Thursday 15 January 2015

Karya Devi

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:03 | No comments



IBU
Dening: Devy Yoanita PH

Awakku rasane lemes, pengin enggal-enggal bali ning sikil digawe mlaku kok abot tenan. Wiwit jam pertama mapel dina iki nganti keprungu bel mulih sekolah pikiranku ora karuwan. Mung Ibu sing dadi pikiranku dina-dina iki.
“Ibu wis sepuh, Ra. Bar ngene yuswa Ibu wis 76 taun. Ibu wis pikun lan lara-laran. Mbak pengin Ibu angsal sing paling becik.” Keprungu swara mbak Dita dumadak saklebat liwat.
“Sing paling becik? Kangge Ibu? Kanthi buwang ing panti jompo? Kaya mangkono mbak?” aku mangsuli nyolot.
“Kowe wis gedhe Ra, kudune kowe iku ngreti kaya piye rasane yen ana ing posisiku saiki. Masmu iku mung kerja dadi satpam. Kowe ngreti dhewe gajine mas iku mung cukup gawe tuku susu anak-anakku. Aku mangan ae butuh perjuangan.”
Ridha nangis neng jero kamar lan gawe kaget antaraning aku lan mbakku.
“Delengen ponakanmu iki. Ridha iku luwe, susune wis entek, kari turah-turahan kae hlo neng pawon, Ra.”
Mbak Dita jupuk dot ponakanku sing umure durung genep sataun iku. Diisi banyu putih banjur dicemplungi bubuk susu sing kari separone sendhok teh. Aku mung bisa ngelus dhadha. Mripatku wis krasa panas. Aku nyoba ambegan landhung, ning panggah ongkep amarga pancen kahanan omah sing cilik banget.
Biyen sadurunge mbak Dita rabi, aku manggon wong telu ing omah peninggalan Bapak. Ning sabanjure bapak tilar donya, omah iku kepeksa kudu didol kanggo mbayari utang neng kana kene. Sawise rabi karo mas Ridwan, kabeh diboyong mrene.
“Aku lan masmu iku Ra, saben dina padu ngenani Ibu. Ibu ora mung pikun lan ngeselake...neng uga seneng nyampuri urusanku karo mas Ridwan.” Samar aku krungu swarane mbak Dita maneh. “Aku kesel hlo, Ra! Iya yen..”
Durung nganti mari olehe mbak Dita ngomong langsung bae takselak.
“Astagfirullah mbak! Wis wis! Cukup!” dak sawang mbak Dita kanthi micingake mripat. Dak parani Ibu sing wiwit mau mung ngrungokake aku lan Mbak Dita padu ing pojokan. Dak sawang mripate Ibu wis mbrabak.
“Halah.. kowe iku mung anak angkat Ra, aku ngreti apa sing paling becik kanggo Ibu, uwis ta lah aja sok kowe iku!” clathu mbak Dita neng aku.
Biyen aku ditemokake ing pasar banjur digawa mulih karo Bapak. Jare tanggaku, Bapak uga Ibu wis ngupadaya golek wong tuwaku. Neng ora kasil.
“Bu, aku ini anak angkat ya?” pitakonku marang Ibu wayah cilik biyen.
Ibu ambegan landhung banjur ngendika, “Rara pancen ora mirip Bapak, ora mirip Ibu, ora mirip mbak Dita...” sumaure Ibu kanthi ngelus-elus aku. “Rara ngreti apa bedane anak kandung karo anak angkat?”
“Rara enggak tau, Bu.”
“Anak kandung iku lair saka rahime Ibu, ning anak angkat iku lair saka ati Ibune.” Ibu kandha karo mesem ngujiwat. Kaya mangkono ngendikane Ibu biyen nalika lagi ngadhemake pikiran lan atiku sing mesthi kaco yen mbahas ngenani anak kandhung utawa anak angkat.
Dumadak pikiranku ngawang neng endi-endi. Ah.. aku kudu enggal bali, banjur gawa Ibu metu saka omah setan iku. Embuh kepriye mengko ing tembe. Sing penting Ibu panggah karo aku. Aku dhewe sing bakal ngrumat Ibu yen sing jare anak kandung iku ora gelem ngrumat Ibu. Aku banjur mulih, ngringkesi kabeh ubarampe sing sakirane dibutuhake aku lan Ibu. Bakal dak gawa adoh Ibu saka omah setan iku. Bakal dak rumat dhewe kanthi sabar Ibuku iku, kaya nalika Ibu ngrumat aku wayah isih cilik. Aku kudu bakti marang Ibuku iku, senadyan ta dudu Ibu kandhung.



Jebule Lara
Dening: Devy Yoanita PH

Jagone tangga ngarep omahku wis padha balapan kluruk nalika jam sing gumantung ing tembok ijo pupus kamarku nuduhake pandom dawane neng angka 4. Aku enggal mangkat menyang panggonan gawe wudhu kanggo nglakoni ibadah shalat shubuh. Ora kaya padatan, aku sing biyasane yen prei kuliyah adus jam 9 utawa jam sepuluhan, bubar shalat langsung masak, ngewangi ibu reresik omah, banjur menyang jedhing gebyuran, sikatan lan sabunan sing wangi. Ora kelalen kosokan gawe scrub gawenan China sing ambune bisa sumebar ngebaki jedhing ukuran 2x3 meter iki, malah-malah bisa metu nganti njaba jedhing ambune.
“Sapa neng jedhing? Jojo ta?” swarane Ibu keprungu neng kupingku.
“Inggih, bu.” Aku mangsuli klise.
“Sida metu ta ndhuk? Kok wis adus?”
“Hleeee, Ibu iki ngenyek. Aku ya biyasane kan adus ta, bu.” Aku sumaur ing jero jedhing karo mecucu ngarep kaca.
“Hahaha, hla biyasane ki yen diutus adus mengka-mengko bae.” Swarane Ibu keprungu saya adoh saka jedhing. Aku ora mangsuli, ngreti yen Ibu wis mengarep.
Aku iki pancen aneh kok. Yen diutus Ibune adus ora enggal mangkat, malah kadhang ora gubris. Saiki arep menyang omahe pacar ora perlu diutus Ibu adus, yawis adus dhewe. Muga-muga ora dadi anak durhaka. Dina iki aku pancen arep menyang omahe mas Egi lantaran dheweke arep budhal menyang Yogya ana perlu tes ujian mlebu Universitas. Aku pengin gawa panganan kanggo mas Egi supaya ing dalan ora keluwen.
Satekane ing omah pager ireng kuwi aku wis disambut dening Ibune mas Egi sing arep budhal kerja.
“Hloo mbak Jojo ta? Ayo mlebu mbak, Egi ana neng jero.” Ngendikane wanita paruh baya sing ana ngarepku iku.
“Inggih, bu. Matur nuwun.” Aku mangsuli karo mesem. Banjur mlebu neng omah iku.
Sawise ngenteni sawatara suwi, mas Egi metu saka senthong paturone. Dheweke wis katon klimis nganggo klambi hem abu-abu setelan clana jeans werna ireng. Jam Nike wis gumantung ing tangan kiwane. Jan bagus tenan pacarku iki, wis gantheng, apik pisan tindak tanduke. Panteslah gawe dipertahankan. Wis ana rong jam luwih aku gegojekan karo mas Egi. Ora krasa wis tabuh sepuluh luwih telung menit. Wis wayahe mas Egi budhal menyang kutha sing kondhang panganan legine kang aran gudheg iku.
“Ndhel...” celukke mas Egi kanthi nama kesayangan. Ndhel iku saka tembung endhel. Aku ora mangkel yen diceluk endhel, hla pancen aku iki endhel wiwit cilik.
“Aku tak budhal saiki ya? Ora apa-apa ta? Aja mrengut, mengko manise ilang.” Mas Egi mbacutake omongane.
“Hmm, iya mas, ora apa-apa. Mengko tinimbang sampeyan kedalon saka Yogya.” Saurku.
Ing terminal dak sawang bis Harapan Jaya mlaku kanthi alon ngadohi papan panggonan wiwitane. Tanganku dhadha-dhadha marang wong lanang kang dak sayang banget kang ana jero bis iku. Atiku krasa sedhih ditinggal karo mas Egi. Ning aku kudu lila, amarga dheweke budhal dudu gawe seneng-seneng, ning gawe ujian mlebu kuliyah. Sajane aku lan mas Egi isih tuwa mas Egi, eling-eling aku pancen ora seneng brondhong. Ning mas Egi sempet mandheg sataun amarga kursus dhisik ing salah siji Lembaga kanggo sinau basa Inggris ing Kampung Inggris.
Watara telung dina aku ora sesambungan karo mas Egi. Dak pikir dheweke lagi sibuk sinau persiyapan ujian. Aku sing kebiyasaan umek HP bingung arep lapo ing omah. Banjur aku buka FB. Aku kepo mas Egi gawe status ing FB apa ora. Yen nganti sempet gawe status FB, bakal dak satru dheweke. Onlen facebook bae bisa, masa kanggo sms utawa weneh kabar marang pacare ora?
Aku login nanging ora gawe akunku dhewe. Aku sengaja login gawe facebook-e mas Egi. Wis ana nem sasi aku ora kepo buka FB-ne dheweke. Dak buka siji mbaka siji. Dumadak ana pesen kanthi jenenge bocah wadon sing ora dak kenal. Akeh lan ora mung siji. Kanthi ati semremet dak buka pesen facebook saka wadon-wadon iku. Ora krasa netes luh ing pipiku. Panas mripat lan atiku. Jagadku kaya peteng sanalika. Pedhut anggendanu, nambahi kahanan kang nggegirisi iki. Jebul tresnaku diblenjani.
Seminggu mas Egi ing Yogya, dheweke banjur mulih neng Pare. Sadurunge mulih dheweke wis nyempetake kirim sms kang isine weneh kabar arep mulih lan jaluk disusul. Aku ora nggagas babar pisan sms lan telpone. Ati lan awakku isih durung siyap nampa kahanan kaya mangkene. Dheweke katone bingung karo owahe sikapku. Aku kang mesakkake marang dheweke mangerteni, pancen ora becik ngilang tanpa warta kaya mangkene. Becike pancen aku kudu ketemuwan karo mas Egi.
E            suk-esuk aku ketemu mas Egi ing omahe. Dak sawang bocah lanang klambi polo werna abang iku, katon kumis tipis njedhul saithik ing ngisor irunge. Katon isih anyar thukule, durung dawa. Rambute katon teles bubar kramas. Wangi anggane, gugah kapang pengin ngrangkul. Dak critakake kabeh kang dak mangerteni saka facebook-e. Mas Egi ora arep ngelak babar pisan. Dheweke wani jujur, aku ngurmati iku. Ning rasa lara iki wis ora bisa dak pendhem maneh. Aku kudu mungkasi sesambunganku karo mas Egi kang wis lumaku sataun luwih pitulas dina iku. Mas Egi sing nyadhari lupute ora kumecap apa-apa, mung manthuk nuli ndhingkluk. Ora krasa mripatku panas, mbrabak maneh, ning ora bisa nangis. Rasane ana sing mandheg ing tengahing gulu. Lara. Ora nyana jebul kaya mangkene. Aku ngadeg, pamit banjur enggal metu saka omahe mas Egi. Motor banjur tak gas banter, ngadohi panggonan iku. Ngadohi mas Egi, ngadohi kenangan manis karo dheweke.
KAPOK
Dening: Devy Yoanita PH


Aku wis kandha ciu marakke cilaka.
Aku wis matur mensen neng omongan nglantur.
Wis tak aturi yen vodka marakke lali.
Banjur ngunjuk bir sampeyan dadine kenthir.

Bu Lasmi lagi bae mentas adus wayah “Mister Mendem” e Cak Dikin diputer Sasmita putra wadone lewat MP3 pink sing dicekeli rapet iku. Bu Lasmi sing krungu banjur kandha,
“Kok enak tenan ta lagune? Bisa pas ngono kaya kahanane Ibu lan Bapakmu.”
“Adhuh, Ibu kok taksih sewot bae marang Bapak ta?” pitakone Mita marang Ibune.
“Hla kepriye ora sewot ta ndhuk? Bapakmu iku yen ora kena kasus kaya wingi, apa bakal leren judhine? Apa bakal mari lelara mendeme?” Ngendikane Bu Lasmi karo nyawang Pak Bowo sing lagi turon ing bayang.
Pak Bowo sing mireng ngendikane Ibu banjur enggal tangi lan marani Bu Lasmi.
“Alah Bu... Aku lak wis jaluk sepura ta? Masa isih dipaedo ae?” Pitakene Bapak-bapak kumis kandel iku marang garwane.
Wadon paruh baya sing seneng werna abang iku isih katon krasa lara ati marang Pak Bowo, ditakoni kaya mangkono, mung mlengos bae nuli mlebu kamar. Pancen rong dina kepungkur Bapak jiktas bae metu saka penjara. Dudu amarga nyolong utawa mateni anak tanggane. Ning ketangkep wayah lagi judhi lan mendem ing warung remang-remang pojok kampung. Caritane wayah iku Bapak pamit arep ndeleng omah lawas sing lagi bae dikontrakake. Ngendikane arep nge-check genthenge sing bocor wis didandani apa durung. Ibu sing lagi repot wayah iku manthuk bae, ora kepikiran yen Bapak tibane budhal judhi lan ngombe maneh. Slamete Pak Bowo, garwane Bu Lasmi iku senajan to tukang ngombe, ning ora tau padu karo wong sing ana cedhake, apa maneh nganti tega mara tangan marang bojo lan putrane si Sasmita. Ning jenenge bae tukang ngombe ya cetha ana kelakon sing gawe anyel neng ati. Kaya biyasane Pak Bowo iku nyolong dhuwite Bu Lasmi nganti pirang-pirang yuta gawe judhi.
Ing warung Mbak Gendhut, warung remang-remang pojok kampung iku Pak Bowo nglakoni judhi lan ngombe meh saben dina. Tengah wengi kira-kira jam rolasan, dumadak ana Bapak-bapak gedhe dhuwur nyedhaki papan iku.
“Sugeng dalu bapak-bapak. Nyuwun pirsa punapa dhateng ngriki wonten ingkang asmanipun Pak Minto?” pitakone Bapak jaket ireng kacamataan iku.
“Sugeng dalu, inggih kula Pak Minto, panjenengan sinten?” Pitakon wangsulane Pak Minto marang bapak iku.
“Kula badhe melu lotre Pak. Leres dhateng ngriki ta Pak?”
“Oalaaaah, iya bener Pak, mangga, dhuwite pira?” pitakone Pak Minto semangat.
Dumadak gemruduk wong gawe klambi dhinas Polisi ing sakiwa tengene warung Mbak Gendhut. Wong-wong sing lagi judhi padha keplayon, ning ketangkep siji mbaka siji. Pak Bowo, Pak Rendy lan Pak Sami’un sing wis kebacut mendem ora bisa mlayu. Teler ing dhingklik ngarep warung iku. Kabeh sing dadi pelaku judhi lan ngombe ing kono diangkut trek polisi.
Bu Lasmi sing lagi ndeleng TV lan ngenteni garwane mantuk keprungu wong ndhodhok lawang.
“Hla, iku mesthi Bapak. Bengi tenan to mung ngecek gentheng bae?” Ibu ngudarasa banjur enggal mbukak lawang. Ibu sing wis rada ngantuk kaget ana Polisi bengi-bengi ndhodhok omahe.
Keprungu warta yen bojone digrebeg lan diboyong menyang kantor polisi, sirahe krasa mumet. Bu Lasmi enggal gugah Sasmita gawe ngancani budhal menyang Kantor Polisi. Ing kono Bu Lasmi wis mbrebes mili. Mripate katon mbranang ngengeti piwelinge marang Pak Bowo sing ora tau digagas babar pisan. Bu Lasmi banjur weneh jaminan marang Polisi, janji yen bojone iku ora bakal judhi lan mendem maneh.
Sawise nandhatangani SP, wong telu mulih neng omah. Ing jero omah Bu Lasmi muring-muring ora karuwan. Gregeten karo polah bojone sing Masya Allah gawe gela. Wiwit dina iku Pak Bowo kapok karo polahe. Janji ora judhi, ora mendem maneh, lan ora arep mblenjani janji. Bu Lasmi nganti seprene pancen isih krasa gela, kuciwa marang Kepala rumah tanggane iku, ning muga-muga bae mawa sing neng dhadha enggal lerem. Bisa bali menyang kahanan romantis maneh kaya nalika Bu Lasmi isih PDKT karo Pak Bowo wayah isih timur.








MASKU?
Dening: Devy Yoanita PH

Esuk-esuk aku wis gobyos amarga kudu mlayu wayah budhal menyang kampus. Pancen kampusku iki ora adoh saka omah, paling mung sakilo. Ning sacedhake kampusku, yen budhal jam 7 luwih seprapat lan mlebu mata kuliyah iku jam 7, jenenge lak panggah telat ta?
“Thok...thok...thok...”
“Hhh, mah-af pak, hhh, sah-ya te...” kandhaku karo menggos-menggos.
Durung nganti anggonku ngomong mari, wis diselak karo dhosen brengos lele.
“Sudah, cepat ambil soal dan kerjakan dengan benar, waktu tinggal 20 menit.”
Aku wis ora bisa omong apa-apa maneh, mung pasrah jupuk soal banjur lungguh. Bejo banget entuk bangku ngarep dhosen. Kamitenggengen.


 
“Haduh... kok mujur tenan kowe Zah? Bisa lungguh ngarep Pak Hasan. Kepriye rasane Zah? Aku cemburu hlooo...” kandhane Siska njarak.
Lambeku pancen meneng bae, ning nggrundhel jroning ati. Kanca-kancaku iki padha edan kabeh, ndeleng kancane badmood malah diguyoni ora penting ngono. Ya pancen sapa sing ora bungah jroning ati yen bisa lungguh ngarep Pak Hasan? Ning ya ndeleng sikone. Yen lungguh karo Pak Hasan kanggo mangan bareng candle light dinner ngono ya sumringah. Hla iki? Lungguh ngarep dhosen ganteng ning killer gawe garap soal UAS, eh wayah bengine ora sinau pisan. Ajur mumur.
Aku kelingan salah sijine alesan kena apa kok aku sampek ora sinau lan teka telat esuk iki mau. Ya iku! Gara-gara dhosen ganteng 28 taun iku. Dhosen brengos lele yen kandhaku. Wengi iku, sadurunge insiden lari pagi, uas dan bangku depan dosen, ba’da maghrib aku lungguh-lungguh ing taman ngarep omah. Aku ndeleng TERIOS plat AG 1985 DD mandheg ing ngarep omah. Aku thengak-thengok, penasaran sapa sing ana sajroning mobil abang marun iku. Sang empunya mudhun saka mobil. Dak sawang wong lanang sing lagi bae metu saka mobil iku. Kagetku ora umum. Sing tak arani dhosen brengos lele, sing banget dipuja kanca-kancaku amarga kaya Arjuna iki saiki ngadeg ing ngarepku.
“Zah, Azizah? Kamu gak apa-apa?” pitakone Pak Hasan marang aku.
“Ya, ya. Gak apa-apa pak. Saya cuma heran, bapak cari siapa disini? Apa nilai saya buruk banget Pak, sampek Bapak relain datang kerumah?” wangsulanku bali takon.
“Hahahaha, saya cari Hana. Hana Aminah”  Pak Hasan mangsuli kanthi swara renyahe.
“Sayang...” dumadak sing lagi digoleki metu saka senthonge.
“Haaaaaaaa? Sayang?” kandhaku kaget nganti permen sing tak mut metu saka lambe.
Mbak Hana ngerutake bathuke, “yek dek..! Aja ngono ta! Ora sopan. Iki hlo kenalna pacarku. Dheweke dhosen pisan ing kampusmu, tau ngreti apa ora?”
“Bukan cuma pernah tahu, tapi adikmu ini mahasiswaku dikelas mata kuliyah Statistika” sumaure Pak Hasan cepet.
“Oalah... iya ta mas? Hlakok jebul wis padha kenal. Ya Alhamdulillah yen kaya ngono, malih luwih cepet bisa akrab...”
Wengi iku aku,  mbak Hana, lan Pak eh mas Hasan ngrumpi bareng, crita-critan ngenani samubarang. Yen lagi dadi calon masku, wonge ya ora galak-galak banget kok. Ning, yen wayah dadi dhosen kok jan Masya Allah. Mbarai jantung sing wis bener ing dhadha pindhah neng dhengkul. Ora krasa olehku jagongan karo mbak Hana lan mas Hasan wis sawetara suwi. Dumadak bae jam setengah 11 bengi. Pantes aku yawis angop bae ketmau.
Sawise mas dhosen brengos lele iku mulih, aku pamit mlebu neng kamar karo mbak. Neng jero kamar aku ora bisa merem, akeh pitakonan sing gumanthung ing utek. Meksa kangge nemokake jawabane. Nganti jam setengah 3 esuk aku baru bisa turu ngleker lan tangi mbangkong jam setengah 7 esuk.
Aku sing wiwit mau nglamun disenggol Bintang,
“Hayo... Zizah ngelamunin Pak Hasan ya? Hahahaha”
Hoalah... donya iki pancen sempit. Dhosen sing karo kanca-kancaku gawene disodorin neng aku iku dumadak ketemu karo dulurku, lan sesambungan nganti wis arep munggah kwadhe. Dheweke bakal dadi mas ku, mas dhosen killer sing gawene dijodohake kanca-kanca marang aku. Edan!!











Sega Goreng Mambu
Dening: Devy Yoanita PH

Wis ana rong wulan iki Biyan ora mampir menyang warung sega goreng Buk Las sing kondhang sakutha Pare. Dina-dina pancen ora kaya padatan, Biyan wis mulai akeh tugas akhir lan asring bisa bali menyang kampung halaman. Saiki mumpung Biyan lagi mulih, dheweke nyempetake mampir tumbas sega goreng sing wis dikangeni iku.
“Bulik, sekul goreng setunggal nggih? Level kaya biyasane bae” request-e Biyan marang Buk Las karo ngacungake driji.
“Dhuh, kaget aku mbak Bi! Kadingaren mrene, winginane nang ndi bae hlo?” Sumaure ibu-ibu sing rikmane wis mutih kuwi.
“Ngampus bulik, biyasa, anak rajin, hahahaha” Biyan mangsuli sakenane, sing diwangsuli mung ngrucutake lambene.
Rong wulan kepungkur, pungkasan si Biyan tuku sega goreng ing warung iki karo pacare. Saiki dhewean, wong lanang sing dikarepake Biyan dadi bojo salawase kuwi saiki wis antuk tittle “mantan”. Atine semremet eling-eling dheweke sering banget tuku sega goreng ing kene, lungguh ing pojok wong loro, dulang-dulangan sega goreng sing beda levele. Saben mrene ana bae bab sing bisa digawe bahan omongan, wiwit saka ambu sega goreng sing nyegrak, wernane lombok, nganthi regane lombok sing munggah-mudhun ing pasaran. Sajake pancen ora ana sing special ing pacelathonan kuwi, ning mas Sukro bisa bae gawe guyu si Biyan amerga bahasan-bahasan sing aneh iku. Mas Sukro iku uga pelanggan setia ing warung Buk Las, padha karo Biyan. Biyen dheweke kenal karo Mas Sukro ya amarga bebarengan tuku sega goreng ning kono. Saiki Mas Sukro wis pindhah omah, adoh banget saka Biyan, adoh saka panggonane biyen. Pindhah menyang Ausia. Biyan eling nalika pungkasan ketemu Mas Sukro ing Bandhara Juanda Surabaya, dheweke sing ngomong arep putus bae amarga ora kuwat yen kudu nglakoni LDR alias hubungan jarak jauh.
“Mbak Bi, iki sega gorenge.” Ngendikane Buk Las kanthi nyodorake sapiring sega goreng.
Biyan sing awit mau nglamun njumbul kaget “Bulik....”
“Sampeyan iki sajake ket mau nglamun bae, mesthi perkara ora dikancani Mas Sukro iki. Mas Sukro nang ngendi hlo mbak?” pitakone Buk Las.
“Mmm... Mas Sukro? Mas Sukro sampun boten manggen ing Indonesia Bulik, dheweke pindhah. Kerja ing Ausia.” Sumaurku flat tanpa ekspresi.
Buk Las sing keprungu wangsulane Biyan katon kaget. Bisa bae panjenenganipun mbatin eman-eman banget bocah wadon ayu kaya Biyan iki hlakok ditinggal lungo pacare. Luwih eman maneh yen eling Biyan karo Mas Sukro iku wis pacaran telung taun, hlakok gagal.
“Hoalah, iya iya mbak, wis ndang dimaem segane, selak adhem, ora jos.” Buk Las nyauri kanthi rada gugup.
Sawise mangan lan bayar sega goreng ing Buk Las, kenya rambut ngembang bakung iki banjur metu saka warung, dumadak ora sengaja tabrakan karo mas-mas sing lagi bae arep mlebu warung.
“Eh, maaf mas.” Kandhane Biyan ngati-ati.
“Iya, gak papa.” Wangsulane mas-mas iku karo mesem manis.
Sadawane dalan mulih menyang omah, Biyan kelingan mas-mas sing eseme kaya pait madu iku. Kaya tau ngreti, ning ana ngendi ya? Bathine.
...
Wis ana telung minggu saka pungkasan aku tumbas sega goreng Buk Las. Aku bali maneh arep tumbas. Sabanjure aku teka ing warung, dak sawang Buk Las ora ana ing warung. Malah mas-mas sing dak tabrak kae.
“Emmm, mas. Nasi gorengnya satu ya? Level sedang aja.” Panjalukku.
“Inggih mbak. Mangga lenggah riyin.” Dheweke mangsuli kanthi mesem maneh.
Dhuh ya, mas e iki kok manis tenan yen mesem. Aku ngawasi mas e sing awit mau goreng sega.
“Hlo mas, hla Buk Las pundi hlo?” pitakonku marang mas ganteng iku.
“Ibu gerah mbak, wis ana rong dina iki.”
“Oalah, sampeyan iki putrane ta? Ora tau tumun aku mas, hehehe.” Pitakonku maneh.
“Yen sering-sering metu mengko akeh sing ngesir aku mbak, wedi aku. Hahahaha” sumaure karo guyon.
Ealah, jebul putrane Buk Las iki lucu tenan. Ganteng, sopan, tur lucu. Sasuwine aku ing warung kono, dak rasa aku lan dheweke raket banget kaya wis suwi kenal. Jenenge mas Anjar. Ginanjar jangkepe. Dheweke iku bocahe supel, ketara saka gampang srawung karo wong anyar. Ya ora heran, hlawong dheweke kuliyah uga. Jurusan Public Relations ing salah sawijine kampus swasta ing Malang.
Dina-dina sabanjure ora kaya padatan. Sesambunganku karo mas Anjar tansaya raket. Wengi iki aku diajak menyang warunge, jare arep ditraktir amarga aku wis ngancani dheweke garap tugas kuliyah.
“Mas, kepriye yen aku bae sing masak?” panjalukku.
“Hlo bisa masak ta? Hahahaha”
“Hlo... kok ngece!” aku mrengut. Mas Anjar guyu pingkel, banjur ngolehi aku masak sega goreng.
“Mas, iki sega gorenge, enggal diicipi mas, enak apa ora?”
Mas Anjar ngicipi sega gorengku. Praupane ora kepenak. Sajak kok ana sing salah karo sega gorengku. Adhuh... isin tenan aku yen rasane ora karuwan.
“Dhi Biyan, sega gorenge mambu.” Kandhane mas Anjar kanthi rupa serius.
“Hah? Ciyus mas? Mambu apa hlo mas?”
“Mambu ati mring sliramu, dhi.”
Serrr... atiku langsung mumbul kudu dakgondheli bae, wedi kedhuwuran olehe mumbul.
“Mam..mam... kepriye to mas?”
“Dhi Biyan Salfara, aku Ginanjar seneng karo sampeyan, apa gelem dadi sesandhinganku?” pitakone mas Anjar marang aku.
Aku ora bisa omong apa-apa. Mung mesem karo manthuk. Oalah ya... ana bae critane sega goreng mambu ati.

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads