Sunday 18 January 2015

UDAN SURABAYA - dening Devi

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:10 | No comments


UDAN SURABAYA


Nandhang kapang kaya mangkene,
lir wayah koktinggalne,
tansah daksimpen jroning dhadha
dadi crita kanggo bali menyang desa.

Saiki aku nandang wuyung
ning dudu marang kowe sing daksanjung
uga dudu marang biyung.
Aku nandang wuyung
marang mendhung
marang udan grimis
dudu udan tangis
udan sing bisa ngebaki segara
udane Surabaya.
                                                                

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads