Thursday 15 January 2015

Karya Wisnu Prasetyo Bekti

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:05 | No comments




Jogja Jodhohku
Dening: Wisnu Prasetya Bekti

Seminggu kapungkur Rina pamit kanggo nggolek penggawean  nyang Jogja, dheweke wis dililani ibune. Sejatine kahanan ing omah ya isih kacukupan, sawah sing lumayan amba ning pinggire omah wis cukup kanggo kulawargane,  upamane mangan  ora kurang sandhang, papan kari manggon. Ning jero atine bocah wadon kuning manis tur ayu kuwi wis suwe yen kepingin budhal menyang Jogja, Jarene Jogja panggon gampang kanggo nggolek gawe.
“Rin … apa ning kene ora ana penggawean ta Rin, kok? dadak nganti Jogja..” Ature ibune Rina
“Nggih wonten, nanging niku pun dados tekad  kula hlo buk, ugi eman – eman sarjana kula, 4 tahun kuliyah, kanggene nggih dinten niki ” jawabe Rina
“Jogja iku adoh lo Rin, mengko yen ibu kangen  kepriye?, golek kerja ning Banyuwangi kene ae ya Nduk..!ben ora adoh  teka omah”
“Bu, umur  kula sampun  25 tahun lo, dados kula nggih boten purun terus ngrepoti, makaten mawon  mangke menawi kula sampun angsal padamelan, kula badhe ngabari griya ugi menawi saged kula wangsul buk.”
            “oalah Rin. . . Rin. . . bocah ayu siji sing dakduweni pancen  wis gedhe, ya muga – muga oleh palilah saka Gusti nak..” ibune nangis karo ngrangkul rina raket-raket, sajake ora lila ditinggal Rina adoh saka omah.
Pancen Rina anak siji-siji sing diduweni Bu Sri, sawise wafate bapake Rina aamarga kacilakan  kerja ning Jogja, Bu  Sri ora nglilani Rina kanggo dolan adoh, Aamarga Rina pinter matur marang ibune lan ego uga mandiri, suwe-suwe manahe ibune nglilani Rina kanggo budhal kerja. Bontotan uga dhuwit sewu kanggo sangu budhal menyang Jogja. Ning kana jare ibune ana dulur sing kena dijaluki tulung, jenenge Pak Main Pamane almarhum bapake. Ora suwe-suwe Rina langsung pamit budhal nyang mahe Yaine.
Atine Rina krasa deg-degan, bombong oleh palilah ibune, merga umure sing jarene wis cukup diwasa, mulane cocog kanggo  golek pengalaman. Ning jero bis sing tumuju Jogja Rina sajake ngelamun rena-rena  nganti ora nggatekna akeh pengamen ganti gumanti kang nodhong tangane kanggo jaluk welas kasih, nganti kaget nalika dijawil dening wong ing sapinggire bus,
“mbak…mbak ….mbak..”
“inggihhhh.. “ jawabe Rina kaget  nganggo swara kang banter nganti krungu wong-wong
“sawangane ..lagi ngelamun ta mbak”
“heehhe. Inggih, nyuwun pangapunten mbak” wangsulane kewirangan
“halahh, kok ndadak nyuwun pangapunten barang, boten manapa-menapa mbak.. sampeyan badhe  tindak pundi?”
“Kula badhe teng Jogja mbak,  sampeyan badhe dhateng pundi?”
“wahh. . .Jogja .taksih radi tebih menawi mekaten, namine sinten?, sajake sampeyan kalih kula saumuran, tepangna kula Asih mbak.”
“kula Rina mbak…”
Wong loro padha tetepang lan rumaket dadi kanca ijol-ijolan nomer ben  bisa hubungi, crita – crita pengalaman lan samubarang, Rina uga crita yen dheweke budhal nyang Jogja kuwi kanggo golek panggawean, gara-gara kekancan  Rina malah oleh untung, Dheweke diwenehi saran kanggo menyang perusahaan kancane Asih pas kuliyah, perusahaane kang aran PT. Panca Sanak, sing duwe jenenge mas Surya. Pikire Rina ya kaya tau ngerti jeneng pabrik iku, halah mangsa bodo  batine Rina. Tekan  terminal Solo Asih jaluk pamit arep mulih.
“Rin, mengko yen ana wektu longgar dolin nyang mahku ya…!” omonge Asih nganggo ngoko amarga wis rumasa kanca raket karo Rina
“Ya Asih, kapan-kapan, sampeyan ya dolana nyang Banyuwangi ya kapan-kapan….!”
“Ya Rin…”
“Donorana aku  katrima dening kancamu!”
“ya, pokoke ngomonga ning Surya yen kowe kuwi kancaku raket”
“matur nuwun Asih, aku pamit”
Bis Mira sing ditumpaki Rina nutukake tujuwan terpungkasane yakuwi terminal Jogja, satibane tekan terminal Jogja, Rina seneng banget bisa ngancik tanah  kalairane kuwi, merga ya ning  Jogja sing nggedekake Rina  awit bayi nganti tumekeng SD sadurunge pindhah menyang Banyuwangi. Tanpa kinira pas metu saka gerbang terminal, dumadakan  tas ireng sing disangklot Rina disaut wong lanang karo mlayu, kanthi spontan aku ya melu nguber wong kae, jenenge wae saka  desa,seneng playon, ora mung kuwi wae, Rina mbengok banter  yen sing diuber kuwi copet. Rina krasa pegel anggone mlayu, ora let suwe  ana bocah lanang ngendeg  playune copet, Rina nguwasake perkara iku, bocah  lanang  iku gelut karo copet kanggo nulungi Rina. Cah lanang klamben putih ngeculke copet lan marani Rina.
“Niki tas sampeyan ta?”
“Inggih … niku tas kula…matur nuwun  Mas” Rina kanthi menggos-mnggos
“Sampeyan  sing ati-ati, pancen  neng kene kadang kala ana copet, ya kaya aku”
“Hlo kok saged ngaten”
“iya, nyopet ati sampeyan”
Rina kapitenggengen ngrungoke omongane cah kuwi, batine muni yen bocah kuwi kok sajake sok kenal.
“mbak…mbak.. kok ngelamun… mung gojeg lo mbak, sepurane yen  tembungku salah”
“ohh..boten mas ,, boten menapa” Rina ngguyu  karo nguwasake pasuryane.
Wong loro nerusake omong-omongan karo lungguh dinggkik ing sapinggir dalan, nganti ana mobil nyedhaki,
“Pak Sur, sakniki sampun tabuh 5 sonten, sampun ditengga Mariyem, dhaharipun sampun siyap pak bos .”  Bengoke wong sing mbukak kaca mobil sing awangane kaya sopir
“iya pak Gambi,….mbak aku budhal dhisik ya mbak,” pamite wong lanang karo mbukak lawang mobil xeniane.
“Inggih Mas atos-atos, ooh inggih .. nama sampeyan sinten Mas”
“jenengku Prasetya”
Mobil Xenia iku terus bablas, Rina ngangkat tangan karepe dhadha marang mas Prasetya uga karo mbengok yen jenenge dheweke kuwi Rina. Rina mesem dhewe yen ngeling-eling pasuryan mas Pasetya sing ganteng saliyane iku wonge ya gagah, gedhe tur dhuwur, sajake Rina ngrasakake piye ta rasane wong nandhang kasmaran. Rina kelingan yen dheweke kudu nyang omahe Pak Main ora liya Yaine dhewe. Omahe  Pak Main ora adoh  saka terminal, malah mung tangga desa, mangkane Rina nyoba mlaku wae karo nyawang kutha lan ngeling-ngeling tabuhan samono, dheweke ya isih iling dalan tumuju omahe  Pak Main, la wong ya ning omah kuwi Rina bisa urip. Tutuk ngarep omah dheweke atur salam nganti suwe ora ndang dibukak, pungkasane Rina mlebu wae amarga lawang ngarep ora dikunci, krasa trenyuh atine Rina bisa nyawang Yaine turu aneng kamar, nganti jumbul Pak Main tangi saka turune.
“looo. Rina putuku  Ndhukk…”
“Yai,…aku kangen marang Yai, kabare Yai dos pundi?
Seneng atine Rina krungu yen kabare Pak Main sasuwene iki apik-apik, malah katon sehat, bergas. Senadyan rambute wis putih akeh uwane, kira-kira umure wis 70 tahun, uga kulite sing padha keriput nanging wonge isih kuat lan ora pikun. Rina neranorae tujuwanku menyang kene, sing paling yenenorae Pak Main ngidini menawa Rina urip nyang kene maneh, dheweke uga nyritakake pengalaman  budhal nyang Jogja sarta curhat pas katemu dening wong sing nyolong atine. Crita-crita iku kaendheg dening adzan isak saka masjid sing ora adoh teka omah. Rina gage nyiapna mukenah kanggo salat tabuhaah ing masjid.
Ing tengah dalan tumuju  masjid Rina ndeleng Pabrik kertas, dheweke eling pas SD senegane golek pelem sing ana sapinggiri pabrik kuwi, sangarepe ing pabrik Rina clinora- clinguk nyawang kahanan pabrik, tetep apik kaya biyen mung diganti cate kaya-kaya katon apik penak disawang.  Nalika Rina nguwasake endhuwur, krasa kaget lan nyenenorae atine, tulisan aksara gedhe sing katulis ing tembok pinggir tengen kuwi wacane PT. Panca Sanak, kamangka pabrik kuwi yaw is awit laire Rina wis dibangun, ning biyen yen ngarani pabrik iku dudu PT. Panca Sanak nanging pabrik kertas. Dheweke mikir yen budhale iki wis oleh palilah saka gusti. Karo mlaku menyang masjid Rina angen-angen yen sesuk bakal nglamar kerja aneng pabrik kertas ora liya yaiku PT. Panca Sanak.
Sawetara tabuh  8 bengi tabuhaah sholat isak ning masjid An-nur wis padha mangkat, padha buyar, Rina isih clinora-clinguk golek sandhal japit sing digawe mau, dheweke ya ngrasa yen wis suwe ora tau ngamal, mulane sandal japit kuwi dianggep gawe amal wae, dumadakan lakune Rina kaendheg dening swara ngaji kang penak rinungu,  kayata pawongan kuwi saka jero masjid, dheweke ora mikir perkara sandhal maneh nanging, sapa ta sejatine wong iku? Ijen plek ngaji ing jero masjid, sawangane kok ya alim banget, upama duwe pasangan kaya ngono ya rasane seneng banget, ning yen ora ana tresna padha karo goroh, wong tresnane Rina muung kanggo pawongan sing nulungi dheweke dhek dina kae. Ing sajroning  lamunane ana wong kang nyapa saka jero masjid.
“Mbak… Mbak sing dhek wingi kae ya?”
“loooo…. Mass..”
“ya, aku mbak,… Prasetya”
“Mas..” Rina krasa isin banget lan uga ngrasakake bungah, priya siji sing disenengi kok ya pawongan sing ngaji .
“wahhh.. paling ya ngene iki sing diarani jodoh, hhhh”
Rina katon abang raine, mangka dheweke ya ngerti kuwi mung gojegan, la piye maneh wong diarani katresnan ya isin-isin gelem.
“mung gojeg mbak…oh ya mbak, jeneng sampeyan sapa?, aku lali durung tepungan” Prasetya mindhoni omongane
“Kula Rina mas”
            Saben-saben pitakonane Prasetya dijawab dening Rina, Rina uga nyritakake yen dheweke menyang Jogja ya arep nglamar kerja ning PT. Panca Sanak  dadi sekretaris, Prasetya mesem wae lan malah menehi semangat kanggo Rina, jarene mesthi katrima aamarga direktur PTne miturut kabar durung duwe sekertaris. Bungah manahe Rina diwenehi semangat karo wong sing disenengi. Wong loro padha gojegan bareng, omong-omongan, kadhang kala guyu bareng, kadhang kala spaneng padha pandeng-pandengan malah uga ijol-ijolan nomer  telpon. Dadak saka kadohan ana wong bengok.
            “Rinnnnn…..bocah wadon ora pareng mulih bengi-bengi”
            “ ohhh.. Yai Main… ngapunten” jawabe Rina
            “Iki wis tabuh 11, kok malah gawe pikire Yai wae,… sapa kuwi” Pak Main karo nyedhak.
            “Kula Pak”jlentrehe Prasetyo.
            “lo sampun tepang ta Yai?” sauté Rina
            “Ya wis ta, sapa sing ra kenal karo wong apik, bijak lan sugih dhewe sak kecamatan”
            “Ampun ngaten, sami mawon, sajake Pak Main mlampah niki mau, manga kula teraken kondur, margi wancinipun sampun dalu.”
            Pak Main lan Rina diterake mulih karo Prasetya numpak mobil Xeniane. Pak Main jlentrehake kabeh babagan Rina. Nanging Rina dina iku krasa lara atine, kuciwa mergane wong disenengi cetha ora bisa seneng marang dheweke. Sapa sing bakal seneng karo cah wadon desa ngono , kira-kira tresnane iki mung abot sisih pikire. Saben – saben mesthi kelingan Prasetya ning dina iki dheweke duwe tekad kanggo nglalekake. Samarine teka omah, Rina langsung menjero mlayu nyang kamar karo sms Prasetya sing unine “matur nuwun Mas, lan sepurane… aku kebacut nyenengi sampeyan,  dina iki ngerti, aku ra cocog karo sampeyan, sampeyan kapiken banget kanggoku, kira – kira awak dhewe ora usah katemu maneh mas, sepisan maneh sepurane. “
            Sesuke Rina budhal nglamar kerja nyang PT. Panca Sanak, dheweke krasa ngelu ora semangat kaya dhek wingi kae, nalika katemu hansipe lan ditakoni sapa jenege dheweke jawab “kula Rina” terus dikon menjero kantor, saben –saben ana wong pitakonane tetep uga wangsulane Rina panggah. Pungkasane Rina diarahake menyang kantor direktur. Nalikane Rina bukak lawang lan mlebu ngucapke salam, durung nganti bar ngucapake salam atine Rina krasa deg-degan, krasa arep mbledhus, krasa lemes uga ngrasakake liyane sing ndadekake salah tingkahe, dheweke rumasa wirang aamarga sing nglungguhi bangku direktur sing jarene Asih jenenge Surya kuwi wong kang dikenal banget karo Rina. Dheweke  nyidhak arep lungguh dingklik, lan kepingin masthekake jenenge kang katulis ing dhadhane, pranyata bener, sing katulis pancen jeneng ngarep Surya nanging ana sing gawe atine Rina trathapan, oraa liya ya jeneng buri.
            “Wis tak enteni awit mau lo Rina..” omonge Pak Surya
            “Ngapunten Mas, ehhh pakk…Pak Surya” Rina katon isin banget.
            “Mas wae Rin ra papa…, aku luwih seneng diundhang kanthi mas wae.. jang-jange lak  ya sampeyan ngundhang mas nyang omahe awak dhewe mengko”
            “Maksudipun kados pundi”
            “sliramu mrene lak nglamar dadi sekertaris,ta trima ora mung dadi sekertaris kantor ning uga dadi sekertarise atiku Rin,”
            “loo.. maksudipun Mas Prasetya dos pundi?” Rina jaluk kacethan
            “ngene Rin, sadurunge sepurane, dhek wingi kae pas  Pak Main crita yen sampeyan anake Pak Mustopa, bapakmu biyen kacilakan merga aku, dheweke nulungi aku nalikane aku arep ketabrak mobil, sadurunge wafat, bapakmu pesen ngutus njaga anake sing jenenge Rina. Pranyata kuwi sliramu… aku dhewe wis kesengsem marang sliramu pas perkara ning terminal  kae. Rin kowe gelem tak pek bojo ya” andharane Surya Prasetya
            Rina mung isa nglamun ngeling almarhum bapake, critane wong kacilakane amarga nulungi bocah, saiki bocah kuwi ana ing ngarepe, dheweke netesake luh. Sedela-sedela dheweke nyawang Prasetya. Kanthi swara alus lan netesake luh Rina ngomong “nggih kula purun Mas”




















Sepurane Buk

Dening: Wisnu Prasetya Bekti

“Maling-maling” bengoke wong – wong desa kang padha nguber maling prabotan lan raja kaya. Minangka pemudhane Desa Ponggok, aku ya ora gelem kalah karo tetuane desa, aku mubeng – mubeng desa kanggo nggoleki maling sing singitan, pranyata sing jenenge maling ya luwih pinter tinimbang sing nguber. Digoleki nganti longe semut ya ora ketemu, apa maling iku nggawe aji-aji, halah embuh pokoke sesuk maneh digoleki, yen nganti ketemu bakal tak jaluk tanggung jawabe, nek isa tak jejeg ndase sing ireng kuwi mergane omahku dhewe ya wis kacolongan, tv sing sih anyar durung nganti seminggu kok wis ilang digondhol maling, pancen maling kurang ajar ngerti wae barang anyar.
Kira-kira wis kaitung sawulan desaku iki katekan maling nganti kadhang kala ana maling sing mergawene awan-awan, wah saiki malinge kendel-kendel. Mulane saka kuwi Pak Suri minangka kepala dhusun nyusun jadwal kanggo jaga bengi, aku kebagen jaga dina sabtu, kena gawe malming jarene cah saiki hahaha, malam mingguan.
Ing dina liya Pak Setu tangorau  lagi kena sungkawa amarga bapake kapundhut Gusti, kabeh tangga teparo padha nyelawat, saben bengi nganakake tahlilan, jalaran Pak Setu kuwi wong sing apik marang wong liya, dadi sing teka tahlil ya akeh, nganti omah gedhene ora kamot. Jaga bengi sawetara wektu 3 dina iki prei ndisik ngendhikane Pak Suri, ya minangka wong anyar ing Desa Ponggok, aku lan ibuku ya melu sungkawa marang Pak Setu saben wengi mesthi ewang-ewang ing daleme. Pancen saiki aku mung urip karo ibuku wae, aku dhewe ya ora ngerti dununge bapakku nyang endi, saben takon marang ibuku nengdi dununge bapakku, mesthi ibuku sing praene bunder, pawakane dhuwur kuwi nrocohake luh, arep bacutake takon aku ra tega marang ibu, ing batinku aku mung duwe ibu, ora ana bapak aku ya ora ngapa-ngapa.
Minggu esuk, ibuku ngutus ngeterake menyang pasar, sabanjure mampir ning omah lawas, kanggo reresik sawang-sawang, bin, lan sapiturute, aku ora ngerti apa dadi sebabe pindah nyang Desa Ponggok, kamangka rasaku ora ana masalah, omah ya ora rusak, masalah utang ya ora ana.
“Don…. Mrene a ta!” Ucape ibuku
“Wonten napa Buk,” aku mara nggawa sapu kerik sing bar dakgawe nyapu latar.
“Don…sampeyan saiki wis gedhe, ya perlu dakkandhani.”
“Lo bejani napa ta buk, kadose penting sanget.”
“Omah iki biyen ditukokne bapakmu le.”
“Pun ngaten Bu, wong bapak sakniki boten wonten ae.”
“hus.. aja ngono le,  nadyan ngono kuwi bapakmu,  oh ya biyen bapakmu senengane nggawe lading, wujude ya aneh,” ibu mlaku njupuk lading sing dawane sakilan, wujude unik, ora kaya lading – lading biasae ning slempitan gedheg pawon omah lawas.
“Damel napa niki Buk.”
“Lading iki gawanen le, iku peninggalane bapakmu, ya mung siji iki wae Doni”
“Inggih Bu, sejatose bapak wonten pundi ta ?”
“heeemmm, tak kira wis wayahe kanggo crita nyang sampeyan Don, nalika sampeyan isih bayi, bapakmu golek panggaweyan nyang kutha liya kanggo nyukupi kabutuhan kulawargane dhewe, nanging wis 18 tahun iki bapakmu ora tau mulih, aku krungu kabar jarene bapakmu rabi maneh ning panggon kana le.”
Luhe ibuku dredes, mili nyang pipine, dakrangkul ibuku rapet-rapet, aku ora tega nyawang ibuku sing kaya ngono. Pancen bajingan sing jenenge Parman ora bakal dakakoni bapak nganti salawasku, wong lanang ora duwe tanggung jawab sing paling parah gawe tangise ibuku, ora bakal dakngapurani.
“Don, omah iki wis ana sing ngeyang,”omonge ibuku karo ngeculake rangkulan.
“Inggih sae ngaten, timbang boten dipangoni, aluwung diadol mawon Bu”
“Ya Don, sebagian dhuwite wis taktukokne sapi loro, ben kena gawe ingon-ingon.”
“Wah, saged dipuningu teng wingking griya, mumpung wonten karangan radi amba.”
“Iya, ayo mulih sik Don, jare blantike arep diterne sore iki sadurunge surup, nanging ayo mampir tuku TV gawe ngijoli sing ilang dhek kae.”
            Kira-kira tabuh 4 sore aku lan ibuku mampir ning toko elektronik nggolek TV sing murah, sabanjure kuwi mulih karo nggawa TV anyar, beh atiku rasane seneng banget nduwe TV, ora mung kuwi, ngerti ibuku mesem lan katon bungah ndadekake atiku tambah seneng banget. Aku lan ibuku tekan omah tabuh 5 sore ngepasi bareng blantik sapi sing ngeterke raja kaya sing dituku ibu
            Sawetara wektu sapi loro kuwi dakcancang ning buri omah, sesuk esuk gawe kandhang kanggo sapi. Saiki budhal jaga bengi sik, amarga dina iki sabtu wayahku jaga. Adus jebyar – jebyur,  tabuh wolu bengi mangkat nyang pos ora lali lading sing diwenehi ibuku ya takgawa. pranyata ning pos wis akeh wong sing lagi dolanan remi, dakparani nggo melu dolanan remi. Ora krasa wis tabuh sepuluh bengi, biyasane tabuh samono wong-wong nuthuk wesi ping sepuluh gawe pratandha yen dalu iki wis tabuh sepuluh. Aku ngajak Heru, dheweke sapantaran karo aku aamarga tahun wingi lulus SMA bareng aku. Wesi sing adoh saka pos kuwi dakparani karo Heru. Ning sakdawane dalan anggonku mlaku rada ora kepenak, atiku ngrasa ana sing lara, ning paling ya mung rasa wae. Sakwise ning tengah desa, wesi sing gumanthol ning wit Ringin taktabuh ping sepuluh.
            Saklebatan kaya-kaya ana wong klambi ireng sarungan mlayu ngidul.  Ora  mung aku wae sing ngerti kedeyan iki, Heru uga ngerti. Heru takkongkon ngandhani wong-wong sing nang pos, banjur aku sing nguber wong sarungan kuwi. Takkiting saka buri kayata ora ijen, kira –kira ana wong enem uga gawa montor pickup sing nin jerone ana sapi loro. Aku kok kaya eling sapi kuwi, bangsat pancen sapi kuwi sapine ibuku sing tas tuku. Aku mlayu menyang omah dilok kahanan omah.Aku liwat saka buri omah, beh pancen maling bangsat.Atiku krasa gethem-gethem pengin mateni maling-maling bangsat kuwi.Saka jero omah keprungu kemblodhag, lawang buri omah takbukak. Kaget rasaku ngerti ibuku nglesot karo netesake luh, daklirik wong sing ning ngarepku, wong lanang gedhe dhuwur karo nyunggi TV anyarku. Tangan takkepelake, ati taktatagke. Aku mlayu marani wong kuwi karo ngantem sirahe sing ireng. Wong kuwi dlosor kelaran.
            “Don, aja Don,” jerite ibuku sing mengora karepku kanggo nujes dhadhane maling kuwi.
            “Buk, pun elu-elu, wong iki kudu mati, kula boten ngurus menawi urusan kalih polisi, kang cetha maling iki sampun damel jenengan nangis.”
Lading cilik gawenane bapakku takangkat, ora kakehan pikiran, takwalik wong kuwi sing lagi kelaran banjur taktujes dhadhane nganti lading mancep ning ragane.
            “Doon, kuwi bapakmu le,” ibuku bengok karo nyidhak nyang aku, aku dirangkul rapet-rapet saraya wong-wong desa padha mara kabeh. Ning jero batinku mung isa nangis lan nyesel, sepurane buk, sepurane.












Bandha Wigati
Dening: Wisnu Prasetya Bekti

            Pating kemlontang ning jero pawon nganti keprungu tangga teparo. Tangga – tangga ora isa nulungi apa-apa, ya mung isane gumun.  Kok  ya nemene manten sing kapetung sih anyar kuwi saben bengi mesthi tukaran.  Sing paling nemen Kardi, wong ya ngerti bojone Surti lagi bobot gedhe isih dikongkoni golek kerja. Pancen Kardi kuwi  kaitung wong lanang sing ora nduweni tanggung jawab. Wis senengane ngombe ditambah main, ya yen olehe main saben dina menang, la jenenge Kardi wong goblog, saben – saben mesthi diakali kancane, ya patut nek kalah terus. Sajane Sardi kuwi wonge ganteng, ning salah pergaulan dadi polahe sarwa ala.
            Surti ngrasakake lara ning wetenge, dheweke jaluk dicelukne bidan Umi sing ana Desa Poh jejer. Nanging Kardi ora ngereken apa sing dirasake bojone. Dheweke malah ora ngurusi babarane Surti, ning tambah budhal nyang pos karepe main remi karo kanca-kancane.
            “Mas, Mas Kardi, sampeyan nyang ndi,” Surti mengora Kardi sing arepe metu saka omah.
            “Wis menenga wae, aku arep nggolek dhuwit kanggo nguripe kowe,” omonge  Kardi karo jupuk dhuwit ning lemari lan langsung klepat ngalih.
“Mas, aja dhuwit iku, Mas Mas Mas,” Surti nangis amarga dhuwit sing jagane gawe babaran digawa Kardi gawe main lan ngombe.
Tangga – tangga padha krungu tangise Surti lan marani nyang omahe. Untung wae tanggane apik-apik nganti gelem  nyusul Bu Umi bidan Pohjejer kanggo babarane Surti. Sejatine Surti dhewe wis ora betah urip karo Kardi, nanging Surti isih kelingan dhek tabuhan kae, nalika dheweke arep nyandi-nyangdi, dheweke mesthi bingung amarga Surti kuwi ora tau sekolah dadi bingung yen ana apa-apa lan ora isa maca aksara, ya mung Kardi sing mesthi ning pinggire Surti, ora mung iku wae nalika Surti  arep ditabrak motor ya mung Kardi sing nulungi dheweke. Makane Surti ngrasa duwe utang budi lan isih nahanake urip karo Kardi.
Ora suwe ngenteni Bu Umi dibonceng Pakdhe Pan tanggane Surti.  Kabeh tangga – tangga ngenteni ning jaba kamar, nanging sing paling ngesakake babarane Surti ora ditunggoni Kardi bojone, kamangka kuwi sing arep lair anak kaping siji.
“Oeekk, oekk,”swarane bayi lagi wae lair sing tangani Bu Umi.
“ Alhamdulilah, bayinipun sehat, ibune ugi slamet,” Kandhane Bu Umi sing metu gawa bayi saka kamar.
”Wah, gantenge bayi iki, arep mbok wenehe jeneng sapa Sur?” ature Pakdhe Pan menyang Surti.
            “Budi pakdhe, matur nuwun sampun nulungi kula kala wau.”
            “Halah Sur ora dadi ngapa, urip tetanggan kudu bisa saling biyantu, amarga tangga padha karo dulur Surti.”
            Krungu omonge Pakdhe Pan sing kaya ngono ndadekake Surti mbrabak lan netesake luh. Kayata pancen isih akeh wong sing gati, ya muga – muga salaire Budi isa ngowahi pikirane Mas Kardi, ngono kang dadi pikire Surti.
             Budi saiki wis umur limang taun, wis isa ngomong, isa ngadeg tur lucu-lucune bocah. Ya mung Budi sing marai Surti kanggo semangat urip, kamangka Surti nduweni lara jantung sing gelek kumat. Apa maneh Kardi panggah dadi wong lanang sing ora duwe tanggung jawab. Saben – saben sing dilakoni Surti kaya – kaya salah terus. Senadyan ana Budi sing lucu ora ndadekake owah atine Kardi. Kaya – kaya Kardi kuwi mikir yen budi dadi pepalang uripe dheweke. Nganti dheweke duwe pikiran ngedol Budi ning wong sugih.
            Kira – kira tabuh 11 bengi Kardi mulih saka bambongane. Sadurunge  mlebu kamar Kardi krungu klisik – klisike Budi sing isih durung turu.
            “Buk, bapak kok dulung mulih,” takone Budi sing isih pelat menyang ibune.
            “Bapak isih kerja nak.”
            “Buk, bapak sayang aku ora? Aku sayang karo bapak buk.” Ibune Budi meneng treyuh ngrungokake omonge Budi sing isih cilik. Dheweke mesakne Budi amarga Kardi katone ora ngrasakae sing dirasakake karo Budi.
            “Buk, aku wacakna buku iki ya,” Budi njupuk buku crita karepe njaluk dicritani ibune.
            “Mengko nek bapak mulih njaluk dicritani bapak ae ya,” Surti mesakne banget karo Budi amarga dheweke ora isa maca buku.
            “Asik ! mengko dicritani bapak.”
            “Saiki bubuk dhisik, mengko bapak nek mantuk takgugah.”  
            Krungu omongane Budi sing isih cilik kaya ngono, atine Kardi dadi dhredheg. Dheweke mapan lungguh ning kursi bale. Kardi ambegan gedhe rasane kepikiran sing diomongne Budi. Dheweke krasa sing dilakoni pancen salah. Anggone Kardi lungguh ning bale nyamplak asbak nganti kemlonthang. Budi krungu lan jekekal marani bapake.
            “ Bapak, “ Budi marani bapake kanthi seneng atine.
            Ngerti Budi mlayu marani Kardi, dheweke enggal nyingkur ora ngereken anake.

            “Pak, aku critani buku iki pak,” Budi katone seneng banget amarga arep dicritani bapake, nanging  Kardi malah muring-muring nganti Budi nangis lan mlayu menyang ibune  sing sendepel lawang kamar ngawe sajak ngongkong Budi marani dheweke. Amarga ngrasa ora direken, Kardi nempeling sirahe Surti nganti Surti kelaran. Dheweke meneng wae nalika dioring-oring bojone.
            Seminggu kalewat kulawargane Kardi katekan balak, Surti ibune Budi wis kapundhut Gusti. Jare dokter larane wis ora bisa dimareni.  Sajake Kardi ngrasa kilangan bandha sing gedhe. Dheweke wis nyoba nglereni olehe main lan mendem. Kardi wis golek panggawen dodol bakso saben bengi kanggo nguripi dheweke lan budi.

Abot Sisih
Dening: Wisnu Prasetya Bekti

            Bocah kuwi kanca kuliyahku, jenenge Rani. Cahe ayu, manis, tur dhuwur. Senadyan Rani kuwi anake pengusaha sing sugihe kaya ratu, dheweke ora beda-bedakake yen milih kanca, aku sing anake wong ora duwe bisa dadi kancane. Awit semester siji aku wis kepencut bocah kae, kamangka saiki wis semester lima lan adhik kelasku uga akeh sing ayu-ayu, nanging tresnaku iki kanggo Rani, bocah sugih sing pacakane ora neka-neka, sarwa prasaja.
            Wis dakomongke mau, aku anake wong  ora duwe. Aku bisa kuliyah aamarga aku mlebu kanthi cara bidik misi. Munggo ora ana bantuan saka pemerintah sing kaya ngene, paling aku saiki kerja macul kaya dene wong tuwaku sing ana desa dadi preman sawah.
            “ Mas, hayo nglamun apa? Nglamun aku ya?” Rani nggetak aku saka buri nganti aku jekekal kaget, kok ya Rani ngerti yen aku lagi nglamun dheweke.
            “ Hahahah, ya ora la, iki lo nglamun tugase arek sastra inggris kok ya akeh banget durung rampung-rampung”
            “ Tugas kok digawe lamunan, la enak mikir aku ae ta? Haha.” Rani ora ngerti yen aku seneng banget marang dheweke, mula saka iku yen ngomong angger ceplas-ceplos wae, ora ngerti nek aku awit mau ngrasake jantungen.
            “ Tugase bocah seni ora akeh ta?” aku takon tugas jurusane,jurusan seni kanggo ngalihake  babagan lamunan.
            “ Tugasku ta, ya wis bar no. Dimas mengko bengi ayo mlaku – mlaku nyang bungkul nggolek inspirasi ben ora sumpek, piye?” 
             “ Nek aku, oke – oke ae, tabuh pitu bengi aku susulen ya!” merga aku ora duwe sepedah, saben mlaku-mlaku karo Rina, mesthi dheweke sing gawa, nanging merga aku lanang ya cetha aku sing mbonceng, senadyan ora duwe sepedah aku tau belaar nganggo duweke kancaku nalikane SMA biyen.
            Rambut tak sureni nganti klemis lan klambi taksemprot minyak ben tambah wangi. Tabuh pitu bengi krungu swarane motor mandeg ning ngarep kos. Aku jengkelat mlayu marani sepadah kuwi, bareng taksawang, tak inora-inguk sepadah metik duweke Rina kok ora ana, mung sing ana sepedahe Pak kos. Jenenge wong kasmaran mesthi ngrasakake salting yen cedhak utawa bahas wong kang disenengi. Ora krasa teka jaba ana sing celuk-celuk jenengku, eh pranyata Rina sing nyeluk jenengku. Tas daksangklot langsul nyenglak sepedah budhal nyang Bungkul .
            Bar tekan kono,  aku duwe karep kanggo ngandarke rasa sing takduweni iki. Nalikane tuku es krim aku nyoba nyidek  arep ngomongke rasaku.
            “Rin, emhh. Aku arep ngomong ning sampeyan.” kanthi pleora –pleguk lehku ngomong.
            “Arep ngomong apa ta Mas? Sajake kok kaya serius banget.”
            “Anu Rin, anu,” rasaning atiku kaya-kaya arep pecah ora kuat nahan kaanan.
            “Anu apa ta Mas, ra cetha iki. Sik Mas sawangen kae, bocah kae ganteng banget Mas!”
            Aku meneng klakep, ora dakterusne omonganku mau, aku ora nyawang sapa sing dituduhke Rina. Rasane aku ora bisa obah maneh, wis cetha pancen Rina ora duwe rasa sing padha karo rasaku. Dak lirik alon-alon sapa sejatine wong kae, pranyata bener pawongane ganteng, gedhe lan dhuwur yen dideleng saka busanane cetha wong sugih ora kaya aku wong biyasa sing ora duwe ragad. Ya paling dheweke dudu jodohku, aku dhewe nyadar, aku ora pantes karo Rina. Muga – muga Rina oleh jodoh sing apik kanggo dheweke. Wis cukup aku ora isa ngomong apa – apa maneh. Mengko yen ana wektu dawa bakal dakcritake terusane apa sing  daklakoni.




Jamune Dina
Dening: Wisnu Prasetya Bekti

            “Sapa kuwi,” ukara iki mesthi dadi pitakonan kanggone wong sing durung kenal karo Dina, ora mung ayu pasuryane, ning uga prigel tindake. Senadyan bocah umur 20 taun iki dodolan tabuhu gendhong keliling desa, nanging beda banget karo wong kang dodol tabuhu ing padatan. Bedane tabuhu sing didol dening Dina kuwi rame banget nganti akeh sing dadi langganan, mligine wong lanang. Pancen jamune penak lan macem jamune warna-warna, ana sing tabuhu kunir, tabuhu kencur , tabuhu kunir putih, tabuhu instan, lan liya –liyane. Yen budhal saben awan tabuh 1 nganti tabuh 5 sore. Tabuhu – tabuhu sing disol mesthi ludes.
            Nalikane dina minggu, Dina ora keliling. Dheweke lagi ning omah gawe tabuhu karo ibune. Pancen Dina kuwi bocah yatim. Bapake wis kapundhut pas Dina isih sekolah SMP. Mula wong loro sing urip neng omah cilik kae gawe tabuhu sabendina kanggo nguripi dheweke.
            “Din, kunire arep entek, ayo neng pasar tuku kunir lan bahan liyane!” ibune ngajak tuku bahan kanggo jamune. Dina bocah sing nganut, apa-apa sing diomonge karo ibune mesthi dilakoni. Merga ora ana sepedahe, wong loro  mlaku neng pasar sing adohe kira-kira 5 kilo. Ning tengah dalan anak lan ibu kuwi crita-crita ngenani jamune sing kondhang enake. Crita terus nganti ngerti-ngerti wis tutuk pasar. Bahan-bahan wis tumuku, wong loro kuwi siap kanggo ngracik jamune. Tekan omah, ibune Dina kaget. Lawang omah sing mau ditinggal saiki katon menga mablak. Gembok sing nyenthel lawang lugur kaya-kaya didongkel karo wong. Atine Dina ya ngrasa kaget. Bareng mlebu jero omah wis ora dadi tatanan.  Dhuwit celengan ning jero lemari resik, mas peninggalane bapake Dina amblas digondhol maling. Ngerti kahanan sing kaya ngene Ibune Dina kaget langsung jantungen. Ibune glethak nyang bin karo nyekeli dhadhane, Dina ora isa ngapa – ngapa dheweke mbengok tulung ben tangga –tangga teka.  Nanging siji wae ora ana sing teka. Amarga awan iku tangora isih padha kerja durung mulih. Ora nganti sak tabuh ambegan ibune wis entek, tangis banter metu saka tutuke Dina. Dheweke ngrangkul rapet – rapet ibune sajake ora trima yen ibune kapundhut.
            Saiki Dina dadi urip dhewe, ora duwe wong tuwa lan ora duwe sanak kadang maneh. Nganti seminggu Dina ngrasa kelingan ibune.  Saben – saben yen nggawe tabuhu mesthi karo ibune saiki ijen tanpa rewang.  Ora mung kuwi ing padatan, yen keliling dodol  tabuhu  mulih tabuh 5 sore, saiki nganti bengi tabuh 9. Pancen urip kuwi kejem, yen ora prigel lan ulet bakal dadi korban bringase tabuhan.
            Bengi iki Dina durung mulih, jamune ya isih akeh, kanthi sabar dheweke mubeng desa nganti adoh saka desane dhewe. Ing tuangan sepi dheweke diceluk karo wong lanang telu kanga rep tuku jamune.
            “Mbak, tabuhu mbak!” wong lanang kira-kira umur 25 nyeluk Dina.
            “Inggih mas, tabuhu napa?”
            “Ana tabuhu apa ae mbak?”
            “Kathah mas, wonten beras kencur, kunir, temulawak, kathah kok mas.”
            “Nek tabuhu kuat enek ora mbak?”
            “Wah kula boten sade tabuhu ados ngaten mas.”
            “Nek sing dodol tabuhu oleh dituku apa ora?” sauté wong lanang liyane.
            “Mas, nek ngomong aja ngawur, senadyan aku wong dodol tabuhu, nanging aku ya duwe harga diri mas.”
            Tangane Dina langsung dicekel karo wong lanang kae. Dina merem kaweden,dheweke pasrah ora bisa obah, mung donga sing bisa Dina lakoni.
             Dumadak wong sing nyekel tangane Dina rubuh kelaran. Nalikane Dina melekke mripate, pranyata wong telu mau gelut karo pawongan ganteng kaya gathutkaca. Pungkasane Gathutkaca sing nulungi Dina kuwi menang lan preman-preman nggilani kuwi mlayu gendering.
            “Matur nuwun Kakang Gathutkaca, ehhh… Mas, matur nuwun.”
            “Ora dadi ngapa Mbak, karo sapadha kudu bisa paring tetulung.”
            “Inggih, kula boten saged maringi napa-napa Mas.”
            “halah aku ora njaluk apa-apa kok, emmh kuwi apa? Apa tabuhu?”
            “Inggih mas, napa panjenengan kersa ?“
            “ Oleh ta, sik takcobane!”
            Nalikane dicoba, wong sing diarani gathutkaca karo Dina kuwi katone seneng karo jamune. Ora dinuga pranyata wong kuwi pengusaha tabuhu, dheweke nawani Dina kanggo kerja gawe bisnis tabuhu. Pancen jamune Dina enak rinasa.


0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads