Sunday 18 January 2015

KEBACUT - Dening Devi

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:11 | No comments


KEBACUT

Pedhes-pedhese lombok,
isih pedhes omonganmu marang aku.
Pait-paite wedang tanpa gula,
luwih pait omonganmu kang gawe lara.
Sak senengmu!
Dakumbar bae kabeh polahmu,
molak-malik omongan saka kasunyatan,
aku wis tau!!
Dak anti bae kapan kowe bakal ngrasakake,
runtuhing mega ing donyamu.
Apa kowe isih ngrasa sombong?
Ya kebacut!!

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads