Sunday 18 January 2015

AKU MUNG ISA MENENG - dening Wisnu

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:15 | No comments


AKU MUNG ISA MENENG

Seminggu kapungkur
Aku katekan cilaka
Rong polisi nggedor lawang ngarep omah
Ginawa pistol karo kecrek
Nuding-nuding saben sirah
Pating bengok swarane
Ambengok jenengku

Aku mung isa meneng wae
Aku ndingkluk ra wani nyawang
Mripat wong padha nglirik aku

Nalika kinecrek tangan sakloron
Nalika kagiring polisi
Sajaba omah padha kaget
Nyawang sliraku
Dulur-dulur isin ngerti patrapku
Aku mung isa meneng wae

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads