Thursday 15 January 2015

Karya Mery

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:27 | No comments


Sandinge Cendela
Dening :  Merry Crista

  Sumringahe rai pancen katon , ning sumringahe rai apa ya wus mesthi  yen atine ya mesthi sumringah??. Kluruke jago bebarengan kumandange adzan, sliwir – sliwir angin rada gemruduk ngusap mripat. Enggal – enggal melek, rada kriyip – kriyip neng hawa saka cendela meksa melek lan menakna anggonku syukur marang gusti merga isih diwenehi hawa napas nganti isuk iki.
Cendela saka pring jejer – jejer sing dislambuni motif kembang werna ungu kae daksibak. Rada trecep – trecep melbu ing balungan. Niatku mung golek hawa seger sambi melekna mripat, ning saka kulon bareng munggahe srengenge sing rada benter semu – semu abang ana ayang – ayang. Ayang – ayang sing mlaku ngetan kae sawangane aku weruh. Tak gatekna ayang – ayang kuwi saya cedhak, kok atiku saya gumesar ora weruh apa sebabe. Bener banget yen aku apal banget ayang – ayang kuwi.
“Nduk, wayahe subuhan nduk.” Swara wong wadon kae mbuyarna mripatku.
Sambi ndodoki lawang rada banter, ibuk mbuyarna kabeh. Gragapan enggal – enggal ngawasi lawang lan mangsuli pitakone ibu.
“Inggih Buk niki badhe iyam lan shalat” semaurku.
“Ya wis tak tinggal adang sek Nduk.” Sambi nyemauri aku krungu jumangkahe ibuk mangkat adang.
Nalika taksawang dalan rada kambyoran sunare srengenge dumandakan ayang – ayang kae wus muspra tanpa aran. “Sapa ngerti awakmu pengen weruh putrane pak inggi.”
“Boten Buk, sungkan Buk.”
“Dadak sungkan barang toh Nduk, wis kondang yeng putrane pak inggi kae ocahe apik, pinter, merantau neng kutha kae merga oleh beasis S2 nduk. Ya wis nyambut gawe ngulang, putrane pak inggi kae guru Nduk, pak guru.” Ngendikane ibuk sambi meseme godha aku banget.
“Lolah buk, kula niki rumaos isin buk.”
“Lapo toh Nduk?” Ibuk sing lungguh neng ngarep pawon banjur mareki aku sing lagi ngirisi kangkung.
“Kula niki sinten toh buk, kok kepengen weruh putrane pak inggi ingkang titleipun sampun renteng – renteng lho buk.” Wangsulanku sambi mesem.
Pacelatonku karo ibuk isih terus nganti rampung Masak, aku ya rada ora mikirna mergane aku ya sadar aku iki sapa ta. Mung lulusan SMP, saiki ngulang ngaji neng Masjid. Adhiku sing lanang kae sadurunge budhal sekolah mesthi ngeterna sarapan gawe bapak, banjur budhal menyang sekolah. Awan kuwi aku maca terjemahan kitab kuning, gawe mulangi neng Masjid mengko sore. Saklebatan aku ujug – ujug eling yen telung dina kepungkur aku ngimpi dipethuki ayang – ayang sing persis kaya sing dak awasi mau subuh. Dheg atiku ndredeg, astaqfirullah. Apa sing dak awasi kae padha persis karo neng ngimpiku. Ora dak pikir jeru – jeru, jarene ngimpi kuwi rak kembange turu ta? Sore kuwi aku budhal menyang Masjid sing rada adoh saka omah, sepedhah onthele adhiku dakolahi budhal neng Masjid. Kahanan neng Masjid panggon ngaji ora kaya biyasane bocah – bocah padha umek ngomongna wong.
“Mbak Suryani, apa sampeyan wis weruh yen bakal ana pak guru anyar sing bakale ngulang ngaji bocah – bocah lanang?” Bocah – bocah gemruduk takon neng aku.
“Durung weruh, sapa lho?”
“Wah Mbak Suryani keri warta, kuwi lho mbak putrane pak inggi sing lagi mantuk saka kutha, jan pak guru kae praupane gagah blingah – blingah mbak, pinter”
Wah ngendikane ibuk kok padha karo sing diomongna bocah – bocah toh ya, sabubare ngomong – ngomong sedhiluk aku banjur shalat ashar dhisik sadurunge miwiti ngulang. Nalika arep mbuka al qur’an keprungu bocah – bocah rada rame ning ta terusna olehku maca. Sabubare maca al qur’an lan nglempit rukuh, lan ora sengaja mripat iki ngawasi neng ngarep panggon saf imam mimpin shalat. Rada gumesar, sapa dheweke kok lagi weruh iki. Nalika aku ngawasi pas ya dheweke lagi rampung shalat lan madhep mburi. Dheweke mesem, rada ketenggengen ora wani nyawang maneh ning takbales esem kuwi. Aku wedi yen mripat kepethuk mripat lan esem kepethuk esem bakale ora apik. Tibake kuwi putrane pak inggi sing jenenge Mas Handoko. Saka critane bocah – bocah sing ora sengaja dakrungokna Mas Handoko kuwi wiwit SMA melu si mbahe sing neng kutha, pantes yen aku ora weruh, omahku lan omahe pak inggi ya adoh, beda RT lan beda RW. Iki aneh, nalika aku ngawasi eseme mau, ana sing rada ora kaya biyasane neng dhadha. Sabubare saka Masjid, lagi wae nglebokna sepedah ibuk wis takon ngenani putrane pak inggi. Ibu tibake wis krungu yen putrane pak inggi sawetara wektu preinan uga nyambi ngulang ngaji neng Masjid. Aku ora weruh apa sing dipikirna ibuk, aku ki dudu bocah wadon sing waninan. Aku wedi yen kedhuwuren ngimpi, aku ngrumangsani yen aku iki sapa.
Tengah wengi gragapan tangi merga ngimpi ayang – ayang kuwi maneh, pratandha apa iki. Yen mung ping pisan ngimpi kuwi ora bakal dakgagas, nanging iki wis ping telu. Ing sawijining esuk, kahanan isih remeng – remeng kaya biyasane nalika mbukak slambu cendela pring neng kamar, aku ngawasi ayang – ayang kuwi, sing neng ngimpiku, persis gawe sarung lan tangane nyampe sajadah neng pundhak. Merga aku wis kebacut pengin weruh apa tegese ngimpiku kuwi. Dakenteni sapa kuwi. Dhuh Gusti jebule Mas Handoko. Semlengeren neng sisihe cendela aku. Pratandha apa iki Gusti? Merga padha ngulang ngaji neng Masjid, gurune ya mung aku , Mas Handoko , lan Pak Saimin aku lan Mas Handoko saya akrab. Paling ora saiki wis asring omong – omongan. Aku emoh nggathuk – nggathukna ngimpi lan kasunyatan. Merga aku emoh yen kedhuwuren ngimpi lan pungkasane ceblok lan lara. Ora ana sing bisa ngalahake kersaning gusti , kuwi pancen bener ning apa sing ana daklakoni lan ora ngarep saka kersaning Gusti lan ora meksa kudu kaya karepku. Manungsa rak saderma nglakoni kersane gusti toh?






Tragedhi Len Abang
Dening : Merry Crista

“Hahaha emoh Mbok emoh, hahaha sapa kae Mbok?” mari ngono nangis njerit.
Kahanan kaya mangkono ora sepantese yen dialami manungsa saumume, manungsa sing isih waras pikire. Sore kuwi neng pojok kulon gang omahku katon rame, aku sing lagi wae mulih saka toko panggonku nyambut gawe mampir. Eeeee tibake sing rame kae neng omahe mak Inem, randha tuwa sing nyambut gawe dadi dukun bayi lan tukang pijet kae. Mak Inem sejatine nduwe anak loro, mbarepe wadon ayu sing jenenge rahayu lan sing nomer loro lanang jenenge Faidi. Nanging Faidi sing pamite budhal merantau dadi TKI neng Malaysia 5 taun kepungkur nganti saiki ora ana wartane babar pisan. Mung sempet menehi si mboke dhuwit ping telu mari ngono babar pisan nganti saiki, jan jane mak Inem kepengen banget goleki warta anak lanange kae, si mbarep Rahayu nalika isih waras kae wis nyoba budhal menyang kutha lan nakoni PJTKI sing berangkatna Faidi, nanging wangsulan apa sing ditrima Rahayu lan mak Inem nalika nyambangi PJTKI kae. Yen TKI wis budhal urusan TKI neng negara liya wis dudu urusane PJTKI kaya ngono tanggungjawabe PJTKI. Arepe ngeyel kaya piye, pancen Rahayu ya dudu wong wadon sing nduwe ilmu sing dhuwur. Dheweke ya mung wong wadon lulusan SMP banjur mergawe nyambut gawe  neng kutha njaga toko gedhe tokone Cina. Pak Pardi bojone Mak Inem wis kapundhut dening gusti awit Rahayu lan Faidi isih sekolah SD. Ya semana uga Faidi padha karo mbakyune mung ulusan SMP, isih bisa sekolah nganti SMP kuwi ya wis alhamdulillah, mergane sing ngragati sakabehane ya mung si mboke dhewe. Nanging nalika Faidi nyuwun pamit arep nyambut gawe neng Malaysia mak Inem wis ora menehi ijin semana uga Rahayu. Mergane Faidi rak mung lulusan SMP banjur neng kono arepe nyamut gawe apa, neng kene wae nyambut gawe angel dene neng Malaysia kono.
Nanging Faidi ngeyel yen neng Malaysia kuwi mesthi bakal akeh penggaweyan gawe dheweke. Alesane Faidi dheweke sing dadi wong lanang siji – sijine ora tega yen ngawasi si Mboke lan mbakyune montang manting nyambut gawe isuk nganti sore, si Mboke kadhang kala ya gelem dadi buruh ngumah gombal. Tekade Faidi sing wis kaya mangkono ora bisa dipengora maneh.
“Wis toh Mak, Mbak aku aja dipengora paling ora aku tak budhal dhisik neng Malaysia goleh penggaweyan tinimbang neng kene paling banter ya dadi kuli batu utawa melu njaga toko kaya si Mbak. Aku isih pengen mengko urip kepenak, aku ya uga kepengen banget yen mbok lan Mbak Rahayu ora usah nyambut gawe cukup aku wae dadi wong lanang gantine bapak sing nyambut gawe. Nyuwun pandongane wae.” Mangkono kandhane Faidi nalika nyuwun pamit.
Nanging saiki kok babar pisan, awit Faidi ra ana warta mak Inem asring lara – laranen. Mikir anak singmburi dhewe ora ana warta saka negara sebrang, ya ora isa digoleki. Merga mboke wis asring lara – laranen Rahayu mengora mboke mergawe nemen – nemen saiki Rahayu sing mergawe jaga toko awit isuk nganti bengi, budhal jam 7 sakbubare Masakna si Mboke lan mulih ngenteni toko tutup kira – kira jam 9 bengi. Rahayu kuwi bocah wadon sing nduweni praupan sing ayu banget, pakulitane putih resik. Awake dhuwur lencir lan esemane sing gudho ati. Akeh wong – wong enom lanang desa sing mara neng omah gawene nglamar Rahayu lan ndadekake Rahayu bojone. Nanging Rahayu isih mikir si Mboke lan adhine Faidi sing durung ana wartane mula kuwi amarane wong wong kuwi ditampik kanthi alus.
Wis dadi kebiyasaane  Rahayu yen budhal lan mulih saka nyambut gawe numpak len. Merga toko panggon dheweke nyambut gawe rada adoh ing tengah kutha lan ya dheweke ora ana motor anane mung sepedah onthel. Kaya biasane yen ja 6 esuk sakbubare Masakna si Mbok. Esuk kuwi atine mak Ine rada kemratap nalika Rahayu arep budhal nyambut gawe , kahanan sing kaya mangkene ora kaya biyasane. Nanging kahanan atine sing kemratap kuwi diempet mak Inem, dheweke ora pengen yen mbebani Rahayu sing wis mubeng nyambut gawe golek jagane apa sing dadi mangan sesuk. Nalika Rahayu pamitan lan sungkem , mak Inem krasa banget kemratape atine. Putrine sing ayu kae, sing dadi nyawane mak Inem. Katon kleyang – kleyang saka adohan mlakune Rahayu, meseme sing ndemenakna ati. Jan Rahayu bocah wadon sing dadi impenane jaka – jaka desa.
Tanpa diweruhi Rahayu, yen dina iki dheweke kudu rada nglembur neng toko amarga barang – barang sing anyar akeh sing lagi teka. Sing nglembur mung pegawe 3 wadon kabeh lan dikancani wong sing dadi satpame toko. Tata – tata barang – barang sing lagi teka nganti jam sepuluh punjul. Banjur nutup toko lan siyap – siyap mulih. Rahayu wis rada ngrasa ora kepenak merga ora menehi warta yen bakale mulih dalu neng si Mboke. Wis mesthi yen mak Inem kuwatir ra karu – karuan merga ora biyasane Rahayu sampe dalu durung mulih. Biyasane sawise maghrib Rahayu wis mesthi tekan omah. Ngetan ngulon mak Inem mlaku bola – bali neng mbalene sambi sedhiluk – sedhiluk ngawasi ratan mujur ngetan – ngulon sing biayasane dilewati Rahayu. Ning nganti tabuh 10 punjul Rahayu sida durung katon , dalanan wis sepi banget. Ora ana sing kliwer. Jan atine mak Inem rasane kemratap ra karu b- karuan. Rahayu mulih saka toko karo loro kanca wadone mlaku ning panggonan len. Nanging kancane sing loro jurusan lene beda karo Rahayu, kancane len werna kuning nanging Rahayu werna abang. Neng panggon nyegat len pancen ya wis sepi banget, pas ana len werna abang dhisikan, nanging Rahayu rada wedi arep numpak. Merga penumpange ana 3 lan kuwi lanang kabeh. Nanging yen ngawasi jam, iki wis meh tengah wengi. Kira – kira iki len pungkasan. Pungkasane Rahayu nekat numpak lan dheweke waspada wedi banget, merga Rahayu ora tau yen bengi – bengi ijenan karo wong lanang liya. Apa maneh iki 4 tekan sopire. Mulane Rahayu biyasa wae  dheweke lungguh cedhak lawang mudhun , nanging suwe – suwe Rahayu krasa aneh mergane wong 3 mau saya lirik – lirik neng Rahayu. Tibakna wong telu lan sopir kuwi nduwe niyat sing ala samarine ngawasi Rahayu sing ayu dhuwur lencir, saya kemecer ngawasi Rahayu. Rahayu wis weruh kahanan sing kaya mangkono , sing bakal ala neng awake. Mula Rahayu langsung ngomong neng sopir yen arep mudhun. Nanging merga wis gupuh Rahayu malah njaluk mudhun neng dalanan sepi. Tragedi sing gegirisi kuwi ora bisa dicegah. Wong sing bisa dijaluki tulung Rahayu yaiku pak sopir tibana ya melu sekongkol pisan. Neng len werna abang kuwi rasa lan ragane Rahayu kaya mati sakabehane. Kelakuwan bejat wong – wong bejat kuwi dialami Rahayu kanthi esuk , Rahayu wis ora nduwe daya. Esuke Rahayu ditemok warga dibuwak neng dalan desa pinggir alas karo kahanan sing bisa marai mbrebes mili sapa wae sing nyawang. Kuwi sing ndadekake ana bocah wadon ayu sing sabendinane benora – bengok saben dina lan dadi lara pikire.



ESEMANE
Dening: Merry Crista

bsmall59.jpgEsem sing tansah tak anti – anti , esem sing tak eling – eling, esem sing tansah katon manis neng mripat.
Esem kuwi sing bisa gawe aku kuwat ngadhepi kahanan kaya sing tak adhepi. Aku ya ora tau nyuwun kahanan sing kaya mangkene , aku ya ora tau nyuwun kaya piye kahanane kulawarorau lan kaya piye kahanan kulawarorau. Aku mung bisa pasrah marang kersane gusti. Aku mung dedonga muga aku diparingi kuwat nglakoni lakon urip iki.
“Lak wis Bapak kandhani toh yen aja cedhak – cedhak maneh karo Rudi!” Bapak rada mbengok.
“Trus kula niki kedah dospundi Pak?” Wangsulanku alus keparawis ora kuwat.
“ Kowe ki pancen angel dituturi!” Bapak nesu temenan lan metu saka mbale.
Ibuk mara sambi ngelus rambutku, “Wis toh Nduk uripmu bakal kepenak yen nurut marang bapak ibuk.”
“Kula sampun trima Buk yen kahananipun kados makaten, nanging kula nyuwun wektu boten gampil supe kaliyan Mas Rudi Buk.” Kandhaku mbrebes mili.
Ibuk ora ngomong piye – piye nanging mung ngawasi karo mimik kuciwa banget, dhuh Gusti napa dosaku kok kudu kaya mangkene? Yen pancen kudu nglalikna Mas Rudi bakal tak lalekna nanging kuwi dudu perkara sing gampang. Yah mono yah mene anggonku urip bebarengan 2 tahun nganti  nduwe Aisyah sing lagi umur setaun, yen aku kudu nyiksa atiku dhewe, dene Aisyah? Anakku isih cilik banget , anakku isih butuh lan isih kudu ngrasana digendong Mas Rudi. Kedadeyan iki mulane saka setaun kapungkur, tibake Mas Rudi sing kasil saka jejodohan kuwi wis nduwe anak lan bojo. Aku ya sadar yen bapak ibuku ora bisa dienyang yen perkara jodho, bapak ibuk jan – jane ya wis weruh yen jodho kuwi kersane Gusti , nanging ngendikane bapak yen ora digoleki rak ya padha wae karo pasrah. Aku isih bisa sekolah nganti jenjang SMA wis sukur alhamdulillah senadyan aku dudu saka kulawarga sing nduwe bandha donya. Nanging aku anak siji – sijine lan bapak ibuk kuwi yen perkara sekolah ora bisa dienyang – enyang. Kanca – kancaku dolanan yen tamat SD wis pada nyambut gawe. Sing nerusna sekolah nganti jenjang SMP ewadene nganti SMA kuwi uga saithik banget. Mula tamat saka SMA aku bisa langsung nyambut gawe ing kantor kecamatan dadi staf pak camat. Kahanan iki sing nyebabake bapak lan ibuku pilih – pilih banget ngenani sapa wae priya sing dadi kanca cedhakku. Aku uga wedi yen bakal ngenalna sapa wae sing cedhak karo aku, merga mesthi ditakoni sajelas – jelase dening bapak lan ibu , aku rumaos sungkan yen katon bapak – ibuk pilih – pilih banget. Jan – jane aku ya wis nduwe pilihan ati dhewe nanging rasane ati kudu mundur sewu jangkah yen eling bapak ibu kaya mangkono.
Merga dheweke dudu pegawe negri sing kaya dikarepake bapak lan ibuk. Dheweke kuwi priya sing ora bisa ngapusi aku kawit biyen mula , priya sing ora tau gawe tangisku , priya sing ora bisa gawe laraning atiku , priya sing apa sing diucapake kuwi mesthi bakal ditindakna. Priya sing sregep nyambut gawe wani rekasa agawe mbuktina neng bapak ibu yen dheweke bisa nguripi aku lan yen dheweke wis nyambut gawe kepenak bakal nemoni bapak ibuk. Mas Handoko wis 5 taun ngrintis bisnis warnete nganti wis buka 20 cabang neng desa nganti neng kutha. Kuwi wis cepet banget , omset wis matoh. Nanging apa sing ditampa Mas Handoko nalika sowan neng bapak ibuk?
“Kerjamu apa le?”
“Kula sampun gadhah warnet pak , ngapunten kula sampun bikak cabang ing kutha – kutha.” Wangsulane Mas Handoko kanthi sopan lan alus.
Aku sing lungguh neng ngarepe Mas Handoko kemratap wis bakal bisa dak kira – kira kaya piye panampane bapak lan ibuk.
“Ngene ya Le , coba pikirna maneh niatmu mrene kuwi.” Ngendikane bapak sambi nglirik neng aku , ibuk mung bisa manthuk – manthuk.
“Pripun toh Pak , ngapunten Pak punapa wonten ingkang lepat kaliyan niyat kula ingkang badhe nyuwun Dhik Ayu?”
“Ora salah , ning dalan uripmu lan dalan uripe Ayu sing salah merga ora ditentona sing apik dening gusti , Rak ya wis cetha ta yen dudu jodho kuwi?”
“Panjenengan kok sampun ngendika ngaten pak yen kula kaliyan Dhik Ayu boten jodho?”
“Wis jelas yen aku pengen anaku siji – sijine bisa urip mapan lak kepenak karo wong lanang sing mapan lan kaya sing dakpengeni.”
Nratap ati iki kudu mbrontak , ning apa dayaku yen sawangane Mas Handoko ya wis kebacut lara ati amarga omongane bapak. Wiwit kuwi kahahne wis beda. Omongane bapak mbubrahna sakabehane.Mas Handoko mundur ngalami kahanan sing kaya mangkono. Wiwit kedadeyan kuwi bapak mengora aku cedhak sapa – sapa lan kudu manut bapak ibuk yen kapengen urip mulya. Apa aku ora nandang lara ati lan lara pikir. Dak eklasna Mas Handoko , dakpeksa kaya apa wae yen Mas Handoko wus kadung lara ati lan dikapakna wae bapak lan ibu ora bakal menehi restu. Sasasi rong sasi telung sasi butuh wektu setaun aku bisa ngilangna rasa kangenku marang Mas Handoko sing wus merantau neng kutha lan mutusna layang swarane. Setaun rong taun olehku nglali – nglali dheweke.
Bapak wis ngendika yen bakal golekna aku gantine Mas Handoko , aku yawis ngeklasna Mas Handoko sesandingan karo sing liya. Bapak ngenalna aku karo pengusaha kayu jati lan pegawe negri neng perhutani. Bapak ya lagi ngenal wong kuwi sawetara rong uan nalika bapak asring neng perhutani kepara golek kayu. Aku ya ora mikir liya – liya , geneya bapak kok cepet banget jodhona aku karo wong kuwi. Sing jenenge Mas Rudi kuwi wis radha umur, wis 27 taun rada adoh karo aku sing isih 19 taun wae. Aku ora nduwe daya papa gawe nolak lan gawe nrima aku pasrah dening apa sing dipengeni bapak lan ibu.
Aku sesandingan karo Mas Rudi sing noraune isih jaka lan wis ora nduwe bapak lan ibuk merga wis kapundhut. Lara atiku durung mari nalika Mas Handoko milih mundur lan merantau. Nanging aku wis trima kahanan ngene iki , kahanan awakku. Dak trima lan dak lakoni. Olehku sesandhingan karo Mas Rudi wis 2 taunan ,  aku lan Mas Rudi wis diparingi anak wadon sing ayu banget tur pinter Aisyah. Olehku omah – omah adhem ayem senadyan ta Mas Handoko asring neng kutha – kutha saperlu ngurusi bisnise. Ing salah sawijining dina , saomah geger kepara tangorau sing lagi ulih merantau saka Jakarta nalika weruh Mas Handoko neng omah geger ngomong yen Mas Handoko kuwi wis nduwe anak lan bojo nalika dheweke ngerti Mas Handoko kuwi saiki sesandingan karo aku. Geger kuwi ora bisa diinggati maneh, tangorau mau crita yen Mas Handoko kuwi pengusaha terkenal saka Jakarta lan wis nduwe anak lan bojo.




Ana Dalane Dhewe – Dhewe
Dening : Merry Crista

Wis samesthine yen kabeh wong nduweni gegayuhan, wis samesthine yen kabeh wong nduwe kekarepan neng uripe. Kaya dene aku. Aku ya nduwegegayuhan sing pengen tak wujudna.
Aku ya sadhar yen aku iki dudu anake wong sugih bandha donya sing bisa keturutan kabeh sing dadi pepengenane. Aku iki ya mung putrine wong biyasa sing nduweni impenan bisa ndadekake anake wong wadon sing bisa diajeni karo wong lanang merga aku nduwe kapinteran lan nduwe titlle sarjana. Kuwi kekarepane bapak ibuk uga kekarepanku. Mula kuwi aku sinau senadyan ta nora bisa melu les kaya dene kanca – kancaku liayane. Nanging kahanan kuwi ora gawe aku mundur gawe gayuh impenanku dadi guru.
Kabeh wong wis nduwe dalan lan garis uripe dhewe – dhewe , aku percaya kuw aku ya usaha gawe ngrubah nasibku sing saka kulawarga pas – pasan. Aku kapengen bapak ibuk bisa urip mulya ing tuwane mbesuk. Ora ana anak sing ora kapengen mbales usaha bapak ibuke , lan ora ana anak sing ora kapengen nyenenorae bapak ibu sing wus ngragati wiwit bayi. Aku eling banget ngendikane ibuk.
“Nduk ora ana sing weruh mletheke jarak , ora ana sing weruh nasibe wong neng ngarep mula iku gek ndang sing pinter , bapak ibuk pengen nduwe anak wadon sing pinter , sing bisa dicritakna kanthi bungah , anak wadon sing bisa dibanggana.” Ibu kanthi mripat sing mbrebes mili.
Pangajeng –ajeng kuwi sing ora bakal dak lalina nganti aku bisa suksesa kaya apa mbesuk. Bener ngendhikane ibuk nalika aku isih cilik ibuk seneng banget menehi aku pitutur becik kuwi. Aku dedonga ya ikhtiar bene bisa kelakon apa sing dadi ekarepane bapak ibuku. Mung siji pengen anake wadon supaya minterna bocah – bocah liyane lan bisa ditiru laku becike. Yaiku dadi guru , digugu lan ditiru dak tenani anggonku sekolah, dak niati kanthi ibadah dening Gusti muga antuk kasil sing apik.
 Direwangi bapak ibuk ngalor ngisul isuk nganti sore nyambut gawe saperlu nyekolahna aku , mbrebes mili yen ngawasi kahanan kuwi. Mula aku wis tekat yen kudu bisa dadi anak sing isa dicritana bunggah kaliyan bapak ibu ing dina – dinane bapak lan ibu. Sapa nyana yen aku , aku anake wong sing kagolong ora nduwe bisa gayuh impenanku , gayuh sing dadi dhasare gayuh impenanku. Kuwi kabeh kersane gusti , ora ana sing bisa molak – malekna dalane wong. Mula tetepa nduwe niyat sing apik lan ati sing lurus gawe gayuh impenan. Mula aja sambat yen akeh watu – watune panguripan sing bakal dadi cobane. Cobane urip kuwi kudune dilewati , dilakoni kanthi sabar lan eklas.


MERGA ALI –ALI
Dening: Merry Crista

batara-kala.jpgSumilire angin gawe adheme ati, panase srengenge gawe nggugah pikiran. Kaya kuwi dhesaku, ayem tur tentrem. Dhesa sing ana ing pinggiran kutha, ning ora pati kutha ya ora pati ndesani, wis ora kasebut dhesa. Wis ora ana Kepala dhesa sing kasebut petinggi, anane Lurah lan Camat. Dhesa sing cidhek makam Cina, ning kahanane ora sintru kaya dene makam wong Jawa.
Makam Cina kagolong makam sing mewah lan katon wah, nyatane akeh bocah – bocah padha
mara saperlu photo, makam – makam sing dibangun diwenehi granit, ukiran, lan kramik – kramik saaengga ora katon kaya dene makam – makam liyane. Ning katon kaya bangunan lawas. Ora ana bledheg ora ana angin sing gumbrebeg, ana warta saka tangga omah sisih wetan. Mbak Yayuk, esuk mau krasa yen awake greges, ning ora pati direken. Rada awan balung lan awake krasa linu sakabehane, enggal digawa menyang mantri dhesa, ning Pak mantri ora ngandharake apa – apa. Mbak Yayuk ora pilek, ora ana lara apa – apa kok greges lan linu kabeh. Banjur sesuke kahanane mbak Yayuk saya nemen, awake ora kena digawe obah babar pisan. Wis kaya wong sing nandang struk, apa ta tangga – tangga ora padha geger. Ngalor ngidul omongan – omongan sing ora pati genah metu. Ana sing ngomong merga kepangan pesugihan, merga donyane mbak Yayuk ngalahna pegawai negri, ning bojone mbak Yayuk Mas Shodiq mung kuli batu. Warta kuwi wis suwi dadi kembang lambene tangga – tangga. Ning saya nemen sawise mbak Yayuk nandang penyakit aneh, 2 dina sawise mbak Yayuk ora bisa obah babar pisan, njur saiki ora bis ngomong. Lambene kaya catuten. Lha ya iki warta mbak Yayuk dipangan pesugihane dhewe saya ndodroh ing dhesaku.
Wong – wong padha krasa keweden, wedi yen bakal dadi tumbal pesugihane mbak Yayuk, miturute wong – wong yen wis ora oleh tumbal sapa wae bakal dipangan. Kahanane mbak Yayuk lan keluwargane saya gegirisi, kejaba warta kuwi bener apa ora yen tetangga kuwi patute ya kudu srawung lan biyantu marang sing lagi kesusahan. Kahanan lan warta sing ngono mau malah saya nggawe sintrune wit ringin gedhe sing ngadek ana ing bong Cina. Bong Cina yaiku jenenge makam Cina. Wit sing wis puluhan taun ngadek lan ora ana sing wani negor. Senadyan ta sing dadi pamonge bong Cina dhewe. Wis bola – bali kedadeyan yen meksa negor wit ringin kuwi, ning ta sing ditegor ya mung godonge sing wis rupa kuning, sing negor sesuke bakal nandang lara nemen. Jare – jarene neng wit ringin kuwi ya dadi panggonan kumpule gawanane Cina – Cina sing nduwe keluwarga sing di makamna neng kono. Merga ya akeh wong – wong sing padha weruh  bangsa – bangsa lelembut saka bong Cina lan mlayune neng wit ringin. Sing akeh weruh kadhang ibuk – ibuk sing lagi mbobot lan mlaku – mlaku esuk ning bong Cina. Merga saking ambane bong Cina, akeh bocah – bocah cilik sing asring dolanan, sepedahan, lan apa wae neng kono.
Sing asring diweruhi yaiku ula, ning sing jarene gawanane Cina – Cina iki mau ora ngapa yen ora di gaweni kala karo wong – wong dhesa. Ana 2 panggon sintru , kejaba wit ringin uga ana panggon gawe ngobong mayit lan panggonan gawe nginepe mayit yen ora enggal – enggal dikubur. Bangunane werna abang – kuning, gedhe neng pojok bong Cina. Ora tau padha mrono kejaba ana ngobong mayit utawa ana mayit sing dititipna. Bong Cina ramene ya mung  ana pengetan – pengetan kaya ta riyayane wong Cina, ana Cina sugih sing dikubur, utawa wong – wong wadon desa sing padha golek lan nglumpukna kembang kamboja gawe didol nang bakul. Merga kembang kamboja sing wis garing kuwi regane larang banget. Larane mbak Yayuk kuwi sabubare ana riyayane wong Cina, wong Cina mpadha nyekar lan menehi dhuwit neng oah – bocah cilik lan sapa wae sing gelem ngathong tangan ing pinggire praotone. Wis ana seminggu mbak Yayuk kahanane kaya wong mati, ora bisa obah babar pisan lan ora bisa omong. Wis digawa menyang dokter lan rumah sakit, ning ora kasil apa – apa. Dokter uga ora nemokna penyakit ing awak.e mbak Yayuk.
Sing ora nalar, mbak Yayuk ora bisa di ajak ngomong marang sapa wae. Ning bisa weruh yen diajak omong lan ngawasi solah bawane wong Cina. Mula saka kuwi mau keluwargane mbak Yayuk gawa mbak Yayuk neng dukun lan kyai. Wis ana sewulan kahanane mbak Yayuk ngono kuwi, saka kyai dikandani yen mbak Yayuk kuwi kena gawanane Cina merga mbak Yayuk nalika golek kemang kamboja nemu samubarang lan digawa mulih. Juntrute jarene Mas Shodiq mbak Yayuk nalika bubar golek kembang nemu ali – aline mas saka dalanan bong Cina. Njur digawa mulih rumangsane mbak Yayuk kuwi dhuweke salah sijine Cina sing mari nyekar. Nganti saiki ali – aline isih digawe neng driji tengene mbak Yayuk. Dalan siji –sijine supaya mbak Yayuk supaya enggal waras yaiku mbalekna ali – ali neng panggon sing bener, mbak Yayuk dirukyah supaya samubarang sing ora bener sing melu neng awake mbak Yayuk enggal metu lan dislameti bubur abang. Ngendikane pak kyai. Wis akeh kedadeyan, setaun kepungkur ana wong wadon golek rosokan tiba neng salah sijining kuburan lan kesurupan fasih ngomong lan nyanyi lagu – lagu Cina. Singite bong Cinam, praupane katon endah ning sing jenenge kuburan ya nduweni samubarang sing ora benr lan ora apik tumprap manungsa sing isih urip. Mula kudu ati –ati neng awake dhewe.
                                            

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads