu isih duwe minat kanggo nglanjutake kuliyah ing luar negri kan??” sahute Anik karo nyekel pundakku.
“I..iya siih.. Tapi awakmu ya arepe melu ta?? Waktu kuwi kita wis sepakat kanggo kuliyah bareng ing luar negri yen oleh beasiswa…”wangsulanku.
“Yen aku, aku ora ngerti. Aku isih bingung..”wangsulane Anik.
“Loh kena apa kok bingung.. kudune awakmu seneng yen oleh beasiswa kuwi Nik?” wangsulanku.
“Iya Ke aku seneng kok” wangsulane Anik. Banjur aku lan Anik mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
          Teka omah, nalika aku arepe garap tugas saka kampusku, aku nyawang formulir sing diwenehake Anik awan mau nang Kampus. Tak sawangi terus nganti aku nglamun bayanorae yen klebu beasiswa Kuliyah ing luar negri. Ora suwe, banjur hapeku muni, tandha ana telpon. Pranyata telpon saka Anik. Banjur tak angkat telpone.
“Hallo Assalamu’alaikum Rike,” swarane Anik.
“Wa’alaikumsalam Anik, wadah..kenapa kok ndengaren banget telpon aku?” pitakonku.
“Oalah Ke aku mung pengin ngelinorae awakmu aja nganti lali ya ndang nulis jeneng nang formulire mau, sesuk dina Rebo dikumpulake, Ok friend,” kongkone Anik.
“Halah..Nik kuwi isik seminggu engkas ta, kok kesusu men lakmu ngelinorae aku iki lo,”wangsulanku.
“Iya Ke ora apa-apa wediku awakmu lali ngumpulake”.
“Oalah iya oke Nik, Matur Nuwun ya”.
“Oke Ke padha-padha. Assalamu’alaikum”.
“Wa’alaikumsalam”. Pancen kancaku kuwi akhir-akhir iki duwe sipat aneh. Sabendina praupane ora kaya biyasane. Ora sumringah kaya biyasane. Emboh kena apa aku ora ngerti.
          Saiki jam 7 wayahe aku menyang kampus. Teka kampus aku nuju ing tempat Kantor Jurusanku. Nang kana aku bakal arepe ngumpulna Formulir beasiswaku. Teka kana rame banget. Amarga akeh bocah-bocah sing padha ngumpulake Formulire. Banjur aku langsung ngumpulake Formulirku. Atiku rasane seneng banget amarga aku bisa diwenehi kesempatan kanggo ngumpulake formulir beasiswa ing luwar Negri. Banjur aku langsung goleki kancaku Anik. Tak goleki ing kelas, Anik ora ana. Banjur aku goleki ing taman kampusku. Banjur aku ketemu Anik ing kana.
“Anik, sampeyan lagi ngapa?”, pitakonku marang Anik. Oalah aku lagi ngenteni sampeyan Ke, kepriye apa wis ngumpulake formulire?”, pitakone Anik.
“Oalah…uwis tak kumpulake Nik, matur nuwun banget ya Nik, amarga sampeyan aku bisa oleh formulir beasiswa ing luwar negri”.
“Iya Ke padha-padha, donga ae muga sampeyan bisa katut ya Ke”,wangsulane Anik.
“Iya Nik, matur nuwun,”wangsulane Ike. Sawise kuwi Aku lan Anik langsung mlebu kelas nrima pelajaran ing dina iki.
            Pengumuman kasil beasiswa kuliyah ing luwar negri wis diumumake. Banjur aku langsung ndelok kasile. Atiku bungah banget, amarga sing takdelok kuwi jenengku ana ing daftar kasil pengumuman.
“Alhamdulillah Ya  Allah aku bisa katut kuliyah ing luwar negri. Iki kabeh saka Anik sing wis bisa menehi kesempetan nang aku, bisa oleh beasiswa kuliyah ing luwar negri, iki Anik mesthi seneng krungu kabar iki,” kandhaku. Banjur aku langsung marani Anik. Tak goleki ing kelas ora ana bocahe. Banjur tak parani ing taman, tetep ora ana. Banjur aku marani ing kantin, tetep ae Anik ora ana. “Wadhuh…Anik iki nang ndi ya kok ora ana nang ndi-ndi”, ujarku ing jero ati. Banjur langsung tak telpon. Telpone ora aktif, tak sms ya ora terkirim. Aku bingung menyang ndi parane kancaku kuwi. Jam kuliyah wis rampung, banjur aku langsung mulih. Teka omah aku tetep isih mikir menyang ngendi parane Anik. Aku ora bisa turu, amarga Anik kuwi kancaku sing paling apikan. Tak coba tak enteni sesuk pas kuliyah. Aku pengen cepet-cepet wayah esuk. Aku donga muga-muga ora ana apa-apa karo Anik. Saiki aku turu ae. Amarga sesuk kuliyah esuk.
            Saiki wis esuk, wayahe aku kuliyah. Aku cepet-cepet budhal kuliyah. Teka kampus aku langsung nuju ing kelas. Nang kana ora ana Anik maneh. Banjur aku mara nang taman lan kantin, isik tetep kaya wingi Anik ora ana. Padhahal aku kepengin ngabari yen aku oleh beasiswa kuliyah ing luar negri. Aku bingung banget menyang ngendi kancaku kuwi. Aku mikir mengko sore sawise mulih kuliyah aku arepe menyang omahe Anik. Ya wis aku langsung nuju ing kelas.
Sawise jam kuliyah wayah mulih, aku langsung mulih menyang omah. Aku cepet-cepet adus banjur aku arepe menyang omahe kancaku Anik. Wayah arepe budhal, hapeku muni tandha ana sms mlebu. Banjur takwaca. Aku kaget banget maca sms kuwi maeng, banjur aku nangis aku ora percaya rasane kaya ngipi. Awakku langsung lemes. Sms kuwi maeng unine, “Assalamu’alaikum Ike, aku ibune Anik, Innaillahiwa’innailaihi raji’un Anik ditimbali Gusti Allah wingi awan. Moga-moga amal ibadhahe ditrima sing kuwasa ya Ke, aamiin”. Aku ora percaya maca sms sing unine kaya mangkana. Layak pirang-pirang dina iki kancaku Anik aneh banget ora kaya biyasane. Prayata dheweke menehi aku formulir beasiswa iki kabeh jawabane. Aku nelangsa banget kancaku sing paling apikan ninggalne aku ing donya iki. Ora lali aku bakal takziah ing omahe dheweke kanggo pungkasan aku ketemu bocahe. Banjur wis nang omahe, aku dicritani Ibune tibake Anik duwe lara kanker paru-paru. Aku kaget dicritani Ibune. Kenapa kok ora tau crita nang aku. Saiki aku malah ditinggal dhewe. Aku ora bakal nglalekake kancaku Anik kuwi nganti kapan wae. Lan apa sing dijaluk pungkasan supaya aku oleh beasiswa kuliyah ing manca negara kuwi ora bakal tak sia-siaake, amarga kuwi panjalukan pungkasan kancaku supaya aku bisa kuliyah ing luwar negri.
           
           












Sang Penari
Dening: Lefi Yuniantika

          Wayah Sore sing ditunggu warga-warga. Pak Tono ngongkon bojone ngresiki plataran omah. Patang gulungan klasa pandan sing ana. Sawise ing wayah wengi, ana lampu minyak gedhe disumet. Padhang amarga  sumbu lampu minyak dipasang ing cincin kanggo nerangi. Kahanan kaya mangkana ngundhang bocah-bocah lan warga. Dheweke grombol teka ana panggonan warung Pak Tono kuwi. Ing jero omah, Murti lagi brahi. Awakke sing cilik lan lurus katutup kain nganti ing dada  dibraheni kayadene tukang nari ronggeng. Tanggapan keprungu mung arupa bisik-bisik lirih. Akeh wong lanang, wadhon lan bocah-bocah ngebaki warung Pak Tono, dheweke kapengin nyawang Murti lagi nari. Sing nyawang nganti ora kedip mripate nalika nyawang perawan sing umure pitulas tahun jenenge Murti sing lagi nari ing dhuwur panggung. Murti yaiku tukang nari ing warunge Pak Tono. Telu tamu lungguh sila karo nikmati kopi ing warung kasebut, lan ndeleng widadari ayu sing nari ana dhuwur panggung sing wis ana. Saben wengi Murti ngibur langganane Pak Tono ing warunge. Dheweke nari ing warung kanggo nyukupi kabutuhan urip, amarga wong tuwane wis ora ana emboh menyang ndi parane, wiwit omahe didol kanggo bayar utang ing sasi kepungkur. Jare warga kampung wiwit kuwi dheweke nganggep wong tuwane wis ora ana maneh.
Nalika Murti nari, praupane Murti adhem. Akeh wong kagum nyawang kepriye Murti bisa nari seapik kuwi. Banjur, Murti bisa kaya wong-wong sing ahli nari. Siji babak wis rampung. Swara lagu sing ngiringi melu mandheg, lan Murti bali lungguh.
“Ora ngira Murti bisa nari kaya mangkana,”kandane wong-wong.
“Yen oleh,aku kepingin nggendhong nganti dheweke turu ana pangkuwanku, aku ora lila ngejarna dadi babu ing warung iki”.
“Aku uga kepingin ngunu,” kandane warga liyane.
“Eh rungokna ya, Murti dudu duwekke wong siji wong siji. Dudu mung  Pak Tono sing bisa nanggap Murti. Sarampunge Murti nari mengko, aku kepingin jaluk ijin karo bojone Pak Tono.” kandane warga kuwi maneh.
“Banjur awakmu arepe nyapo?, Mijeti Murti?”. Bocah ayu kuwi mesthi kesel. Dheweke arepe tak lus-lus sadurunge turu.”
“Yah, upama Murti lair saka wetengku, mesthi bakal tak tresnani kanthi tulus!” kandane wong wadon loro kuwi.
Ngomong kaya mangkana wong wadon kuwi ngusap mripate. Lan ngresiki eluh sing ora mandheg metune. Ora suwe pacaturan Maya kuwi rampung, keprungu swara gong mertandhani yen tarian wis rampung. Warga kabeh padha mulih ana omahe dhewe-dhewe. Nyawang kabeh warga padha bubar lan mulih ana omahe dhewe-dhewe , banjur Maya marani penari sing mari rampung nari ana panggung.
“Murti…Murti…” swarane Maya nyeluk Murti. Murti ora nganggep swara kuwi banjur langsung mlebu ana omahe Pak Tono. Maya gumun,kenapa yen diceluk Murti ora noleh,apa bener kuwi jenenge Murti.” Maya langsung nemoni Nyai Dekik bojone Pak Tono  kanggo jaluk ijin nemoni bocah cilik kuwi.
“Nyai Dekik, apa aku oleh ketemu karo Murti wengi iki?”
“Ana urusan apa?” pitakone Nyai Dekik.
“Aku kepingin mijeti Murti. Dheweke mesti kesel banget.  Kanggo wengi iki, Nyai ora bisa ngijabahi panyuwunanmu Ibu, sepurane. Aku nyuwun tulung Nyi, sedhela wae kok? Sepurane ora bisa.” Tutup Nyai Dekik.
Adoh saka pikiran yen Nyai Dekik ora ngijinake Maya ketemu karo Murti, sadurunge Maya duwe perkiraan Nyai Dekik bakal ngijabahi panyuwunane, nanging malah walikane. Rada kuciwa, amarga tujuwane ora kawujud. Sejatine Maya kapengin ngomong karo Murti lan menehi hadiah sing isine piranti kanggo sekolah. Sesuke, Marya weruh Murti budhal ngumbah klambine nang Kali. Nyawang kaya mangkana mau, banjur Maya langsung mulih jupuk lumbahan klambine gawa klambine menyang kali. Amarga yen nganti weruh kanti sengaja, Murti bakal mlayu. Sadurunge Murti terkenal wong wadon sing duwe isin, amarga dheweke mesthi dianggap babu karo Pak Tono. Satekane ing kali Maya gaya ngumbah klambi ing sandhinge Murti. Nanging, Murti katon rada susah, risih lan duwe tingkah laku aneh sawise nyawang Maya.
“Murti…apa oleh Ibu ngomong karo sampeyan,sedhela wae.”kandane Maya karo lembut.
“Sepurane Bu,panjenengan niki sinten? Ibu iki Maya,kanca Ibumu waktu cilik kae. Inggih ta Bu”. Walese kaget.
“Iya, apa bisa Ibu nemoni mengko wengi?. Nanging…”, sesengguke Murti.
“Yawis ,Ibu wis ngerti wangsulanmu. Kudu nyuwun ijin dhisik karo Nyai Dekik kan,sampeyan tenang wae!”
Awan ganti wengi ,lampu, klasa pandan, lan piranti laine wis dipajang ing ngarep halaman warung Pak Tono, mertandhani Murti arepe nari ngibur para tamune Pak Tono. Murti pun arepe dibraheni sak ayu-ayune. Banjur Murti langsung nari. Maya nyawang saka kadohan. Maya duwe kapenginan kanggo gawa Murti mlayu ana kampung kuwi. Ora suwe, ora dikira udane teka lan warga sing nyawang langsung bubar dhewe-dhewe. Kesempatan kanggo Maya nuwuhake kasil gawa Murti mlayu saka papan kuwi tanpa ngertine Pak Tono lan bojone. Satekane omahe Maya, Murti diwenehi segelas kopi, kanggo ngangetake awake amarga kudanan.
“Murti kenapa awakmu luwih milih urip nang kana dadi penari sing mung dibayari limalas ewu wae?.” pitakone Maya.
Murti ora jawab, nanging malah nangis.
“Ora usah kok tangisi maneh Nduk, kan ana Ibu ing kene.”
“Aku kepingin banget duwe Ibu kayadene kanca-kancaku sing bisa weruh ibune dhewe-dhewe saben dina”, kandane Murti.
“Iya-iya Nduk, ibu ngerti persaanmu saiki, ora usah dipikir maneh, ayo ndang diombe kopine Nduk”. Pacaturan kuwi banjur rampung,banjur turu.
Sesuke Murti dijak nang Jakarta. Nang Jakarta Murti duwe kahanan urip sing anyar. Dheweke disekolahake lan diragati karo Bu Maya. Sejatine wong tuwane Murti wis ninggal amarga kecelakaan. Nanging Bu Maya wis oleh welingan saka Ibuke Murti, dikongkon jaga Murti.
“Saiki aku wis gedhe, kabeh iki amarga Bu Maya sing apik atine lan saiki aku wis rampung namatake kuliyah Pendhidhikanku lan langsung diangkat dadi “Sang Penari” terkenal ing kutha kuwi. Aku uga dadi dosen seni ing Institut terkenal ing kutha iki. Kabeh iki amarga Bu Maya sing ora tau sambat menehi harapan kanggo  dadi wong sukses. Saiki aku wis nganggap Bu Maya dadi Ibu kandhungku dhewe”. Kandane. Maya uga gelinorae sirahe karo kebak rasa haru lan netesake eluh kesenengan.



Tresna saka Nonton Lodrug
Dening: Lefi Yuniantika

          Esuk iki, jadwale pelajaran fisika. Rina lan Ani saben dina budhal sekolah bareng. Saben dina budhal jam 06.45. Pancen omahe Rina lan Ani ora adoh saka sekolahane. Dadi upama mlebu sekolah jam 07.00 dheweke budhal 06.45. Omahe Rina lan Ani ya cedhak, tegese tangganan. Rina lan Ani SMA kelas 2. Ora mung budhal wae, nanging dhewekke mulih sekolah uga bareng-bareng. Yen budhal sekolah mlaku.
“Assalamu`alaikum Ani”, kandhaku Rina.
“Wa`alaikumsalam Rin,iya mlebuo dhisik kene,”wangsulane Ani.
“Iya An,aku tak mlebu. Sik ya Rin aku tak wedhakan dhisik gek budhal”, kandane Ani.
“Iya An,tak enteni. Pancen bocah loro mau wis kaya kanca akrab, dadi saben menyang endi-endi ya mesthi bareng. Ayo Rin,aku wis siyap ayo budhal”,kandane Ani.
“Ayo An, kandane Rina. Oh iya iki mau wayae fisika ya, apa awakmu wis garap tugase Pak Nur Rin?.
“Wah ya uwis nu, hla awakmu dhewe piye An,wis garap apa durung?.”
“Aku ya jelas uwis nu Rin”. Swarane bocah loro iku ana dalan. Pancen bocah loro kuwi bocah sing sregep garap tugas ana sekolahane. Ora tau bolos apa dene nakal.
         Sawise tekan sekolahan, bocah loro kuwi mau langsung mlebu kelas. Lungguhe ya jejeran sabangku. Jam wis nunjukake jam 07.00. Pak Nur,guru Fisika bocah loro kuwi banjur mlebu kelas.
“Sugeng siyang anak-anakku”,kandhaku Pak Nur.
“Sugeng Siyang Pak,”wangsulane murid-murid semangad.
“Ing esuk iki kita ngrembag Hukum Kekekalan Newton II ya,”kandhaku Pak Nur guru Fisika.
“Inggih Pak”,wangsulane murid-murid.
“Oh iya winginane kabeh takwenehi tugas ana omah,ngenani Gaya. Apa kabeh wis padha garap?”pitakone Pak Nur.
“Sampun Pak,”wangsulane murid-murid.
“Kira-kira sapa sing durung garap?”pitakone Pak Nur maneh. Murid-murid kabeh meneng. Artine,yen murid-murid kabeh wis padha garap tugase Pak Nur.
“Iya wis berarti wis padha garap kabeh ya iki, pancen pinter-pinter muridku iki,”pujiane Pak Nur nang murid-murid. Saiki sapa sing wani maju nang ngarep ngerjaake tugase wingi?”.
Banjur Ani langsung ngacung,
”Kula Pak”.
“Iya Ani ya wis majua iki spidole”.
“Inggih Pak,” kandhaku Ani karo maju nampani spidol.
Banjur Ani nulis garapane.
“Iya wis iki wis bener garapanmu An, Sapa maneh sing kepingin maju nang ngarep?” kandhaku Pak Nur.  Banjur Rina ngacung,
”Kula Pak.”
“Ya wis ndang maju Rin.” Sawise diteliti Pak Nur, garapane Rina ya bener. Pancen bocah loro kuwi maeng padha pintere.
          Sawise entek jam Pak Nur pelajaran fisika, banjur ngaso. Rina lan Ani arepe menyang kantin tumbas jajan. Teka tengah dalan, ana bocah-bocah padha mruyuk. Banjur Rina lan Ani melu-melu ngruyuk.
“Rin,bocah-bocah ki nyapo ta kok padha ngruyuk ki?” pitakone Ani.
“Emboh An,aku dhewe ya ora eroh. Ayo melu mrana”,wangsulane Rina. Sawise bocah loro kuwi mau melu ngruyuk, banjur ngerti kenapa bocah-bocah padha rame-rame.
“Oalah An,iki lo bakal ana Pentas Lodrug”.
“Hloh iya Rin, kapan kuwi Pentas Lodruge?”pitakone Ani.
“Iki hlo An dina Sabtu jam 20.00”.
“Nandi kuwi Rin?”. Iki nang Lapangan Pasar Kliwon An”.
“Ayo Rin sesuk dhelok Pentas Lodruge”,ajake Ani nang Rina.
“Ayo An,aku ya kepingin weruh kok Pentas Lodruge”,wangsulane Rina.
Rina lan Ani arepe dhelok Pentas Lodrug ing Lapangan Pasar Kliwon dina Sabtu sesuk. Sawise kuwi, jam wis nunjukake 13.30. Wayahe bocah loro kuwi mulih nang omahe dhewe-dhewe. Teka tengah dalan Ani omong,
”Rin aku kepingin ndang cepet dina Sabtu sesuk supaya bisa dhelok Pentas Lodrug”.
“Aku iya An, aku ya kepingin dhelok, sesuk tak parani menyang omahmu ya An”,kandhaku Rina karo seneng.
“Iya Rin,sesuk budhal jam pira ya penake?”.
“Aku nang omahmu kira-kira jam 19.30 An”.
“Oke Rin,tak tunggu. Sawise Rina lan Ani semayanan, bocah loro kuwi mau mulih.
          Dina Sabtu wis teka, waktune bocah loro kuwi mau dhelok Pentas Lodrug. Rina banjur mara nang omahe Ani. Ora suwe, Ibuke Ani metu.
“Oalah iki mau Rina,sik ya Rin Ani nang jero kamar. Kene-kene pinarak kene”.
“Inggih Bu Matur Nuwun”. Banjur Ani metu saka kamare wis siyap arepe budhal.
“Ayo Rin,aku wis siyap tak pamit Ibuku dhisik”. Sawise Ani pamit Ibune,banjur langsung budhal. Sawise teka Lapangan Pasar Kliwon panggonane kanggo Pentas Lodrug, Anil an Rina golek panggon tengah-tengah. Banjur langsung lungguh ing tengah Lapangan. Sinambi ngenteni lekase Lodrug, Anil an Rina crita-crita. Banjur ing sisih kiwane Rina ana bocah lanang sing jawil ngajak kenalan.
“Hallo, oleh kenalan ora Dhik?” pitakone bocah lanang mau. Kayake Rina kaya tau weruh bocah kuwi,ora asing tau ketemu bocah lanang kuwi.
“Oh iya Mas,salam kenal aku Rina, yen iki kancaku Ani. Sampeyan sapa?” .
“Aku Bagus”, wangsulane bocah lanang kuwi.
Banjur Rina omong,”Mas sampeyan sekolah ana endhi? Kok aku kaya tau weruh sampeyan?”,pitakone Rina.
“Aku sekolah ana ing SMA 1 Taruna Bangsa”,wangsulane Bagus. Banjur Rina lan Ani sawang-sawangan.
“Lhoh Mas kuwi ya sekolahanku,”.
“Lhoh masak ta Dhik? Sampeyan kelas pira?”.
“Aku kelas 2. Sampeyan kelas pira?”.
“Aku kelas 3”. Banjur bocah telu kuwi maeng padha kenalan.
Dadi kenalan disambi nonton Lodrug. Sawise bar, Rina lan Ani mulih. Banjur Bagus takon,
”Dhik sampeyan mulih karo sapa?”.
“Mlaku wong loro Mas”,wangsulane Ani.
“Yawis dhik ayo kene wong loro takbarengi numpak motorku”. Sawise teka omahe Ani.
Ani mudhun banjur ngucapake matur nuwun ning Bagus.
“Matur nuwun Mas Bagus”.
“Iya dhi padha-padha,saiki tak terna Rina”.
“Inggih Mas.”
Teka tengah dalan, Bagus mesam-mesem karo Rina. Rina kayake seneng karo Bagus. Kayake Bagus uga seneng karo Rina.
“Dhik Rina,omahe sampeyan kok ya cedhak karo Ani ya”.
“Iya Mas Bagus”, wangsulane Rina cekak amarga isin.
“Dhik sesuk Senin ketemu nang Taman sekolah ya,sampeyan isa ta?”.
“Insya Allah ya Mas Bagus”,kandhaku Rina karo mesam-mesem isin.
“Yawis aku tak mulih dhisik ya Dhik Rina, aja lali ya Dhik”.
“Inggih Mas ati-ati”.
Rina seneng karo Bagus. Nanging dheweke isin. Pas dina Senin, Rina crita karo Ani.
“An aku kepingin crita nang sampeyan”.
“Iya Rin,crita apa?”.
“ Anu Rin,Mas Bagus ngajak aku ketemu mengko ngaso nang Taman”.
“Wah asik nu Rin, ya ora apa-apa Rin,temoni wae”.
“Hmm…An, aku kok dadi tresna karo Mas Bagus ya?”,kandane Rina.
“Hehehe ciiyyeeee,ya ora apa-apa Rin,kayake Mas Bagus uga tresna karo sampeyan”.
“Halah apa tenan ta An kandhamu kuwi?”.
“Yawis ndang ditemoni”,kandane Ani. Banjur Rina nemoni Bagus nang Taman. Ora suwe bocah loro kuwi mau pacaran. Nanging, Rina ora nglalekake kanca akrabe ya iku Ani. Pungkasane nonton Ludrog sing bisa ndadekake tresnane antarane Rina lan Bagus.



0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads