Monday 28 December 2015

Ludruk

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:27 | No comments
LUDRUK





            Ludrug iku seni panggung sing asale saka Jawa Wetan. Ludrug iki muncul saka kesenian rakyat jenenge Besutan, sing biyen dipentaske ing ratan lan ditonton karo wong akeh.
            Ludrug beda karo kethoprak, amarga ludrug critane perkara panguripan saben dina, sejarah mungsuh pra panjajah kayata landa, lan kadhang nyritakake perkara kahanan anyar kaya ta kedadeyan ing negara.
            Biasane ludrug dibukak karo tandhak utawa tari ngremo, utawa beskala putri yen ludrug cara Malangan. Pambukane ludrug biasane awujud parikan (nembang/ngidung) sing isine ana gandheng cenenge karo kahanan anyar.
            Minangka teater rakyat, ludrug nggunakake dialeg Surabayaan, bahasane sing ceplas-ceplos ndadekake ludrug nduweni suasana kang gawe guyu lan nengsemake. Wiwitane, iringan mung arupa suling lan kendhang, nanging saiki wus jangkep kanthi iringan gamelan Jawa Timuran.
            Paraga ing ludrug jaman biyen biyen lanang kabeh, yen ana paraga wadon diparagakake dening paraga lanang sing macak wadon. Iku amarga katilik saka kahanan jaman semana kang ora bisa mujudake wong wadon munggah panggung lan melu berjuwang.
            Wujuding Pagelaran Ludrug ???
            Umume pagelaran ludrug diwiwiti tari remo, dibacutake bedhayan (nyanyi bebarengan utawa utawa genti-gentian). Sawise bedhayan banjur dibacutake dhagelan (lawak) kang umume diwiwiti kanthi kidungan lan diiringi gendhing jula-juli kang isine salam lan pasemon uga dhagelan, banjur mlebu ing pokok crita nganti paripurnane pagelaran.
            Penyutradaraan : Nemtokake lakon, Paraga lan nyusul skenario.

            Iringan gawe perangkat gamelan laras slendro. Srampat, krucilan, jula-juli, kidhungan, lan lancaran perang.

Contoh naskah ludruk kanggo pagelaran ludruk



NASKAH DRAMA TRADISIONAL - LUDRUK
Pendekar Sana Kembar

Ing dhaerah Pasuruan, pernahe ing ereng – ereng Gunung Bromo ana peguron  kang aran Peguron Sana Kembar. Peguron iki ngadeg nalika jaman landa ana bumi Jawa.  Pancen wong Landa senengane gawe lara para rakyat. Pajeg-pajeg sing dianakake wong landa dadi bebane para rakyat cilik. Saka panindasan iku ana pendekar saka peguron mau sing jenenge Bambang Suteja sing ora nrimakake tekane para landa ing tanah Jawa.

Babak 1
            Bambang Suteja ngobong Pabrik gaweyane Landa

Bambang         : Heyyy. Wong Landa Pabrik gulamu wis takobong, hahhahahahahaaa….. koen ngerti aku sapa?. Aku pendekar Sana Kembar ya Bambang Suteja. Nek pancen koen gak trima golekana aku nang ereng – ereng Gunung Bromo. (bambang ngalih saka papan iku karo nggguyu ngeyek)

Warga (akeh)  : Koboonngannn, kobong… toloonggg-tolonggg..
Warga (Paijo)  : Pardi kok isa koboong koyok ngene. Padahal mau sore wis takcek kabeh gak onok masalah.
Warga (Pardi) : Mbuh Jo, bengi iki rasane nguantuk banget gak koyok biasane. Wis ojok kakehen rembug. Ayo ndang dipateni genine.
Warga (Simo)  : Nek kobonge koyok ngene ya angel patenane ki.
Pala Karyo      : weyyyy.. rekkk kok isa kobong koyok ngene.
Pardi               : Sepurane pak aku mbek Paijo keturon maeng.
Simo                : Sik Pak Karyo, aku kok curiga mbek wong sing numpak jaran putih maeng
Pala Karyo      : Curiga apa?
Simo                : Koyoke sing ngobong Pabrik kedhawung iki ya wong iku
Pala Karyo      : wah kurang ajar temen wong iku. Mlayune nandi wong iku mau ?
Simo                : Ngidul pak pala
Pala Karyo      : nek ngunu koen Simo mbek Pardi ayo melok aku nguber wong maeng. Paijo koen njaluka tolong wong sakdesa kanggo mateni geni pabrik,,. Ayo age budhal(Pala Karyo, Simo, lan Pardi nguber wong sing ngobong pabrik) 

