Thursday 3 November 2016

     Cerita wayang selanjutnya beralih ke lelaki perkasa, yang sudah tenar dengan namanya otot kawat tulang besi. Siapakah dia? tentu saja Gatutkaca putra Bima. selain perkasa dengan julukannya kawat dan besi, Dia juga memiliki kekuatan untuk terbang. heheh tidak jauh dengan pahlawan super, Superman.
     Kembali ke Gatutkaca, cerita ini akan memberitahukan kepada para bos sekalian ketika sang gatutkaca mendapatkan gelar rajanya di kerajaan Pringgondani.banyak masalah dalam negeri yang terjadi. pro kontra untuk menjadikan raja sang gatutkaca yang terbilang berumur masih muda.

untuk selanjutknya diceritakan lengkap dengan menggunakan bahasa Jawa.




GATHOTKACA WINISUDA
( BRAJADHENTA MBALELA )



Ing wayah wengi kang mendhung anggendanu nalika iku, Prabu Duryudana bebarengan klawan gurune Begawan Durna lan senopatine Sengkuni, kang lai narima tamu Ptih Brajadhenta saka ksatrian Glagahtinunu.
Tumekane Brajadhenta yaiku kanggo njaluk pitutur marang Raja Astina kepriye dheweke kudu tumindak, amarga sedhela maneh bakal dinobatake Gathotkaa, putra Bima lan Arimbi miangka Raja Pringgondani. Sejatine dheweke ora prelu kaya mangkono, amaraga biyen nalika kakange Prabu Arimba (panguwasa Pringgondani sadurunge), dikalahake dening Bima, banjur Bima krama klawan Arimbi kang minangka mbakyune uga. Brajadhenta bebarengan karo adhi-adhine (Brajamusti, Brajalamatan, Brajawikalpa lan Kalabendana), sumpah yen bakal masrahake kerajaan Pringgondani marang mabkyune kasebut.
Begawan Durna lan Sengkuni banjur menghasut ati utawa ngaruh- aruhi pikiran Brajadhenta, yen dheweke kang nduweni wewenang nyekel tampuk kerajaan Pringgondani, dudu Gatotkaca kang mung minangka anak saka mbakyune Arimbi. Begawan  Durna banjur nyritakake kayangapa perang antarane bapa saka Pndawa (Prabu Pandu), kang niwasake Prabu Tremboko bapa saka Brajadhenta. Sabanjure ditambah cerita patih Sengkuni ngenani Werkudara kang ngasorake  utawa mateni kangmas kang paling tuwa saka Prabu Arimba. Dheweke uga manas- manasi yen Arimbi malah milih krama klawan Werkudara. Amarga kena obonge mau Brajadhenta tansaya murka lan dheweke uga ngucap sumpah bakal ngrebut tahta Pringgondani.
Niat Brajadhenta kanggo ngrebut tahta Pringgondani ditentang dening adhi- adhine, utamane Brajamusti lan Kalabendana. Amarga dheweke wis kaiket marang sumpah, mula dheweke kudu netepi kautamaning kasatriya. Brajadhenta murka, amarga ditundung ngalih dening kaloro adhine ing ngarepe. Pungkasane Brajadhenta miwiti anggone brontak bebarangena karo pasukanne dheweke wiwit nuju ing Pringgondani ngrebut tahta kerajaan, ditulung pasukan saka Astina.
Ing kerajaan Pringgondani lagi wae kadadeyan Pisowanan Agung, dipimpin Kresna, Raja Dwarawati, lan ditekani para Pandawa lan raja- raja sekutune. Dina iku yaiku dadi dina pengukuhan Gathotkaca minangka raja Pringgondani kang sabanjure antuk gelar Prabu Anom Gathotkaca. Sadurunge pengukuhan Kresna wis takon, yen apa sekabehane wis slaras karo apa kang dikarepake, lan ora bakal ana kadadeyan silang sengketa marang tahta iki, saiki lan mengkone. Banjur kepriye paman- pamane Gathotkaca mengkone apa wis lila? Lan banjur sekabehan pitakonan mau diwangsuli dening Arimbi yen sekabehane wis sarujuk.
Sawise pengukuhan, katekan Brajamusti lan Kalabendana kanthi gupuh lan menehi kabar yen Brajadhenta ngamuk punggung bakal rebut tahta Pringgondani, lan dheweke wis tekan alun- aluning Pringgondani. Kanthi irih lan mbubarake pirembugan ing pisowanan mau lan ngandharake yen para Pandhawa aja nganti melu- melu mabntu perkara kang gawat kaliwat kasebut. Awit apa kang bakal kadadeyan mengkone mung dadi perkaraning kulawarga Pringgondani. Arimbi duka yayah sinipi lan banjur metu saka paseban tumuju menyang alun- alun kanggo ngalang- alangi niate Brajadhenta banjur perang antarane kalorone wis ora bisa diindari maneh. Sakabehe prajurit padha bubar nyawang anggone kaloro trah Pringgondani lagi perang.
Kresna suwala, banjr Gathotkaca kanthi kepeksa dheweke budhal ngalang- alangi Brajadhenta, nanging sadurunge kasil ngalang- alangi jangkahe Gathotkaca di endhek dening Brajamusti. Brajamusti menehi weruh yen Gathotkaca kuwi ora bakal mennag lawan kakange Brajadhenta, dheweke isa menang yen dheweke kudu ngorbanake salah sawijine pilar kerajaan lan mung Brajamusti kang mangerteni pangapesane kakange kuwi. Banjur Brajamusti uga ngomong yen dheweke bakal manjining ana epek- epeke Gathotkaca kangsisih tengen, nanging Gathotkaca ora diolehi kaget menawa ana kadadeyan kang nganeh- anehi. Krungu bab kang kaya mangakana Gathotkaca banjur ngiyani amaraga dheweke ngira yen apa kang dimaksud pilar kerajaan iku temen- temen pilar bangunan kraton.
Pungkasane Gathotkaca lan Brajadhenta tandhing. Paprangan kalangsung kanthi seru lan hebat, nalika Brajadhenta lena, banjur dheweke kena pukulan pas ing sirahe dening tangan tengene Gathotkaca kang wis disusupi sukmane Brajamusti. Bebarengan karo kuwi Brajadhenta kasil kaasorake dening Gathotkaca lan tiwas saknalika. Sukma Brajamusti kang ana ing tangan tengene Gathotkaca banjur metu lan nggerong kelaran. Tanpa diduga lan dinyana Brajadhenta lan Brajamusti kalorone tiwas saknalika.
Gathotkaca banjur nangisi kaloro mayat pamane kuwi kang tansaya suwe tansaya dadi cilik banjur mlebu ing tangan sisih kiwa lan tengene Gathotkaca kang njelma dumadi sawijine ilmu lan keilmuan kasebut dikenal kanthi jenneg ngelmu Brajadhenta lan Brajamusti. Saknalika iku banjur keprungu swara saka sukmane sang paman Brajadhenta kang ngandharake yen dheweke kuwi ora benci lan sengit marang Gathotkaca nanging dheweke kuwi mung nguji kasekten lan kaprawirane dheweke minangka bakal calon pamimpin Pringgondani. Uga ngandharake yen kuwi ngunu pancen wis dadi pepesthine dheweke Brajadhenta lan Brajamusti. Kalorone bakal nglindungi Gathotkaca sawyah- wayah dibutuhake amarga kalorone wis njelma ing tangan sisih kiwa lan tengene Gathotkaca kang dadi sawijine ajian Brajadhenta lan ajian Brajamusthi.
Sawetara kuwi sisane pasukan pemberontak kang disenkuung Astina bisa dipukul mundur. Lan Brajalamadan pungkasane diangkat minangka patih anyar kanthi gelar Patih Prabakiswa. 

merupakan tugas sastra Jawa yang diselesaikan oleh Yuliiana Sri Astuti, dengan menerjemahkan berbagai sumber

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads