Thursday 15 January 2015

Karya Rio

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:32 | No comments


Gusti iku Maha Welas
Dening Rio Astra

Wektune wis kira-kira tabuh wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Ngulanan wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak setaun taun sepisan. Yaiku ruwatan sukerto sing diadani neng omahe pak lurah kanggo guwak sengkala. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi ing bale desa.
Pak lurah gumun, dene Pak Tukijo sing tukang reresik bale desa, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Tukijo tukang kebon kuwi teka mesthi ndisiki, pergaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liya-liyane. Mula bareng perangkat desa wis sajurujuk yen rapate iku diwiwiti tabuh 10 awan, pak Lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika,
“Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Tukijo ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe??” Bu Lurah sumaguh, banjur tumindak neng omahe Pak Tukijo.
Tekan kana omahe Paijo tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Tukijo mono lanang wadon, Isom lan Supiah. Isom wis ana smk jurusan mesin, dene Supiah lagi klas 3 SMP . Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nungora. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Isom iku kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale desa sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Tukijo sing padha sregep lan manut karo wong tuwane tukijo
Bu lurah pirsa omahe Pak Tukijo tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Siti, sing kebeneran wonge lagi reresik kebon ngarep omahe. Nuli ngendikane,
“Mbok Siti!, daleme Pak Tukijo niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Siti ndengengek karo nyedhak mangsuli,
“O Bu Lurah, anu Bu, Pak Tukijo niku ngeterke mbok e teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Tukijo, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.?” Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika,
“O…. ngoten ta Mbok Siti, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.”
Bubar ngendika ngono bu Lurah banjur kondur. Esuke Pak Tukijo wis nyambut gawe kaya adate, dene pak Lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Tukijo. Ning sorene pak lurah sekalian merlokke tilik neng omahe Pak Tukijo, ngaruhke bojone sing jare lara.
Tenan, tekan ngomahe Pak Tukijo kabeh ngumpul nunggoni sing lara neng puskesmas. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Tukijo. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Tukijo sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.
Panjenengane pirsa, yen Pak Tukijo sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong senengane nyapa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :
“Piye Mbok Tukijo, laramu??”
“O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…kula sam. . . sampun kathah. . . kathah sud. . . sudanipun. . .?” Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Tukijo sambung atur :
“Ngendikanipun Dhokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?”
“O….. mikir apa ta Mbok Tukijo??” pandhangune pak Lurah alon-alon.
“Anu Pak Lurah…. dhenok Supiah punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Tukijo ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Supiah sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah,
“Yu Tukijo…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari.?” Pangatake bu lurah.
Mbok Tukijo mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Supiah anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Tukijo ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Supiah neng ngomah ngarep. Bareng Supiah wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Supiah neng kiwa tengene karo ndangu :
“Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kandha  blaka-blaka ae, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Supiah isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :
“Pak Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.?” Ature Supiah karo kesesegen.
“Wis…… wis….. wis…. Supiah, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?”
“Ning Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak… Bu…., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun lajeng sakit punika.?
“Wis…. wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Tukijo karo Supiah pisan, mengko tak kandha.?” ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Supiah bali mlebu neng peturone Mbok Tukijo.
Pak lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Tukijo ngene,
“Mbok Tukijo, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Supiah ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur, ning tak paringke Supiah supaya bisa melu ujian.?” rampung ngendikane pak lurah bu lurah sambung,
“Yu Tukijo, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang Tukijo, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.?” Bubar ngendika ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Tukijo.
Pak Tukijo lan Supiah banjur pamit kondur. Pak Tukijo lan Supiah nguntapke tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Tukijo wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathunorae Supiah, dene Supiah ya njur nubruk mbokne.
Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Tukijo sing lungguh dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.
Sawise padha adheng tangise, Mbok Tukijo isih karo ngrangkul Supiah kandha,
“Nok Supiah lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem.?” Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Tukijo :
“Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.?” Supiah nyambung,
“Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah.?” Pak Tukijo ngedhongi kandhane anake,
“Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.?” Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan bebarengan
Kuburan Joroto Angker
Dening Rio Astra

Ing desa Joroto kene terkenal kuburan sing angker. Miturut warga sing lewat kuburan ing Joroto kene saben tabuh 10 bengi sing lewat kuburan Joroto kene. saben samarine tabuh 10 bengi liwat kuburan Joroto alon-alon lan kudu amit. Soale wong-wong padha wedi di ketoki barang sing alus. Sing biasane ning kuburan kene ana suwara kang ora ana wujude. Metune suwara iki biasane nek malam jumuwah.
            Salah sawijining dina ana wong sing leawat dorong grobrak sate jenenge Paijo. Paijo kuwi wong perantauan sing lagi wae manggon neng daerah kene. Paijo iku dodolan sate lewat kuburan Joroto tabuh 10 an anggone dodolan.
            Paijo iku ora cetha nek kuburan Joroto iku angker. Banjur tekan ngarep Paijo iku krasa dheweke merinding. Banjur ana swara wong wadon sing ngguyu cekikikan. Ngerti ana swara ngono Paijo marani sumber swara iku.
            Sak durunge tekan panggonan mau. Wong sing dodolan sate mau ngerti ana wong wedon sing gawe klambi sarwa putih rambut dawa karo delok Paijo mlorok matane. Ngerti kaya ngono Paijo sikile pada otek jantunge rasane kaya copo. Pungkasane Paijo mlayu sak banter bantere ora gatekake grobak satene dhewe.
            Isuk-suk Paijo marani grobake sing keri ning ngarep kuburan Joroto. Jubule neng jero grobak sing wingi dalu satene isih akeh saiki didelok ora ana kabeh.
            Paijo terus bingung. Terus ana sing lewat ing kuburan iku. Wong iku jenenge Srintel. Srintel iku nakoki Paijo ana apa ta cak kok katon bingung.?
            Paijo wangsuli “ngene mbak yu. Wengi dalu aku lewat ing ngarep kuburan Joroto iki. Terus ana suwara sing ngguyu cekikikan terus tak parani.”
Srintel mangsuli “terus tibake sapa cak?’’
Paijo ganti “wong wong wadon sing nganggo klambi sarwo putih rambut dawa. Ngerti nek kedadean ngunu langsung mlayu banter sak banter-banter aku.”
“pancen kuburan kunu terkenal sangker cak.” kandane Srintel
Di kandani mangkono karo Srintel. Tibake wedi. Paijo sing watake jereh pungkasane Paijo wani liwat kuburan Joroto sak ngisore tabuh 10 bengi. Nek anggone dodolan wis liwat tabuh 10 bengi Paijo mesthi liwat dalan sing luwih adoh. Amargi Paijo ngindari kuburan kuburan sing angker mau.
            Banjur Srintel yen ana kedadean ngunu. Srintel ngumpulne para warga ngajak para warga desa Joroto. Supaya kedadean kaya ngunu mau. Ora ana kedadean maneh ing kuburan Joroto.
            Ngerti nek kuburan Joroto gawat kkaya ngunu mau. Para warga terutama wong sing wadon-wadon desa pada gawe tumpeng dhewe-dhewe. Tumpeng iku rencana di gawe slametan mengko bengi.
            Ing wektu sorene wong pada gawe tumpeng dikumpulno ing masjid Joroto kunu. Sak banjure wong pada ngumpulna tumpeng terus ditata di gawe sedekah bumi ing kuburan iku mau.
            Sawise isya’ wong-wong padha nglumpuk ing kuburan Joroto sing angker iku mau. Karo para tokoh kunu ngewiwiti tumpengan nang kunu. Supaya kuburan sing angker iku mau ora dadekake bingung e warga.
 Ing tengah tahilan ana sing ngeringik-ngeringik. Krungu swara ngunu wong sing tahilan akeh sing padha mlayu. Sebagian wong ngenjutna tahilan e iku. Banjur wong wadon sing sarwo putih rambut dawa iku ngguyu cekikikan ganggu wong sing tahilan. Salah sawijning tokoh masyarakat nyekel terus nakoki wong wadon iku. Wong wadon iku ora wangsuli. Wong wadon mung ngelirik-ngelirik ae kaya wong ora sadhar. Tibake sing ngrengik-ngerengik ing desa kunu jubule wong wadon sing gendheng.














Motor Kuncine Kembar
Dening Rio Astra

Sawise bar panen sawahe Paijo tuku montor CB cc 150 anyar yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya montor GP Pedrosa. Sawijining dina Paijo ngulang neng SD Sak rampunge ngulang iku wektu iku Paijo lunga metu saperlu golek mie ayam sing terkenal neng kalitidu cedhak bangjo. Ndilalahe pas parkir ning ngarep warung mie ayam Bangjo, wis ana montor sing diparkir persis kaya montore Paijo sing diparkir neng pinggire montore Paijo.
Sawise rampung mangan mie ayam, Paijo balik neng montore mau. Ditokake kunci banjur montore wong liya iku dijajal bisa banjur wis ape mlaku Paijo dicegat dikira maling. Paijo kaget ora ngerti nek salah faham Paijo terus eyel-eyelan. Wong liya iku jenenge Paiman. Paiman terus dudohne panggon montore Paijo. Langsung Paijo jaluk sepura karo Paiman sing duwe montor iku. Terus ngajak semayan yen sesok e arep nekani dealer e montor iku. Paijo terus bacutke olehe mulih karo ngomong neng ati yen arep protes marang dealer sing dodol montor CB iku.
(sesok e)
Paijo: “piye ta pak kualitas kontrol montor neng dealer iki.? Kok kunci montorku isa di enggo mbukak montor wong liya?”
Dealer:“Ah masak mas? Wiwit tabuhan pithik durung kathokan kunci montor iku ya mung isa di gawe bukak montor iku thok ora kena dienggo liyane.”
Paijo:“Lha iki buktine! Aku saiki isa ngekakne montore Paiman iki jajal takbuktikna. Kamangka aku ki dudu tukang sulap lho?”
Dealer :“ Oke Mas. Entenana sik ya. Tak chek-e sek.”
Paijo: “Iya Mas. Nek wong liya isa bobol montorku apa ora bahaya ta.”
Dealer: “sak banjure ngecek. Wis beres kabeh anggone masalah kunci.”
Paijo: “Ngomong matur nuwun. Terus enggal bali karo Paiman.”
Paijo: (nguda rasa) “masak montor og sampe kuncine isa di bajak neng wong liya apa ora bahaya nek ngunu iku critane.”
Wis setaun kapungkur Paijo ora sengaja pethuk karo Paiman neng panggon acara touring sing karepe arep menyang  ana ing Magetan. Tibake hobine wong lara iku padha. Padha seneng touring e. sing biyene iku tau salah faham gara-gara kunci. Banjur wong lara iku takok-takok takok an masalah kabar.
Paijo: “piye kang kabare?” (karo salaman)
Paiman: “kabare apik ae jo. (karo kaget) hloh hobimu ya touring ta Kang Jo?"
Paijo: “iya jelas Man. Biasane aku touring tekan ngendi ae man. Senadyan umurku wis 36 taunan. Tapi nek wis kadung Hobi isih panggah budhal ae aku.”
Paiman: “haha.. padha ae karo aku. Nek wis pancene hobby bok males ya panggah budhal.”
Banjur rombongane Paiman, Paijo wis ngajak budhal menyang Magetan saka Kota Bojonegoro kec Kalitidu. Penjalanan saka Bojonegoro tabuh 20:00. Budhal menyang Magetan lewat watu jago ora ana kalangan apa-apa. Alhamdulilah Tekan ngawi lancar nganti tekan Magetan. Ee pancene rombongan montor CB numpake musthi banter sing biasane umume perjalanan Bojonegoro-Magetan ditempuh 4 tabuh numpak CB namung 3 tabuh.
Sawise tekan Magetan langsung nyewa villa sing jenenge Villa adem ayem. Kancane Paijo, Paiman Langsung leyeh-leyeh karo ngerasakne anggone kesele nyumet rokok karo ngombe kopi crita ngalor ngidul. Pungkasane Paijo ngajak Paiman budhal golek soto sing ana neng daerah Sarangan.
Banjur wis oleh panggon soto banjur pesen soto. Soto wis di tampani karo Paijo lan Paiman. Paijo takon marang wong tukang soto iku.
“Sampeyan asline pundi Mas. Sing bakul soto iku (mangsuli)”
“ aku asline wong Lamongan Pak.” Paijo mangsuli walah jubule wong Lamongan ae. “Aku wong Bojonegoro ae Mas. hehehe”
“Lakok sampeyan isa neng kene ta Pak?” Pitakone tukang soto.
Wangsulane Paijo.
“Mas-mas wong Magetan karo Bojonegoro kene kono ae lho. Aku mrene iki touring karo kanca-kancaku CB. Iya karo ngisi acara nek wayah nganggur ngunu iku lho Mas.
“Hla pirang taun Mas sampeyan. Dodolan soto neng Magetan kene.”
Wangsulane tukang soto.
“Aku dodolan neng kene wis ana 3 tauanan Pak.” Paijo ngomong.
“Oalah iya wis oke Mas. Tak teruske anggonku mangan. Hehe”
Sarampunge mangan Paijo lan Paiman bali menyang villa adem ayem iku tekan villa wong 2 iku curhat ngenani kahanane kulawargane Paijo lan Paiman. Paijo anake wis umure 22 taun kerja neng alfamart durung ana isihe karepe Paijo ndang kon rabi wis gedhe wis wayahe rabi iku. Banjur Paiman ngomong yen anake iku ya durung rabi kerja neng foto grafer lan ngerangkep dadi tukang shotting. Kadhang ya Paiman ya ngenes atine ndelok anake biasane nyutingi nganten lan anakku kok ora ndang pengen rabi heran ku ya nek kono iku jo.
Pungkasane anake Paijo dikenalno neng anake Paiman. Tibake cocok padha senenge 5 taun kapungkur anake Paijo sing jenengi Evi karo anake Paiman jenenge Rio iku wus nduweni anak 1 wedok.


Pak Dhukun
Dening Rio Astra

Aku ya wis ngecake programe pemerintah, urip bebrayan catur warga. Sing ateges aku lan bojoku karo anak loro. Ning nganti seprene, aku kayane kok kurang ngrasakke seneng lan santosa. Uripku isih tetep rekasa, kanggo cukup aku isih kudu mbanting bakung? ngono ya isih kudu utang-utang. Anakku sing gedhe ana SMP kelas telu, adhine neng SD ya kelas telu. Manganku sak brayat ya prasaja sadinane tahu, tempe, krupuk, dene sayur mung trima sak-sake. Pakaryanku sing tetep minangka pamong / guru / S.D. lulusan S.P.G taun sing keri dhewe, njur gugur bunga kae (alias S.P.G ditiadakan).
Dene bojoku dodol sayuran neng pasar. Jare tabuhan biyen, wong bisa mangan warek wae atine wis tentrem. Ning aku kok ora, yen kakehan pikiran sing njur marahi kuwur, senajan awak kesel lan wetenge ngelih, arepa ana lan weruh pangan ya ora selera.
 Ta rakya bedane akeh ta simbah biyen karo aku saiki?. Sing banget marahi banter mikir kuwi yen bocah-bocah diaba S.P.P lan kebutuhan sekolahe sing kudu enggal diwujudi. Mangka yen disawang satleraman pancen kurang pas. Kayata, ngapa bocah S.M.P kok ndadak kudu wisata neng Bali sing wragade ora sithik. Jare bocah ben ngerti budaya lan tradhisi Bali sing kawentar kuwi. Ning guru rak ora ngerti lan ora mikir, piye status ekonomine wong tuwane murid?. Gandheng iki kudu, senajan sirah pusing tujuh keliling, ya kudu wong tuwa nabrak-nabrak kareben entuk dhuwit kanggo cukupe anak.
Kahanan sing bangsane kaya ngene iki, sing aku karo bojoku yen omong-omongan bengi nganti njur angel turu. Pas dina libur aku ana ngomah, bali saka pasar bojoku kusung-kusung ngedhaki aku karo kandha
Pak, tak kandhani ya, jare desa Losari ya tangga desane dhewe kuwi ana dhukun anyaran sing pinter, bisa dijaluki tulung apa wae.
Aku mangsuli ngglayem
Ora, bune, ngertimu kuwi saka ngendi, kathik saiki ngerti dhukun barang. Njur nek kaya awake dhewe kuwi arep nambakke apa, wong awake dhewe ya waras wiris ngene.” Kandhane nyaiku nrocos
Pak, dhukun kuwi ora ngemungna nambani wong lara, ning ya bisa madhangke atine wong sing lagi kepetengan, dijaluki pelarisan, lan isih akeh maneh, pakne. Aku meneng manthuk-manthuk ngrungokke critane nyaiku. Ngerti aku nggatekke, nyaiku neruske guneme
Pak, mbok coba, sampeyan mara, sapa ngerti mengko uripe dhewe njur bisa entheng. Apa ta salahe wong usaha, wong syarate ya mung entheng. Jare mung padha nggawa gula teh karo rokok, bojoku nerangke. Ora, bune, nek kaya aku kuwi tekan kana njur arep jawab nyuwun apa??
Walah, pakne, sampeyan kuwi kok ya kebangeten. Rak ya bisa ta nyuwun ben uripe dhewe kuwi entheng, diparingi murah rejeki, lan ya apa wae sing marahi urip kuwi bisa tentrem.
Yoh sesuk-sesuk kono, bune, tak pikire dhisik wangsulanku sareh.
Kathik ndadak nganggo dipikir ta, pakne, mbok ya gecos kapan lehe arep rana, mengko gula teh aku sing nyiapke.” kandhane nyaiku getol.
Yoh wis bune, sesuk sore aku tak rana, dhasar dinane pas malem jumuwah kliwon. O iya kyaine kuwi jenenge sapa bune? aku nanjih.
Anu, Pak, asmane ki kyai. Ah kyai sapa ya aku kok rada lali.?
Kuwi, hla wong jenenge wae lali, kok selak olehe nyurung-nyurung kon mara, njur olehku arep takon piye, aku nggrundel.
Oh oh . Kelingan aku pakne, nek dha ngundang muni mbah kyai Dadi alias Mbah Jenggot ngono. Neng kana kuwi jare tamu-tamune disuguh tabuhu, ora wedang ya karo cemilan barang.
Wah-wah  kok njur tekan suguhan barang. Apa mrana kuwi mung arep golek suguhan apa?” kandhaku munggel gunem.
Dina candhake ngepasi malem jumuwah kliwon, aku sida sowan pak kyai kaya pakone nyaiku. Sejatine wiwit biyen mula, aku kuwi blas ora percaya karo modhel perdhukunan kuwi. Dadi gelemku kuwi ya mung dhapur ngelegani bojo, ning jroning atiku ora greget babar pisan. Tak anggep wae, nek iki idhep-idhep nggo pengalaman urip. Tekan desa pernah lor desaku, sawise takon-takon sawetara, cepet wae ketemu omahe pak kyai Dadi alias mbah Jenggot. Aku teka ngepasi surup. Tekan clongopan desa aku gumun, jebul tamune akeh, malah tak delok ana mobil telu sing parker neng lurung, mergo latare sing mung ciyut kuwi wis kebak motor. Sawise njagrakke motor sing wis jejer-jejer kuwi, aku mlebu tanpa uluk salam kaya tamu-tamu liyane sing wis teka keri kaya aku. Neng kono wis digelari klasa plastik, tamu sing teka ya njur lungguh kono kuwi. Let sedhela ana nom-nomman loro sing ngladekke gelas kothong, karo gendul loro isi kebak. Sijine tulisane kunir asem, sijine beras kencur. Uga ana stoples isi emping lan roti kering. Aku mbatin, jebul bener kandhane nyaiku, suguhane dudu wedang, ning tabuhu. Tak delok, tamu-tamu kuwi ya njur dha ngiling dhewe terus diombe, tanpa ana sing nawakke.
Tak sawang, wong-wong kuwi padha antri mlebu omah mburi mbaka siji. Jare ya neng ngomah mburi kuwi Pak Kyai paring wejangan. Dene tas-tas kresek, oleh-olehe para tamu padha diseleh meja sing wis disadhiyakake, sing ngisore padha kanggo lungguhan tamu kuwi. Mesthi wae, wektune saya wengi, tamune ya saya nipis merga sawise dilayani ya njur dha pamit mulih. Sidane mung keri aku sing mau tekane pancen keri dhewe. Tekan giliranku mlebu omah mburi, aku gumun dene Pak Kyai sing tak arani olehe mejang ana kamar utawa senthong kuwi kleru. Pak Kyai lenggahing amben gedhe, kiwa tengen ya ora ana apa-apane. Bareng weruh aku teka, pak Kyai sing wonge isih enom ya sabarakanku kuwi, ngingetke semu mencereng tumuli keprungu ngendikane
Nek ora kleru iki ya rak pak Wiryono ta?
Aku kaget semu gumun, mergo aku durung tau sowan mrene kok wis pirsa jenengku.
Gage aku mangsuli Inggih, Pak Kyai, kula ingkang sowan.? Aku nyedhak njur lungguh anteng ing ngarepe, kanthi ora ngetarani aku nyolong-nyolong ngematke rupane. Wonge nganggo sarung lan surjan, blangkone gondosuli nganggo mondholan modhel yogya. Alise ketel putih lan jenggote dawa uga putih. Satleraman wonge pancen bagus, wong untune ya isih katon wutuh. Karo nata lungguhku ben katon trapsila, aku nyoba ngeling-eling, ketoke aku wis tau weruh rerupan sing kaya ngene iki, ning neng ngendi?, aku lali. Bareng lungguhku wis mapan Pak Kyai ndangu
Rak ya dha slamet ta Mas Yono?, pitakone.
Inggih wilujeng, Pak Kyai.” wangsulanku saya gumun, denea nimbali aku kok nyebut mas. Saiki daleme neng ngendi, Mas?, pitakone maneh.
Wonten Sambilegi dhusun kidul punika, Pak Kyai, katut babon wangsulanku blaka nek ngetutke bojoku.
Hla njur omahmu sing Ndurensawit kae sapa sing ngenggoni?. Aku jan kaget tenan, denea wong iki ngerti asal usulku dhek cilik.
Wah nek ngono waskitha tenan wong iki. Ngono batinku. Gumunku durung ilang, Pak Kyai wis ndangu maneh
Mas Yono, aku tak takon, wangsulana kanthi jujur ya. Kowe tekan kene iki saka karepmu dhewe? ana sing ngongkon, utawa apa ana sing ngajak?. Wangsulanmu kudu jujur hlo, Mas!? Aku saya kaget banget nampa pitakon sing ora ndak nyana iku.
Aku bingung, bingung tenan lan judheg. Ngerti kewuhan anggonku rep mangsuli, kyai Jengggot njur ngendika
Mas Yono, aku kuwi ngerti,nek sejatine karo dhukun kowe kuwi ora ngandel, rak iya ta. Adhuh , lumraha mono aku isa mati kaku, merga jroning atiku wis kewaca kabeh. Jan hebat tenan dhukun siji iki, ngono batinku. Kanthi ati dheg-dheggan aku mangsuli apa anane Ing
“Inggih. Pak Kyai, kula namung nuruti kanca estri, kapurih sowan mriki nyuwun berkah Pak Kyai, supados gesang kula entheng kandhaku jujur.
Pak dhukun mung manthuk-manthuk karo ngguyu nggleges, aku dadi saya kisinan. Sawise sawetara Pak Kyai mung meneng wae lan namatke aku, njur mbaleni ndangu Mas Yono, desane omahmu mau Sambilegi, gandheng sing arep ndak kandhakake kuwi wewadining urip, mula kowe ora tak kandhani neng kene, ning suk malem jemuah kliwon, ganti aku sing teka ing omahmu, kanthi syarat : mung kowe karo aku, anak bojomu lunorana, embuh piye lan apa alasanmu. Sing cetha aku lan kowe bebas rerembugan. Dene tabuhe kira-kira tabuh sewelas mungggah. Ngono dhawuhe Pak Kyai. Wis ora ana pilihan liya, bisaku mung sendika dhawuh. Bareng wis cetha apa sing didhawuhake, aku njur nyuwun pamit. Aku gumun, dene anggone nyalami aku nalika tak pamiti kenceng banget, kaya konco lawas sing wis suwe ora ketemu. Nalika aku tekan ngomah, bojoku ora sranta gage nyedhaki terus takon
Diparingi srana apa, Pak, karo mbah dhukun? Bareng aku wis lerem lagi tak kandhani. Ngene ibune
Kandhamu kae kabeh bener, apa sing ana jroning atiku kuwi dheweke ngerti kabeh. Wiwit jenengku, asalku dhek cilik, nganti tekan olehku ora percaya neng dhukun, dheweke kuwi ngerti. Mula baliku ora digawani srana apa-apa munggahe diwejang, ning Pak Kyai malah arep rawuh neng omahe dhewe suk dina malem jemuah kliwon, wektune bengi nek wis tabuh sewelas munggah. Dene syarate ibune, Pak Kyai mung butuh ketemu aku thok, kowe lan bocah-bocah kudu ora ana ngomah dhisik.?
Hla aku karo bocah-bocah kon ning ngendi Pakne?, takone nyaiku.
Gampang, diajak tilik mbokdhene neng ndesa rak bisa, mangkat sore mulih esuk, witikna piye wong Pak Kyai karepe ngono. Mangka iki rakya karepmu ta bune? Wangsulanku mojokke.
“Iya-iya Pakne, aku ya seneng kok dene sampeyan kok entuk tanggapan mirunggan saka Pak Kyai. Dina Kemis malem Jumuwah Kliwon, ibune bocah-bocah masak lawuh lan nyiapke suguhan kanggo mengko bengi. Mesthi wae istimewa timbang saben dinane. Sawise kabeh cumawis, banjur budhal menyang desa karo anak-anake sengadi tilik budhene. Saungkure bojone, Maryono mung mikir bengine mengko, gek njur apa sing arep dikandhakake dhukune bab wewadining urip kuwi. Jeneng wong ngenteni ngono kae jan. njelehi banget, rasane kaya suwe banget. Tabuh sewelas wis keprungu cumengkleng saka tabuh tembok. Atine wiwit nitir. Temenan, ora let suwe ana wong nothok lawang, gage olehe menyat mbukakake. Plong atine, bareng ngerti yen sing teka mbah dhukun tumenan. Sing teko semono uga, bareng lawang dibukak gage olehe ngrangkul kenceng.
Ya bener, mas, ning kae rak karepe dhewe aku ora njaluk, wong sebagian ya tak balekake kanggo nyuguh. Beras kencur, kunir asem, gula jawa kae bahane rak ya tuku ta, mas, tur mesthi diombe wong aku kandha syarat. Ning nek wedang durung karuwan diombe. Sajane sing dha goblok, kelinger lan ora ngutek kuwi ya sing dha teka neng nggonaku. Hla piye, aku nek mejang ya sing apik-apik merga, nek tumindak ala kuwi larangane sing gawe urip, kerep-kerepe ora bakal di idini. Bar ngono njur tak wenehi banyu putih sing ora ana apa-apane. Tak kon ndonga sing akeh manut piyandele, nyuwun apa sing dikarepake. Dadi nek kabul penyuwune kuwi dudu saka aku mas, ning ya merga lehe ndedonga kuwi.? Kandane Dadi wijang lan serius.










Salah Paham
Dening Rio Astra

Wiwit dikandhani Ishom putrane pak Waji Cholil sing omahe pernah kulone, Whisnutinus Jatmiko dadi anteng wegah omong.
Batine lara lan mangkel dening sikape yayuk Artini pacare, sing keri-keri iki enteng-entengan rana-rene karo pemudha liya.
Whisnu pancen dudu bocah sing gampang cemburuan, ning sing ngandhani ora mung Ishom thok, Bawor bakule es ngarepe ya kandha :
?Mas Whisnu, Mbak Yayuk niku saniki kerep liwat dalan niki numpak mobil kalih lare jaler sami njenengan.
Mobile nggih sok jip ? sok sedhan, mboten mesthi. Ning plate mesthi H.? Kandhane Bawor serius.
?Enggih ta kang Bawor ?, njur ??
?Nek wangsule nggih mlebet pekawisan ngriku, daleme pak mantri Harga, nggih griyane Mbak Yayuk.?
?Sampeyan empun sumerep ping pinten kang ?? Whisnu nanjih.
?Wah Minggu niki pun wongsal-wangsul kok, Mbak Yayuk nek lenggah nggih mesthi teng sopiran ? jejer.? Atine Whisnu wiwit panas. Apa hiya Yayuk pacare ngiyanati katresnane ? Mangka Yayuk wis nate janji, sawise Whisnu rampung kuliahe, gelem diring. Genea saiki kok ngono ?
Apa maneh Bapak Ibu Harga yo wis menehi lampu ijo. Maune kandhane wong-wong kuwi ora digubris, ning bareng Bawor sing olehe dodol es neng ratan pener longopan dalan cedhake Yayuk sing kandha, njur ngandel.
Apa maneh, pirang-pirang kegiatan Mudika iki, Yayuk ora tau ketok, rasa cubriyane saya ndadi.
Yen nyata-nyata pemudha sing sok nggawa Yayuk metu nggawa mobil kuwi arep ngrebut pacare, Whisnu ora bakal gigrik, arep diadhepi secara jantan. Ala-ala dheweke rak ya tilas pelatih bela dhiri ing paguyuban pencak silat Mawar Putih. Mula Whisnu weling Bawor, yen pemudha kuwi ketok neng omahe Yayuk, kon ngandhani srana S.M.S, Bawor saguh.
Whisnu dhasar bocah mugen tur sregep, wektune mung temen-temen kanggo sinau lan mbantu wong tuwa, uga ngombyongi kegiatan Mudika.
Sore bubar adus, ndadak krungu HPne muni, gage dicandhak. ?Hallo? ? oh ? kang Bawor. Embuh piye swara saka adoh kana, ning praupane Whisnu dadakan malih. HP dipateni njur disak.
Batine kebak tandha pitakon, ngapa kok sing teka mobil loro gek ana wonge tuwa lanang wadon ?, gek-gek arep ngrembug Yayuk.
Ah pikirane njur kuwur, bingung. Gek-gek tenan, Yayuk ingkar janji milih pemudha sing nduwe mobil, timbang dheweke mahasiswa mlarat.
Wis embuh, niyate arep mara mbuktekke. Yen tenan ?, sisan olehe arep medhot sesambungan neng ngarepe wong tuwane.
Whisnu dandan rapi, ati ditata, senajan wis siap jurus-jurus maute, yen mengko pemudha kuwi nganti ngetokke kemakine.
Dheg ? mlebu pekarangan weruh mobil loro, ngarep lawang kamar tamu akeh sandhal, nyata kandhane Bawor, akeh tamu.
Whisnu nyedhaki lawang sing minep kuwi banjur kula nuwun, atine ditatag-tataorae. Let sedhela keprungu kumleseting sikil nyedhaki lawang, wusana jeglek lawang menga Yayuk mencungul karo gita-gita ngacarani tembunge grapyak sumanak :
?Oh mas Whisnu ? kene tindak mlebu. Kebeneran mas, kabeh mlumpuk, dadi penjenengan bisa kenalan. Sawise Whisnu mlebu, sing padha lenggah kabeh ngadeg nyalami kanthi polatan sumringah. Yayuk dhewe banjur lungguh njejeri karo kandha :
?Maaf ya mas, sementara aku ra bisa nemoni njenengan ? sibuk?. Kandhane sawise padha bali lenggah Bu Harga ngendika :
?Nak Whisnu, punika mbakyu lan kamas kula ingkang wonteng Semarang, dene pemudha tiga punika penakan kula. Lha punika pun Waskitho ingkang mbajeng, ingkang setaun kepengker dipun tabisaken dados rama. Sajengkaripun rama Nandi, penakan kula Waskitho dipun dhawuhi rerencang dening rama Daris wonten ing Paroki Mlati mriki, makarya kangge sawetawis.
Pramila Yayuk ingkang kerep kadhawuhan dening rama Daris, mubeng-mubeng ningali wilayah-wilayah ingkang klebet kukuban paroki Mlati.? Ngono ngendikane Ibu Harga iya Ibune Yayuk cetha.
Glek ? atine Whisnu, sing maune gelem-gelem nesu, panas, cemburu ? mak klumpruk lemes. Ajer ? lumer ? anyes kaya siniran banyu sewindu.
Jebul pangirane kleru. Waskitho sing sok ngajak mubeng-mubeng numpak mobil bareng Yayuk, kejaba isih sedulure, uga sawijining rama pastur sing isih kebul-kebul anyar, lagi taun wingi ditabiske dadi rama. Mula besuk maneh aja sok kesusu, sing tundhone mundhak kleru.

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads