Saturday 24 January 2015

Contoh Atur Pangiring

Posted by ilmu dasar kehidupan On 04:28 | No comments


Atur Pangiring

Puji Syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung awit ngarsane kelas 2013 A  bisa nyetak buku kanthi “Sekaring Pamudha Sandhinge Cendhela”. Buku kang isine kumpulan cerkak iki mujudake satra jawa sing nduweni daya sing gedhe tumrap pangrembakane budaya jawa. Karya sastra iku ruwet, njlimet, ora bisa dingerteni kanthi cetha. Pangriptane uga angel. Mula liwat buku iki Kelas 2013 A menehi mewuh yen karya sastra iku endah, ora angel, nalika pangripta gelem miwiti nulis. Nulis bisa saka pangalaman-pangalamane dhewe utawa wong liya. Para pangripta  nduweni pangarep-arep supaya budaya nulis jawa saya ngrembaka  lan ora kathindes lakuning jaman.
Buku iki dicetak minangka tugas Menulis Jawa uga kanggo sarana pasinaonan para pamaca. Sajrone buku iki nduweni isi sing maneka warna cerita cekak. Diajab buku iki bisa menehi pakarti, patuladhan, lan kawruh sing becik. Amarga buku iki minangka sarana kanggo sinau, mula isining majalah iki adoh saka kasampurnan. Panulis nyuwun mligine para pamaca sing perdhuli pendhidhikan supaya paring rembug kanggo kasampurnane majalah sabanjure.
Muga kanthi buku iki, bisa anyengkuyung pangrembakane budaya Jawa mligine ing bidhang kasusastran lan bisa nuwuhake sastrawan-sastrawan anyar ing jagading kasusastran Jawa.

Surabaya, 10 Januari 2015

Tim

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads