Cerita selain Kancil ialah cerita tentang Keong.
KEONG
Ing
sawijining dina, isih esuk banget. Angin
ora ana sing krasa nyenggol kulit nanging hawa ademe alas krasa nganti tekan
balung. Kuwi ora gawe semangate keong layu kanggo mlaku-mlaku mumeti ambane
alas. Pelan tinik-tinik olehe kewan cilik kuwi mlaku nyekseni endahe alas. “krik..krikk..krikkk” mung swarane jangkrik sing keprungu. Alas
isih sepi kewan-kewan liyane padha rung tangi
isih ngipi-ngipi. Neng satengahe dalan keong mandhek olehe mlaku, pegel.
“kok sepi neng ngendi kabeh iki” batine kura
leyeh-leyeh nisore wit .
Ora
suwi saka wektu istirahate Keong mau Gajah liwat ing ngarepe Keong lan kurang
sithik arep ngidhek Keong..
“duhh…jah..gajah… awas ana aku neng ngisormu!”
jerite keong ngagetake gajah.
“ehh..ana keong ta iki mau” jawabe gajah enteng rada
kaget.
“ati-ati ta jah yen mlaku kuwi, mbok ya tolah-toleh
aja sludar-sludur ngunu kuwi, lak ya mesakne kewan cilik kaya aku ngene iki
bisa kepidhak yen mlakumu ora waspada”
“hahaha…ya dudu salahku ta, salahmu dhewe ndhuwe
awak cilik mekithik. Mbok ya kaya aku. Dhelengen ta awakku gedhi gagah prakosa
kaya gatotkaca.” Jawabe gajah sombong.
Keong ninggalake gajah
tanpa mangsuli omongane sing sombong kuwi karo mbatin, “bener kandhane gajah, umpama awakku ora
cilik nanging gedhi sagajah aku pasthi bisa mlaku-mlaku bebas tanpa wedi
kepidhak kewan gedhi.” Ora dikira lan
diyana esuk-esuk bakal arep oleh bebaya kaya ngono kuwi. Akhire sawise
ninggalake gajah mau keong mlaku kanthi waspada supaya bebaya kaya ngono ora
ditampa maneh.
Sasuwine keong mlaku-mlaku ninggalake gajah
mau neng tengah dalan keong mandhek amerga ana perangane wit tumbang sing agawe
keong ora bisa nerusake lumakune. Arep dirambati kok ya katon dhuwur, nyaline
keong nyiut ora wani. Keong bingung arep nerusna lumakune. Ora suwi anggone
bingung keong ngerti kayu kuwi mencolot saka pandhelenge. Dalane nganti bisa
diliwat keong maneh. Keong kaget sapa sing nyingkirake kayu kuwi. Akhire keong
ndangak supaya ngerti sapa sing wis nulung awake kuwi. Pranyata singa.
“eh..singa ta, matur nuwun ya wis nulung aku”
“haaha aku ora niat nulung kowe kok” jawabe singa
sinis
“lah kuwi kowe wis nyingkirake kayu sing gawe
mlakuku nyendhat.” Swarane keong rada
lirih
“ahaha aja PD sik keong, aku mung pengin kowe ngerti
yen aku iki kewan kuwat. Mula pantes dadi raja neng alas iki. Kowe iki kewan
cilik sing urip kudu gawe bantuane kewan-kewan gedhi lan kuat. Akonana
kekuwatanku!” prentahe singa.
“iya pancen kowe kuat lan aku akoni kuwi. Tp aja
sombong kaya mangkono ta singa, ora apik.” Keong menehi saran
“hahaha aja sok menehi saran kowe karo aku, saiki
dhelengen kahana wae sapa sing luwih kuwat aku apa kowe. Nyatane sing kuwat
neng kene uga neng alas kene ya mung aku ora ana sing bisa ngalahna kekuwatanku,
mula aku dadi raja neng alas iki.
“ya wis, suwun ya singa kowe iki mau wis nulung
aku.” Jawabe singa banjur nerusna mlakune.
Samarine
ninggalake gajah, keong mbacutake lumakune banjur uga mbatin “iya bener
kandhane singa, umpama aku kuwat kaya singa pasthi aku ora ngerepotna kewan
liya. Apa bae bisa tak tandhangi dhewe.” Apa iki mau dina apese keong kok ya
mung mlaku-mlaku ndheleng endahe alas wae wis kaya ngene, diremehna bola-bali.
Nanging keong ora bisa apa-apa nyatane ya kahanane dheweke ngunu kuwi, cilik,
lan ora kuwat. Rada adoh olehe mlaku saka panggon ketemu karo singa kuwi mau
dheweke kaliren, kebeneran kok neng ngarepe ana wit jambu. Jambune wakeh
grumbul kaya wong demo.
Keong bali
bingung kepriye carane njupuk jambu kuwi. Ora suwi kancil teka marani keong.
“ana apa keong kok kowe kaya bingung?” pitakone
kancil.
“aku kaliren cil, pengin jambu kuwi tapi bingung
arep njupuk nganggo apa, arep menek kok ya dhuwur men wite.” Keong mangsuli
“owalah.. ora usa bingung, ana aku neng kene.”
“ arep njupuk nganggo apa kowe, kowe ora bisa menek
wit jambu kuwi cil.” Pitakone keong penasaran
“ aja ngremehna aku, aku pinter duwe cara apa wae.”
Jawabe kancil rada ora kepenak
“iya, iya cil sepurane.” Keong njaluk sepura
Ora suwe wite di sunduli karo kancil nganti horak
banjur jambune ceblok kabeh. Keong seneng lan mbayangna penake jambu kuwi.
Jambu sing lugure pada semburat kuwi di surungi keong banjur di dadekna siji.
Kancil mung ngenteni wae. Sawise jambu nglumpuk dadi siji keong arep njupuk di
sneni karo kancil.
“kok kowe arep njupuk jambu kuwi?” pitakone kancil
marang keong
“aku mau kan wis ngomong yen aku kaliren cil, kan
kowe ya janjine njupukna aku. Saiki aku arep ngincipi jambune.” Jawabe keong
melas
“ehh..ora bisa iki jambu sing njupuk aku, dadi ya sing
ndhuwe ya aku, kowe ora duwe hak kanggo mangan.” jawabe kancil sinis
“siji wae cil kanggo ganjel weteng”
“ora bisa, kuwi jambu kabeh nggonku.”
Keong ora bisa mangsuli banjur ninggalake kanthi rasa kuciwa
marang kancil. Keong ngrasa dheweke kuwi kewan paling apes, ora bisa apa. Ora
segedhi gajah, ora kuwat kaya singa, lan ora pinter lan licik kaya kancil.
Keong mlaku rada lirih lemes mikir awake kok ora kaya kewan-kewan liyane.
Keong mlaku trus mlaku
nganti dheweke dikagetna mlayune kabeh kewan sajrone alas.
Dheweke di teraki kewan
liya nganti mlebu bolongan gedhi sing
isihne kuwi ana gajah, singa, lan kancil. Keong kaget kok bisa kejebak neng bolongan karo kewan
sing mau ditemoni. Sajrone bolongan kuwi kewan 4 padha omong-omongan.
Keong : “iki mau ana
apa kok padha mlayu kabeh?”
Gajah : “kowe apa ora
ngerti yen alas iki mau ditekani manungsa-manungsa ora duwe ati?”
Singa : “kowe apa uga
ora ngerti yen wit-wit neng alas iki padha dikethoki?”
Kancil : “apa kowe ora
ngerti yen alas iki bakal digawe kepentingane manungsa?’’
Keong : “banjur
kewan-kewan iki mlayune neng ngendi yen omahe di rusak?”
Singa : “ya bisa mlayu
neng pemukimane manungsa kuwi, kate neng ngendi maneh?”
Gajah : “ya untung wae
kanggo kewan sing bisa di inggu, yen kewan sing bisa di manfaatke perangan
awake kaya kene iki sing kudu was-was, lan kudu enggal golek manungsa sing bisa
nylametake, saora-orane nggawa neng ragunan.”
Kancil : “wis-wis saiki
gausa debat kepriye carane kita bisa mlayu saka kene, kene ora bisa mlayu, kene
ora bisa metu saka bolongan iki yen ora
ana sing nulung.
Kabeh padha mikir kepriye carane, pungkasan keong weruh
ranting gumandul banjur mrambat mendhuwur. Singa, kancil, lan gajah kaget keong
bisa bebas saka bolongan kuwi.
Dene singa, kancil
lan gajah ora bisa amerga awake sing ora ngatasi mendhuwur.. keong ucap
syukur.. masiya ora gedhi, ora kuwat, lan pinter sarta licik. Nanging dheweke
beja bisa slamet saka bebaya sing lagi nampa alas kuwi.
Tugas diselsaikan oleh Bimbi Oktavia
0 comments:
Post a Comment