Friday 4 August 2017

Ludruk

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:03 | No comments
Kesenian drama tradisional Jawa Timur kususnya, siapa lagi yang tak mengenal ludruk. Ludruk sebagian mengartikanya lugu tur gedhruk yang memiliki arti cerita yang polos dengan tingkah laku serta pembawaan suara yang keras. Ludruk berkembang didaerah Jawa Timur bagian tengah seperti Surabaya, Mojokerto, Jombang, Malang, Pasuruan, dan lain sekitarnya, makanya bahasa yang dipakai kusus dialeg Surabaya sekitar yang termasuk kasar. Salah satu yang berperan aktif dalam dunia seni ludruk seperti Cak Kartolo, beliau mampu menciptakan berbagai cerita ludru carangan yang kemudian dikasetkan. banyak judul yang beliau ciptakan, seperti Basman Poseng yang isinya tentang kepiluan Basman ketika dibohongi temannya. Kuro Kandas, Kartolo menggoda Tini dipinggir jalan berakhir dengan happy ending. Dalang Gersang, Katolo menjadi dalang, tetapi wayangnya ketinggalan alhassil teman menjadi wayang. cerita-cerita yang disuguhkan oelh Cak Kartolo sungguh menarik serta dibumbuhi isi yang komedi. selain itu kidungan-kidungan ludruk dapat dijadikan panutan dan nasehat untuk pendengar.

Saturday 18 March 2017

Semantik Bahasa Jawa - Gramatikal - Anafora Pronomina

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:28 | No comments



ANAFORA PRONOMINAL DHEMONSTRATIF ING BASA JAWA
Widia Astuti


A.   Purwaka
Anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa minangka salah sijine perangan saka anafora. Anafora kuwi akeh  perangane mung sing lagi dingerteni ana loro yaiku anafora pronominal lan anafora temporal.
Makalah ngenani anafora wis tau ditliti. Yen ngenani pronominal dhemonstratif wis tau ditliti yaiku ditindakake dening Endrawati (2011) ngenani kohesi koherensi rubrik apa tumon ing kalawarti panjebar semangat edhisi Agustus nganti September 2010. Saliyane kuwi, uga meh memper karo sing ditindakake dening Pratama (2011) ngenani dheiksis dunung ing basa Jawa. Topik anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa perlu dijlentrehake luwih gamblang lan njlimet.
Ing kene bakal diandharake ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa kanthi cara ngonceki lan njlentrehake teges, titikan, lan jinis, tuladha anafora adhedhasar sintaksis lan semantik gramatikal, kang nggunakake sintakmatik, sarta nggunakake konseptual struktur batin kanthi cara triaspek sintaksis.
Tujuwan panulise makalah iki kanggo luwih ngerteni kepriye titikan anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa. Panulise makalah iki dikarepake bisa menehi paedah yaiku bisa ngerteni ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa, sarta supaya bisa luwih cetha lan nambah kawruh ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa.

B. Andharan
Ing andharan iki ana telung isi ngenani (1) teges, (2) titkane, lan (3) jinise anafora pronominal dhemonstratif.

1.      Tegese Anafora Pronominal Dhemonstratif
Anafora kuwi sejatine bisa ditegesi minangka tembung panggenah. Anafora yaiku nuduhake maneh marang samubarang kang wis disebutake sadurunge sajrone wacana kanthi cara mbaleni utawa substitusi. Anafora mujudake andharan perangan marang perangan liya kang ndhisiki. Miturut Kaswanti Purwo (1984:103) anafora kuwi mung nuduhake marang konstituen utawa ukara sing manggon sisih kiwa. Yen manut tegese anafora kuwi meh padha karo tembung sesulih, bisa sesulih purusa, panuduh, lan pandarbe. Ing kene panliti bakal ngandharake ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa.
Tembung sesulih yaiku tembung kang bisa gawe genah lan cetha marang barang utawa prakara kang lagi digunemake (Poerwadarminta, 1953:37). Dene tembung sesulih panuduh yaiku tembung sesulih kang digunakake kanggo nuduhake samubarang. Saben  perangan tembung sesulih iki ndadekake tembung sesulih panuduh nduweni aksara swara kang padha ing mburi lan meh mburine tembung. Tembung sesulih panuduh kalebu tembung utawa kategori katutup (Sudaryanto, 1991:90).
Pronominal dhemonstratif yaiku tembung deiktis sing digunakake kanggo nuduhake lan ngganteni nomina. Pronominal dhemonstratif yaiku kategori kang nduweni guna kanggo nuduhake samubarang ing njero utawa sajabane wacana. Samubarang iku anteseden.

2.      Titikan Anafora Pronominal Dhemonstratif
Tembung bisa disebut anafora pronominal dhemonstratif yen tembung kang dadi acuan pindhah-pindhah utawa gonta-ganti, gumantung sapa kang dadi pamicara lan gumantung saka wayah lan papan diaturake tembung-tembung iku mau Kuswanti Purwo (1984:1) Sajrone linguistik tembung iku digunakake kanggo menehi ancas tembung sesulih persona, tembung sesulih demonstratif, fungsi wektu, lan maneka wernane titikan gramatikal lan leksikal liyane, kang gandhengake ujaran kelawan ruwang lan wektu sajrone tindak ujaran (Lyons sajrone Kaswanti Purwo, 1984:2).

3.      Jinise Anafora Pronominal Dhemonstratif
Pronominal dhemonstratif bisa kaperang dadi telung jinis, yaiku (1) pronominal dhemonstratif papan, (2) pronominal dhemonstratif panggonan, lan (3) pronominal dhemonstratif dunung. Jinis-jinis pronominal dhemonstratif bakal diandharake siji mbaka siji ing ngisor iki.

a.      Pronominal Dhemonstratif Papan (Lokasional  Lokatif)
Pronominal dhemonstratif papan nuduhake ing papan dununge samubarang. Papan ing kamus basa Indonesia ditegesake samubarang kanggo nyelehake (nyimpen lan nyeleh) wadhah, ruwang (bidhang, omah) kang cemepak kanggo nglakoni samburang, ruwang (bidhang) kang digunakake kanggo nyelehake (nyimpen, nglumpukake).
Saka katrangan kasebut papan bisa ditegesi minangka wadhah. Wadhah kanggo nyelehake samubarang kang sekirane bisa cukup kanggo samubarang kasebut. Cethane papan yaiku panggonan kang bisa digawe nyelehake samubarang cilik nganti gedhe.
Pronominal demontratif papan nduweni telung perangan yaiku cedhak, rada adoh lan adoh. Ukara-ukara ing basa Jawa kang ana sajrone pronominal dhemonstratif, ukara kang kaya mangkene iki kang ngandhut pronominal dhemonstratif papan.

1)    Cedhak
Cedhak ing kene yaiku cedhak klawan pamicara, dadi samubarang kang dikarepake utawa kang dimaksud dening pamicara iku cedhak dununge klawan dununge samubarang iku mau. Cedhak ing pronominal dhemonstratif papan isih bisa diperang maneh dadi loro, yaiku papane lan parane.

a)  Papan
Ing pronominal dhemonstratif papan kang cedhak ana pronominal dhemonstratif kanggone papane, lan tembung tumrap parane.
(1)        Neng cafe, lha iki sing dibutuhake menungsane! (Narko Budiman, 2013: 71)
Guna:        j                 w             l                        kat
Wujud:      f.a          f.ses           f.k                       kat
Kal:         panin       panggnp     tum                     kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iki”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “cafe”, mula tembung “iki” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake samubarang kang cedhak karo pamicara. Ing kene tembung saliyane iki uga bisa gunakake tembung kene.

(2)       Ana rembug ya dirembug neng ngomah. Neng kene Bapak lan simbok sing nyekseni.”
Guna    :          j               w                  k                     j                         w                        l
Wujud  :        f.a           f.k                   f.a                   f.ses                    f.a                     f.k
Kal       :       panin          tum               kat                 kat                       pan                   tum
(Narko Budiman, 2013: ix) 

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kene”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “omah”. Tembung “kene” ing dhata iku mratandhakake yen pamicara lagi cedhak karo mitrawicara. Pamaos ora perlu dijlentrehake yen antarane pamicara lan mitrawicara iku cedhak, wis mangerteni saka ukara kang ngemu teges cedhak iku mau. Ing kene tembung “kene” kalebu tembung kanggo mangerteni jarak antarane pamicara lan mitrawicara.

a)    Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng papan tartamtu.
(3)  Ora mung bocah nom-noman sing nyerbu konterku, wong tuwa lanang wadon uga akeh”.
G:                                 j                     w               l                             j                                 kat  
W:                                 f.a                 f.k              f.a                           f.a                              kat
K:                               panin               tum           kat                          panin                          kat

     Peneran ta Mas, suk Minggu esuk Faza takjake mrene?”. (Narko Budiman, 2013: 28)
Guna   :             j                    kat                    l                 g
Wujud  :         f.a                     kat                   t.a               f.ses
Kal       :     pananggp             kat                  panin          tum

Ing ndhuwur tembung “mrene” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge yaiku tembung “konter”. Tembung “mrene” wis mratandhakake yen cedhak karo pamicara.

a.    Rada Adoh
Rada adoh ing pronominal dhemonstratif papan iki nduweni teges samubarang kang dikarepake ora cedhak klawan pamicara lan uga ora adoh saka pamicara, samubarang kasebut ana ing satengah-tengahe pamicara lan mitrawicara. Rada adoh uga isih bisa diperang dadi loro yaiku rada adoh adhedhasar papan lan adhedhasar parane.

a)    Papan
Ing pronominal dhemonstratif papan kang rada adoh ana pronominal dhemonstratif kanggone papane, lan tembung tumrap parane.
(4)  Omah sing sejatine ora patiya gedhe, iku malih kaya pasar malem. (JB. No. 10 Minggu I Nopember 2016 Kc. 34)
G:  j                w                       l                   j                     w
W:  t.a            kat                     f.ka           t.ses               f.a
K: kat             kat                     pan            kat                   kat                

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iku”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “omah”, mula tembung “iku” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sajrone cecaturan kang cedhak karo wong kang ngrungokake.

(5)  Wisata menyang Pulo Lombok kurang jangkep yen durung ngendhangi Taman Narmada.
G:     j                       w                             l                                       g
W:    t.a                    f.a                          kat                                    f.a
K:     pannggp          pin                         kat                                     kat                    

Ing kono dipercaya banyune bisa marakake awet enom. (JB. No. 10. Minggu 1 Nopember 2016 Kc. 26)
j             w             l                            g
kat         t.kaa      t.a                         t.kaha
kat          tum       pangggp                kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kono”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “Taman Narmada”,  mula tembung “kono” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake papan kang cedhak karo wong kang ngrungokake utawa papane wong kang melu cecaturan.



b)    Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng papan tartamtu.
(6)             Anisah ana ing kantor. Coba kowe mrono! (Narko Budiman, 2013: 119)
Guna    :      j               kat                         j           pang
Wujud  :      t.a            kat                    f.a            t.ses
Kal       :       pan         kat                    pan           kat

Ing dhata tembung “mrono” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “kantor”. Tembung “mrono” nuduhake marang ener kang rada adoh karo pamicara.

b.    Adoh
Adoh ing pronominal dhemonstratif papan yaiku tembung kang nuduhake papan  kang ora cedhak klawan pamicara, lan uga ora cedhak klawan mitrawicara, adoh iki bisa ateges objek kang dimaksud katon saka papane pamicara lan mitrawicara, nanging uga bisa ora katon saka papane pamicara uga mitrawicara. Adoh uga bisa kaperang dadi loro kaya pamerange cedhak lan rada adoh mau.

a)    Papan
Ing pronominal dhemonstratif papan kang adoh ana pronominal dhemonstratif kanggone papane, lan tembung tumrap parane.
(7)             Pur mlebu rumah sakit. “Kae ta, ning Kediri?” (Narko Budiman, 2013: 5)
  Guna     :     j      w              kat              j               kat
  Wujud    :   t.a      t.k           t.a                f.ses       kat
  Kal         :  pan    tum          kat               pin          kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kae”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “rumah sakit”. Tembung “kae” ing dhata iku nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sanjabane cecaturan.

(8)      Pejabat teras Jawa Timur mecahake rekor ing lapangan Makodam V/Brawijaya.
G:                    j                                   w                                 kat
W:                    f.a                                f.k                                f.a
K:                  panin                              tum                               kat     

Neng kana ana Pak Jokowi sing menehi sambutan. (JB. No. 07 Minggu III Oktober 2016 Kc.10)
            j                       w                     l
            f.ses                f.a                    f.k
            kat                   panin               tum

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kana”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “lapangan Makodam V/Brawijaya”. Tembung “kana” ing dhata iku mratandhakake yen papane sanjabane pamicara lan wong kang dijak cecaturan utawa adoh saka kekarone.

b)    Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng papan tartamtu.
(9)   Pembangunan neng Malaysia sisteme ora padha karo kene. Upama padha nyapa wong
   G:         j                       kat                               g                                      w                 l
   W:        t.a                    f.anc                            kat                                   kat               f.ses
   K:         panggp              kat                             tum                                  pin               kat                  
lanang mahe dhewe padha bara mrana? (Narko Budiman, 2013: 15)
                                  l
                                  f.ses
                                  kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “mrana”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “Malaysia”. Tembung “mrana” ing dhata iku nuduhake marang ener kang adoh saka pamicara lan pawongan kang dijak cecaturan.

b.    Pronominal Dhemonstratif Panggon (Lokasional Regional)
Pronominal demontratif panggon nduweni telung perangan yaiku cedhak, rada adoh lan adoh. Ukara-ukara ing basa Jawa kang ana sajrone pronominal dhemonstratif, ukara kang kaya mangkene iki kang ngandhut pronominal dhemonstratif papan.

1)    Cedhak
Cedhak ing kene yaiku cedhak klawan pamicara, dadi samubarang kang dikarepake utawa kang dimaksud dening pamicara iku cedhak dununge klawan dununge samubarang iku mau. Pronominal dhemonstratif papan kang cedhak mung ana panggone wae marga sajrone bebrayan Jawa panliti nemokake cecaturan kang diperang mung panggone.

a)    Panggon
Ing pronominal dhemonstratif panggon kang cedhak mung ana pronominal dhemonstratif kanggo panggone.
(10)        Anisah sajak semangat anggone nata piring wadhah sega rawon. “Iki langsung
Guna   :     j                     w                        l                              kat                            g
Wujud  :   t.a               f.k                        f.k                             f.a                               f.ses
Kal       :  pan              tum                       tum                            kat                           panin
korahana!”. (Narko Budiman, 2013: 2)
              w
              t.k
             tum

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iki”, nuduhake tembung sing wis jlentrehake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “piring”,  mula tembung “iki” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake samubarang kang cedhak karo pamicara.

(11)        Takdeleh ing meja wae Mas. Ing kene luwih aman,”. (Narko Budiman, 2013: 119)
Guna   :         w           l              g             w                l     
Wujud  :       f.a           f.a           f.a            f.ses          kat
Kal       :      tum          kat          panggp    kat            panggp

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kene”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “meja”. Tembung kene ing dhata iku mratandhakake yen pamicara lagi cedhak karo mitrawicara. Pamaos ora perlu dijlentrehake yen antarane pamicara lan mitrawicara iku cedhak, wis mangerteni saka ukara kang ngemu teges cedhak iku mau. Ing kene tembung “kene” kalebu tembung kanggo mangerteni jarak antarane pamicara lan mitrawicara.

2)    Rada Adoh
Rada adoh ing pronominal dhemonstratif panggon iki nduweni teges samubarang kang dikarepake ora cedhak klawan pamicara lan uga ora adoh saka pamicara, samubarang kasebut ana ing satengah-tengahe pamicara lan mitrawicara. Rada adoh mung bisa kaperang siji yaiku adhedhasar panggone.

a)    Panggon
Ing pronominal dhemonstratif panggon kang rada adoh mung ana pronominal dhemonstratif kanggo panggone.
(12)        Jarene kowe tuku lemari, iku regane pira?. (Narko Budiman, 2013: 57)
Guna :           j           w         l       j           w
Wujud:           f.a        t.k        t.a    t.ses    kat
Kal     :           pan      tum    pnggp  pan    kat 

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iku”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “lemari”, mula tembung “iku” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sajrone cecaturan kang cedhak karo wong kang ngrungokake.


(13)      Bocah-bocah bisa maca karo turon utawa lungguh ana ing kursi. Ing kono
Guna  :           j                                   w                                 kat                     j
Wujud :           f.a                                f.k                                f.anc                  f.ses
Kal      :           panin                           tum                              kat                        kat

uga dipasang piranti audio visual. (JB. No. 10 Minggu I Nopember 2016 Kc. 29)
            w                     l
            f.k                    f.a
tum                  panggp

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kono”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “kursi”,  mula tembung “kono” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake panggonan kang cedhak karo wong kang ngrungokake utawa panggonan wong kang melu cecaturan.

3)    Adoh
Adoh ing pronominal dhemonstratif papan yaiku tembung kang nuduhake dununge samubarang kang ora cedhak klawan pamicara, lan uga ora cedhak klawan mitrawicara, adoh iki bisa ateges objek kang dimaksud katon saka papane pamicara lan mitrawicara, nanging uga bisa ora katon saka papane pamicara uga mitrawicara.

a)    Panggon
Ing pronominal dhemonstratif panggon kang adoh mung ana pronominal dhemonstratif kanggo panggone.
(14) Tamune wis padha rawuh, padha mbutuhake kursi. Kae, ndang diusungi! (Narko Budiman, 2013:2)
G:        j                  w                                 l                   j                 w
W:     t.a                 f.k                               f.a                 t.ses             f.k
K:      panin           tum                           panggp            panin          tum

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kae”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “kursi”. Tembung “kae” ing dhata iku nuduhake samubarang kang ana utawa dianggep ana sanjabane cecaturan.

(15)        Ayu, malah lungguh nang lawang pawon. Setengah urip aku
Guna   :   j           l                               g                             l                j                                                                   
Wujud  : t.a         f.a                        f.anc                         f.kaha          t.a
Kal       : panin      tum                         kat                          pan           panin

 thenguk-thenguk ana kana. (LD4. No. 4.Kc. 103)
                        l                       g
                       f.k                     f.ses
                        tum                  kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kana”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “lawang pawon”. Tembung “kana” ing dhata iku mratandhakake yen panggone sanjabane pamicara lan wong kang dijak cecaturan utawa adoh saka kekarone.

c.    Pronominal Dhemonstratif Dunung (Lokasional Posisional)
Dunung yaiku papan manggone samubarang, barang bisa diarani dununge yen barang iku mau ana ing sandhuwure, sangisore, sakiwane, satengene, tumumpang ing panggonane.
Pronominal dhemonstratif dunung nduweni telung perangan yaiku cedhak, rada adoh lan adoh. Ukara-ukara ing basa Jawa kang ana sajrone pronominal dhemonstratif dunung, ukara kang kaya mangkene iki kang ngandhut pronominal dhemonstratif dunung.

1)    Cedhak
            pronominal dhemonstratif dunung diperang dadi telu lan salah sijine yaiku cedhak. Cedhak ing kene yaiku cedhak klawan pamicara, dadi samubarang kang dikarepake utawa kang dimaksud dening pamicara iku cedhak dununge klawan dununge samubarang iku mau. Cedhak ing pronominal dhemonstratif dunung isih bisa diperang maneh dadi loro, yaiku dununge lan parane.

a)    Dunung
Panulis merang pronominal dhemonstratif dunung kang cedhak dadi ana dunung lan parane marga sajrone bebrayan Jawa panliti nemokake cecaturan kang kudu diperang dadi dununge lan parane. Dunung lan parane iku mau (Lyons, 1995:48) ngandharake yen iku klebu jinis pronominal dhemonstratif kanggone dununge.
(16)        Warung gadho-gadho mapan ing plataran jembar lan eyub ing ngisor wit sambi lan
G         :           j                           w                                         kat      
W         :           f.a                        t.k                                        f.anc
K          :           panggp                tum                                      kat

asem  Landa sing gedhe. Panggone cedhake ril sepur, ndadekake sapa wae sing
                  kat                                                       j
                  f.anc                                                    panin
                  kat                                                       kat

andhok ing warung iki nemu sensasi. (JB. No. 07 Minggu III Oktober 2016 Kc. 25)
      w                     kat
      f.a                    f.ses
      panin               kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iki”, nuduhake tembung sing wis jlentrehake sadurunge kanthi anafora yaiku “ngisor wit sambi lan asem Landa sing gedhe”, mula tembung “iki” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake samubarang kang cedhak karo pamicara.

(17)  Aku ndelehe hp  neng ndhuwure lemari. Ing kene lho, cebloke mau. (JB. No. 7 Minggu III Okt 16 Kc. 15)
G:    j      w        l                     kat                   kat                   w
W: t.a     t.k      f.a                    f.anc                f.ses                f.kaha
K: panin tum     panggp           kat                      kat                   pin

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kene”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “ndhuwure lemari”. Tembung kene ing dhata iku mratandhakake yen pamicara lagi cedhak karo mitrawicara. Pamaos ora perlu dijlentrehake yen antarane pamicara lan mitrawicara iku cedhak, wis mangerteni saka ukara kang ngemu teges cedhak iku mau. Ing kene tembung “kene” kalebu tembung kanggo mangerteni jarak antarane pamicara lan mitrawicara.

b)    Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng dunung tartamtu.
(18) Aku neng apotek ngarepe rumah sakit. Ayo ndang mrene, takenteni! (Narko Budiman, 2013: 151)
G:   j           kat                          g                      j                          w
W:  t.a         f.anc                      f.anc                f.ses                    f.k                   
K: panin                             kat                          panin                  tum  

Ing ndhuwur tembung “mrene” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku  “ngarepe rumah sakit”. Tembung “mrene” wis mratandhakake yen cedhak karo pamicara.

2)    Rada Adoh
Rada adoh ing dheiksis dunung iki nduweni teges samubarang kang dikarepake ora cedhak klawan pamicara lan uga ora adoh saka pamicara, samubarang kasebut ana ing satengah-tengahe pamicara lan mitrawicara.

a)    Dununge
Ing pronominal dhemonstratif panggon kang rada adoh ana pronominal dhemonstratif kanggo dununge lan tumrap parane.
(19)        Kok ora biyen-biyen mangsa ketiga ndandani got pinggir dalan. Iku samana suwene
Guna   :          J                            w                               kat                                        j
Wujud  :         f.kaha                     f.kaha                        f.anc                                     f.ses
Kal       :           panin                    panggp                      kat                                        panin


ra rampung-rampung. (Narko Budiman, 2013: 15)
                        w
                        f.kaha
                        kat

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “iku”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “ pinggir dalan”, mula tembung “iku” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake dunungekang ana utawa dianggep ana sajrone cecaturan kang cedhak karo wong kang ngrungokake.
(20)        Sari mlebu kamar kerjane kang  dumunung ing sisih ngarep, cedhak kamar tamu.
Guna   :  j         w            l                                                                    kat
Wujud  : t.a      t.k           f.a                                                                 f.anc
Kal       : panin tum         f.a                                                                 kat

Ing kono dheweke lungguh ngadhep meja tulis. (PS. No. 47 Minggu 2 Mei 2009 kc. 19)
      Kat          j              w                    l
     f.ses      t.a             t.k                    f.k
      kat        panin        tum                  panggp

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kono”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “ing sisih ngarep cedhak kamar tamu”,  mula tembung “kono” menehi teges kang nduweni maksud nuduhake dunung kang cedhak karo wong kang ngrungokake utawa dununge wong kang melu cecaturan.

b)    Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng dunung tartamtu.
(21)        Pur Inis lumah-lumah ing kursi dawa sacedhake kasir. Bas lan Son langsung mrono.
Guna   :     j                 w                 kat                     pang                    j                        pang
Wujud  :    t.a             f.k                 f.anc                   f.anc                   f.a                       f.anc
Kal       :    pan            tum              panggo              panggo               pan                       kat     
(Narko Budiman, 2013: 74)

Ing ndhuwur tembung “mrono” nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku  “sacedhake kasir”. Tembung “mrono” nuduhake marang ener kang rada adoh karo pamicara.

3)    Adoh
Adoh ing pronominal dhemonstratif dunung yaiku tembung kang nuduhake dununge samubarang kang ora cedhak klawan pamicara, lan uga ora cedhak klawan mitrawicara, adoh iki bisa ateges objek kang dimaksud katon saka papane pamicara lan mitrawicara, nanging uga bisa ora katon saka papane pamicara uga mitrawicara.
a)    Dunung
Ing pronominal dhemonstratif panggon kang rada adoh ana pronominal dhemonstratif kanggo dununge lan tumrap parane.
(22)        Ibuk tumbaske neng toko Barokah cedhake sekolahe Faza. “kae ta Buk, batune lolo
Guna   :  j          w                     l                                  pang                           kat            pang
Wujud  :  t.a       t.k                    f.a                              pang                           f.ses            f.a
Kal       :  pan     tum                               kat                                                    kat            tum                                                                           
pisan ya, buk?” (Narko Budiman, 2013: 45)
         pang
          f.a
          tum

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kae”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku tembung “cedhake sekolahe Faza”. Tembung “kae” ing tuladha iku nuduhake dunung kang ana utawa dianggep ana sanjabane cecaturan.

(23)          Adi ngingset kursine nyedhaki komputer ing poncot kamar. Ing kana, dheweke
Guna   :   j          w          l                    kat                            pang               kat            j
Wujud  : t.a        t.k         t.a                  f.k                            f.a                  f.ses           t.a
Kal       : pan      tum      panaggp        pin                              kat               kat               pan

ngetung-etung pembangunan proyek. (PS. No. 47 Minggu 3 Juli 2015 Kc. 23)
                        w                       l
                        f.k                    f.a
                        tum                  panaggp

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “kana”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “poncot kamar”. Tembung “kana” ing dhata iku mratandhakake yen papane sanjabane pamicara lan wong kang dijak cecaturan utawa adoh saka kekarone.

b)    Paran
Paran kang ana sajrone makalah iki ngemot karep parane samubarang arep dumunung neng dunung tartamtu.
(24) Omahe Taknis ing kidule Mbah Marto, Kowe dikongkon mrana. (Narko Budiman, 2013: 98)
  G:        j             w                      kat                   j                  pang     
  W:      f.a           f.a                     kat                  f.a                f.ses
  K:            panggp                        kat                   pan               tum

Saka dhata ing ndhuwur iku bisa dingerteni yen ana tembung “mrana”, nuduhake tembung sing wis diandharake sadurunge kanthi anafora yaiku “kidule Mbah Marto”. Tembung “mrana” ing tuladha iku nuduhake marang ener kang adoh saka pamicara lan pawongan kang dijak cecaturan.

Katrangan :
NO
CEKAKAN
KATRANGAN
1.
j
jejer
2.
w
wasesa
3.
l
lesan
4.
kat
katrangan
5.
g
geganep
6.
t.a
tembung aran
7.
t.k
tembung kriya
8.
f.a
frasa aran
9.
f.k
frasa kriya
11.
t.ses
tembung sesulih
12.
f.ses
frasa sesulih
13.
t.anc
tembung ancer-ancer
14.
f. anc
frasa ancer-ancer
15
t.kahan
tembung kahanan
16.
f.kahan
frasa kahanan
17.
panin
panindak
18.
tum
tumindak
19.
pan
panandhang
20.
pin
pinurih
21.
pananggp
panangggap

C. Panutup
Saka andharan ngenani pronominal dhemonstratif ing ndhuwur bisa didudut ngenani teges anafora kuwi sejatine bisa ditegesake minangka tembung panggenah. Anafora yaiku nuduhake maneh marang samubarang kang wis disebutake sadurunge sajrone wacana kanthi cara mbaleni utawa substitusi. Anafora mujudake andharan perangan marang perangan liya kang ndhisiki. Miturut Purwo (1984:103) anafora kuwi mung nuduhake marang konstituen utawa ukara sing manggon sisih kiwa. Yen manut tegese anafora kuwi meh padha karo tembung sesulih, bisa sesulih purusa, panuduh, lan pandarbe. Ing kene panliti bakal ngandharake ngenani anafora pronominal dhemonstratif ing basa Jawa.
Pronominal dhemonstratif yaiku tembung deiktis sing digunakake kanggo nuduhake lan ngganteni purusa. Sesulih panuduh yaiku kategori kang nduweni guna kanggo nuduhake samubarang ing njero utawa sajabane wacana.
Pronominal dhemonstratif nduweni sesambungan karo barang utawa perangan tartamtu kang arep dituduhake. Pronominal dhemonstratif bisa kaperang dadi telung jinis, yaiku pronominal dhemonstratif papan, pronominal dhemonstratif panggonan, lan pronominal dhemonstratif dunung.


Kapustakan
Hartadi, Agung. 2016. “Nggunakake Layah Raseksa Porsine Super Jumbo”. Sajrone Jaya Baya. No. 07 Minggu III

Kariyodiharjo, Sugeng. 2016. “Absene Buyar”. Sajrone Jaya Baya. No. 10 Minggu I Nopember

Kridalaksana, Harimurti. 1993. Kamus Linguistik. Edhisi ketiga. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama

Kridalaksana, Harimurti. 2007. Kelas Kata dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama

Krisna, Alief Putra. 2016. “Ora Duwe Sepatu Rodha Ketinggalan Jaman”. Sajrone Jaya Baya. No. 10 Minggu I Nopember

Purwo, Bambang Kaswanti. Deiksis dalam Bahasa Indonesia. (cetakan pertama 1984). Jakarta: PN Balai Pustaka

Rani, Abdul. 2006. Analisis Wacana (sebuah kajian bahasa dalam pemakaian). Malang: Bayu Media Publising

S, Sastrasoepadma.  1958. Paramasastra Djawa. Jogyakarta: Soejadi

Setiyanto, Arya Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka

Sudaryanto. 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press

Sumarsono. 2012. Pengantar Semantik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Wedhawati. 2005. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Balai Bahasa



 


Total Pageviews

anti block

G.ads