Thursday 16 March 2017

Semantik Bahasa Jawa - Kuantifikasi - Leksikal

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:19 | No comments
Satuwan Lete Papan ing Basa Jawa
Wisnu P

A.        Purwaka
Andharan ngenani satuwan let mligine ing basa Jawa isih kurang. Satuwan let iku kalebu ing sajrone satuwan ukuran. Sejatine satuwun ukuran kuwi ana rolas warna, salah sijine satuwane let. Satuwan let iki uga kaperanga ana satuwan lete wetu lann satuwan lete papan. Satuwan lete papan nuduhake ukurane akehe lete utawa antarane papan.
Dhasar sing dadi satuwan lete papan yaiku dawa lan dhuwur tumrap adohe antarane papan siji lan liyane. Makalah iki diandharake ngenani satuwan lete papan ing basa Jawa. Ana panliiten kang saemper karo makalah iki, yaiku ana sajrone skripsine Purnomo taun 2011 kang diandharake ngenani ssistem numerilia. Garapan kuwi nengenake satuwane barang, kaya dene satuwan isi, jembar, lan cacahe barang digarapa kanthi gamblang, nanging ana saperangan satuwan kang durung digarap kanthi rinci yaiku satuwane let. Bab iki sing dadi narik kawigaten, satuwan let apa maneh lete papan ana garapan kanthi rinci. Ancase makalah iki yaiku supaya luwih ngerteni kepriye panganggone tembung sing negesi ukuran let mligine papan kang wujude angka lan kepriye andharan kuantifikasi sing dicakake sajrone satuwan lete papan. Ing basa Jawa, satuwan lete papan bakal dijlentrehake dening satuwan-satuwan sing rinci lan ana saperangan padha karo ing basa Indonesia
Satuwane lete papan ing basa Jawa sajrone makalah bakal diandharake kanthi ancangan semantic kang dipantha dadi telu yaiku (1) dhimensional, (2) relasional, lan (3) konseptual. Ancangan dhimensional kalebu leksikal, ancangan relasional kalebu paradhigmatik dene konseptuale yaiku jlentrehan perangane teges utawa fitur distingtif makna (FDM). Makalah iki nduweni ancas kanggo njlentrehake topik, banjur nggolongake jinise lan nuduhake satuwan lete papan ing basa Jawa, dene paedahe yaiku supaya bisa ngrembakake ilmu semantic ngenani penganggone teges satuwan lete papan.

B.        Andharan
Andharan ing makalah nduweni telung isi yaiku (1) teges, (2) titikan lan (3) jinise satuwane lete papan.  let ing basa Jawa. Supaya luwih cetha bakal diandharake kaya ing ngisor iki.

1.      Tegese Satuwan Lete Papan ing Basa Jawa
Satuwan yaiku tetembugan kang digunakake kanggo nyatakake ukuran sapira akehe samubarang sing nduweni wujud angka.  satuwan yaiku standar utawa dhasar ukuran. Dhata-dhata kang kalebu satuwan kena kaperangan dadi rolas, yaiku (1) jarak, (2) dawa, (3) dhuwur, (4) amba, (5) jero, (6) kandel, (7) isi, (8) cacah, (9) wektu, (10) abot, (11) gedhe, lan (12) umur (Arifin 1990:93). Miturut Chaer (2013:162) Semantik leksikal dadi wolu, yaiku (1) Tipe I, nyethakake sipat, (2) Tipe II, nyethakake wujud, (3) Tipe III, nyethakake ukuran, (4) Tipe IV, nyethakake umur, (5) Tipe V, nyethakake nyethakake warna, (6) Tipe VI, nyethakake let, (7) Tipe VII, nyethakake tenaga, lan (8) Tipe VIII, nyethakake pangendran. Satuwan sing bakal diandharake ing makalah iki yaiku satuwane let ing basa Jawa. Let yaiku dawane lintasan sing diukur saka titik siji menyang titik liyane. Let yaiku antara, mawa antara, papan ing sasela-selaning barang loro; utawa antaraning waktu.
Tembung-tembung ing nyethakake let bisa dipadhakake nganggo teknik bandhing ciri tembung kanthi tingkatan (Sapir sajrone Arifin 1990:93). Tembung-tembung kasil saka tingkatan kuwi yaiku cedhak, cedhak banget, adoh, adoh banget. Satuwan let papan yaiku ukuran kanggo tetenger numerial tumrap  dawa utawa dhuwur seselane ing antara rong papan.

