Sunday 18 January 2015

AKU - dening Yuliana

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:16 | No comments


AKU

Iki mripatku,
kang ora bakal mandheg anggonku ndeleng
Iki sikilku,
kang ora bakal mandheg anggonku jumangkah

Iki lambeku,
kang ora bakal mandheg anggonku dedonga
Lan iki tanganku,
kang ora bakal mandheg anggonku makarya

Sapa aku
Aku sapa
Iki aku
aku kang duweni sajuta pangimpen

kang bakal dak gayuh
kang bakal dak perjuwangake
kanggo uripku ing mangsa ngarep



0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads