Friday 28 October 2016

Wiratha Parwa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 04:36 | No comments
    Sebagian cerita dari Mahabarata ialah ketika para Pandawa tiba di Kerajaan  Wiratha dengan penyamarannya. Cerita tersebut terangkum dalam Wiratha Parwa. Singkat cerita ketika Pandawa kaah memainkan dadu dengan kurawa, sehingga menerima hukuan salah satunya menyamar di kerajaan orang lain.
   Berikut rigkasan cerita Wiratha Parwa dalam bahasa Jawa.




Wiratha Parwa

Nalika Pandhawa kalah dadu lumawan Kurawa. Limang sedulur kuwi  kena ukuman nyingit rolas taun ing alas gung liwang-liwung lan setahun mlebeng kutha gedhe tanpa  ana sing ngaweruhi.  Rolas taun wus kaliwat nganti Pandhawa mlebu ing kutha Wiratha. Sejatine Kedhaton Wiratha duweke eyange para Pandhawa, amarga kena ukuman ora nuduhake yen dheweke kuwi para pandhawa.
Pambarep pandhawa, Prabu Puntadewa ganti aran dadi Dwijakangka lurah pasar. Werkudara dadi Jagal Billawa, Arjuna dadi Werhatnala wandu gru tari, Nakula, Sadewa arane Tantripala, Palaganthi dadi tukang ngarit lan ngingoni raja kaya,  lan Dewi Drupadi ganti aran dadi Emban Salindri.  Ratu Wiratha kang peparab Prabu Matswapati  lagi bingung merga wis ngiyani sadulure sing ora liya Kincaka, Rupakenca, lan Rajamala kanggo adu manungsa, sabda pandita ratu ora kena wola-wali, dadi sang Prabu Matswapati kudu bisa nganakake adon jago manungsa.
Sasuwene iki panjengane durung antuk jago kanggo ngalahake jagone Kincakarupa sing ora liya Rajamala, yen nganti ora ana jago utawa jago saka wiratha kalah, Kraton Wiratha bakal dijaluk dening Kincakarupa. Ora suwe saka kuwi Seta sowan  karo  nggawa Jago kang jejuluk Bilawa. BIlawa nyagahi dadi jagone Wiratha lumayan Rajamala. Janget cinancang wus siyap. Wong loro padha gagah perkusa lan sekti. Jejeg padha jejeg, tinju lawan tinju. Rajamala katon kalah ing kunu, sanalika kajojoh kuku pancanakane sang Bilawa ambruk Rajamala. Ora adoh saka adon-adon balane prabu Susarman gawe kisruh nyerang Wiratha. Nanging bisa diatasi dening Utara, Wratsangka, lan Seta.
Kincaka lan Rupakenca bingung amarga ngeruhi kahanan iki, kamangka Rajamala ora bakal kalah apa maneh tekaning pati yen ora mungsuh tedhak turning Palasara. Ing tengah kabingungan dheweke ngerti Kenya kang ayu sing ora liya Salindri. KIncaka kepincut marang sulistyaing Salindri. Dheweke arep ngepek bojo, nanging Salindri njaluk panyuwun. Ing tengah wengi Kincaka lan Rupakenca dikongkon teka ing cedhake tembok dhuwur ing kana ana Gandruwo gedhe, yen bisa ngalahake gandruwo Salindri bakal gelem dipek bojo.
Kincaka lan Rupakenca tekan ing tembok dhuwur, dumadak pawongan gedhe uga marani tekane wong loro. Perang antarane wong-wong kuwi. Gandruwo kuwi yaiku Bilawa. Kineplek sang Rupakenca lan Kincaka mati sanalika.
Ngastina pinimpin dening Prabu Duryudana duwe niyat ala kanggo nggempur Wiratha, diampngi prabu Susaraman padha nyerang WIratha. Utara ora saguh ngadhepi kridhane Ngastina, Werhatnala kang ngerti kahanan kuwi banjur gage njupuk telung piandel sing dibungkus disingitne ng wana. Kang Kapisan lumawan Prabu Karna. Kapindo nyerang para wadyane Ngastina. Mundur sanalika. Susarman lumawan Prabu Matswapati. Padha lungite lan kuwate, amarga kalah prigel Prabu Matswapati kalah semaput, den tulungi kalawan Bima. Prabu Susarman ora bisa nandingi kridane Bilawa.
Musuh kabeh kang nggempur Wiratha padha mundur, Prabu Matswapati nganakake sukuran lan ngaturaken agunge panuwun dhumateng Gusti Kang Akraya Jagad. Kanggka njlentrehake yen sing mundurake Ngastina kuw adhine Werhatnala lan sing ngalahake Prabu Susarman kuwi Billawa. Prabu Matswapati duka sanalika kinepruk mustakane kanggka. Getih putih tumetes. Bilawa lan Salindrii marani lan nggawa Kanggka metu saka sitinggil. Utara njlentrehake menyang rama yen sejatine lurah pasar Dwijakangka kuw Puntadewa, Bilawa jagal ing desa pajagalan kuwi Werkudara, si Wandu guru tari ora liya Arjuna. Tukang ngarit lan ngingoni rajakaya kuwi Nakula lan Sadewa. Embane dewi Utari sing jenennge Salindri kuwi ora liya Dewi rupadi. Sedih ngrungokake andharan saka Utara. Prabu Matswapati getun banget merga wis ngepruk sirah putune dhewe, Sang prabu anyusul putune lan menehi bebana kang gedhe, Kraton Wiratha saguh ngewangi Panddhawa kanggo perang Bratayuda lan si Utari diwenehake marang Arjuna sing bakal dadi garwane Abimanyu.

Total Pageviews

anti block

G.ads