Dhuwit Limangewu
Dening: Desika Yeni Alfiani
Esuk-esuk
Simi mangkat menyang kampus mung arep ngumpulake tugas. Saka kos, Simi durung
nyarap, dadi luwe. Untung wae ana bakul bakwan neng ngare pinggire Fakultas.
“Pak, bakwan setunggal, goreng sedaya!” Simi ngomong marang bakul bakwan. “Oke
mbak” semaur bakule. Banjur, Simi ngetokake dhuwit seket ewu seka sak kathok
dhawa kothak-kothak.
“Niki
mbak,” clathu bakule. Simi menehi dhuwit seket ewu mau. Bakule malah bingung
pas entuk dhuwit seket ewu kuwi.
“Lha mbak,
kok dhuwite gedhe banget, dhuwit pas mawon mbak. Mboten wonten susuk e mbak.”
clathu bakule maneh.
“Waduh
pak, mboten wonten.” semaure Simi karo mriksa neng dhompet sing digawa. Mung
ana dhuwit satus ewuan loro karo ewon siji.
“Owalah,
yo wis mbak. Tak nggolek susuk sek yo mbak.” semaure bakul bakwan kawi karo
mlaku menyang kanca bakul, ana bakul siomai, cilok, pempek, es cau lan ana akeh
maneh bakul neng kono.
Dumadakan,
Simi krasa hapene getar neng sak sebelah kiwane. Langsung dijupuk hapene.
Jebule ana telpon saka kanca akrab jaman SMA, yaiku Sasa.
“Halo Sa,
ana apa e?” pitakone Simi ora mawi basa-basi.
“Mi, ana
kabar sing pentiiiiiiing buangeeett.” semaure Sasa rada lebay. “Aku entuk nomere Mas Jono! Arep ora kowe ki?”. Krungu kabar
kaya kuwi, raine Simi langsung padhang, mripate ugi kinclong, atine sumringah.
“Tenanan
iki Sa?” pitakone Simi.
“Yo
tenanan iki Mi. Cepet lho catet saiki ya! Banjur di sms mas e. Aja kesuen, Mas
Jono ki sedhela maneh pindhah menyang Jakarta. Pokoke kowe kudu cepet ngomong.
Istilaeh menyatakan cinta. Hehehe…
Sedurunge kabeh telat lho!” Sasa negasaken Simi kanthi nyemangati.
Eh ya, Mas
Jono kuwi wong kang disenengi Simi seka SMA kelas telu biyen. Tapi, Simi nganti
wis kuliah ora ngerti nomer hapene Mas Jono. Mas Jono kuwi kakang kelase Simi
lan Sasa.
“Iya,
iya!! Tak cathet. Duh neng tas mung ana pulpen, ora nggawa buku aku.” Simi
gugup dadi ora kelingan apa-apa. Sajane bisa ditulis neng hapene.
“Mbak, iki
susuke.” bakule menehi susuk puluhan ewu papat karo limang ewu siji.
“Pira Sa?”
pitakone Simi. Dhuwit limang ewu susukan bakwan mau dienggo nulis nomer.
------------------------------
Awan-awan
neng Mesjid Baiturrahman bar sholat dhuhur, Simi mikir arep sms apa. Banjur
nggoleki dhuwit limang ewu susukan bakwan mau.
“Lho, kok
ora ana?”
Banjur
Simi telpon Sasa. “Halo Sa, nomere Mas Jono ilang e. Aku njaluk maneh yo!”
“Waduh,
wis ora ana Mi. Mau aku yo nulise neng kertas ora tak simpen neng hapeku. Lha
nomere ilang apa kepiye? pitakon Sasa.
“Waduuuuuuhhhh”
------------------------------
Bakul
siomai cedhak bakul bakwan mau nemu dhuwit limang ewu neng ngisor wit. “Walah,
dhuwite sapa kuwi? Jupuk wae lah. Kanggo sedekah.”
------------------------------
“Matur
nuwun yo Siti. Kowe wis mbantu bapak
adol siomai dina iki.” clathu bakul siomai marang Siti, cah wadon ayu sing
biasa mbantu adol siomai.
“Inggih
pak, sami-sami. Siti remen saged mbantu.” semaure Siti.
Bapak
bakul siomai mau ngetokaken dhuwit nemu mau, dhuwit limang ewu. “Siti, mau
bapak entuk rejeki. Ora akeh, mung limang ewu. Moga wae bisa nambai kanggo tuku
obat ibumu.”
“Alhamdulillah,
niki leres ngge kula pak?” pitakon Siti. Bapak bakul siomai mau mung manthuk.
------------------------------
Banjur
Siti tuku obat kanggo ibu neng apotek.
------------------------------
Simi
nyedhaki bakul bakwan mau. Banjur takon “Pak, ningali arta susukan saking bapak
wau?”
