Friday 18 November 2016

Kucing dan Kancil

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:05 | No comments
Kali juga akan mengupdet tentang ceriita hewan. Cerita ini  membahas tentang kancil. DIcrita biasanya, sesosok kancil adalah contoh hewan yang tegas dan banyak akal, tetapi saat ini yang akan diceritakan ialah kancil sebagai Antagonis. Cerita selanjutnya akan ditulis dengan bahasa Jawa.

Kancil Karo Kucing


Sawijine dina ing daerah alas, ana akeh jinise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Kucing.
Ing sawijining dina, ana Kucing lagi penekan ing nduwur omah karo mangan ., ngrasani Roti coklat. Kancil teka, weruh Kucing sing agi asik karo Roti coklate. Utek licike muncul pingin njalukk Roti coklat nang tangane Kucing
"cing-kucing..," undnag Kancil marang Kucing.
Kucing mangsuli Kancil, "Ana apa Cil? Kowe ngundang aku?," takon Kucing.
Kancil : "Cing.. aku njaluk Roti coklatne, setitik wae aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Kucing : "Iya.. aku kan apikan, kepriye yen separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Cing... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Kucing aweh Roti coklat nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Piye... kowe paro sing adil," Panjalukane Kucing karo aweh Roti coklatne marang kancil.
Kancil maro Roti coklatne karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Kucing ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Kucing, bagean sing gede dicekel dhewe.
"Cil... nang ngapa kowe sing gedhe aku sing nduwe malah kebageyan sing cilik?," takon Kucing.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik Roti coklatne sing gecel dhewe, "Iki wis padha," Kancil aweh Roti coklatne meng Kucing.
Kucing : "urung Cil!! kowe isih paling gedhe dibanding gonaku,"
Kancil njaluk Roti coklat sing nang tangane Kucing, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti Roti coklatne entek dipangan Kancil. hihihihi
Pungkasan cerita Kancil mangan Roti coklatne kabeh, Kucing ora oleh bageyan roti coklate amarga dientekne marang Kancil, wong Kucing sing duweni Roti coklat malah ora tampa. Pancen Kancil licik ora patut ditiru.
Pesan moral saka cerita iki urip nang masyarakat kuwi kudu sinambi rewang siji lan siji liyane. Urip bakal rukun.. amarga wong urip mesti butuhake wong liya.. lan ora bisa wong urip dhewe. Mula saka iku aja nganggo sakarepe dhewe.. wong sipate yen licik bakale digelani marang liyane lan bakal ora dipercaya maneh.

Diselesaiakan oleh Rio Astra

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads