Rembulan
Kulon Kos
Dening:
Choiria Fitriyanti
Esuk
iki isih peteng, bagaskara biru kae nggawa angin silir-silir teka kiwaku.
Nggawa
kangene ati saka kulawarga ing omah Kenduruan. Omahe wong tuwaku sakloron.
Rembulan ing kulon kae saya katilep
mendhung.Ujug-ujug hapeku muni, entuk
tilpun saka bapak.
“Assalamualaikum, wis tangi
sampeyan?” pitakone bapak ngintrogasi. Amarga biasane aku yen tangi turu
saora-orane luwih saka jam lima, hla iki durung ana jam lima bapak wis tilpun.
Biasane yen wong tuwaku tilpun iki ana apa-apa. Apa maneh iki isih esuk, wediku
ana kabar sing ora nggenah. Muga wae ora ana perkara apa-apa.
“Waalaikumsalam, sampun,
Pak.”Wangsulanku nganggo swara rada banter ora kaya pas tangi turu.
“Lagi apa iki?”
“Sinau, Pak,” wangsulanku karo
nglereni nggarap tugas saka dosen. Tugas sing rumangsaku paling abot ing
semester iki saliyane tugas matakuliyah Ngomong yaiku nggawe cerkak. Kaya
ngecet plavon, angel. Kudu mikir keras, amarga aku paling kangelan banget yen
dikon ngarang. Yen ora golek kaanan sing paling penak, ora bakal oleh
inspirasi.Pancen ribed musuh aku.
“Aqila wis teka, Ndhuk.” Ponakanku
wis teka saka Jakarta. Ponakan saka mbak yuku sing saiki wis urip ning Jakarta karo
bojone. Saktemene aku wis ngerti kabar arep mulihe mbak yuku. Sadurunge kuwi
aku, bapak sarta ibu jan-jane arep lunga menyang Jakarta. Wis nduwe rencana
arep budhal sawise aku ujian iki. Banjur golek tiket bis seminggu sadurunge
lunga. Hla kok ora sida.Amarga bapakku lagi gerah jantunge. Ibuku kuwatir yen
ana apa-apa ning dalan.Mengko repot kabeh. Bapak ibukku wis ngempet kangen
marang Aqila wis suwe. Yen ditilpun mbakku mesthi nangis krungu swarane Aqila
sing nyauti yen ana ibune tilpun. Ngerti kabar ora sidane bapak ibuk tindak
Jakarta, aku diutus mbakku lunga menyang Jakarta dhewe. Sapa wani jal?
“Alhamdulillah, kapan Pak dugine?”
“Sajane wis wingi esuk, nanging lagi
diterna Pak Rasmadi gek bengi.”Pak Rasmadi kuwi besane bapak, daleme ora adoh
saka omah. Wong mbak yuku jodhone karo wong kecamatan tangga.Adohe mung pitung
kilometer teka omah.
“Iya, Ndhuk. Mambengi wis bisa guyon
karo ibuk. Sadurunge dheweke pangling karo bapak ibuk. Dililingi dhisik dijak
guyon nganti saiki wis bisa ngeklek-ngeklek. Mambengi lagi guyonan ning kamar, hla kok bapakmu
meri, melu-melu nglumpuk sakamar dadi wong papat.” Ya lumrah jenenge wong tuwa
sing wis nduwe putu ditinggal adoh wis pirang-pirang sasi, mesthine ya ngrasa
kangen. Apa maneh aku, kangen nganti setengah urip, mung bisa nyawang liwat
poto kang dikirimake Mas Yunan, bojone mbak yuku, liwat be-be-em. Potone sing
lucu-lucu kuwi sing marakna aku kangen. Ana sing lagi nggawa balon, dolanan
buah-buahan saka plastik, poto trantanan ning tembok nganti potone dheke sing
krukuban dhastere ibune.
Aku ora bisa mulih amarga saiki lagi ana
ujian ing kampus. Dhuh, ora bisa yen sinau sarwa kangen ing jero ati. Apa maneh
yen durung mangan, saya ora bisa sinau, hehe.
“Wis ya, Ndhuk. Sinaua sing tenanan.
