Thursday 10 November 2016

Babad Alas Wanamarta Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:37 | No comments
      Sejarah dari kerajaan besar yang dibangun lah para Pandawa yang tak lain adalah Keerajaan Amarta  (Ngamarta) atau juga dikenal Kerajaan Indra Prasta. Sebeum menjadi kerajaan yang megah daerah tersebut adalah hutan belantara yang dimana dihun oleh hewan-hewan buas, para raksasa ganas bahkan dedemit/ lelembut dan siluman.ketika saudara sepupu ( kurawa dan pandawa) berselisih tentang perbutan kerajaan, ternyata yang berhak untuk duduk di singgah sana Kerajaan Astina (Ngastinna) atau Gajah oya in adalah Raden Kurupati jejuluk Prabu Duryudana anak Raja Drustasta.Akhirnya Para pandawa dberikan tempat yang kosng tanpa penghuni yaitu Hutan calon kerajaan Amarta.
cerita selengkapnya akan dibahas dengan bahasa Jawa 

Babad Alas Wanamarta



 
      Babad alas Wanamarta iki dilakoni dening para pandawa. Sejatine alas iki dadi Negara Ngamata. Alas Wanamarta iki alas sing pancen angker lan dadi panggoane para jin sing lagi kumpul-kumpul. Kawitane nalika para Pandawa menyang Negara Ngastina sawise lolos saka prastawa Bale Sigala-gala, saran saka Patih Sengkuni Pprabu Destrarata menehi bagian wilayah menyang pandawa  arupa hutan Mertani utawa Wanamarta. Kekarepane sengkuni menehi saran sig kaya mangkono mau supaya para Pandaa pejah nalika babad alas Wanamarta. Nanging kekarepan iku mau ora bisa kalaksanan amerga nalika mlaku menyang alas Wanamarta, Arjuna ketemu karo Resi Wilawuk, yaiku jin raksasa utawa wujude kaya naga gedhe sing nduweni sayap sing dawa lan uga kuat. Resi wilawuk ngajak Arjuna menyang panggon tapane, sawise gelem Arjuna munggah menyang awake naga, banjur naga miber menyang pertapan pringcendani. Tumekane ing pertapan Arjuna ikenalake karo putrine sing ayu yaiku Dewi Jimmbang. Dewi Jimambang praupane ayu banget kaya widadari kahyangan. Arjuna lan Dewi Jimambang akhire nikah. Sawise nikah  Resi Wilawuk menehi cupu kang isine lenga utawa minyak Jayengkaton, khasiate kanggo sapa wonge sing ngeseri lenga Jayengkaton ing mripate, mula bakale bisa ndeleng alam ghoib, uga bisa ndelok jin lan krajaane. Resi uga menehi hadhiah arupa Pusaka Jalasutra.
            Sawise keperluane wis rampung banjur Arjuna pamit arep menyang alas Wanamarta. Supaya cepet teka ing Wanamarta Resi uga menehi Kuda Ciptawilaha lan cambuk Kyai Pamuk. Tumekane kono para Pandawa miwiti mbukak alas Mertani. Nanging dheweke kudu ngadhepi para prajurite jin sing dipimpin dening Arya Dandunwacana, kang dibiyantu dening Detya Sapujagad, Detya Sapulebu, Detya Sapuangin, lan Senapati Perang Negara Mertani. Yen ta para Pandawa dipimpin dening Bima banjur perang diewangi dening Nakula lan Sadewa. Para Pandawa wis ngalahake para prajurit Jin kasebut nanging nalika ngadhepi Arya Dananjaya para Pandawa kalah amerga kenek Jalasutra emas. Nanging Bima, Nakula lan Sadewa antuk patulungan saka Arjuna. Arjuna bisa nyawang makhluk lan kerajaan siluman kerana lenga Jayengkaton. Banjur Arjuna bisa nulung para Pandawa. Kerana lenga kasebut para pandawa bisa mbukak tabir rahasia alas Mertani sing minangka kerajaan siluman. Akhire prajurit lan kerajaan jin bisa dikalahake dening para Pandawa.
Arya Danduwacana dikalahake dening Bima. Ragane maleh dadi siji ing awake Bima sawise nyerahake Jodipati. Banjur Arjuna ngalahake Danajaya lan Detya Sapuangin
 nyerahake Negara Madukara. Detya Sapuangin jelma dadi ajian Arjuna, mula saka kuwi Arjuna bisa mlayu cepet kaya angina. Saliyane iku  Detya Sapujagad lan Detya Sapulebu dikalahake dening Nakula lan Sadewa, kang nyerahake Negara Sawojajar lan Bawenatalun. Prabu Yuhistira manunggal sajrone awake Puntadewa, nalika iku uga Puntadewa ganti jeneng dadi Yudhistira.
            Negara siluman Mertani utawa Wanamarta sawise dikalahake dadi bisa disawang dening panyawange mripat. Alas Mertani banur didadekake minangka Negara sing gedhe lan megah banjur ganti jeneng dadi Negara Amarta.

Tugas Pelengkap oleh Fita Fathonah

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads