Friday 4 November 2016

Bima Suci Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 11:22 | 2 comments
   Kembali hadir cerita wayang di serial Mahabarata. Ketika sang Bima  telah mendapatkan anugrah yang besar d alkon tirta prwitasari, yaitu mencari sumber angin dan air suci. Bima menguasai ilmu kesempurnaan. Di situlah Bima menjadi sesosok lelaki yang berilmu tinggi. Dia mendirikan padepokan untuk nengajar  siapa saja yang mencari ilmu kesempurnaan.
Cerita akan lebih lanjut diwabah dengan bahasa Jawa.



BIMA SUCI



Ing Kraton Astina, Prabu Duryudana nguwatirake amane negarane amerga anane pendeta anyar ing perbatasane Astina (Sumur Jalatunda/ Gunung Argakelasa) kang arane Begawan Bimasuci. Saben dina akeh rakyat Astina kang merguru ing pendeta kasebut. Kadadeyan iki disawang Duryudana bakal ngurangi kawibawane malah bisa dianggep nglunturna kalungguhane. Apa kang dirasakake Duryudana uga disengkuyung Sengkuni kang sabanjure nyalahake Pandita Drona. Amarga wis bisa diweruhi yen begawan Bimasuci ora liya yaiku Werkudara kang mujudake murid Drona. Kenapa Drona kang sudi nyelakakake Bima nanging malah suwalike, Bima wis kasil antuk ilmu kasampurnan lan sawise kuwi ora langsung mbalik menyang Amarta nanging malah ngadegake pertapaan ing wilayah Astina. Kabeh tudingane Duryudana lan Sengkuni dibantah dening Drona, yen kekasilane Bima antuk ilmu kasampurnan yaiku merga katekunan lan kasabaran Bima sajrone ngadhepi cobaan lan alangan karo Kurawa. Dene Bima ora mbalik menyang Amarta lan malah ngadegake perapan ing wilayah Astina amarga Bima nduweni peran ndidik lan mbina moral rakyat Astina lan kanggo ngringkihake negara Amarta. Amarga kakuwatan pandawa manggon ana Bima, yen bima ora ana ing kerajaan brarti kraton Amarta kelangan kakuwatane mula bakal gampang anggone ngruntuhna. Mula kanggo nuduhake kabeneran panemune lan kasetiane marang raja, Drona nyeluk murid anyare kanggo teka lan ngewangi nyerang Amarta. Dene dheweke malah bakal nemoni Bima supaya kerep tekun tetp ana ing pertapaan. Duryudana nyarujuki, banjur ngongkon Sengkuni nggawa para kurawa ngewangi Raja sabrang kanggo nyerbu Amarta.
Ing kraton Amarta, Pandawa dirundung duka amarga lungane Bima kang sawise antuk ilmu kasampurnan ora mbalik ing kraton nanging malah ngilang ora ngerti panggonane saliyane kuwi uga disusul lungane Arjuna kang tanpa pamitan marang dulur-dulure. Kadadeyan iki bakal mbahayakake kaslametane negara. Ora suwi banjur ana pawongan teka yaiku Patih Tambak Ganggeng kang nglaporake anane musuh kang bakal nyerang Negara Amerta. Sabanjure Puntadewa ngutus ngadhepi serangan musuh. Sajrone paparangan para putra Pandawa kuwalahan ngadepi raja sabrang kang disengkuyung prajurit Astina, kabeh diserang nganti tiba ora ngerti cebloke. Dene prajurit liyane kocar-kacir nylametna awake dhewe.
Ing khayangan Jonggring Saloka, Batara Guru nguwatirake panggone Bimasuci kang ngajarake ilmu kasampurnan. Kadadeyan iki bakal ngurangi eksistansi panggone lan kalungguhane para dewa. Amarga mlajari ilmu kasampurnan luwih jero, manungsa ora maneh gelem nyembah lan bekti marang dewa. Kanggo kuwi Batara Guru ngutus para prajurit Dewa kanggo ngusir Bimasuci saka perapaane. Kang nrima utusan sabanjure lan  sing budhal yaiku kang dipimpin Batara Bayu, Brama, Endra, dll.
Ing tengah alas Arjuna ngrasa duka nggoleki kaberadaane Bima kang sawise antuk ilmu kasampurnan ora mulih nanging malah lunga ora ngerti dununge. Saka saran Semar Arjuna diutus lunga ing wilayah Astina mengko bakal nemokake neng endi dununge Bima.
Ing gunung Argakelasa/ Sumur Jalatunda Bima nrima tekane Anoman, niyate awal anoman ngelingake Bima kanggo ndhang enggal mbalik menyang Amarta nanging sawise ngerti kalungguhan Bimasuci satenane malah Anoman mergune marang dheweke. Ora suwi banjur Drona teka, nduwi maksud nggunggung dan nyengkuyung Bima kanggo tetep ana ing pertapan. Ora suwe banjur Arjuna teka kang nduweni maksud uga ngelingake kangmase kanggo enggal mbalik menyang Amarta, amarga yen dheweke ora enggal balik bakal mbebayakake kaslametan negara. Nanging sawise nrima alesan lan wejangan saka Bima, Arjuna malah merguru karo Bimasuci lan kepengin tetep manggon bareng ing pertapan.
Kanggo sawetara Drona, Anoman lan Arjuna diutus ninggalake panggon karo Bimasuci amarga bakal katekan para dewa. Batara Bayu, Brama, Endra teka kepengin ngusir Bima amarga lewat debate para dewa kuwlahan banjur para dewa nyeblokna bledhek geni, angin lan banyu nanging sakabehe bisa diatasi dening Bimasuci. Amarga para prajurit Dewa ora kasil ngusir Bimasuci, Batara Guru ndadhepi dhewe. Banjur malah kadadeyan bantah ngenani kalungguhan lan eksistensi para dewa satenane kang dikaitake karo ketauhitan. Batara Guru kuwalahan ngadhepi Bimasuci lan meruhi sapa satenane kang wis ana ing jiwane Bimasuci kang wis ora liya yaiku Sang Hyang Wenang. Sawise tobat pungkasane mungkur lan Batara Guru ninggalake Bimasuci. Sawise kuwi Sang Hyang Wenang metu saka njero ragane Bima mbalik menyang khayangan.
Arjuna, Anoman, Drona ngadhep Bimasuci, ora suwe banjur Kresna teka kang bakal ngelingake Bimasuci, yen rekadayane kanggo nggayuh kasampurnan ora kudu karo laku ibadat kang terus ninggalake donya. Nanging uga karo darma lan panguripan sabendinane, sapa kang tumindak becik melu memayu hayuning bawana dilandasi karo rasa ikhlas lan pasrah marang Gusti mula insyallah amale bakal ditrima lan bakal nggayuh kasampurnane urip becik ing ndonya lan akherat. Sabanjure kresna uga ngelingake yen kraton Amerta saiki ana bebaya amarga oleh serangan saka musuh mula Bima dijaluk mbalik ing Amarta nylametake negara lan rakyate nuju katentreman kang abadi. Dumadakan Gatutkaca, Antarja ceblok banjur ora sadhar, sawise disadharake Bima, dheweke nglaporake kahanan negara Amarta kang porak poranda diserbu musuh. Bima banjur kesentak atine kanggo enggal budhal menyang Amarta lan putra-putrane.
Sawise teka ing Amarta, Bima, Arjuna lan Putra-putrane Pandawa enggal ngusir para musuh nanging kanggo ngadhepi raja sabrang kabeh kuwalahan pungkasane Semar sing ngadhepi. Raja sabrang bisa diluluhna lan mbalik ing wujud asline yaiku Batara Kala. Tujuwane Batara Kala nyamar banjur nggawe onar ora liya kepingin ngelingake Bima supaya enggal mbalik ing Amarta. Para kurawa isin banjur ngamuk nanging bisa diusir Bima. Para pandawa seneng sawise mbalike Bima san nyawiji maneh para pandawa, saengga katentreman, lan karaharjane bisa urip maneh ing bumi Amarta.

2 comments:

eja sedang turu said...

Crt Jawa nya keren banget,sangat bagus dan inspiratif terimakasih

Naufal Ello said...

aku suka crt ini hihhi

Total Pageviews

anti block

G.ads