Monday 7 November 2016

Wahyu Cakraningrat Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 03:51 | No comments
Anak padndawa yang sakti selain Gatutkaca ialah Abimanyu. Seseorang dengan kesaktian dan wajah yang mempesona  tidak kalah dengan  paras ayahnya, Arjuna. cerita berikut akan membahas suatu wahtu yang akan diteria oleh Abimanyu. Wahyu apakah yang akan diterimanya? ialah Wahyu Cakraningrat.

Cerita selengkapnya akan ditulis dengan  bahasa Jawa


WAHYU CAKRANINGRAT


Wahyu Cakraningrat yaiku cerita ngenani upaya satria telu yaiku Raden Lesmana Mandramakumara, Raden Samba Putra lan Raden Abimanyu kang rebutan kuwasa. Katelune padha-padha nduweni ambisi dadi ratu ing kana. Mula saka kuwi, wong telu kuwi kudu perang kanggo nggayuh gelar “Wahyu Cakraningrat”. Nanging, kanggo nggayuh gelar kasebut ora gampang amarga akeh syarat kang kudu dilaksanakake supaya gelar Wahyu Cakraningrat bisa majing menyang satria kang pinilih. Syarat-syarat kang kudu dilaksanakake marang satria kang bisa pinilih gelar kuwi yaiku : kudu bisa handayani menyang para rakyate, ngugemi kajujuran, bisa menehi tuladha, bias menehi rasa tentrem menyang rakyate, bisa menehi rasa welas asih marang rakyate, nduweni sikap amanah, bisa nyawijikake kabeh rakyat tanpa ndeleng lelandhesan urip, agama, ras lan budaya, sarta kudu peduli menyang lingkungan.
Raden Lesmana Mandrakumara pengin nduweni Wahyu Cakraningrat, banjur dheweke tapa ing alas Gangga Warayang. Ing wektu iku nalika dheweke ditakoni ngenani kesaguhane tapa ing alas, banjur Raden Lesmana Mandrakumara jawab yen dheweke saguh tapa ing alas kasebut. Nanging dheweke pengin supaya dijaga dulur-dulure anatare yaiku Drona lan Sengkuni, kang paling wigati kanggo Lasmana Mandramakumara yaiku nggawa panganan lan omben kanthi tujuwan supaya ora keluwen nalika nggayuh wahyu. Kanthi cara mangkene dheweke tapa bisa tentrem saengga bisa nggayuh wahyu kanthi gampang nyawiji menyang ragane, kuwi pamikirane para sesepuh Ngastina. Budhale Lesmana diiringi karo para punggawa prajurit kang nunggang jaran lan Lesmana Mandramakumara nunggang Joli Jempana yaiku kereta kang ditarik karo jaran loro lan bisa luwih.
Liya maneh karo putra Dwarawati satriya Parang Garuda Raden Samba. Dheweke satriya kang kendel uga pengin tapa ing alas Gangga Warayang kanggo nggayuh gelas Wahyu Cakraningrat. Dheweke budhal kanthi diiringi para senapati nganti saka watesan kraton. Sabanjure kuwi Raden Samba budhal dhewe kanthi mlaku dhewe. Nalika ing tengah dalan, dheweke kapethuk karo wong-wong kurawa kang uga tumuju menyang alas Gangga Warayang guna nyambut mudhune Wahyu Cakraningrat. Kanthi car pasedulura, wong-wong kuwi padha nyapa lan sapatemon, nanging sawise wong-wong kuwi mangerteni kaperluane padha, banjur wong-wong kuwi padha perang. Wiwitane, wong kuwi mung adu lambe wae, nanging pungkasane dadi perang. Amarga Raden Samba mung , dheweke ora bisa nglawan para kurawa. Dheweke banjur minggir. Raden Samba nduweni tekad bunder senajan kalah perang karo kurawasaka Ngastina, ora berarti kekarepane kanggo nggayuh Wahyu Cakraningrat mandheg. Wahyu Cakraningrat kudu bisa digayuuh dadi nduweni dheweke, kaya mangkana kuwi pamikirane Raden Samba. Supaya ora ketemu para warga Ngastina kang urakan kaya mangkana mau, dheweke neruskake lakune tumuju menyang alas Gangga Warayang lewat dalan kang seje.
Beda karo raden Abimanyu kang dikeroyk karo lima raseksa alas lan satriya kuwi katon kuwalahan. Kapapasan ing angkasa katon Raden Gathotkaca kang lagi nggoleki Raden Abimanyu saka perintahe paklike Raden Arjuna. Saka angkasa Gathotkaca wis katon cetha kedadean kang kena Raden Abimanyu, mula kanthi cepet  dheweke mudhun lan menehi pitulungan marang Raden Abimanyu. Kanthi cekatan tamat riwayat kalima raseksa kasebut ing tangan Gathotkaca. Sawise ngaso sawetara Raden Abimanyu ngandharake menyang Raden Gathotkaca  menawa dheweke lagi nggoleki Wahyu Cakraningrat, mula saka kuwi Raden Gathotkaca diutus mulih dhisik. Sawise Raden Gathotkaca mulih, Raden Abimanyu nerusake lakune nganti teka ing sawijine gunung kang dadi panggonan tapa.
Ing panggonan kang adoh ana punakawan Semar, Gareng, Petruk lan Bagong lagi nunggoni Raden Abimanyu tapa. Wis ana pirang-pirang sasi nanging durung ana pratandha yen Raden wis rampung tapa. Dumadakan kapapat punakawan kasebut ing sawijining dina ing wektu wengi ndeleng ana cahya kang terang banget ing alas Gangga Warayang sisih wetan banjur disusul swara mbledose gunung. Punakawan katon bingung mikir kepriye nasib bendarane kang lagi ana kana yaiku Raden Abimanyu. Punakawan mikir apa swara kasebut pratandha yen ana sing mati. Nalika punakawan arep tangi lan arep ndeleng, punakwan keprungu swara sorak saka gunung kasebut kang ndilalah kuwi swarane para kurawa. Punakwan mikir apa Wahyu Cakraningrat mudhun ing jiwane Raden Lesmana. Para Kaurawa banjur ngajak Raden Lesmana mulih menyang Ngastina. Rasa seneng kang ora ana enteke dirasakake para kurawa. Para golongan tuwa kaya Sengkuni lan Drona ngrasa yen dheweke wis kasil ndhindhik Lesmana. Para golongan mudha seneng amarga menehi petunjuk lan arah menyang Lesmana. Rombongan kurawa cepet mulih kanggo ngrayakake kasuksesane Raden Lesmana. Nalika ing dalan mulih rombongan kurawa ora ngrasa menawa dalane mulih durung oleh separo. Dumadakan Raden Lesmana njaluk ngendhekake lakune amarga dheweke kapethuk pawongan kang lagi nggawa barang kang akeh lan ora atur pangurmatan marang Raden Lesmana Mandrakumara. Mula pawongan kuwi banjur disepak lan tiba ing lemah lan prabotan kang digawa padha mencolot ngalor ngidul. Para rombongan kang melu uga melu nyerang pawongan mau. Pawongan kuwi disepak ngalor ngidul kaya bal, dumadakan pawongan kuwi langsung ilang lan dadi cahya banjur mlebu menyang ragane Raden Lesmana lan metu maneh bareng karo Wahyu Cakraningrat nganti Raden Lesmana semaput. Para rombongan kurawa padha mlayu nguber Wahyu Cakraningrat kang metu mau, Raden Lesmana ditinggal dhewe ing panggon kuwi. Sawetara sabanjure kuwi, katon rong cahya saka angkasa mudhun ing alas Gangga Warayang ing sisih kulon.
Ora suwe banjur Raden Samba kang tapa ing panggon kuwi ngrasa yen wis oleh Wahyu Cakraningrat. Dheweke seneng banget amarga dheweke bisa ngolehake Wahyu kasebut dhewekan. Mula Raden Samba banjur budha mulih menyang Dwarawati kanthi ati kang sombong amarga Wahyu Cakraningrat wis ana ing awake. Dumadakan para kurawa nguber Samba lan njaluk Wahyu kuwi. Samba ora ngolehake, banjur Samba lan kurawa mau perang. Ndilalah ora ana kang bisa nandhingi kakuwatan Raden Samba. Para kurawa mlayu tunggang langgang lan ora wani maneh ngadhep Raden Samba. Raden Samba dadi Raden kang paling sekti mandraguna lan ora ana sing bisa nandhingake. Raden Samba nganti nglontarake omongan yen dheweke kuwi Raden ing sakabehane lan ngomong yen dheweke wong kang ngudhunake raja-raja. Omongane kuwi banjur keprungu menyang dewi Jembawati banjur ibune menehi palilah marang Samba. Dhasar Samba wong kang sombong, dheweke ora ngrungokake omongane ibune. Sawetara kuwi, dumadakan ana pawonganloro lanang lan wadon kang ngaturake sembah marang Raden Samba, dheweke ora bisa nolak sembahe kuwi. Pawongan kaloro mau arep ngabdi marang Samba, nanging Samba mung gelem nrima wong wadon wae kang ngabdi menyang dheweke. Samba ora gelem yen wong lanang tuwa ngabdi marang dheweke amarga wong lanang kuwi wis tuwa lan ora bisa nyambut gawe. Pawongan lanang mau banjur mudhur lan mulih, sing wadon uga melu singlanang kuwi. Samba mung nguber-uber pawongan wadon wae, nanging amarga pawongan wadon mau kesel amarga sing lanang ora diterima, pawongan mau banjur ngomong yen Wahyu Cakraningrat kang ana ing ragane Raden Samba ora pantes ana ing kana. Kaloro pawongan mau banjur ilang dadi cahya bareng karo Wahyu Cakraningrat kang metu saka ragane Raden Samba. Ragane Raden Samba banjur lemes banget. Samba kuciwa banget marang watak sombong kang ana ing ragane. Raden Samba banjur nyadari yen Wahyu Cakraningrat ora pantes yen ana ragane. Samba banjur mulih menyang kadipaten Parang Garuda.
Ing panggonan, ing sisih kidul alas Gangga Warayang katon kapapat punakawan kang isih nunggoni Raden Abimanyu tapa. Pakaryan kaya ngene iki wis biasa dilakokake para punakawan wiwit jaman Maharesi Manumayasa. Nanging ing wayah wengi, kapapat punakawan mau ngrasa kaya ana ayang-ayang ireng ing tengah-tengah  kapapat punakawan. Ayang-ayang kasebut banjur ngomong yen Jawata bakal marengake dheweke nampa Wahyu Cakraningrat. Punakawan seneng banget keprunguswara kang kaya mangkana kuwi amarga bendarane wis ngolehake apa kang dipenginake. Bener banget, Raden Abimanyu banjur metu saka panggonan tapane. Pasuryane katon cerah banget kaya kasinaran cahya kang apik banget. Mula saka kuwi, punakawan lan Abimanyu banjur budhla mulih lan mikirake apa kang wis dikarepake wis bisa kalaksanan. Dumadakan para kurawa teka menyang Abimanyu lan nyerang Abimanyu kang antuk Wahyu Cakraningrat. Para kurawa pengin ngrebut Wahyu kasebut lan ndilalah para kurawa ora bisa ngasorake Abimanyu. Abimanyu banjur wis teka ing Ngamarta kang ing Ngamarta lagi ana pasewakan. Kabeh kang ana ing kono ngunjuk sokur amarga apa kang dipenginake Abimanyu wis bisa kalaksanan. Lan Abimanyu besuke kang bakal ngudhunake raja-raja. Sawetara kuwi, ing jaba lagi rame para kurawa kang tetep meksa Abimanyu suapaya mbalikake Wahyu Cakraningrat menyang Lesmana amarga para kurawa ngrasa yen Wahyu kuwi anggone Lesman. Peperangan antara Kurawa lan Pandawa ora bisa dipisahake, nanging ora ana cerita yen kakuwatan jahat bakal ngalahakake kakuwatan kang becik. Pandawa pungkasane menang lan Wahyu Cakraningrat tetep ana ing Raden Abimanyu.

Tugas Pelengkap yang disusun oleh Siti Nurhayati

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads