Thursday 3 November 2016

Parta krama dengan bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 07:37 | No comments
Kembali lagi cerita mahabarata. Memang di bagian Kitab ini sangat banyak deretan-deratan ceritanya. salah satunya menceritakan tentang perrnikahan Arjuna dengan Sembadra. perlu diingat teman kisah ini merupakan gubahan, jadi asli di Jawa. jika memang terdapat perbedaan dengan India memang tentu adanya.
Kembali ke Arjuna. Dikisah ini ketika Arjuna menikah dikenal dengan Parta Krama, nama lain Arjuna iaah Parta.

untuk lebih lengkap diceritakan dengan bahasa Jawa

PARTA KRAMA



Lakon Parta Krama nyritakake ngenani kramane Parta (Janaka) klawan Sembadra.

Prabu Baladewa sowan marang Prabu Kresna ing Praja Dwarawati. Kekarone rembugan ngenani ancangan kramane Sembadra. Prabu Kresna nduweni kepenginan supaya Sembadra krama klawan Arjuna. Prabu Baladewa ora sarujuk, dheweke kepengin ngramakake Sembadra klawan Burisrawa. Prabu Kresna ngemutake pituture Prabu Basudewa yaiku yen Sembadra krama supaya ditumpakake kreta emas kang diwenehi kembang mayang kayu Dewandaru saka Suralaya, kanthi diiringi gamelan Lokananta, kang kairing para widadari. Pinanganten priya menehi srah-srahan maskawin arupa kebo danu. Prabu Baladewa bakal ngajokake sarat-sarat kasebut marang Prabu Duryudana. Prabu Kresna ngutus Samba lan Setyaki menyang Ngamarta supaya ngaturake sarat-sarat kasebut.

Prabu Kresna mlebu ing kedhaton menehi pawarta ancangan kramane Sembadra marang dewi Rukmini, Dewi Jembawati lan Dewi Setyaboma.

Prabu Kalapradha, ratu Negara Jajarsewu, tresna marang Dewi Sembadra. Ratu ngutus Kala Klabangcuring supaya ngaturake layang lamaran menyang Dwarawati. Kala Klabangcuring budhal dikancani Kala Kurandha lan Kala Kulbandha. Kyai Togog Wijamantri minangka panuduh dalan.

Prabu Puntadewa, ratu Ngamarta, lenggah diadhep dening Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa. Sekabehe nyambut tumekane Begawan Abyasa Samba lan Setyaki teka ngaturake sarat neningkahan marang Prabu Puntadewa. Begawan Abyasa nyaguhi. Werkudara diutus nggolek kebo danu, Arjuna diutus menyang Kahyangan Cakrakembang nyuwun wit Dewandaru, gamelan Lokananta lan widadari. Arjuna budhal menyang Cakrakembang dikancani para punakawan.

Werkudara mlebu ing alas Setragandamayu. Dheweke kasil nggawa kebo danu sawise ngasorake Dhadhungawuk lan suwita marang Sang Hyang Pramuni. Werkudara methuki Anoman ing Kendalisada. Dheweke nyuwun kreta emas lan cagak dhomas. Werkudara dijak menyang Singgela sowan marang Prabu Bisawarna. Prabu Bisawarna nyarujuki panyuwunane Werkudara. Werkudara bali menyang Ngamarta didherekake dening Anoman. Werkudara diwenehi kreta emas lan cagak dhomas dening Prabu Bisawarna.

Prabu Suyudana diadhep dening Pandhita Durna, Patih Sengkuni lan kulawarga Kurawa. Prabu Baladewa rawuh menehi pawarta ngenani panyuwunane Sembadra. Patih Sengkuni lan Kurawa lunga nggolek sarat-sarat kuwi mau. Pandhita Durna disuwun sowan marang Dewi Wilutama kanggo nyuwun wit Dewandaru, gamelan Lokananta lan widadari pangiring pinanganten.

Para Kurawa kepethuk Werkudara lan ngoyok kebo danu nganti nyebabake paprangan. Kurawa ora bisa nandangi, lan pungkasane mlayu keweden karo Werkudara lan Anoman. Arjuna sowan marang Hyang Kamajaya lan Dewi Ratih ing Kahyangan Cakrakembang. Arjuna kasil nyuwun wit Dewandaru, gamelan Lokananta lan widadari pangiring pinanganten.

Burisrawa nyuwun supaya enggal dikramakake kalawan Sembadra. Parbu Suyudana rembugan karo Parabu Baladewa. Dumadakan Patih Sengkuni lan para Kurawa rawuh, ngandharake yen wis kasil nggawa kebo danu lan cagak dhomas nanging dioyok dening Werkudara. Banjur Pandhita Durna uga rawuh, dheweke ngandharake yen wis kasil nanging asile dioyok dening Arjuna. Prabu Baladewa ngajak Burisrawa menyang Dwarawati kanggo dikramakake klawan Sembadra.

Begawan Abyasa lan Prabu Puntadewa ngantu tumekane Werkudara lan Arjuna. Werkudara teka menehi pawarta yen dheweke wis kasil nggawa kebo danu cacah patang puluh lan wis siyaga ing alun-alun. Arjuna uga menehi pawarta yen dewa bakal ngidini panyuwunane. Banjur Hyang Narada rawuh bebarengan karo widadari pangiring pinanganten, sarta wit Dewandaru lan gamelan Lokananta.

Prabu Kalapradha, ratu Jajarsewu, pikantuk lapuran saka Tejamantri, bilih para utusan mati dening Arjuna. Prabu Kalapardha budhal menyang Dwarawati arep merjaya Arjuna.

Arjuna tumekan ing Dwarawati. Ing Dwarawati wis rawuh Hyang Narada, para dewa lan kulawarga Pandhawa. Hyang Narada ngaturake sarat kang wis disuwun dening Sembadra. Sawise siyaga, Arjuna dipanggihake klawan Sembadra.
Prabu Baladewa teka ngawal Burisrawa kanthi nggunakake busana pinanganten jangkep. Prabu Kresna menehi pawarta yen Sembadra wis dikramakake dening Arjuna. Prabu Baladewa nyuwun supaya neningkahan kasebut dikendelake sebab Kurawa kang wis kasil pikantuk sekabehe panyuwunane Sembadra. Arjuna lan Weerkudara kang wis ngoyok asil sarat-sarat kasebut. Dhadhungawuk lan Hyang Narada njlentrehake yen Arjuna lan Werkudara kang wis kasil piakntuk sarat-sarat kasebut lan suwalike Kurawa kang wis nyoba ngoyok sarat-sarat kasebut.

Prabu Baladewa duka. Werkudara ngendelake dukane Prabu Baladewa. Kulawarga Kurawa menehi pambiyantu, nanging diserang dening amukane kebo danu, Kurawa mlayu mlayu lan bali menyang Ngastina. Perange Werkudara lan Prabu Baladewa pinisah dening Kresna. Arjuna lan Sembadra sowan ngarsane Prabu Baladewa. Sembadra nyuwun diperjaya tinimbang kudu pegat klawan Arjuna. Prabu Baladewa paring welas asih marang adhine lan ilang babarpisan dukane sarta ngestoni neningkahane adhine kasebut.

Prabu Kalapardha rawuh didherekake prajurit nyerang Praja Dwarawati. Werkudara diutus supaya ngleremake serangan mungsuh. Raja raseksa guugur, kabeh prajurit raseksa binasa. Praja Dwarawati sanalika aman, banjur dianakake kramane Arjuna lan Sembadra.

Merupakan tugas dari Makul Sastra Jawa yang diselesaikan oleh Ariyani Ayu P.

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads