Friday 4 November 2016

Alap-alap Sukesi Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 11:39 | No comments
Beralaih ke zaman sebelum adanya Mahabarata bahkann ramayana, disebutkan alah zaman lokapala, dimana sang wisnu masih berada dalam tubuh Arjuna Sasra Bahu. bukan dirinya yang akan disorot kali ini elainkan dari pihak yang akan jadi lawannya. yaitu rahwana. 
cerita yang akan dibahas kelahiran rahwana. 

Alap- Alap Sukesi


Para dhalang akeh sing nyebut lakon iki yaiku Sastrajendra. Lakon Alap – Alap Sukesi iki nyritakake Prabu Sumali kang ngumumake sayembara kanggo nggolek jodho kanggo anake kang jenenge Dewi Sukesi. Prabu Sumali nduweni adhi jenenge Jambumangli sing awujud raksesa. Sapa wae sing bisa kasil ngalahake adhine kuwi lan bisa njabarake elmu Sastra Jendra Pangruwating Diyu, mengko bakal dijodhohake karo anake yaiku Dewi Sukesi.
            Ing Kerajaan Lokapala, Prabu Danapati nduweni pepenginan ndadekake Dewi Sukesi dadi garwane. Banjur bapane Prabu Danupati uga kersa nglamarake Dewi Sukesi kanggo anake. Amarga iku panjaluke anak semata wayang, mulane Begawan Wisrawa njanjeni langsung tumuju menyang Ngalengka kanggo melu sayembara. Nanging sadurunge nglamar Dewi  Sukesi, Begawan Wisrawa kudu bisa ngalahake Jambumangli.  Kanthi kesaktiane Begawan Wisrawa, mula Jambumangli kasil dikalahake dening Begawan Wisrawa kanthi gampang. Banjur dheweke uga bisa nyaguhi syarat kaloro yaiku njabarake elmu Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu. Elmu sing arep dijabarake kuwi kalebu elmu rahasia, mulane Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi kudu ana ing ruwangan katutup tanpa diweruhi sopa-sapa.
            Pungkasane Begawan Wisrawa kasil njabarake elmu Sastra Jendra Pangruwating Diyu marang Dewi Sukesi. Dewi Sukesi uga langsung bisa ngerteni elmu kasebut lan gelem nampa lamarane Begawan Wisrawa. Nanging Dewi Sukesi sedhih lan kuciwa, mergane Begawan Wisrawa teka ing Ngalengka lan melu sayembara jebule mung kanggo nglamarake anake supaya bisa dadi garwane Dewi  Sukesi. Dewi Sukesi ora gelem mblenjani janjine yaiku dheweke mung bakal bisa nampa pawongan sing wis njabarake elmu Sastra Jendra Pangruwating Diyu, yaiku Begawan Wisrawa. Dewi Sukesi ora gelem yen dijodhohake karo anake Begawan Wisrawa.
             Dewi Sukesi kasil ngrayu Begawan Wisrawa. Pungkasane atine Begawan Wisrawa bisa luluh lan mblenjani janjine marang anake yaiku Prabu Danapati. Begawan Wisrawa jebul nikah karo calon mantune dhewe. Banjur ing sawijining dina, Dewi Sukesi nglairake anak saka Begawan Wisrawa. Sedhihe, sing dilairake dening Dewi Sukesi dudu awujud bayi manungsa. Sing dilairake dening Dewi Sukesi arupa gumpalan dhaging kang wernane abang, ireng, kuning lan putih. Banjur Begawan Wisrawa dedonga marang gusti supaya gumpalan dhaging patang werna kasebut bisa owah dadi wujud samesthine. Banjur gumpalan dhaging kang werna papat kuwi bisa owah. Gumpalan dhaging kapisan kang wernane abang owah dadi bayi lanang kang nduweni untu taring cilik, banjur diwenehi jeneng Rahwana. Gumpalan dhaging kaloro kang wernane ireng lan paling gedhe owah dadi bayi lanang kang kupinge gedhe, banjur diwenehi jeneng Kumbakarna. Gumpalan dhaging katelu kang wernane kuning owah dai bayi wadon kang rambute gimbal lan jempol drijine kukune dawa banget, diwenehi jeneng Sarpa Kenaka. Kang pungkasan yaiku sing gumpalan dhaging kapapat wernane putih owah dadi bayi kang sing aktif gerak lan diwenehi jeneng Gunawan Kuntha Wibisana.
            Sawijining dina, pawarta ngenani neningkahane Begawan Wisrawa karo Dewi Sukesi wis keprungu tekan Prabu Danapati ing Lokapala. Babagan kasebut njalari Prabu Danapati nesu lan nduweni  niyat mateni bapane dhewe. Prabu Danapati wis nganggep yen bapane kuwi tega mblenjani janjine lan nglanggar omongane dhewe. Nanging sawise ketemu bapane ing Alengka, Prabu Danapati jebul ora sida mateni bapane. Begawan Wisrawa wis njaluk pangapura marang anake lan ekhlas yen anake bakal ngukum bapane kanthi ukuman mati. Nanging Prabu  Danapati ora tega nyawang bapane, banjur nyuwun pangapura marang bapane. Prabu Danapati rumangsa luput wis nduweni niyatan mateni anake. Prabu Danapati pungkasan bisa ngrestoni bapane neningkahan karo Dewi Sukesi.

Tufas diselelsakan olrh Ratna Damayanti

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads