KENTHONGAN
Dening: Widia Astuti
Thong... thong... thong... Swara
kenthong titir sing maune alon-alon sansaya suwe sansaya cetha keprungu ing
kupingku kiwa lan tengen. Ananging aku ora enggal-enggal alihan sa ka lincak papan sing taknggo turon,
mripatku isih kelet lan angel dilekke. Amarga mau bengi aku lek-lekkan karo
Kang Kusni, Kang Narto, Kang Dimyati lan Kang Taryo nganti tabuh 02.30 WIB,
jalaran kejatah rondha. Sejatine kenthong titir mau aweh pituduh bakal ana
bebaya. Dumadakan aku banjur mlumpat bradat mlayu metu ngomah bareng ana swara
kenthong titir maneh dsing dibarengi swara bengok-bengok lan tangis njaluk
tulung.
“Tulung... tulung... tulung.., ana
prahara lindhu gedhe,”
mengkono swarane wong-wong padha bingung ing sakjabane omah.
Swasana esuk ing desaku sing maune adhem ayem sakkal dadi gembyeng. Tujune aku
enggal-enggal metu menyang njaba omah, yen ora aku mesthi bakal kebrukan omah.
Aku dheleg-dheleg ing ngisor wit talok sing ana ing mburi omahku. Aku isih
durung percaya yen bar wae ana prahara lindhu gedhe. Atiku isih setengah
percaya setengah ora. “Apa bener iki ana lindhu gedhe kang nrajang desaku?”
pitakonku ing batin. Meh kaya ngimpi, mripatku takucek. Aku banjur nyawang
omahku sing wis rata karo lemah. Tembok, blandar, usuk, lan gentheng pada
mosak-masik sakwalang-walang. Semono uga omahe tangga-tangorau ing kiwa
tengenku, uga rata karo lemah.
“ Mar... Mar... Marni... Marni...
Aji... Aji... ?!”
Sakkal aku mbengok banter banget nggolekki sisihanku sing
tak nikahi 14 taun kepungkur lan nggolekki Aji, anakku lanang sing umur 12
tahun. Aku adus kringet. Awakku ndredheg lan bingung. Aku mung bisa mbengok
karo nangis kejer. Tangisku ora bisa tak ampet. Aku dhewe ora bisa tumandhang
apa-apa. Kajaba mung nyawang omahku sing ambruk, ngebruki Marni karo Aji. Dina
iku dina sing apes sing ora bakal daklalekake. Dina apes sing gawe aatiku remuk
sakwalang-walang. Marni sisihanku sing daktresnani lan Aji anakku lanang sing
tak gadhang-gadhang bisa nyuwarorake aku lan Marni, tiwas kanthi ora
sakmesthine. Tiwas ing sakngisore omahku sing ambruk. Tiwas kanthi nrenyuhake
jalaran prahara lindhu gedhe. Kaya-kaya aku durung bisa nampa pacobane Gusti
sing dakrasakake abot banget.
“Aku wong sing ora nduwe apa-apa,
kok diparingi pacoban kaya ngene iki?”
Aku nggresah dhewe karo ngelap luh sing dleweran saka
mripatku. Kanyatan sing takadhepi dadi krasa luwih entheng nalika ana sisik
melik sakwise para relawan, tangga teparo lan kanca-kanca aweh pambiyantu melu
nggoleki Marni lan Aji. Sadurunge, kuwi aku nggolekki Marni lan Aji mau ora
nuwuhake kasil kaya apa sing dadi kekarepku. Aku yakin menawa Marni karo Aji
isih kependhem, kebrukan omahku dhewe. Siji mbaka siji relawan lan tangga
teparo padha nyingkirake gentheng lan bata. Swara kenthong titir bola-bali
keprungu maneh saka kidul desa. Miturut katrangan sing kacathet ana ing
kelurahan, korban tiwas gunggunge ana cacah 230 wong, gedhe cilik, enom tuwa,
lanang lan wadon. Lan korban lan watara ana satusan wong. Watara rong tabuh
sakwise kedadeyan lindhu, ana swara kenthong titir sing dibarengi swara seirine
montor ambulan. Rumangsaku, swara kenthong titir lan swara sirine ambulan
sansaya suwe tambah akeh.
Atiku tambah kaya diiris-iris maneh.
Apa maneh aku durung kasil nemokake Marni lan Aji. Aku arep njaluk tulung sapa,
wong kabeh padha nandhang dhuhkita. “Pacoban kok kaya mangkene, apa iki sing
jenenge kiyamat?” pitakonku ing batin wola-wali. Aku kaya ora kuwat nglakoni
urip sing kaya mangkene iki. Sawise udakara telung tabuh, jasade Marni lan Aji
kasil ditemokake. Marni lan Aji kurungan tembok lan gentheng ing perangan omah
sisih tengah, pase ing kamar tengah. Awake sakloron kebah getih.
Aku ora tega nyawang jasade Marni
lan Aji. Kenthong titir lan sirine ambulan keprungu maneh. Saiki saka sisih lor
desa, tangga teparo bengok-bengok yen ana tsunami gedhe. Sakkal tanpa mikir
maneh kabeh warga ing desaku langsung cincing mlayu menyang papan sing aman.
Golek slamet dhewe-dhewe malah korban tiwas sing durung karumat uga ditinggal
kabeh. Mangkono uga jasade Marni lan Aji. Kabar tsunami mau jebul mung apus-apus,
ora ana kanyatane. Bareng wis rada mendha, para warga desaku bali maneh menyang
omahe dhewe-dhewe saperlu ngupakara barang-barang lan kulawargane sing wis dadi
korban lindhu gedhe kang nggegirisi.
Prahara lindhu gedhe kang nggegiris
mau wis lumaku telung taun luwih. Aku durung bisa nglalekake kedadeyan sing
gawe remuke atiku. Amarga aku kudu pisah lan kelangan salawase, sisihanku,
Marni, lan anakku, Aji. Anakku siji-sijine. “Muga-muga Marni lan Aji ing alam
kalanggengan ditampa Gusti Allah,” Mangkono panjalukku karo Gusti Allah Kang
Murbeng Dumadi.
“Sing wis ya uwis, Kang. Ora sah digetuni,
urip mono mung sakdrema kabeh mau kudu dibalekke marang Gusti,” kandhane Kang
Raji rikala ngancani aku nyekar ana pasareyane Marni lan Aji.
Aku banjur mbrebes mili. Kang Raji
ngrangkul aku lan ngejak mulih. Watara tabuh 21.30 WIB aku dheleg-dheleg
nyawang mbulan sing kaya ajak-ajak supaya padha seneng-seneng. Wengi kuwi
sanadyan dilipur karo mbulan, lintang lan swara kewan, atiku malah kaya
diiris-iris maneh. Kenthong titir lamat-lamat keprungu saka kidul desa. Aku
kelingan kedadeyan telung taun kapungkur kuwi. Lindhu gedhe sing nggegirisi.
Saben aku lungguhan ing ngisor wit talok, aku mesthi rungon-rungonen swara
kenthong titir. Mripatku loro banjur lambah-lambah, kebak luh. Aku kelingan
Marni lan Aji. Sedina sakdurunge lindhu gedhe nrajang, Marni meling karo aku
supaya ngati-ati anggonku urip.
“Kang, urip kuwi mung mampir ngombe,
mula takjaluk sing ngati-ati. Aja nganti kagoda dening hawa napsu,” mangkono sisihanku,
Marni, meling marang aku sinambi golek tuma ing rambutku.
Malah nalika iku, Marni uga ngejak
klumpuk-klumpuk dhuwit kanggo nguliyahake Aji. Ananging durung kelakon apa sing
dadi pangarep-arepe. Dheweke, sisan bareng Aji, nemoni bebendulindhu gedhe
nganti dadi lan tiwase. Saben esuk sakbubare sholat subuh, biyen Marni tansah
adang sega lan nggodhok banyu gawe wedang. Salebare sarapan aku menyang sawah,
dene Marni menyang pasar dodolan bumbon. Aji mangkat sekolah nalika kuwi,
telung taun kapungkur, sarapan durung kelakon wus katerak lindhu gedhe. Lindhu
iku misahake katresnanku marang Marni lan Aji.
BU
GURU YEN
Dening: Widia Astuti
Ing kampungku ana jeneng Bu Guru,
sing dimaksud mesthi Bu Warsini garwane Pak Marno. Bu Warsini ora dadi guru,
nanging dadi bojone Pak Marno sing dadi guru SD. Malah Bu Ratmi, Bu Tabuhilah
sing ngasta dadi guru wae ora tau diundang Guru. Undang-undangane ya mung Bu
Ratmi, Bu Tabuhilah ngono wae. Semono uga Bu Tarmi lan Bu Kasmi sing kakunge
uga ngasta dadi Guru, undang-undangane ya ora Bu Guru, nanging mung Bu Tarmi
lan Bu kasmi ngono wae.
Dadi yen ana wong ngomong Bu Guru,
sing dikarepke mesthi Bu Warsini iku. Amarga ing kampungku sing dadi guru
dhisik dhewe ya mung Pak Marno sing saiki wis pensiun iku. Senadyan Pak Marno
wis pensiun, Bu Warsini isih tetep diundang Bu Guru. Njur apa critane Bu Guru,
ya Bu Warsini iku? Critane Bu Guru iku ora duwe anak lanang. Nalika semana,
anake lima wadon kabeh. Mangka tabuhan saiki anak lima iku ya wis kepetung
akeh. Mula Pak Marno tansah ngandhani marang garwane iku, supaya melu ka-be.
Yen manut istilahe Pak Wisnu, ka-be iku yen dijawakake dadi keluwarga
rinancang. Nanging Bu Guru kipa-kipa ora gelem, amarga isih kepengin duwe anak
lanang, Nganti Pak Marno judheg.
“0, alah Bu, mbok wis trima. Wong
anakmu ya wis lima ngono. Mengko yen wis padha duwe jodho, kowe rak ya duwe
anak lanang ta? Senadyan mung anak mantu, rak ya padha wae ta kuwi ya anakmu.”
“Ya beda Pak, anak mantu kok karo
anak leh mbrejelke dhewe…”
“Bedane nggon ngendi? Apa yen anak
mantu kuwi ora gemati? Akeh lho Bu tuladhane, anak mantu utawa anak angkat kuwi
malah luwih ngerti marang wong tuwa! Coba kae, Parmanto anak angkate Pak dhe
Sastro kae, pendhak sasi sowan nggawa gula the, isih oleh-oleh bandeng, endhog,
mangka mengko yen mulih isih ninggali dhuwit. Balik anak-anake, endi sing
ngerti karo wong tuwa? Mara pendhak bakda wae sok-sok ora?!”
“Embuh gemati embuh ora, ngerti karo
wong tuwa apa ora, nanging rasane ora kaya yen duwe anak lanang dhewe, pak!
Bisa dipamerke marang liyan iki anakku sing lanang sing nggantheng, ah pokoke
aku isih kepengin duwe anak lanang!”
“Ya uwis yen ora kena takkandhani.
Wong dieman kok ora kena. Kudune kowe kuwi wis leren ora nglairake…..” Aja
maneh kok Pak Marno sing bojone Bu Guru, senadyan Pak Ketua RT, Pak Ketua RW,
apadene pak Bayan; kabeh padha nganjurake melu ka-be. Nanging Bu Guru tetep mbeguguk nguthawaton, ora gelem melu
ka-be. Pak Marno ganti pekewuh saben-saben diparani perangkat kelurahan iku.
Sidane bojone direpa-repa.
“Ya manuta pemerintah ta Bu, melua
ka-be….”
“Wegah! Wegah tenan aku pak! Wong
diaturi aku iki isih kepengin duwe anak lanang, kok dikon ka-be, pokoke aku gemang!” “Mengko dhisik ta, aku iki ora malangi
kekarepanmu duwe anak lanang, nanging aja mbangkang dhawuhe pemerintah ngono
kuwi….”
“Lha trus piye, nek ora oleh
mbangkang?”
“Dhaftarna ka-be nyang Bu Bidan, mengko njupuka pil wae! Mbok pangan pile ya
kena, ora ya kena! Ning ketoke rak wis melu ka-be,
ngono lho karepku!”
“Dadi saben sasi mengko aku nyadhong
jatah pil?”
“Ha iya! Bu Bidan rak ngira yen kowe
wis melu ka-be tenan.”
“Ya wis, nek ngono aku ngalah. Ning
aku aja mbok peksa melu ka-be tenan
lho, Pak!”
“Ora-ora! Aku ora arep meksa. Kowe
melu ka-be temenan kanthi kesadharan,
aku malah seneng, ora arep meksa…,”
Bu Guru mencep krungu tembunge sing lanang mengkono iku.
Sidane Bu Guru dhaftarake melu kabe temenan. Nanging mung ethok-ethokan. Saben
sasi nyadhong jatah pil ka-be ing omahe Bu Bidan. Nanging pil cadhongan iku ora
tau dipangan, nanging mung ditumpuk ing laci mejane. Bu Bidan ngira Bu Guru iku
wis melu kabe temenan. Nyatane nganti wektu nem sasi Bu Guru durung katon
ngandheg maneh. Nanging sakbubare kuwi, Bu Guru wis ora nyadhong jatahe pil
kabe maneh. Malah wis telung sasi dheweke ora ngaton ing omahe Bu Bidan. Mula
Bu Bidan meneng-meneng mbatin marang Bu Guru. Ya gene garwane Pak Marno iku ora
njaluk jatah maneh. Mula nalika pertemuan PKK, bab iku ditakokake marang Bu
Guru.
“Bu Guru kok sakmenika mboten
mendhet jatahipun pil kabe?” Karo klimputan Bu Guru wangsulan setengah
bisik-bisik.
“Ngapunten Bu Bidan, kula kebobolan
malih. Kesupen mboten nedha pil tigang dinten, lha kok ngandheg malih,….”
“Wooo…,ngaten ta?” Bu Bidan
mlenggong semu maido.
“Kula rumiyin lak sampun matur,
menawi kesupen mboten dhahar pil ka-be,
pendhak dintenipun dipundhobeli….”
“Wong kemutan-kemutan sampun tigang
dinten kok, Bu! Dospundi malih?!”
Nanging Bu Bidan ora arep ndedawa crita, malah batine –
priksa karepmu, ora mriksakake ya sakarepmu-, akibate mboktanggung dhewe.
Nyatane sajerone ngandheg sangang sasi Bu Guru mung mriksakake kaping pindho.
Mula ora mokal yen anggone nglairake rada rekasa. Bu Bidan ora saguh nangani.
Sidane Bu Guru digawa menyang rumah sakit, amarga mung dhokter sing keconggah
nangani. Diinfus nganti ngentekake pirang-pirang botol, bubar nglairake meksa
katon nglentrih tanpa daya amarga kentekan tenaga. Malah kober ora eling
barang. Tujune isih bisa dislametake. Ya mung rada akeh wragad sing kudu
diwetokake. “Putra njenengan estri,” ngendikane dhokter ngandhani. Sing
dikandhani ora wangsulan. Mripate kethap-kethip. Ngertia yen anake iku bakal
metu wadon maneh, athuka dheweke rak melu ka-be temenan, ora ethok-ethokan kaya
dhek emben. Bu Guru gegetun, nanging wis kebacut. Sidane kanthi kesadharan dheweke
njaluk disteril pisan. Bu Guru lagi pasrah marang panguasane Sing Maha Kuwasa
sing nakdirake dheweke ora duwe anak lanang. Bu Guru wis bisa mupus. Saiki
pepenginane duwe anak lanang genti malih dadi kepengin duwe putu lanang, amarga
anake mbarep wis omah-omah taun kepungkur. Mula pepenginane iku dikandhakake
marang Ndari sing cekel gawe dadi guru SD.
“Aku wis trima kok Ndhuk ora
diparingi anak lanang! Ning muga-muga wae anakmu mbarep iki mbesuk metu
lanang…”
“Ah, Ibuu….’ wong kula kepengine
anak estri kok!”
“Sebabe?”
“Hla inggih, anak estri menika
umumipun mboten nakal. Umur nem taun sampun saged dipunkengken…Yen anak
lanang?”
“Nanging ora kaya nek anak wadon
duwe, anak lanang ya duwe. Gandheng anakku nenem wis wadon kabeh, sirku anakmu
kuwi tak suwun metua lanang, ngono lho!”
“Ha-ha-haa, Ibu ki aneh! Wong kula
sing arep diparingi momongan, kok njenengan sing nyuwun!”
“Witikna, anak nenem wadon kabeh,
lumrah ta nek njur kepengin putu lanang?”
“Nggih mugi-mugi kadumugen kepengin
panjenengan, Bu!” Ndari – mbarepe Bu Guru iku – ngalahi rembug. Nanging batine
tetep kepengin duwe anak wadon. Temenan. Bareng jabang bayi lair, jebul metu
wadon. Ndari rumangsa lega dene anake mbarep metu wadon temenan. Kosok baline
Bu Guru sing mbrabak arep nangis. Kaningaya temen uripku! Kepengin duwe anak
lanang ora klakon, ngarep-arep putu lanang, jebul malah wadon maneh. Putune Bu
Guru wis umur telung taun. Wong wadon iku gemati banget marang putune iku.
Senadyan wadon, rasane beda momong anak karo momong putu. Seminggu wae ora
weruh putune, mesthi wis mara niliki. Malah nganti kepara nglalekake marang
anak-anak liyane. Kala mangsane padha diece dening anak-anake.
“Ibu ki jare ora seneng putu wadon,
ewadene kok kaya ora ana dina gothang, mesthi niliki putune….” ature anake
ragil.
“Hus, kowe kuwi durung ngrasakake
duwe putu, coba mbesuk yen wis diundang Mbah kakung, rasakna!” Yen wis ngrembug
prekara putu, banjur mrembet-mrembet tekan ngendi-endi. Pak Marno barang sok
melu nimbrung rembug. Geguyonan ngono iku dadi kerep kedadeyan. Bu Guru
dikroyok anak-anake lan bojone. Malah Pak Marno sing pinter dhewe mbebeda.
“Yen manut ramalanku, anake Ndari
sing nomer loro iki metu lanang bakale. Kowe nadhzar apa, Bune?” kandhane Pak
Marno.
“Embuh Pak, ora nggagas putu lanang!
Wedok ya ben, lanang ya ben!” wangsulane Bu Guru nyenthe-nyenthe, jalaran
rumangsa dibebeda dening bojone.
“Wong ditakoni apik-apik, kok
wangsulane kaya ngono” Sauntara iku ana nom-noman mudhun saka sepedha motor,
sajake kongkonane Ndari anake wadon. Mlebu ngomah langsung kandha.
“Nyaosi priksa, Mbak Ndari babaran!”
“Hah, Ndari nglairake, lanang pa
wadon?”
“Jaler!” Krungu anake Ndari lanang,
sakala Bu Guru lunjak-lunjak karo nangis ngguguk. Lagi iki pepenginane duwe
putu lanang kelakon.
Liburan
Menyang Gunung Bromo
Dening: Widia
Astuti
Sing dakelingi ning jero pikiranku
kanggo sabanjure mantepake awak kanggo melu melu mawa nglakoke dalan menyang
Puncak gunung Bromo. Sawise sadurunge nglakoni “kegalauan” akibat ora jelase
sing “bokmenawa” naleni neng guron dhuwur panggon aku menuntut elmu. Nguganana
kita karo siji tim cilik nglakoke petualangan karo jumlahe Widia (aku), Bella,
Atikhoh, Ayu. Ing ngugane, kami ana ing daerah sing beda-seje lan banjur
ngongkonake kanggo ketemu lan merdhayoh neng Mojokerto, neng salah siji omah
kanca aku sing melu andil jero petualangan iki. Saka Pandaan aku budhal menyang
Terminal Bis Pandaan. Saka Pandaan, kita diarahake kanggo munggahi bus mini
sing warga kana ngaranine karo “Taxi”. ning ongkos sing dinyangna sethithik nemberatkan
kami yaiku Rp25rb- Maklum wae, petualangan iki yaiku backpacker sing kami
lakoke neng akhir bulan. dadi luwih kudu ngirit jero mblanjakne anggaan.
Salah sijining kanca aku
berinisiatif kanggo nggoleki alternatif tunggangan liya sing luwih murah lan
langsung mungkur panggon kesebut. Dina wis tambah peteng, transportasi sing
daktumpakki ora ndang teka. Nggoleki tumpangan wis dakupadekne, ning ora siji
tunggangana arep menehake tumpangan. Karo sethithik rasa frustasi, dumadakan
sawong lanang nemoni aku. Sawise pirang-pirang menit nglakokake pacelathon lan pungkasane
dheweke nawakne kanggo nginep neng omahe. Rasa kaget, seneng, campur bingung
ing jero atiku. Sethithik curiga muncul jero pikiranku.
Zaman saiki isih enek apa ora wong
sing bener-bener becik?. Dumadakan mobil patrol polisi liwat, Bapak sing durung
kengerteni sapa jenenge kesebut nyoba Mandheorae dheweke. Nglakoke pacelathon
karo polisi sing linggih neng kursi ngarep. Embuh apa sing dheweke omongke, ora
krungu gamblang saka antara kami karone. Banjur Bapak kuwi nyeluk kanggo melu
dheweke munggahi mobil patroli kesebut.
Aku nganggep yen polisi iku arep ngirinoraen
menyang Desa Cemara Lawang, arah menyang gunung Bromo, ning jebule Bapak kuwi
nggamblangna yen mobil patroli kuwi nggawa menyang omah dheweke. Apa oleh gawe,
mobil wis mangkat lan aku menyang omah lan nginep neng omah dheweke. Banjur,
sekitar tabuh 11 awan pungkasane ngantia ing paleranan pisan, Desa Cemara
Lawang. Cemara Lawang yaiku siji desa sing menyang arah gunung Bromo lan wisata
teparo. Siji panggon palerenan wong-wong sing arep nglakoke pendakian utawa
berwisata.
Disambut saka angin adhem sing dumadakan teka
neng sekujur awak. Diimbuh cuaca gerimis sing ngimbuhi sensasi adhem. Kaanan
iki uga sing matesi nang dina kuwi kanggo terase ndaki gunung Bromo. lan neng
kene uga kami ngongkonke kanggo nggoleki panginepan lan njaorane awak kanggo
menyambut dina esok neng Puncak gunung Bromo. Sekitar tabuh 04.00 esuk aku
nganyak dalan. Rute pisan sing arep dituju yaiku pangalemake. Iki pisan sing
pengen kami lakoke yaiku ndeleng sunrise sing biyasa dilakoke neng puncak
pangalemake iki. Kuwi amergane dalan kami dianyak dini dina pisan.
Kedelok pirang-pirang wisatawan sing teka neng
kene, becik kuwi wisatawan lokal arepa mancanegara kabeh bebarengan pengen
menikmati kebecikan terbitnya srengenge didelok saka dhuwur pangalemake 1 iki.
Karo suasan sing isih gelap lan berkabut sajangkah demi sajangkah ngantia kami
neng dhuwur pangalemake. Kabut tambah tebal, samubarang sing tinunggu-tunggu
ora kunjung katon. dina kuwi ora ana sunrise sing muncul amarga tertutupi saka
segumpulan kabut tebal.
Sethithik rumangsa kuciwa sing mbokmenawa ora
mung kami, ning kabeh sing teka neng panggon kesebut rumangsakne hal den samya.
Ning ora apaa, isih ana destinasi sabanjure sing kudu kami kunjungi. Dalan
dakbanjurake menyang safana lan wedi nggrisiki. Safana yaiku siji panggon sing
bisa diomongke padhang suket sing uga manggon neng sisih gunung Bromo. Siji
kawasan sing kebak karo ijone bukit gundul. Sementara wedi berbeisik yaiku
padhang wedhi sing ping kerep angin bertiup ngobahan wedi-wedi kesebut mbentuk
swara seolah wedi kesebut lagi berbisik. Konon jeneng kesebut tercipta amarga
dhaerah kesebut didadekne lokasi syuting film sing berjudul “wedi nggrisiki” sing
dilintangi saka aktris favorit ku mbak damar Sastro Wardoyo. Saiki dadi popular
dadi salah siji panggon wisata neng Taman nasional gunung Bromo.
Sawise nglakoke ping beberapa sasi
pemotretan neng panggon-temoat kesebut, aku langsung mungkur lan anyak menyang
destinasi utama yaiku Puncak gunung Bromo. Mlaku sekitar 5 km neng tengah
hamparan badai wedi menuju sikil gunung Bromo.
Kaya kahanan neng film-film,
hembusan butiran wedhi bercampur grimis rintikan udan mawa partikel-partikel
regedan jaran dadi siji mbentuk gelombang angin sing dahsyat. Karo antara
padhang sing kewates, aku mlaku terus lan kenceng menyang ngarep menyang gunung
Bromo. Ngantia pungkasane neng jalur anak tangga sing menuju pemandangan kawah
Gunung Bromo. Atusan anak tangga dijejaki nuju puncak kawah. Iki ping kanggo
pisane gawe aku ndeleng teras kawah gunung nggeni. Aku ndredheg nalika ndeleng
menyang arah ngisor gunung.
Pinggiran kawah panggonku ngadeg
tanpa ana cekelan utawa watesan nggawe sikilku merinding kanggo njangkahake
sikil. Sethithik wae terpeleset, teras ceblok mengisor. Medeni nyat, ning kuwi
tantangane. Aku kudu wani mungsuh keweden awak dhewe. Manekne awak kanggo
lungguh ing pinggir lereng karo ora lali nglestarekne momen kesebut. Cuaca
mendung peteng lan gremis meksa misi pendakian. Lega rasane bisa nglakokake
perjalalan kesebut. Iki yaiku pambengen pisan kanggo aku mendaki gunung. lan
iki uga sing ngimbuhi semangatku kanggo nglakokake dalan lan pendhakian gunung
sing ana ning Indonesia.
Botol
Plastik
Dening: Widia Astuti
“Wis seger ya”, ngono sapaku marang
prawan setengah tuwa, bintang sinetron, sawise dheweke adus. Aku pan¬cen
nunggoni aneng kono. Nyawang olehe reresik awak. Wiwit sikatan, kramas,
sabunan, nggebyur lan babar pisan umbah-umbah panganggo jerone. Prawan iku ora
nggape, malah rengeng-rengeng tembange Didi Kempot.
Awake katon weweg. Bubar adus krasa
bingar, seger. Pancen sedina kuwi hawane krasa panas, sumuk. Dheweke ora
wangsulan. Pancen sajake ora krungu panyapaku. Sedina iki mau dheweke lagi
prei, ora ana jadwal syuting.
Wingi-wingi meh saben dina lunga, kadhang tekan bengi. Dadi bintang sinetron
seri lan disiyarake ana televisi
saben dina. Istilahe kejar tayang.
Pancen ya kesel temenan. Nanging
asile lumayan. Sebab nadyan durung rong taun dikontrak dadi peran pembantu,
saiki dheweke wis duwe sepedha-motor anyar.
Sandhangane uga tambah akeh lan apik-apik modhele. Senadyan umure wis ngancik
telungpuluh telu, nanging katon isih luwih enom. Awit awake kerumat. Rumangsaku
dheweke ya prawan lumrah. Praene ya manis, ora angkuh, ya ngerti unggah-ungguh.
Ora gampang nesu, kepara sok ngalah. Apa maneh karo Rawi, siji-sijine adhine
lanang, sing dadi bos pulsa tilpun seluler lan duwe kios cacah rolas. Nadyan
wis bisa golek dhuwit dhewe, malah wis duwe sisihan lan anak lanang siji, Rawi
kadhang isih sok mbeda mbakyune.
“Ndi mbak, tukon rokoke!”
“Jare dadi bos pulsa, dhuwit rokok
bae sambat!” Mbakyune ganti melehake, nanging ya sambi tangane ngulunorae
rongpuluhan ewu rong lembar.
“Kesuwun, kesuwun. Dhuh, pancen
mbakyuku temenan.”
“Ki daktambahi, tukokna mobil-mobilan kanggo anakmu!”
“Matur nuwun. Alhamdulillah.”
Wis ana patang pasaran aku manggon
ing kamar-mandhi pribadhine, kang cedhak karo kamar paturone. Kadadeyan apa wae
ing kono, sithik-akeh aku krungu lan ngerti. Kaya rong dina kepungkur, prawan
kuwi, iya jenenge Wuri dilamar wong saka Semarang. Jarene dhudha anak loro,
sudagar barang rongsokan nanging sugih. Dhudha mau asring nonton lakon sinetrone, suwe-suwe kasengsem. Ning ya
mbuh, kaya-kaya Wuri durung gelem. Kuwi kabeh satemene kadadeyan biyen. Watara
setengah taunan sing wis kliwat. Saiki aku wis ora manggon aneng kamare Wuri
maneh. Aku wis pindhah.
Dheweke ya wis lali marang aku. Lali
temenan. Anggepe aku wis dadi titah tanpa aji. Aku uga babar blas wis ora nate
ngerti kepriye nasibe, wis sida oleh jodho apa durung. Elingku, ing sawijining
sore, Wuri adus kramas. Aku luntak-luntak. Sakabeh sisa sing ana ing gembungku
kasuntak entek. Awakku pegel kabeh, sirahku krasa puyeng. Nanging isih
lamat-lamat krungu swarane Wuri. Ing kamar mandhi rengeng-rengeng lagu lawas,
Bujangan, anggitane band Koes Plus. “……Begini
nasib jadi bujangan, ke mana-mana, asal¬kan suka, tiada orang yang melarang
…..” Apa iku ateges Wuri pancen isih seneng dhewekan, aku ora ngerti. Saka
dayane cahya mau, aku kaya-kaya kasedhot. Kaya-kaya dijunjung mabur
sandhuwuring tlaga.
Tanggaku Ngelem Bojone
Dening: Widia Astuti
Ngelem bojo pancen ora ana eleke.
Lan negara ya ora dilarang. Tapi lek ora papan, ora empan sing ngrungokna
suwene-suwe dadi mblenger. Apa maneh terus ngelek-elek bojone wong liya, sak
tingkah polahe diwada, iku ngono jenenge dahwen salah open. Nggawe weteng
mbedhedheg. Sing bojone gelek dilecehna, dadine males melok klumpukan, anggota
arisan PKK nyelot mbrindhili. Sajane masi ora disiyar-siyarna, wong-wong wis
noraoni lek Borut ngono Arjunane kampung. Rupane nggantheng.
Praene semu bunder, rambut ngombak
banyu. Kulit-kulitane kuning kemrusuh. Nyambut gawene mapan, bayarane akeh.
Clana lan klambine ora tau lungset. Sasate saben dina ganti. Sepatune nggilap.
Tapi yen gelem metani nganti njlimet cacade ya ora kurang-kurang. Dhuwure
malang tanggung. Tegese ora dhuwur ora cebol. Pawakane ginuk-ginuk, lek mlaku
medel-medel, kaya menthog mari ngendhog. Terus lek guneman ora gelem ndelok
sing dijak omong. Ndhingkluk semu mlorok. Kabeh ya niteni, angger tabuh pitu
thet, Borut budhal sakmarine nyecep lambene Mursalia ndhik ngarep lawang. Tabuh
lima thot wis teka, terus mlebu bleng ble¬dheng, lawang jendhela totupan rapet.
Lek metu mesthi rentengan. Tau ana sing mergoki, Borut mulih rada telat.
Praene precang-precing kaya maling
krinan. Nganti suwe ngonyar-nganyer ngarep lawang, wusananne ndheprok aneng
jobin. Ora ana sing ruh tabuh pira olehe lawang. Isuke Mursalia mekanjar melok
nang kantor. Pancen kacek adoh karoTakim sing nyambut gawe melok Jasa Titipan
Barang. Saben dina klabengan mubeng kutha, ngeterna barang kiriman.
Kadhang-ka¬dhang nganti njaba kutha barang. Budhal lan molene ora ana pathokan
resmi. Beda meneh karo critane Sunar sing nyam¬but gawe ndhik toko kompan banyu
listrik. Sok-sok ana sing tuku njaluk tolung masang pisan. Sunar dilembur
nganti molih bengi barang. Saben sore wong loro iku sasate nglompuk ndhuk
warunge Kang Mul. Lek ora ngono grudugan mancing, liya sore maneh ping-pong
ndhik bale RW. He bojoku wong dhines, tapi ora tak kempit rek
“Lek nang luwar kota ngono iku
turune ndhik ndi?”. Mursalia kait ngecepret ngepasi arisan PKK sing kari mek
wong pitu.
“Losmen Rek”, bojone Takim sing
ditakoni semaur.
“Ati-ati hlo. Losmen iku nggene wong
ora genah”.
“Hala. Kate ngana kate ngene pokok
ora ndhik ngarep mataku lak wis. Sing penting bayarane mulih”.
“Tergantung wonge. Lek dhasare
crongohan masi ora ndhik losmen ya nglepek golek-golek”, Tatik melok nengahi.
“Lek aku, molih telat thithik ae
sida tak osut nganti tuntas!” Mursalia sing lek omong pancen keminter, kemeruh
ora gelem kalah. Sing krungu pating pecucu. Batine padha maido, ketara tenan
lek…..
0 comments:
Post a Comment