Babak 2
            Bambang mandeg ing tengah alas ngandhani para sekabate yen dheweke wis mari  ngobong pabrik
Bambang         : Sekabat aku wis kasil ngobong Pabrik kedhawung
Sekabat(Jon)   : Wah gelise den
Sekabat(Kar)   : Yay a lah wong den bambang, wong sing sekti sak Pasuruan.
Bambang         : tugas 1 wis mari, kari tugas liyane kanggo ngusir wong landa saka tanah iki
Jon                   : Ya den, aku ya wis jengkel karo wong landa, teka gak diundhang kok malah ngentekna panganan.
Kar                  : Sik den, sampeyan maeng mrene gawa ewang ta. Kok akeh wong gawa oncor mrene ika
Pala                 : Woyyy, koen sing numpak jaran ( pala karya bengok)
Bambang         : Onok apa
Simo                : ya iki wonge pak,
Pala                 : apa bener koen sing ngobong pabrik Kedhawung maeng?
Kar                  : Sampeyan mundura dhisik den. Hei koen sapa kok teka-teka moreng-moreng
Pala                 : Aku Pala Karyo, iki wargaku Simo mbek Pardi.
Kar                  : Aku Kar, iki Jon, la iki den bagus bambang. Oh y. dadi koen mrene kate goleki wong sing ngobong pabrik?
Pardi                : koen kok nguya-nguyu. Apa ancen koen sing ngobong
Jon                   : Nek ancen aku sing ngobong koen kate lapo
Pala                 : Bangsat koen kabeh. Simo, Pardi antem!

Kabeh padha gontok nggolek bebener, Simo lan Pardi dikalahake dening para sekabat. Pala Karya ancen kondhang gedhe awake, rosa, lan jago silat. Dadi dheweke isa mundurake Sekabat loro kuwi. Ganti bambang sing maju. Wong loro iki padha jago silat. Tinju dobel, tendhangan A, srekal. Jurus neka-neka digunakake wong loro. Pancen dinane apes kanggo pala. Rambut dawane kajambak bambang. Golok sing nylempit bangkekane dibatek, digorokake ing gulune pala Karyo. Mati sanalika
Bambang         : Hey wong landa antek-antekmu wis mati. Hayo nek gak trima golekane aku. Pendekar Sana Kembar

Babak 3
            Ing dalan ana pawongan kang jenenge Santi putrane Lurah Wangsa. Dheweke ketemu Wadheng sing suwe ora tau pethuk.
Santi                : Teka pasar nggolek blanjan padinan. Mesthi ijen gak onok ewange. Hemmm nek biyen karo ibuk, tapi saiki ibuk wis repot nggolek duwik kanggo kulawarga. (Santi ngudarasa)
Wadheng:        : Perlu kanca ta Santi (nalika papasan karo Santi)
Santi                : loo, Cak Wadheng… gak tau ketemue
Wadheng         : Iya San. Kira-kira wis 5 tahun.
Santi                : iya Cak.. sampeyan kabare yok apa?
Wadheng         : Aku apik San.
Santi                : Sampeyan gak tau sambang bapak se cak?
Wadheng         : Aku saiki wis repot melu dara Gubermen. Lo ya kabare pak wangsa yak apa?
Santi                : Bapak saiki lumpuh cak. Aku saiki ya sakna ibu sing bendina nggolek duwik kanggo panguripane kulawarga.
Wadheng         : walah kok dadi ngene ya….. waahhh ngene ae san ya apa nek awakmu tak bantu
Santi                : maksude ?
Wadheng         : ngene lo. Ya apa nek pangupane kulawargamu ta bantu. Ya bapakmu sing lumpuh taktambakna, trus ibukmu sing kerjane sara takbantu pisan cik gak nemen sarane. Terus sing penting iku awakmu. Pangupanmu takjanggepi sampek 100%.
SAnti               : Wah sampeyan ancen wong apik ya Cak
Wadheng         : eitt.. ya onok sarate se. awakmu kudu dadi bojoku
Santi                : Lo kok ngunu se cak sampeyan ki takangggep cacakku dhewe. Awak dhewe lak wis kancan awit cilik se. wong telu biyen. Aku, sampeyan karo cak Suteja.
Wadheng         : Santi tapi aku iki cinta temen mbek koen. Koen njaluk apa ae bakal takturuti
Santi                : Cak Wadheng sepurane cak aku gak isok nrima batuan sampeyan. Cak Wadheng lan sepurane sing akeh, marga sing nang atiku wis onok wong liya. Yaiku cak Suteja. Sepurane cak aku tak mulih ae( Santi ninggalake Wadheng)
Wadheng         : Woy Santi … santiii…(mbengoki Santi)
Hahahahaha , ojok dikira mek sakmene perjuanganku.. ya yaya .. ojok nyalahna aku ne kana apa-apa ya santi.. hahhahaha
Lurah Nurbidin: Wadheeeeng!....(mbengok Wadheng saka kadohan)
Wadheng         : sapa ika…. Loo Lurah Nurbidin. Onok pa?
Nurbidin          : aku mau mrene ya nggoleki sampiyan…aku perlu ngerti omahe lurah Wangsa apa pena ngerti?
Wadheng         : walah ya ngerti wak. Kate lapo wak?
Nurbidin          : aku mau dikon kapten Van dripen kanggo ngejak kerjasama wak wangsa. Nek sampiyan ngerti ayo terna aku
Wadheng         : oh ngunu. Nek ancen dikongkon kapten. Ayo budhal.



Babak 4
            Ing omahe Lurah Wangsa. Dheweke lagi guneman karo garwane
Wangsa           : heeeeehhhh… ancen dadi lurah iku sara apa maneh katekan bangsa landa. Wis sara tambah sara, aku iki wis pirang-pirang taun dadi lurah, sampek tuwek ngene ya jik digandholi wong desa Kraton kene. Masiya bayaran ya mek titik tapi nek nyawang wargaku sing makmur ati iki ya dadi ayem…( ngudarasa dhewe)
Bukkk.eee.. nandi wong iki. Nang mburi kok ya senenge.
Santi                : Kula nuwun.
Wangsa           : Mangga. Ooh Santi tak kira ana dhayoh neh.
Santi                : mantun wonten dhayoh ta pak?
Wangsa           : ya awakmu paling yap angling karo wong iku mau paling.
Santi                : sinten pak. Napa kula tepang.
Wangsa           : ya kenal. Kanca cilikmu biyen. Suteja. Wahh. Saiki wis tambah bagus nduk wonge. Gagah pisan.
Santi                : lo inggih tta pak. Oalah kok boten sisipan wonten dalan nggih pak. Walahhh
Wangsa           : apa? Lo kok abang raimu..
Santi                : Napa se pak sampeyan iku. (mlayu mlebu nang jero)
Wangsa           : hahaha .. ancen arek nom. Nek rungu jenenge wong sing disir kayak wong gopoh kabeh.  Bukeee. Nandi wong iki . buk. bukk
Bu W               : Apa se pak. Bengok-bengok. Dirungokna tangga iku lo
Wangsa           : nandi ae se. mbok ya aku digawekna wedhang. Mari onok tamu ya gak ruh
Bu W               : iki sik ngumbah sarung sampeyan sing rusuh ikulo. Walah sapa pak
Wangsa           : Bambang Suteja. Mek dhiluk iki maeng.
Wadheng         : Kula nuwun………….. (teka jaba omah)
Bu W               : Mangga… lo onok tamu neh… manga-mangga.. lo Wadheng pak.
Wangsa           : Mangga Dheng. Lungguh –lungguh. Lo la ki sapa Dheng? Kancamu?
Wadheng         : Niki lurah desa sabrang pak. Namine wak Nurbidin.
Wangsa           : Kula Wangsa Pak.
Nurbididin      : kula Nurbidin, lurah Desa Sabrang.
Wangsa           : Wonten napa pak. kok sampek lurah desa Sabrang mrene?
Nurbidin          : ngene wak wangsa, kula dikengken Kapten Van Dripen kanggo ngandhani sampiyan. Mulane apa? Lurah-lurah kabeh sakPasuruan wis setor nang bangsa landa. Kok nganti seprene Desa Kraton durung setor-setor.
Wangsa           : ngene wak. Bukane aku gak isok setor. Sakjane isok se. tapi aku iki sakna karo wargaku. Kabeh iki petani untunge ya gak sepira. Ngunu dikongkon setor separo kasil panen. Ya rugi se wak.
Nurbidin          : lo sampiyan kok mikir warga. Gak usah dipikir. Sing penting awak ayem. Ngunu ae pak.
Wadheng         : Bener wak. Sampeyan iki lurah lo. Lurah iku wong duwur. Kudune urip ya mulya
Wangsa           : lo. Wadheng awakmu iki wargaku. Kok malah gak mbelani desa Kraton
Wadheng         : Pak melok landa iku enak lo pak. urip isok turah-turah
Nurbidin          : wis pak sampiyan taktakoni. Gelem melok landa apa gak?
Wangsa           : masiya aku iki lumpuh ngene iki. Aku tetep gak gelem melok landa.
Wadheng         : pak sampeyan nek gak gelem melok tambah takpelasara pak..
Nurbdin           : Wadheng gak usah kesuwen ayo diseret wong iki.
Bu. W              : Bapaaakk.    ….. wadheng mbok gawa nandi bapakkk..
Santi                : ibuk.. wonten napa?
Bu. W              : bapakkk. Bapakmu san diseret Wadheng mbek Nurbidin..
Santi.               : kurang ajar Wadheng.. ibuk sampeyan tenang buk… kula takpados bantuan.
Bu. W              : Bantuwan sapa San
Santi                : Aku takjaluk batuan mas bambang ae buk
Bu. W              : Sing ati-ati san.

Babak  5
            Wadheng mbek Nurbidin laporan nang tangsine landa ketemu karo kapten Van Dripen
Kapten                        : Wadheng and Nuebidin bagaimana dengan kabar kaliyan?
Wadheng         : Aku apik kapten
Nurbidin          : Aku rada kapten
Kapten                        : H..kenapa?
Nurbidin          : soale. Onok sambung rapete karo tugas kapten.
Kapten                        : oh ya. Kenapa dengan tugas kamu orang.?
Nurbidin          : aku wis kasil nggawa wangsa nang tangsi. Tapi dheweke tetep gak gelem dijak kerjasama. Dadi wangsa takpateni kapten.
Kapten                        : Good. Good.. semua orang yang tidak mau diajak kerjasama dengan bangsa belanda harus mati.
Simo                : kaptennnn… (mbengok lan menggeh – menggeh)
Kapten                        : Ada apa dengan kaliyan?
Pardi                : pabrik kapten pabrikk.
Wadheng         : wey tenangg, ambegan sik.. onok pa mbek pabrk
Simo                : pabrik gula kobong cak.
Wadheng         : Kobooong  (kaget)
Pardi                : iya cak. Ono sing sing ngobong. Dheke koyok pendekar numpak jaran putih.
Wadheng         : kurang ajar.
Nurbidin          : lo iki lak tugase wak pala.
Kapten                        : kemana orang pala itu?
Pardi                : pak pala wis mati kapten
Wadheng         : apa? (kaget) aku ngerti sapa sing ngobong mbek sing mateni wak pala.
Kapten                        : kamu tau. ? sekarang kamu orang sama nurbidin saya beri tugas untuk mencari orang itu. Hidup atau mati bawa kesini!
Wadheng         : Oke kapten.
Kapten                        : Kamu orang simo sam pardi  kembali ke desa bereskan pabrik.

Babak 6
            Santi njaluk tulung nang paguron sana kembar nemoni bambang suteja. Dumadak ditekani Nurbidin karo Wadheng.
Santi                : cak bambang ( santi mlayu keweden lan gupuh)
Bambang         : LO. Santi onok apa dik?
Santi                : Cak.. bapak cak
Bambang         : kenek apa bapak
Santi                : bapak diseret Nurbidin cak.
Bambang         : Anteke landa? Wah kurang ajar tambah keblacut.
Wadheng         : Hoyyyy.. bambang suteja. SAnti, lapo awakmu ndok kene?
Santi                : duduk urusanmua cak.
Wadheng         : ayo melok aku.
Santi                : moh cak
Wadheng         : Milih aku apa milih bambang
Santi                : aku milih cak bambang, aku mooh melok wong bejat koyok sampeyan
Wadheng         : kurang ajar. Iki paling gara-gara koen Bambang.
Bambang         : wis ga usah kakehan omong. Apa bener koen sing nyeret pak wangsa
Nurbidin          : iya aku sing nggawa wak wngsa. Apa koen sing ngobong pabri kedawung?
Bambang         : Iya aku
Nurbidin          : Apa koen pisan sing mateni wak pala?
Bambang         : iya aku sing mateni pala karya.
Nurbidin          : kurang ajar (nonyo bambang)
Wadheng         : (nyeret santi) wak takenteni nang Jaba.
Nurbidin          : Iya

Babak 7
            Wadheng nggawa santi nang tangsi, dheweke nemoni kapten Van Dripen nang kantor pusat.
Kapten                        : Gimana dengan tugaas kamu orang?
Wadheng         : Nurbidin kapte
Kapten                        : kenapa dengan Nurbidin?
Wadheng         : Nurbidin mati kpten
Kaptn              : What’s?
Wadheng         : iya. Katen nurbidin wis mati, tapi tenang kapten aku wis isok mancing Bambang mrene.
Kapten                        : Caranya?
Wadheng         : Aku wis nggawa Santi nang tangsi kapten, dadi bambang mesthi mrene nylametna santi.
Kapten                        : Good, terus cara untuk mengalahan Bambang.
Wadheng         : Saksakti-saktine wong mesthi nduwe pngapesan kapten. Jujur aku biyen ya melok peguon sana kembar. Aku kenal wong sing cedhak karo bambang. Jelas arek iku ngerti pengapesane bambang
Kapten                        : kalo begitu, kamu sekarang pergi carri tu orang . cari klemahan bambang suteja!

Babak 8
            Ing tengah alas ana wong sing mari tapa, ora liya kancane wadheng nalika nggolek kasekten nang peguron sana kembar
Wadheng         : Kartiii
Karti                : Lo..sinten
Wadheng         : Masak lali karo aku.
Karti                : lo cak wadheng . onok apa cak kok marani aku ?
Wadheng         : kanca suwe ti, jelas pengin sambang. Gak kepengin nang kutha ta?
Karti                : ya bar ngene cak. Sik nggolek elmu gawe nenangna batin.
Wadheng         : oh ya ti. Gak krungu onok kabar ngenani bambang?
Karrti               : ya gak lah cak. La wong aku ya nang alas suwe.
Wadheng         : awakmu la ngerti dhewe sipate bambang se
Karti                : ya ngerti cak, wonge apikan karo kanca. Iklhas, seneng bela bebener.
Wadheng         : iku biyen . tapi nek saiki.
Karti                : maksude
Wadheng         : saiki bambang wis dadi panguwasa nang Pasuruan kene.
Karti                : ya apik se cak
Wadheng         : apik apane ti, la incak-incak wong cilik.e. jik elinga karo ngendikane bapa guru biyen sing isine nggolek elmu mung kanggo bebener aja sampek seleh.
Karti                : ah, tapi aku gak percaya cak.
Waaheng         : masak gak percaya mbek aku se?
Karti                : ya gak ngunu cak. Masak cak bambang kaya ngunu
Wadheng         : lo iya ti. Wis pirang wong sing dipateni. Akeh ti. Aku iki gelek ketemu mbe bambang
Karti                : kok ngunu ya cak bammbang
Wadheng         : aku nek ketemu iki mesthi takelingna bambang tapi aku malah diajar ti. Aku mesthi kalah..
Karti                : sampeyan diajar cak. Wah kebacut cak bambang saiki.
Wadheng         : makane aku marani awakmu iki njaluk weruh apa pengapesane bambang?
Karti                : gawe apa cak
Wadheng         : aku iki kate ngelingna bambang nek gak ngerti pengapesane mesthi aku klah neh ti.
Karti                : ngene cak. Pengapesane cak bambang iku jarane cak.
Wadheng         : kok isok?
Karti                : ngne cak jaran kudu adoh karo cak bambang, nek jaran wis adoh, cak bambang kekuatane tambah lemah.
Wadheng         : la nek jarane mati?
Karti                : Cak bambang ya tambah lemes cak
Wadheng         : olaah ngunu ta. Nek ngunu aku takjaluk pamit Karti.

Babak 9
            Wadheng bali nang tangsine lnada. Ngenteni tekane bambang sing arep nylametna Santi.
Bambang         : (numpak jaran)  Woy wong landa metu.a adhepan Bambang suteja. Masiya landa kabehe 1000 ku gak bakal mundur
Wadheng         : hahahahaah. Hoy bambang muduna.
Bambang         : wadheng endi santi.
Wadheng         : nggoleki santi? Woy santi tokna!
Santi                : cak bambang tulung cak. Bapak wis mati cak.
Bambang         : kurang ajar koen wadheng. (nonyo wadheng)
Kaptn              : itu orang tembak!!
Wadheng         : kapten, jarane tembak kapten.
Bambang         : (bambang ketembak) kurang ajar, teka ngendi koen ngerti pengapesanku dheng
Wadheng         : duduk urusanmu, hayo, endi sing jenege pendekar sana kembar. Jare pendekare wong cilik wani mbek sapa ae.
Bambang         : kurang ajar koen. Koen wis mbela sing salah. Uripmu gak bakal tenang
Wadheng         : wis ojok kakehan omong sakdurunge koen mati, koen ngomong apa?
Bambang         : masya aku mati, bakal onok bambang suteja liyane sing numpes landa…ahhhhhh(bambang mati dipatni landa lan wadheng)
Santi                : cak bambangggggg…..(nangis)

Babak 10
            Liyane dina tangsine landa kobong
Landa  lan warga: tulunggg-tulunggg… tangsi kobong-tangsi kobong
Wong topeng  : hahhaahahah ( wong gawe topeng lan ngguyu ngeye landa numpak jaran putih) 

#SanggarBharada

Total Pageviews

anti block

G.ads