“Waduh,
mboten. Lha kepiye mbak? Ilang po?” bakul bakwan balik takon.
“Iyo pak,
artane sing gangsal ewu ical.” semaur Simi.
“Lha mung
dhuwit gangsal ewu mbak, ikhlasaken mawon. Teksih kathah dhuwit nganggur to mba
neng dhompet?” bakul bakwan kawi malah nggodhani Simi.
Simi
langsung semaur, “Walah paaak, sanes jumlah artane. Teng ngriku wonten sing spesial banget pak.”
“Kok iso
mbak? Kuwi kan namung susukan saking kula. Teng pundi spesiale mbak?
“Teng
artane wonten nomer penting pak.” semaur Simi.
Dumadakan, bapak bakul siomai cedhak bakul bakwan teka, melu ing
pacelathone.
“Nuwun sewu mbak, napa sing dimaksud niku arta gangsal ewu sing wonten
nomere,, heemmm 08564… ?”
“Nggeh pak leres. Bapak ngertos artane teng pundi?” semaure Simi kanthi
semangat.
“Nggeh
mbak, waune teng kula, tapi pun kula parinoraen tangga kula. Nek purun mangga
kula anter teng daleme.”
------------------------------
“Nuwun
sewu. Wonten napa nggeh?” pitakon Siti kala ndeleng cah wadon nekani umahe.
Simi malah trenyuh ndeleng umahe Siti.
“Ngeten
lho mbak, arta kula ical. Selembar gangsal ewuan. Nanging arta niku penting
sanget. Wau terose bapak ingkang sade siomai wonten kampus kula, artanipun
woten ing mbak e. Pareng kula suwun?” pitakon Simi kanthi ragu-ragu. Wedi mbok
pitakone malah nglarani atine.
“Ngapunten
mbak, sajane kula badhe ngonduraken artane. Nanging,..... artane…. sampun kula
agem mbak kangge tumbas obat, ibu kula gerah. Kula saweg ngumpulaken arta ngge
berobat. Sepisan malih, ngapunten mbak ” semaur Siti wedi.
“Nanging,
nek mbak e purun, kula saged nggentosi artanipun mbak.”
“Eitss,
mbak. Mboten usah.” Simi tambah trenyuh. Banjur Simi njupuk selembar arta satus
ewu. “Niki mbak, kangge berobat ibu nggeh. Mugi enggal mantun. Amin.”
Siti malah
bingung, “Lho mbak, kok malah kula diparingi arta?”
“Nggeh
mbak, niki dianggem mawon. Mugi-mugi ibu enggal mantun.” semaur Simi.
“Wah mbak,
matur nuwun sanget nggeh. Alhamdulillah. Mugi mbak e tambah rejeki,” Siti
seneng banget entuk dhuwite.
------------------------------
Sasa sing
diceritani malah gumun. Banjur takon, “Lha Mi, piye to. Mas Jono banjur piye?”
“Ahh,
yen aku karo Mas Jono jodo, mesthi bakal ketemu kok. Hehehe….” semaure Simi
santé. Saiki Simi sadar, dhuwit limang ewu mau penting banget kanggo sing
mbutuhaken. Mula, dheweke kudu sinau, sinau ben gedhe syukure.
Guru
Les Basa Jepang
Dening: Desika Yeni Alfiani
Nadyan wengi mlaku nggremet tumuju ing punjere, nanging
baguse Akbar wiwit jumedhul saka suwalike mega peteng.
Raorau uga isih panggah mengkurup saduwure springbed jambon. Lemes tanpa daya. Mula aku nyoba nglipur rasa kanthi
ngrungokake tembang kenangan ing laptopku.
Aku durung bisa ngleremake mripatku kang wiwit sore katon abuh
merga kakehan ngetokake luh. Sedhih amarga sesuk aku
bakal ditinggal lunga marang pawongan kang wis ndudut gregetku. Pawongan kang wis dak anggep kangmasku, kancaku, sedulurku, bapakku lan guru sejatiku.
Pak Is, mangkono aku ngundang. Asma jangkepe Iskandar Rahmat Basuki. Guru les basa Jepangku. Priyantune kalem, ngemong, lucu tur ya ora
njelehi. Rikmane rapi tansah dijongkati piyak tengah. Godhege simbar rumembun. Yen aku
ngarani piyambake kaya artis Reza Rahadian.
Aku tepang marang panjenengane
wiwit limang wulan kepungkur. Wektu Bu Harni, guru les basa Inggrisku madoske guru les basa Jepang. Ya pak Is iku.
Wiwit sepisan kepanggih Pak Is, aku ora nyana
yen panjenengane duweni kapinteran kang mumpuni lan tanggap ing sasmita. Cara mucale uga sabar, alon, cetha, lan sistematik wiwit saka kognitif
1 tekan 6. Imbang ing antarane afektif lan psikomotorike. Ora kaya guru-guru
ing sekolahanku kang akeh-akehe mung teori, monoton.
Iki kang ndadekake kanca-kancaku padha ngantuk. Kanthi cara iku mau aku bisa
nampa pelajaran saka Pak Is kanthi seneng lan mudheng. Uga mangsuli pitakonan kanthi
bener lan pener.
Kang dadi senengane atiku maneh, menawa rampung ngeles
mesthi dicritakake babagan panyurung kang wose bisa nuwuhake greget lan
krenteg anggonku sinau. Lan kepriye supayane nglakoni urip iki kanthi milih
pilihan apa wae kang wicaksana.
Sajanan ta, duweni gelar Sarjana Sastra Jepang kang
wis kawisudha rong wulan kapungkur, nanging Pak Is uga jago babagan basa Jawa. Katitik, menawa ngasta mesthi
nggathuk-nggathukake basa Jawa karo basa Jepang.
Isih kelingan gamblang nalika piyambake sepisan mucal aku.
“Dhik Reni, Basa jepang iku ana
gandheng cenenge kalawan basa Jawa, lho.”
“Napa nggih, Pak? Boten mungkin.” Sautku nyela sajak ora
percaya.”
“Ngene, basa Jawa iku duweni unggah-ungguh, semana uga basa
Jepang uga nduweni.”
“Lha pripun niku, Pak?” Aku takon maneh, merga aku durung
mudeng babagan paramasastrane Basa Jepang nadyan Sekolahku uga ing SMA jurusan
basa asing. Kang disinauni ing kelas
siji iki pelajarane isih umum, lan basa Jepang uga wiwit wae mlebu ing materi
aksara jepang, yaiku hiragana, katakana lan saperangan kanji.
“Coba saiki ditulis dhisik dhik, Reni.” Pak Is mbacutake
katrangane, aku mbukak buku tulisku.
“Anata wa dare desuka?” Iku tegese “Jenengmu sapa?” Menawa ing basa
Jawa iku diarani basa ngoko.
Sawise rampung dak tulis, Pak Is mbacutke maneh.
“Anata wa donata
desuka? Iku tegese “Panjenengan asmane sinten?” kanggo takon marang
pawongan kang dianggep luwih sepuh lan dhuwur jabatane, kaya ing basa krama.
Bedane mung dare lan donata “
“Banjur di jawab. Watasi
wa Reni kusumawati desu. hehe”
“Aaa… Pak Is, saged mawon.” Swaraku sinambi nggebuke buku
ing lengene.
Merga Pak Is nyebut jenengku mau, aku lan Pak Is padha
gegojegan ngguyu sawetara nuli mbacutake sinau maneh. Pak Is mbabarake siji
mbaka siji tembung-tembung iku mau lan pungkasane aku nyoba praktek pitakonan
mawa basa Jepang.
Lagi sepisan wae wis katon akrab. Seminggu ping loro
anggonku dilesi Pak Is, mula jam papat sore aku mesthi wis smadya ing saksisihe
ruang tamu. Rasane bungah banget jroning atiku wektu semana kaya ketiban
ndaru. Nanging, rasa bungah iku mau
bakal sirna.
Sesuk Pak Is wis ora bisa ngelesi aku maneh. Sesuk Pak Is kudu nglakoni pawiyatan telung wulan
ing Lembang,
tumuli magang ing Jepang telung taun suwene. Dadi wiwit sesuk aku wis ora ketemu
Pak Is maneh. Kudu nunggu telung taun. Rasane Kaya lagi gek wingine aku tepung
Pak Is. Geneya cepat banget pisahe?
Luh mripatku kang wis garing, bali mbrebes mili maneh.
Tembang kampai dak sorake sithik, aku melu nembang
lirih kanthi swara pedhot-pedhot.
Na..mida... no kotoba.. de utaitai// Ase
no.. hikari o.. karada ni.. abite// Furikaerazu ni.. sonomama.. ikeba... yoi//
Kaze.. ni fukaretemo ame.. ni utaretemo// Shinjita ai... ni o.. mukeruna ...(3)
...
***
Dina iki, mengko jam setengah telu sore Pak Is tindak tumuju
Lembang kanthi nitih Pesawat Wings Air nomer IW-1811. Dadi, sawise mulih sekolah aku bisa menyang Bandara Juanda. Wektu semono cukup kanggo perjalanan.
Bener, sawise bel muni ping telu. Aku
metu saka lawang sekolah dhisik dhewe. Turut ndalan mbrebesku ora uwis-uwis. Gas kendaraan metikku dak puter maneh, 70 km/jam. Iku wis banter amerga dalane
rada macet. Saka jembatan gandhul Janti, aku tambah ngebut ngalor.
Jam loro punjul sepuluh menit aku tekan Bandara. Luhku dak ulapi. Pak is dak
bel.
Tanpa antan-antan Pak Is wis ana ing ngarepku. Sajake wis ngenteni suwe. Atiku
kesendhal mayang.
“Pak Is..” Swaraku karo nubruk. Sirah lan awakku didhekep
ing dhadhane. Luhku crocrosan.
“Pak Is pamit dhisik ya, Dhik Reni. Salam kanggo kulawarga ing dalem. Wis..Ora papa aja digetuni. Mengko
ya mesthi dipadoske ijol guru les basa Jepang maneh kang luwih prayoga dening
Ibu. Wis gek ndang meneng. Diawasi wong akeh, masak nganggo seragam SMA isih
nangis.. apa ora isin karo adhik-adhik kae. hehe”
Pak Is nyoba nglipur atiku.
“Ku..Kula taksih kepingin diwucal panjenengan,
Pak!” swaraku mingseg-mingseg.
Sawetara iku lengenku loro-lorone dicekel, aku tangi saka
dhadhane. Luh ku diulapi. Aku namatne praupane kang sumunar.
“Dhik Reni, sapa wae kang mulang iku padha wae. Gumantung
pribadhi lan niyate kepriye? Kang luwih penting yaiku kewasisan kang kudu ajeg digladhi. Itsumo, Itsudemo, Itsu Mademo lan uga aja
lali marang “Saiki, neng kene, aku gelem’’. Isih kelingan pesene Pak Is biyen ta?
Aku isih ajeg namati praupane. Piyambake mbacutake pratelane.
“Oya,
Sesasi engkas semesteran ta Dhik! Gambate
kudasai. Muga Gusti paring mergi. Amin.”
“Pak Is…”Sepisan
maneh aku ambruk ing dhadhane kanthi nggeget-nggeget.
“ Wektune Pak Is Budhal, Dhik Reni.”
“Ngatos..atos..
nggih,Pak!. Swaraku lirih. Aku banjur Salaman, astane dak ambung. Aku ora bisa kumecap apa-apa maneh.
Pak Is mlampah tumuju undhak-undhakan montor mabur. Aku mung bisa namatke lakune lan
dedonga, muga Pak Is tansah kaparingan bagas waras ing Negara Sakura kana. Lan
uga aku bisa kepanggih maneh mbesuke. Nanging mripatku sansaya mbrebes mili. Kaya-kaya atiku ora lila ditinggal
Pak Is. Ora ana pawongan sing bisa ngganteni Pak Is.
Montor mabur mlaku ngulon indhik-indhik.
Atiku tambah goreh. Sikilku mlaku tumuju lapangan montor mabur.
Aku nyoba mlayu lonjong mimis. Nanging montor mabur kepara kilat playune. Akeh kang ngawasi lan ana uga
wong loro ngoyak aku, nanging ora dak paelu.
Montor mabur
wiwit nutup roda ateges wis munggah ing akasa. Ing tengah-tengah panasan aku mandeg.
Dhengkulku dak dempetke ing dalan landhesan montor mabur. Dumadakan tanganku
dicandhak Pak Satpam. Tanganku kaya-kaya kepengin ngranggeh montor mabur
kang
wis katon cilik. Swaraku mbengok sora kaya mbelah-mbelahna bumi.
“Pak Iiiiiiiiiiiss!”
KACA
Dening: Desika Yeni Alfiani
Wiwit
cilik pancen aku seneng banget ngaca,
amarga bisa ngerti praupanku sing pancen diakuni ayu karo tangga-tangorau.
Wiwit SD saben sekolah mesthi sing jenenge kaca ora tau lali dakgawa ning tas,
lek ora ngono ya mesthi dakgawa ning sak klambiku, nganthi kanca-kanca karo
guruku ya nggumun karo aku amarga senenganku ngaca saben diwulang ning kelas.
‘pyaaaarrr’ swara kacaku ceblok ning
ngisore meja.
“Desika”
ngendikane
guruku.
“inggih
Bu”
wangsulanku karo wedi, ora wani nyawang guruku sing ana ning ngarep.
“ngacane
dilereni dhisik, saiki wayahe nggatekna pelajaran!”
Aku
mung meneng wae, sajak’e kaya ora rumangsa salah. Nanging aku tetep wae ora
nggatekna pelajarane amarga pikiranku mung ning kacaku sing pecah mau. Rasane
eman banget kacaku pecah.
Kadadeyan kaya ngono iku ora mung
pisan pindho daklakoni, wis kerep banget aku mecahna kaca wayah pelajaran, lan
mesthi kanca-kanca padha dadi ngguyu lan dadi ramene kelas. Kanca-kanca SD
ngarani aku miss kaca.
Ora krasa wis 6 taun aku sekolah
ning SD. Saiki wayahe daftaran ning SMP sing wis dadi impenku wiwit kelas 5,
yaiku SMPN1 SUMBERREJO. Ora ngira aku ketrima ning sekolahan iku amarga saingane
akeh banget. Tapi Alhamdulillah aku ketrima. Nanging, akeh kanca-kancaku saka
SD sing padha karo aku ya daftar ning SMP iku, nanging mung wong 5 sing
ketrima.
“Piye Des, ketrima?” ujare Lya kancaku.
“Alhamdulilah
ya, aku ketrima, kae jenengku ning urutan 180, lha sampeyan piye?” Wangsulanku
karo bungah banget rasane ati.
“Alhamdulillah,
aku ya ketrima, ayem banget aku.” Ujare Lya karo mesam-mesem ayem.
Banjur
aku golek info kanca-kancaku sing
liyane, nanging akeh sing ora ketrima. Aku mung bisa nyarana kanca-kancaku mau
daftar ning SMPN 1 KANOR. Alhamdulillah kanca-kancaku mau ketrima kabeh ning
kono.
Ora adoh saka kaca, saben dina ya
mung kaca wae sing ora tau lali dak gawa sekolah, sanadyan sing jenenge buku
pelajaran wae kerep lali nggawa. Kadadeyan kaya ning SD mesthi dak baleni
maneh. Aku kerep nyeblokna kaca wayah diwulang pelajaran.
‘Pyarrrrrrr’ swara kaca ceblok.
“Sapa
ya sing ngaca wae, ulangane wis rampung kabeh ta?” Ujare guru Fisika.
“Dereng
Pak.”
Wangsulane kanca-kanca kompak.
“Yen
ulangane wis rampung, langsung dikumpulna, aja rame” Ujare guru Fisika.
Aku
cepet-cepet nyingkirna pecahan kaca mau, amarga wedi konangan yen sing ngaca
mau aku. Sabanjure aku langsung ngrampungna ulangan Fisika mau.
Ora
let suwe, ‘Pyarrrrrrrrr’ swara kaca ceblok maneh. Kanca-kanca wis padha nglirik
aku kabeh karo ngguyu. Tapi ora aku sing nyeblokna, tapi kanca pinggirku.
“Desika
ki mesthi ngaca wae,” Ujare salah sawijining kancaku.
“Loh,
ora aku kok.” Wangsulanku karo ngempet guyu.
“Trus
sapa? Mosok setan?” Wangsulane kancaku.
Banjure
kelas dadi rame amarga wangsulane kancaku mau. Pak guru langsung nenangna
murid-murid.
Wis
krungu bel jam istirahat, aku karo kanca-kanca langsung ning kantin mangan
bakso. Seneng banget ning warunge pak Met iki amarga dicawisi kaca sing guedhe
banget ning warunge. Dadi, saben mari mangan langsung madhep kaca lan mbenerna
rambut.
“Sajake uripmu iki ora lengkap tanpa
kaca ya?” Pitakone kancaku.
“Hahahahahahhahahahahah
ya nginiki lah.” Aku ngguyu banter karo kanca-kanca liyane.
“Saben
dina kok ya ngaca wae.” Ujare kancaku mau.
Bel
mlebu kelas wis muni. Aku karo kanca-kanca langsung balik kelas, nanging saben
mlaku liwat ngarep kelas liya mesthi dak wasi terus jendhelane sing ana kacane.
Ing salah sawijining dina, ya
gara-gara ngaca wae turut dalan, aku sing boncengan karo kancaku mau tiba,
nyosop ning ratan amarga aku sing nyetir tapi ngaca terus, ora konsen karo
dalane.
Kaya
crita ning dhuwur mau. Ora krasa wis 3 taun aku sekolah ning kono. Saiki wayahe
dhaftaran ning SMA. Aku wis nduwe rencana arepe dhaftar ning SMA endi.
Salah
sawijining SMA favorit ning Bojonegoro yaiku SMAN 1 SUMBERREJO. Alhamdulillah
saka atusan murid sing dhaftar, aku ketrima ning kono. Dina-dina dak lewati
ning bsekolahan nganthi aku pethuk kanca-kanca sing istilah gaule “kece badai”
yaiku nalika aku kelas 2 SMA. Jenenge Annisa lan Elsa. Saben dina mung wong 2
wae ning ngendi-endi. Wiwit saka budhal sekolah, ngrameni kelas, ning kantin
wayah jam pelajaran, di ukum bareng, ora melu upacara, golek perkara karo kelas
liya, lan liya-liyane mesthi wong 3.
Nganthi ing salah sawijining dina,
yaiku dina Jumuwah wayah jam olahraga sing mlebu jam ke-0. Aku lan Elsa budhal
dhisik, annisa urung budhal. Kita langsung tumuju ruwangan UKS sing ngarepe ana
kaca gedhe, yen kita ngaca bakal katon kabeh wiwit saka ndhuwur nganthi sikil.
Sabanjure Annisa teka langsung tumuju ruwang UKS.
“Eh,
piye upama
yen kacane ayo digawa ning kelas wae?” Ujare Annisa.
“Aja
saiki, wis akeh wong. Engko
padha ngerti yen kita sing gawa kacane.” Wangsulanku.
“Yawis
ngene wae, sesuk budhal isuk-isuk. Trus ayo di gawa ning kelas.” Tambahe Elsa.
Kabeh
sarujuk karo idene Elsa.
Pungkasane
kita budhal isuk-isuk banget sadurunge ana murid liya budhal. Kita langsung
tumuju TKP (ngarep UKS). Ora kesuwen, langsung ae kita gawa kaca mau wong 3
ning kelas. Sabanjure kanca-kanca kelas wis padha budhal, ya padha nggumun kok
isa kaca UKS nganthi teka kene ki ya sapa sing nggawa. Amarga wedi konangan
guru, kaca mau dirubohna ning ngisor meja. Nanging, yen guru metu mesthi kaca
mau langsung didedegna
lan padha digawe ngaca bocah-bocah. Kabeh sarujuk ora bakal kandha sapa-sapa
yen sing nggawa kaca mau yaiku kita wong 3.
Nanging,
ing salah sawijining dina, kasus mau dadi perkara gedhe. Ana salah sawijining
murid sing lapor ing guru yen kaca UKS ilang lan ana sing lapor yen kaca mau
ana ing kelas IPS 1 (kelasku). Pungkasane ana guru BK sing nekani kelasku takon
sapa sing wis nyolong kaca UKS. Kabeh ora ana sing wani kandha, pungkasane
kabeh mung meneng wae. Guru mau pungkasane
metu saka kelas karo nesu amarga ora ana sing nggatekake.
Ing
dina sawise wong 3 norau yen aku
lan kanca sing nyolong kaca mau amarga wis
mesakke Wali Kelasku sing di nesuni para guru amarga ora bisa ndhidhik
anak-anak’e. kita wong 3 mung bisa nyuwun pangapura karo Wali kelas karo nangis. Kok ya
kebangeten.
Sawise
iku kita langsung tumuju ruwang BK lan noraoni kesalahane kita. Karo guru BK
mung isa di elingna yen iku kacane wong akeh, yen pengen kaca sing gedhe ya
tuku urunan kelas.
Kita
langsung balik ning kelas lan sepakat urunan kanggo tuku kaca sing gedhe.
MUMET
Dening: Desika Yeni Alfiani
Bagas isih turon ing kamare. Mripate
ndeleng cecak lagi buron ing empyak. Ketoke arep padha kawin . Sire, kedadean
ana cecak buron arep kawin kuwi iso nggawe klangenan ing atine. Nanging ora,
Bagas isih ketok mendhem masalah sing marai pikirane mumet. Mripate
kethap-kethip nyawang plenthong limang watt sing madhangi kamar. Ngglethek ing
kasur kumel. Ketok yen kasur kuwi wis suwe di enggo utawa wis tuwa umure.
Tangane lara di enggo nyangga sirahe dadi gantine bantal. Ora ana suara ing
mlebu menyang kupinge. Mung suara-suara jangkrik karo kewan sak tunggale
nagancani sepine wengi. Wengi sansaya wengi nambah nelangsane ati.
Lawang kamare muni amarga ana sing mbukak.
Mripate pindah ndeleng lawang sing kebukak. Engsele wis karaten dadi iso
ngetokake suara. Jebul bojone sing mbukak lawang. Bojone jenenge Lastri.
Dheweke lagi wae mulih saka rewang masak tanggane sing lagi nduwe gawe. Asline
mau Bagas di ajak mrono, nanging Bagas wegah. Alesane wegah mangkat amarga
dheweke lagi mumet kakehan masalah. Lastri nyangka yen bojone kuwi mung kakehan
masalah ing sawah amarga wereng ngrusak parine.
Pungkasane Lastri mangkat dhewekan. Liyane
rewang, uga kanggo njaga kerukunan karo tangga-tanggane supaya ora di kucilke.
Lastri mlebu kamar.
“Durung turu kang? Jarene lagi mumet ?”
“Durung las, aku rung isa turu, sajane wis tak merem-meremke.”
“Lha Topan wis turu ?”
“Wis, sakwise dheweke mulih saka pengajian ana langgar, dheweke langsung turu ing kamare dhewe. Ketoke dheweke lagi kesel amarga sedina mung mlanyet wae.”
Lastri mlebu kamar.
“Durung turu kang? Jarene lagi mumet ?”
“Durung las, aku rung isa turu, sajane wis tak merem-meremke.”
“Lha Topan wis turu ?”
“Wis, sakwise dheweke mulih saka pengajian ana langgar, dheweke langsung turu ing kamare dhewe. Ketoke dheweke lagi kesel amarga sedina mung mlanyet wae.”
Banjur lastri mbukak lemari. Njupuk ganti klambi. Terus Lastri menyang kamar mandi. Wisuh sak cukupe lan sisan ganti klambi. Bagas isih tetep turon ing amben nalika Lastri bali saka kamar mandi. Wengi iki Bagas arep ngetokke uneg-uneg sing dipendhem dheweke menyang Lastri. Wis suwe mung kependhem sak jeroning ati. Banjur lastri melu turon ing pinggire Bagas. Lastri nyawang bojone karo sewu tetakon ing ati. Ora biasane dheweke nyawang bojone mumet amarga masalah nganti kaya ngene. Dino-dino sak durunge uga wis mangkat ketok.
“Kang! Ana apa tha ? kok ketoke lagi nduwe masalah temenan, mbok cerita.” Lastri angkat omongan.
“Ngene lho las. Sajane aku wis suwe arep cerita menyang kowe nanging aku wedi. Aku tumindak ngono amarga aku wegah nambahi beban menyang kowe. Nanging sansaya aku mendhem cerita kuwi, aku malah sansaya nelangsa.
“Yawis kang, saiki kowe crita menyang aku, sak isane aku nyoba ngrewangi, lha aku ya bojomu dhewe tha ?”Lastri sansaya nyedhakke awake supaya luwih ndengket karo bojone.
“Pokoke mengko kowe aja nesu Las ! Masalah iki angel pemecahane, dadi mengko aku pengin rembugan karo kowe. Critane ngene. Mbiyen suwargi bapak nduwe utang marang pak Bejo, juragan lenga patra ing desa sebelah kae. Jumlahe gedhe banget nganti limang yuta. Nanging aku ora ngerti kanggo apa duwit akeh kuwi. Nganti bapak seda, utang kuwi durung kebayar. Lha aku meneng-meneng tanpa rembugan karo kowe, aku menyang pegadaian lan siji-sijine alas sing nguripi dheweke kuwi kepaksa aku gadhekke. Terus turahane duwit aku tukokake TV ing ruang tamu kuwi. Lha sing dadi masalah, bates anggonku nebus mung kurang seminggu maneh. Tebusane cacahe enem yuta. Saiki aku mung nduweni duwit limangatus ewu. Lha iki kepriye Las, aku bingung lan aku njaluk pangertenmu uga pangapuramu.”
“Kowe kepriye tha kang ? mbok crita
mbiyen-mbiyen, bareng mepet kaya ngene lagi crita. Aku dudu wong liya kang! Aku
bojomu!”. Lastri tangi saka ambene. Lungguh ana pinggire Bagas. Mripate adus
luh gara-gara nangis ngrungoakake masalah kuwi. Bagas uga lungguh lan ndekep
Lastri, nenanorae dheweke. Wong loro padha bingung kabeh. Kelingan penjaluke
Topan dhek wingi marai tambah mumet. Dhek wingi sakwise mulih saka dolan Topan
nangis njaluk sepedha onthel. Kanca-kancane wis padha nduwe kabeh.
“Iki ngene wae kang, aku nduwe kalung,gelang uga cincin. Kabeh kuwi didol wae kanggo mbayar tebusan”. “Aku wis mikir tekan kono,nanging apa kabeh kuwi wis cukup kanggo nebus? Palingan rega mas – masan kuwi yen dijumlah ora nganti pitungatus ewu. Terus turahane golek ngendi? Deweke mung duwe omah iki karo TV. Ora mungkin ta nggadheke utawa adol omah kanggo mbayar tebusan. Umpama Tv didol paling mung payu limangatus ewu. Yen di total kabeh ora ana setengaahe kanggo nebus.”
“Terus saiki kepiye kang?”. Mripate lastri terus ngetokake luh. Wengi sansaya wengi, wong loro kuwi mung pada ndeleng plenthong limang watt ing kamar kuwi. Nganti tengah wengi padha ora isa turu. Jam loro wengi mripat wong loro kuwi lagi padha merem. Mbuh amarga mumet utawa kesel.
Seminggu wis dilakoni Bagus ora isa nebus alase.saiki sing diduweni mung omah anak lan bojo. Gawean dadi buruh tani ora cukup kanggo nguripi kaluwarga. Siji sijining alas, wis disita pegadaian. Lastri mung isa sabar lan manehi dorongan menyang Bagas. Lan sak isane Lastri arep ngusahaake supaya dapur tetep ngebul. Embuh dadi buruh umbah- umbah,buruh sawah,adol panganan utawa liyane.
Sore iki Bagas nglamun ing emper omahe, mripate ndeleng menyang mega-mega, warnane kuning ameh abang, amarga srengenge wis arep mlelep ing kulon. Bagas nglamun piye carane dapur tetep ngebul, Topan tetep sekolah kanthi lancar uga isa nukokake sandang kanggo anak bojone.Lamunane Bagas pecah amarga krungu tangisane Topan. Topan nangis sak banter-bantere lan malah gulung ing ngarepe Bagas. Topan nangis njaluk sepedha kaya kanca-kancane. Yen dadine ngene, apa ora sansaya mumet umpama dadi Bagas?
SINDHEN
Dening:
Desika Yeni Alfiani
Mangkeling
mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna.
Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas
bukak iket blangkon, sama juora sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate
kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang
usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang
gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni,
ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni.
Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone
ora, nduwe pacar siji wae nglungani lan nglarani ati.
“Njas Anjas, aja ndongang-ndongong
kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak
ana dhipan wae,” swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar.
“Sapa….?” pitakone Anjas sakenane.
“Sapa….?” pitakone Anjas sakenane.
“Kae pacarmu barang wis dha
ngenteni ana ndhapa,” Sumani neranorae.
Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara crita iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari “Nyidham Sari” akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhanorae pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari.
Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara crita iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari “Nyidham Sari” akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhanorae pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari.
Mula akeh wanita penontone
campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus,
gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati
tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing UNESA. Ya ora maido, sing jenenge
Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya
ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk
tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing
putri baut nembang. Mula bareng
Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun
saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, “Wulandari melu mapag
mrene?”
Sumani
mangsuli alon: “Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana,
karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung
kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya
kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung.”
“Lha kok
kowe kandha pacarku mrene?” celathune Anjasmoro karo mrengut.
“Lha
pacarmu kuwi pira?” Sumani njegeges. “Kae….Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?”
“Edan
kowe,” tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani.
“Nik….Nanik,
iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu.” Sumani mbengok
“Mas piye,
kendharaane wis siap?” pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara.
“Wis beres,” wansulane Anjasmara
alon.
“Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku,” Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni.
“Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku,” Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni.
“Ngono-ngono rak uga kanggo
kepentingan kanca dhewe ta mas?” celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas.
“He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan,” pembengoke Sumani.
“Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik,” celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Kanor, dhaerah kang mapan ana Kabupaten Bojonegoro.
“He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan,” pembengoke Sumani.
“Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik,” celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Kanor, dhaerah kang mapan ana Kabupaten Bojonegoro.
“Bangku
sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas,” Sumani
mbengok karo ngguyu.
Liyanene
melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh
sandhinge Nanik.
“Kanca-kanca,
minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh
ngestreni slametan neng Nanik,” swarane Sumani ing sela-selane swara mesin
kendharaan.
Nanik
mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas
nyikut Nanik karo celathu,
“Ora sah digagas, ben muni sak
unine cangkeme.”
“Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik,” Sumani isih nrocos karo ngguyu.
Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.
“Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik,” Sumani isih nrocos karo ngguyu.
Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.
Sakdalan-dalan kanca-kanca
Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung
mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa.
“Nik…mengko
aja nyanyi “Wuyung” Utawa “Weke Sapa”, ndhak Anjas ora bisa ngendhang,”
tembunge Sumani karo isih mbebeda.Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha
lirih, “Ora sah kok tanggapi.
Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme
kuwi.”
Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. “Tilpun mas.” Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita.
Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. “Tilpun mas.” Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita.
“Halo, okey
boss, bener aku tiga-tiga,” Anjas mangsuli liwat HP ne.
“Anu….piye
boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Kanor dhaerah Bojonegoro. Bener, aku
bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari.” Meneng sedhela sajake ngrungokake
sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: “Iki aku jejer dhik Nanik. Iya…tidak ada
rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss,
taksimpen ana FD, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko
bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss.” HP dipateni terus
dikanthongi. Sumani sing lungguhe ora adoh
mbengok, “Edan Njas, lunga nyang Kanor, sambene ndhempel pacare, isih
ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting”.
Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: “Ana apata mas, boss-e?”
“Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting,” jawabe Anjasmara.
Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: “Ana apata mas, boss-e?”
“Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting,” jawabe Anjasmara.
“Lha kok
isih semaya?” pitakone Nanik.
“Wis
kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?” wangsulane Anjas
nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae.
nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae.
“Tutugna leh jiwit-jiwitan,”
pambengoke Sumani. “Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake
dhewe,” Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas
karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih
gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga
boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis
ditangkep polisi, jalaran nylewenorae dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy
kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Bojonegoro. Malah laporan
penting ana FDne Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake
FDne, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine
polisi. Sing dibingunorae Anjasmara, nasibe
sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu
menyang Kanor nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas.
Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing
korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang
ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes “Nyidham Sari” padha mangerti
persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen
dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen
Campursari. Ayune padha, padha dene leh uleng-ulengan. Anjas ngeses-ngeses karo
gedrug-gedrug.
“Ana apa ta
mas?” pitakone Nanik alon, karo mesem.
Anjas mung
mengo karo nggleges:”Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne,” celathune
sakecekele wae timbang ora mangsuli.
“Ah…. mas
Anjas,” Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*
0 comments:
Post a Comment