Bapak, Ibuk, Mbak Oci ndonorana sampeyan muga diparingi kelancaran. Ndang
dibacutna sinaune, Assalamualaikum” olehku ngrungokna karo mbrabak krungu
tetembungane ibuk sing kaya mangkono.
“Nggih, Waalaikumsalam,” wangsulanku
karo mbrabak ngempet nangis. Swaraku tak empet ben ora kaya wong nangis.
Ya kuwi ngendikane ibuk sing mesthi
nggawe aku nangis.Pangarepane ibuk sing dingendikana marang aku, aku mesthi
nangis. Aku ngrasa yen isih bodho, isih njaluk terus marang wong tuwa. Kadhang
aku takon karo awakku dhewe, kapan aku bisa mbalikke dhuwite wong tuwaku
salawase nguripi aku nganti seprene? Nganti saiki wae isih ngathong.
Rembulan ing kulon kae saya katilep
mendhung. Kaya mripatku iki kang kebak eluh. Rasa kangen marang wong-wong omah
saya ndadra. Wis pirang-pirang sasi ora ketemu Aqila lan mbak yuku. Sing kabare
tanggal papat wingi nganakake acara ambal warsane Aqila kang kapisan, ing
Jakarta. Dikirimi poto saka Mas Yunan. Aqila lungguh ing dhuwure kursi endhek
sing empuk. Dikubengi dulur-dulure, mara sepuhe Mbak Oci, karo Mbak Oci sing
nggawa kue tart gambar Hello Kitty rupa putih. Aqila katon seneng ing jero poto
iku.Upama wae aku ana ing kono wektu iku.
Penginku saiki ndang bar ujian,
ndang mulih. Wis ngempet banget pengin ketemu Aqila.Rencana minggu ngarep aku
arep melu mbakku balik Jakarta. Beneran aku ya wis wayahe libur kuliyah
semester iki. Muga wae Mas Yunan ngajak aku jalan-jalan menyang koutha. Aku wis
lali rupane Jakarta. Wis lali ambu hawa regede Jakarta.
Rembulan ing kulon kae wis ora katon
katilep mendhung. Wis ilang kasinaran srengenge saka wetan.
Keplok
Tangan Sitok
Dening:
Choiria Fitriyanti
Hawane kipas angin nggawe rambute Andin
sing diore padha mblundhet. Panase kutha Surabaya meksa sekabehe manungsa ing
kene kudu nduwe kipas angin. Apa pengin adus kringet saben dina?
Selambu setengah mbukak, guling ing
pojok kulon, bantal ing pojok wetan, laptop ing ndhuwur bantal, handbody,
jilbab, kaca, padha morak marik ana ing dhuwur kasur ing kiwa tengene Andin. Ya
wis kaya mangkono polahe bocah kuliyah. Polah-polah yen gugup mangkat kuliyah
sing jarene ora ana dhosene, sing jarene ora sido ora ana dhosene, sing kakehan
tugas, sing tugas dikumpulna ndadak, wadhuuuh…
Dina iki rasa mangkel ing atine Andin
wis krasa kebak. Ora kaya ing Tuban rong taun kepungkur.Yen kakehan pikiran
mesthi mlayune menyang pantai, amarga kose Andin biyen cedhak karo papan
wisata. Yen wis ing pantai, dheweke mesthi ngajak kancane sing jenenge Valen
mberok sabanter-bantere, nganti kabeh wong padha ngawasi wong loro kuwi. Ora
mung kuwi, Andin karo nangis, ngetokake sakabehe beban pikiran lan ati sing
nggandhol. Saiki wis jarang kepethuk. Dheweke karo Valen wis beda kampus,
kampuse ya lumayan adoh saka kampuse Andin. Yen dheweke curhat menyang Valen,
mesthi ngajak metu. Winginane sempet ngajak menyang taman bungkul sing panggone
ing tengah-tengahe kampuse Andin karo kampuse Valen. Nanging ora sida amarga
Valen ora ana kancane sing ngeterna. Valen ya isih ora wani lelungan dhewe ning
kutha yen dhewean. Yen Andin ya oke oke wae. Sepedha ya wis cumepak. Dhewean ya
ora dadi perkara, SIM ya wis ana. Kari budhal, hla kok ora sida.Ora sida ngilanorae
beban karo Valen.Pungkasane ya ngajak kanca kose ngopi. Ngopi ing pinggir dalan
wis lumayan ngilanorae sumpeking uteg. Angin sumilire sing nggawa bebane.
Wektu rong taun kepungkur iku pancen
pas atine Andin lagi lara. Medhotake sesambungan karo pasangan ati. Arep piye
maneh nek ora dipedhot wae yen pasangan ati cedhak karo wong liya? Apa maneh
ora tau pethuk saben dina amarga beda sekolah.
Yen Andin seneng karo wong iku
biyasa wae, ora tau nganti kaya yen pedhot nganti arep mateni uripe dhewe ngono
ora tau. Amarga ya durung wayahe tenanan.Padha karo ngendikane ibune yen
dheweke ora oleh pacaran dhisik.Dheweke ngregani ngendikane ibune, jenenge wong
tuwa mesthi eman karo anake.Wedi yen anake kenek apa-apa.Isih kelingan nganti
seprene kepriye ngendikane ibune nalika dheweke konangan nduwe pacar.
“Ora usah pacaran dhisik, isih cilik
kok wis pacaran. Masak durung isa ngono kok.Yen sampeyan wani pacaran.Ndang
matur menyang ibuk, dakrabekke pisan gelem?” mak dheg. Andin meneng wae ora
mangsuli. Dheweke ngrungokna nganti bar banjur mlayu ning jedhing nangis.
Nganti seprene wis ora tau mbaleni maneh. Kaya rasa trauma numpaki sepedha yen
bar tiba.
Dina
iki rasa mangkel ing atine wis kebak.
“Apa salah nduwe kanca
sing nyenengi wong sing daksenengi?
Apa salah nyenengi wong sing disenengi
kanca dhewe? Apa salah aku urip ing cedhak kancaku lan wong sing daksenengi?
Apa salah aku kuliyah ing kampus lan sakelas karo wong sing daksenengi? Apa
salah aku nduwe rasa seneng marang wong kuwi?”Andin nguda rasa jroning ati.
Iya, pancen.Andin seneng karo kancane
sing sakelas karo dheweke. Nanging, kanca sakelase sing jenenge Mira kuwi ya
seneng Aji. Kamangka Mira wis nduwe pacar, tapi yen disengorai kanca-kanca pas
cedhakan karo Aji dheweke ora ngendha yen dheweke nduwe pacar, malah mesam
mesem. Jan-jane dheweke bocahe ya apik, ning geneya malah kaya mangkono.
Andin mung bisa mendhem rasa. Dheweke
ora wani ngomong. Yen ana Aji dheweke nyolong nglirik menyang Aji. Saking
kerepe nyawang Aji, Andin lagi nyadhar, dheweke nyedhaki sapa wae. Kabeh
dicedhaki, kalebu si Mira.
“Banjur aku kudu kepriye?Kudu ngomong
marang kancaku yen aku seneng karo kancaku lanang kuwi?Apa aku kudu ngomong
marang kancaku lanang yen aku seneng karo dheweke? Ya ora bakal, raiku arep dak
pasang neng ngendi?”Andin nglanjutna nguda rasane dheke ing jero jedhing karo
berak-berok.Nganti mbak kose melu nyauti.
“Dhek, ora apa-apa ta?Sehat?”
“Sehat kok mbak.Cuma kentekkan obat
wae.”
“Iki hlo, Dhek, baygonku isih kok.”
“Nggih, Mbak. Matur nuwun sampun
ditawani.”
Guyonane mbak kose Andin lumayan nggawe
dheweke rada mesem senajan ning ati isih krasa lara. Rasa tresnane bakal
disimpen salawase ing jero ati, senajan si Aji ora tau nggatekkake dheweke.
JODHO?
Dening:
Choiria Fitriyanti
Tika mesthi kesepen yen dina Jumuwah,Setu lan
Minggu. Amarga kuwi dina libur kuliyah. Minggu iki dheweke ora mulih amarga
wong tuwane lagi ora neng omah. Tapi bejane dheweke ora dhewean neng kos.
Amarga biasane yen akhir minggu kaya mangkene kanca-kanca kose padha pulkam
(pulang kampung).
“Seprene
nggonku ngenteni janji, iku prasetyane ati,..” Tika nyanyi Lungiting
Asmara ing jero kamar.Pancen dheweke senengane nyanyi. Bah apik bah elek, bah
lagu jawa bah lagu barat, nyanyi sakarepe dhewe.
“Ciyee, ngenteni janjine sapa ta,
Tik?” mbak kose sing jenenge Asih nyauti.
“Sapa ta Mbak, ora sapa-sapa. Ora
gableg pacar aku,” wangsulane Tika karo sok promosi.
“Tak kenalna kancaku ya Dhik?”
“Iya ya ora apa-apa Mbak” wangsulane
karo rada nggodha, alise diunjuk-unjukna.
“Tapi sapa ya? O, ana Dhik kancaku
basket jenenge Irfan, bocahe nggantheng sugih pisan. Dheweke ya jomblo
hlo.”Mbak kose Tika siji iki pancen kenalane lanang akeh amarga dheweke kuliyah
ing jurusan olah raga.Kamare jejeran karo kamare dheweke.
“Kenalna ya ora apa-apa, Mbak.Kenal
thok hlo ya.”
“Wis ta la, luwih teka kenal rak ya
apik.”
“Nek aku ya santai wae mbak.”
“Sok minggu ngarep dheweke arep
dolan mrene hlo. Ayo melu aku marani dheweke menyang terminal banjur
jalan-jalan.”
“Emange bocahe kuliyah ning ndi hlo
Mbak?Anoraatan pira?”
“Ning Malang. Saangkatan karo aku.”
Atine Tika seneng banget.Wis suwe
dheweke jomblo.Bakal ketemu karo arek lanang iku rasane kaya mumbul ing
awang-awang. Dheweke awit mbukaki akun ef-be-ne
Mas Irfan iku.Ternyata nggantheng tenan bocahe. Dideleng saka foto-fotone,
dheweke seneng mbolang (dolan menyang panggon-panggon wisata). Padha kaya Tika,
dheweke ya seneng yen mbolang, apa maneh yen numpak sepedha montor. Tinimbang
numpak-numpak bis ora bisa bebas.
Seminggu bacute, Tika karo Asih marani Irfan nggawa
sepedha montor dhewe-dhewe ben mengko Irfan numpak sepedha dhewe banjur Tika
karo Asih.Hla kok tekan tengah dalan Tika kesasar.Asih nilpuni Tika ora
diangkat-angkat. Nganti setengah jam Asih karo Irfan ngenteni ning terminal.
“Teka ngendi wae toh Dhik iki mau?”
takone Asih karo gumun.
“Kesasar hlo mbak mau, ora
thuk-thuk. Muter-muter kene hlo mau, kok lagi ngerti sampeyan wis entuk telung
puteran.”
“Kok ya ana-ana wae toh sampeyan
iki. Iki hlo kenalna Irfan. Fan, iki adhi kosku.”
Tika lan Mas Irfan salaman.
Dheweke ketok banget yen salah tingkah,
nganti kesasar barang. Apa maneh Tika lagi sadhar yen dheweke lali ora nggawa
surat sepedha montor, banjur piye carane arep mlaku-mlaku. Hla mengko yen
ketilang pulisi?Paling perkara grogi arep ketemu Mas Irfan, nganti lali
sakabehe.
Teka terminal, wong telu kuwi banjur
mara menyang mall sing cedhak karo terminal kuwi. Gara-gara ora nggawa surat
sepedha montor bingung arep menyang ngendi panggon sing parkire ora njaluki
suret sepedha montor, pungkasane menyang salah siji mall sing cedhak karo
terminal. Mlaku-mlaku thok ing jero mall. Kesel mlaku-mlaku banjur tuku es
dibayari Irfan. Banjur golek panggon lungguh amarga wis padha kesel.
Sasuwene lungguh ing foodcourt kono crita akeh banget.
Pranyata dheweke ya pemain tenis meja padha kaya Tika sing awit cilik dilatih
bapake dhewe dolanan tenis meja ing omah. Irfan saiki magang ing pabrik sing
ana ing Pasuruan. Dheweke cerita yen kerjane mung ngawasi pekerja pabrike thok.
Sing crita mung Asih karo Irfan. Tika mung ngrunorana wae, amarga dheweke
bocahe meneng. Ora obah yen ora disenggol.
Metu teka mall banjur golek mangan
sing searah karo dalan mulih amarga ora nggawa surat kendharaan. Mangan
penyetan ya dibayari karo Irfan, kurang apa coba. Ing panggon mangan kono
nyusul kanca lanange Irfan.Mengko rencana Irfan arep turu neng kancane kuwi
mau.
Sesi mangane wis bar, hla kok udan.
Ngenteni terang karo crita-crita. Mesthi sing crita dudu Tika tapi Asih. Tika
mung nglirik-nglirik saithik thok karo ngempet pedhes.
Udane wis terang, padha mulih
dhewe-dhewe. Tekan omah Tika diwenehi Asih pin bebeeme Irfan.
“Piye Dhik, nggantheng kan?”
“Iya Mbak, lanang kok ora
nggantheng.”
Awit saka kuwi Tika karo Irfan be-be-em-an. Mung awet rong minggu thok be-be-em-an, saiki wis ora tau maneh.
Mung dadi isi kontake Tika thok. Tika ya wis ngerti lan paham. Yen pancen jodho
rak ya bakal dicedhakke karo Gusti kang Mahaasih.
Surabaya – Tuban
Dening:
Choiria Fitriyanti
Kuliyah dina Jumuwah iki pancen nganyelake. Jadwal kuliyahe ana loro. Jam 7-9 banjur kuliyah maneh jam 1-3 awan. Sing jam pertama iki kuliyahe Kajurku,
Aku ora tau ora mlebu.
Yen sing awan iki, kuliyah PKn, dosene jarang mlebu. Apa maneh jadwale kuwi,
wayahe mahasiswa pulkam kok ana jadwal kuliyah. Ya mesthi sepi mahasiswa.Apa
perkara dosene ya pulkam kok ya jarang mlebu?
Dina iku aku wis nduwe rencana arep
mulih rada isuk mula aku mbolos kuliyah PKn. Aku wis kangen banget karo bapak
ibuk. Bapak ya wis kangen banget marang aku. Yen ora ndang age nuruti wong tuwa
iki rasane ora kepenak banget. Apa maneh yen saya sore olehku mulih. Mengko
tekan Bulu, Tuban ora ana colt
menyang Jatirogo. Aku ya mesakke yen mengko malah ngrepotke bapak yen nyuwun
marani adohe 20 kilometer luwih.Apa maneh bapak lagi gerah jantung. Eman banget
aku.
Kuliyahe pak kajur wis purna, aku
mulih menyang kos tata-tata apa wae sing arep dakgawa mulih omah. Sing mlebu
tas ana tugas-tugas kuliyah, klambi, sarta uba rampe make up. Rencana aku mara terminal Bungurasih arep sepedhahan.
Sadurunge aku ora tau nitipake sepedha ing terminal. Nanging aku mburu cepet
supaya cepet tekan omah. Yen leren ngenteni angkot bakalan nganti sore tekan
omah.
Tekan terminal Bungurasih, aku nitipake
sepedha lan helmku. Karo sing njaga, aku diwenehi karcise thok, mbayare keri.
Banjur aku nggoleki bis jurusan Semarang. Dakturut panggone jumejere bis,
Banyuwangi, Malang, Medura, Semarang.
Bis Surabaya-Semarang sing
daktumpaki berangkat tekan terminal setengah suwelas. Aku golek kursi kosong,
amarga karo arep ngerjakna tugas sing dakgawa. Amarga yen wis tekan omah,
mesthi ora kegarap. Kalah karo tivi.
Olehku nggarap krasa kepenak, amarga akeh inspirasi yen ana ing panggon sing
ngolah ngalih. Garapanku saya lancar katekan pangamen. Swarane lumayan penak,
apa maneh nyanyi lagu Sandiwara Cinta karo Selimut Tetangga. Yen bisa melu
nyanyi iku rasane melu seneng.
Tekan Gresik, aku dijejeri wong TNI,
rada ngrasa aman yen sing njejeri wong lanang sing apik. Gang sedhiluk aku
keturon, tangi-tangi wis tekan Stadion Surajaya, Lamongan.
Awit budhal aku ora krasa arep ana
apa-apa. Tekan Tuban sing wetan, dhaerah Pakah, mak cethar. Kaya ana barang
beling pecah. Sakala wong sabis padha ngawasi aku. Wong TNI sampingku praupane
katon syok.
“Mbak, kaca sandhinge sampeyan.”Pak iki
ngendika ora cetha ora karo ngawasi aku, malah ngawasi kaca.Sakala aku mlenora.
“Astaghfirullahaladzim!” aku kaget.Kaca
samping tengenku mlantar kari pecahe. Kaca sing awite utuh dadi siji, saiki
dadi pirang-pirang cuilik-cilik. Tapi bejane kok isih kanthil utawa isih
manggon ing panggone. Durung nganti pecah. Wong TNI jejerku pindhah menyang
ngarep.Aku pindah ing kursi jejerku. Karo penumpang bis kacane kon nutupi wae
karo selambu.
Ternyata kacasampingku pecah gara-gara
diantem watu karo wong ora waras. Jenenge wae wong ora waras. Ya sakkarepe
dhewe. Tapi aku mikir. Kok isa tepak thuk bis ya? Padhal kan bis sing tak
tumpaki ora mandheg. Apa maneh sing nggawe aku kebak pitakonan, punjere utawa
panggon nganteme watu kuwi mau, tepak banget yen mara ning aku. Ora ngarepku
utawa ndhuwurku. Mungguh kacane ora kuat utawa olehe ngantem luwih banter, apa
dadine raiku tekan omah? Alhamdulillah Gusti Allah isih maringi aku keslametan
lan kabegjan.
Bar kadadean iku, ngantukku sakala
ilang. Pranyata numpak angkutan umum ya akeh bebayane.Nganti tekan Bulu, Tuban
atiku isih plas-plasan. Tekan kene aku mudhun, esemes bapak yen aku wis tekan
kene. Aku ngenteni colt rada suwe amarga penumpange ya saithik.Tekan ndalan
udane deres. Aku ora bisa mbayanorae yen iki mau aku nyuwun mapag bapak, apa
ora bahaya?
Tekan Jatirogo isih udan nanging ora
pati deres. Bapak wis ana ing terminal Jatirogo. Tekan omah, aku crita marang
bapak ibuk.Ekspresine kaget banget.Ibu ya ngendika yen bejane iki mau kok aku
ora ngapa.Gusti ingkang Murbeng Dumadi isih eman karo aku.
Kanca Lawas
Dening:
Choiria Fitriyanti
Biyen
aku ora percaya yen ana crita ing film-film kok bocah lanang lan wadon kekancan
awit cilik kok gedhene bisa nikah. Kaya piye rasane bisa bareng-bareng karo
wong siji sing disenengi nganti tuwa. Apa ora nduwe rasa bosen saben dina
nyawang?
Aku nduwe kanca lanang. Pisanan kenal wayah SD kelas
enem. Sadurunge ujian, aku dileske
karo bapakku menyang guru SD sing daleme kecamatan Jatirogo kenalane bapake
kancaku sing jenenge Mbak Sinta. Mbak Sinta kuwi kancaku
kawit TK. Guru SD iki
paring asma Pak Muslimin. Ing daleme Pak Muslimin, aku, Mbak Sinta lan Roni les
saben sore bar ashar. Ing daleme Pak Muslimin wis disediani panggon les lan
mushola cilik sing kira-kira cukup kanggo wong limalasan.
Pak Muslimin kagungan putra jenenge
Fandi.Dheweke ya sapantaran karo aku. Dheweke ya melu les ning bapake amarga
kanca-kanca sakelase ya padha les marang bapake. Pak Muslimin tak akoni
pawongan sing pinter mulang. Iya lah, kan guru. Kulawargane padha ngerti agama
kabeh. Garwane Pak Muslimin guru MA ing Jatirogo.
Saben berangkat les, aku bareng karo
Roni, tangorau. Mbak Sinta sing omahe beda desa karo aku diterna bapake. Yen
les, aku mesthi nggawa rukuh, menisan sholat ing musholane Pak Muslimin. Ing
mushola kuwi ya ana tanggane sing melu sholat jamaah. Pas wayah wudhu mesthi
aku lan Mbak Sinta disenggoli Fandi karo Roni. Pas wayah sholat mesthi durung
ana bocah liyane budhal les amarga omahe cedhak-cedhak. Aku lan cah loro kuwi
mesthi budhal dhisik supaya ora keri.
Amarga kulina kepethuk, aku seneng
karo kancaku sing jenenge Fandi kuwi. Nganti lulus SD, banjur sekolah SMPwis
beda sekolah. Nanging aku lan Fandi tetep ana komunikasi nanging ora kerep
banget. Wayah SMA dheweke balik nyedhaki aku maneh. Awit es-em-es nganti ef-be-an.
Ngajak metu menyang pantai awit dheweke ngerti yen aku seneng yen dijak ning
pantai. Pantai iku kaya surga donya. Angin laut nggawe tentreme ati, apa maneh
yen banyune pas rupane biru rasane pengin slulup.
Pungkasane aku lan Fandi janjian
arep menyang pantai Bulu nanging nggawa sepedha dhewe-dhewe. Ora kena
goncengan, mboten pareng. Yen lagi pethukan langsung, dheweke meneng banget
padha kaya aku. Dadi ing pantai kuwi aku karo dheweke omongan kena dietung.
Kira-kira limang menit pisan.
Ora suwe-suwe aku lan dheweke ing
pantai, langsung balik mulih. Tapi ning dalan alon-alon karo ndhelik-ndhelik
nglirik liwat kaca spion. Yen aku lagi ning ngarep, aku nyawang spion.Yen aku
ning mburi, dheweke ngawasi spion. Yen dheweke ning ngarep aku nyolong-nyolong
mesam mesem dhewe amarga seneng bisa metu karo Fandi. Apa maneh aku ora tau
bisa metu yen idin sabenere karo wong tuwa. Dadi aku alesan arep dolan ing
omahe kancaku wadon sing omahe Jatirogo. Yen ngerti aku metu karo bocah lanang
sido-sido aku ora dadi wong maneh.
Lulus SMA, dheweke nglanjutke
sekolah menyang Bali, aku ning Surabaya.Dheweke sekolah STAN dibayari Negara.
Penak banget uripe wong sing bener-bener pinter. Ora kaya aku. Bisa apa ta aku?
Mlebu jurusan ipa ing SMA wae ora isa pelajaran IPA, saking bodhone apa saking
apane?
Aku kuliyah ing Surabaya njupuk
jurusan basa Jawa. Dheweke ning Bali
mlebu Perpajakan. Kontras banget tujuanku lan dheweke. Apa bisa aku kekancan
mesthine luwih teka kekancan karo dheweke yen tujuane adoh banget kaya ngene?
Saktemene aku isih nduweni rasa kanggo dheweke.Amarga dheweke ya ora pacaran
karo sapa-sapa. Muga wae temenan.
Wulan kepengker, aku ketemuan karo
Fandi, nganggo alesan acara traktirane dheweke. Amarga dheweke mlebu ing
STAN.Aku ditraktir maem bakso ing cedhake masjid ing Jatirogo.
“Piye Mbak kabare?” awit kae dheweke
yen nyeluk aku masthi mbak. Pancen
umure dheweke luwih tuwa aku saithik, padhal mung kacek telung wulan.Aku wulan
Maret dheweke wulan Mei.
“Alhamdulillah apik kok, lha
sampeyan?Ethok-ethok basaku sok nganggep dheweke dadi adhiku.Padhal ya pengene
dadi masku ngono.Apa maneh dheweke saiki tambah dhuwur lan tambah lemu. Nanging
ya aku tambah dhuwur ben ora kalah karo Fandi, hehe
Sabanjure aku omong-omongan karo
mangan bakso. Adhep-adhepan. Sabenere ya ana rasa isin. Hla piye maneh, ya
kudune manut imam, hehe. Omong-omongan mbahas perkuliahanku lan perkuliahane.
Pranyata dhweke kuliyahe mung setaun. Minggu ngarep dheweke penempatan ning
Jakarta. Minggu ngarep aku ya arep menyang Jakarta. Tepakan banget. Nanging aku
karo dheweke menyang Jakarta ora pas ning Jakartane. Dheweke menyang Tangerang,
aku menyang Bogor. Pungkasane ya ora mungkin ketemu. Dheweke budhal Minggu aku dina Senin. Muga wae aku mbesuk
wayah dheweke mangkat, aku bisa ndhelik-ndhelik niliki dheweke ning halte
ngenteni bis.
0 comments:
Post a Comment