2.      Titikane Satuwan Let ing Basa Jawa
Satuwan let njlentrehake teges adohe samubarang saka panggon siji menyang liyane. Teges sing dijlentrehake kuwi sambung rapet karo bab dawane let. Satuwan let kuwi bisa kedadeyan saka satembung lan uga bisa safrase. Frase yaiku kadadeyan saka rong tembung kang nduweni sateges.
Satuwan let bisa katitik saka adoh, dhuwur, utawa dawane let saka panggon siji nang panggon liyane. Satuwan let bisa dirumusake kanthi pola (wilangan + satuwan). Tuladhane sajangkah. Sa- minangka wilangan lan jangkah minangka satuwan.Titikan liyane yaiku nengeri saka rong papan, panggonan utawa samubarang kang manggon ing antarane rong bab. 
Satuwan lete papan uga kena katitik saka tembung sing diowahi aksara burine kanggo bangetake. Tuladahane raket dadi rakit, mepet dadi mepit, cedhak dadi cedhek.

3.      Jinise Satuwan Let ing Basa Jawa
Satuwan let ing kene jinise kaperang dadi loro, yaiku satuwan kang kena dietung lan satuwan ora kena dietung. Bab satuwan kang kena dietung mengko kaperang dadi loro kapisan nganggo ukuran panemtu ukuran dawa (meteran), satuwan  sing nganggo ukuran dawane awak.

a.      Kena Dietung
Satuwan lete papan sing kapisan satuwan kang ukurane kena dietung mengko kaperang dadi loro, yaiku (1) ngangko pangukur meter lan (2) nganggo pangukur awak. Dhasar kanggo njinisake satuwan iki yaiku cacah utawa akehe angka ukurane satuwan lete papan.


1)     Ukuran Dawa (Meteran).
Ukuran ngango satuwan meter iki angka kapisan kanggo ngukuri satuwan lete papan. Meteran ing kene asring digunakake  wong Jawa. Yen lete kuwi mung cedhak lumrahe ngganggo senti, menawa rada adoh satuwan nganggo meter. Dene lete papan siji lan sijne adoh satuwane nganggo ukuran kilo. Pancen umum ora nggunake meter nalika catur satuwan iki. Yen dideleng mung saka satembung kayata, senti, meter, utawa kilo bisa ndadekake bingung, amarga kuwi uga kalebu bobot. Nanging nalika ngerteni kontek ukarane bisa ngerteni yen ta kuwi mengko satuwane let. Satuwane lete papan ukuran meter bisa dideleng saka analisis komponen makna ing ngisor iki:

Tembung
Cedhak Banget
Cedhak
Adoh
Adoh Banget
senti
+
-
-
-
meter
-
+
±
-
kilo
-
-
+
+
  
Saka jlentrehan perangan teges ing ndhuwur bisa dingerteni yen satuwan lete papan ing basa Jawa nduweni teges sing beda-beda. Senti sing ing kene ateges sentimeter nduweni + cedhak banget, - cedhak, -adoh, lan –adoh banget. Tegese senti kuwi digunakake nalika ana lete papan kang cedhak banget. Semono uga karo meter. Meter nduweni teges sing beda karo senti lan kilo. Jlentrehan meter iki yaiku –cedhak bnaget, +cedhak, ±adoh, lan – adoh banget. Dadi mete iki nduweni teges satuwan sing kalebu cedhak, nanging bisa uga dadi adoh. Amarga meter ing kene bisa bisa uga dadi sepuluh meter, seket meter. Lan kang pungkasan kilo kang ateges kilometer. Jlentrehan iki kayata, -cedhak banget, -cedhak, +adoh, lan +adoh banget. Saka jlentrehan kilo uga bisa katitik yen ta kuwi satuwan sing beda karo liya. Panganggane kilo iki nalika ngerteni ukuran lete papan kang adoh bisa uga adoh banget.
 

                                                   sasenti
(1)       Masjid karo omahku  mung   sameter
                                                   sakilo

Tuladha ing nduwur ngetrapake satuwan lete papan ing ukara, yen ta ukara mengko nganggo satuwan senti ateges cedhak banget, yen nganggo meter kuwi cedhak, lan kilo ateges let masjid karo omah adoh. Satuwan ora bisa ngadeg dhewe perlu anane wilangan kanggo nguripake ukara.



2)     Ukuran Dawane Awak.
Awak iku uga kena diarani angga, badan, lingga, diri, deha, sarira, salra, raga, tubuh, lan wanda. Nanging ing sub bab iki nganggo tembung awak amarga wis lumrah. Diarani dawane awak amarga saben ngukur lete papan utawa dawane seselane papan iki nggunakake raga utawa awak. Senadyan saben wong ukurane beda-beda nanging dadii benere, yen ta ora padha bedhane mung sithik. Satuwane lete papan sing kaya mangkono yaiku:
a. kilan
b. jangkah
c. dhepa
d. lengen
e. pengawe
f.  pengadeg
g. dhengkul
h. weteng
Satuwan ing ndhuwur minangka satuwan kang diukur ngango dawane awak. Satuwan iki  kaperang dadi loro. Kapisan ukuran let dhatar, yaiku kilan, jangkah, dhepo, lengen.
Satuwan kilan iki ukurane saka driji jenthik nganti jempol sing diambakake, yen satuwan jangkah kuwi ukurane saka sikil siji menyang sikil sijine nalika diajukake. Yen ta satuwan dhepo kuwi ukuran saka tangan siji lan tangan sijine utawa antarane rong lengen. Lan satuwan lengen iki dawane saka kepelan tangan nganti pundhak.
          Satuwane lete papan ukuran awak kang dhatar bisa dideleng saka Jlentrehan perangane teges ing ngisor iki:

Tembung
Cedhak Banget
Cedhak
Adoh
Adoh Banget
Pangango
(intensi)
kilan
+
-
-
-
+
jangkah
-
+
±
-
+
dhepa
-
-
+
±
-
lengen
-
+
-
-
+

Saka jlentrehan perangan teges kang ukuran nganggo awak dhatar ing ndhuwur bisa dingerteni yen satuwan lete papan ing basa Jawa nduweni teges sing beda-beda. Satuwan kuwi yaiku kilan, jangkah, dhepo, lan lengen. Kilan jlentrehane nduweni + cedhak banget, - cedhak, -adoh, –adoh banget, lan +pangango. Tegese yen ta kilan kuwi digunakake nalika ana lete papan kang cedhak banget, ora digunakake nalika ana let kan ukurane adoh lan digunake asring banget kanggo satuwan lete papan. Semono uga karo jangkah. Jangkah nduweni teges sing beda karo satuwan liyane. Jlentrehane jangkah iki yaiku –cedhak banget, +cedhak, ±adoh, – adoh banget, +pengango. Jangkah iki nduweni teges satuwan kang cedhak, nanging bisa uga dadi adoh. Amarga jangkah ing kene bisa dadi pirang-pirang jangkah, sepuluh jangkah. Jangkah iki kalebu satuwan kang kerep digunakake. Dene dhepa iki nduweni, -cedhak banget, -cedhak, +adoh, lan +adoh banget. Saka jlentrehan dhepa uga bisa katitik yen ta kuwi satuwan sing beda karo liya. Panganggane dhepa iki nalika ngerteni ukuran lete papan kang adoh bisa uga adoh banget. Panggunane dhepa iki ora kerep lan lumrah. Lan kaping pungkasan satuwan lengen. Lengen iki nduweni jlentrehan yaiku –cedhak, +cedha, -adoh, -adoh banget, lan +panganggo. Ateges satuwan lengen dgunakake  kanggo let kang cedhak lan uga kerep digunake kanggone ukuran. Saka jlentrehan kabeh kuwi mau wis bisa mbedakake satuwan siji lan liyane. Tuladha ing ngisor ngetrapapake ing ukara.
                                                          sakilan
(2)       Buta dijejek kakarasana mundur salengen
                                                    sajangkah
                                                    sadhepa
Tuladha ing ndhuwur ngecakake perangan satuwan ing ukara. Bisa  katitik uga ing tingkatane, kilan kuwi mundhure mung cedhak banget, lengen kena kaanggep cedhak semono uga karo jangkah nanging tatarane jangkah luwih adoh saka lengen. Lan dhepa iki digunake kangga tingkatan kang adoh.

       Satuwan sing diukur nganggo dawane awak kaping pindhone yaiku let mendhuwur. Satuwan sing kalebu ing kene kayata, dhengkul, awak, dhadha, pengadeg, pengawe. ukuran satuan sing nganggo ukuran dhengkul kuwi antarane sikil epek-epek munggah nganti dhengkul, yen satuwan kang nganggo ukuran wetheng andharane padha karo dhengkul nanging munggah maneh nganti weteng. Dhadha uga dadi ukuran sing ingukur saka sikil menyang dhadha. Menawa pengadeg kuwi let antarane sikil karo sirah nalika ngadeg, lan satuwan sing ukurane nganggo pengawe kuwi dawane saka sikil nganti tangan diunggahake nalika ngadeg.
          Satuwane lete papan ukuran awak kang mendhuwur bisa dideleng saka Jlentrehan perangan teges ing ngisor iki:

Tembung
Cedhak Banget
Rada Cedhak
Cedhak
Rada Adoh
Adoh
Pangango
(intensi)
dhengkul
+
-
-
-
-
+
weteng
-
+
±
-
-
+
dhadha
-
-
+
±
-
+
pengadeg
-
-
-
+
-
+
pengawe
-
-
-
-
+
-

Saka jlentrehan perangan teges kang ukuran nganggo awak mendhuwur, bisa dingerteni yen satuwan lete papan ing basa Jawa nduweni teges sing beda-beda. Satuwan awak mendhuwur kuwi yaiku dhengkul, weteng, dhadha, pengadeg, pengawe. dhengkull jlentrehane nduweni +cedhak banget, -rada cedhak, -cedahk, –adoh, lan +pangango. Tegese yen ta dhengkul kuwi digunakake nalika ana lete papan kang cedhak banget, ora digunakake nalika ana let kan ukurane rada adoh apa maneh adoh lan digunake asring banget kanggo satuwan lete papan. Semono uga karo weteng. Satuwan weteng nduweni teges sing beda karo satuwan liyane. Jlentrehane weteng iki yaiku –cedhak banget, +rada cedhak, ±cedhak, – rada adoh, -adoh, +pengango. Tegese satuwan weteng iki digunakake lete papan kang rada cedhak, nanging bisa uga dadi cedhak. Weteng iki kalebu satuwan kang kerep digunakake. Banjur satuwan liyane dhadha. Dhada iki satuwan kang jlentrehane nduweni –cedhak, -rada cedhak, +cedhak, -+rada adoh, - adoh, lan +penganggo. Satuwan dhadha tegese nduweni let sing rada cedhak lan bisa uga digunakake lan ora ing rada adoh. Dhadha uga asring digunakake kanggo satuwan lete papan. Dene pengadeg iki nduweni, -cedhak banget, -rada cedhak, -cedhak,  +rada adoh, - adoh, lan -penganggo. Saka jlentrehan satuwan dhadha uga bisa katitik yen ta kuwi satuwan sing beda karo liya. Panganggane dhadha iki nalika ngerteni ukuran lete papan kang rada adoh. Panggunane dhadha kerep kanggone satuwane let. Satuwan pengadheg jlentrehane yaiku –cedhak banget, -rada cedhak, -cedhak, +rada adoh, -adoh banget, lan –panganggo. Pengadeg  kuwi digunakake ing satuwan let nalika let antarane papan siji lmenyang liane kuwi adoh lan penganggone ukuran iki ora lumrah, ora kerep kanggone satuwan let. Kaping pungkasan ukuran pengawe. Lengen iki nduweni jlentrehan yaiku –cedhak banget, -rada cedhak, -cedhak, rada adoh, -adoh, lan -panganggo. Ateges satuwan pengawe digunakake  kanggo let kang adoh lan uga ora kerep digunake kanggone ukuran utawa satuwane lete papan. Saka jlentrehan ing ndhuwur bisa mbedakake satuwan siji lan liyane. Tuladha ing ngisor ngetrapapake ing ukara.
                                                  sadhadha
                                                  saweteng
(3)       Parni nguncalake bal  bekel   sadhengkul  saka bin.
                                               sapengadeg
                                               sapengawe
              Ukara ing ndhuwur minangka pangecakane perangan satuwan lete papan. Yen dideleng ukurane ing ukara, wis katon yen ta kuwi kabeh nduweni tingkatan kang beda-beda. Dhengkul, weteng, dhadha, pangadeg, pangawe kuwi perangan tembunge awak utawa badan lan obahe. Nanging nalikane tembung kuwi katambah wilangan dadi satuwane let.



b.     Ora Kena Dietung
Ukuran kang pungkasan saka satuwan lete papan yaiku satuwan lete papan ora kena dietung. Ora kena dietung uga kena disebut ora winates. Tegese saka ora winates iku padha karo ora ngerti tenan sepira akeh wilangane, bisa saking akehe angka utawa saking sithike angka. Satuwan kang kalebu iki  yaiku;
a.    sajabalkat
b.    kene-kana
c.    kene-kunu
d.    gang
e.    mepet
f.     cedhak
g.    adoh
h.    dhempet
i.      ngaluk-aluk

saperangan dhata kang bakal njlentrehake satuwane let kang ora kena ditung sapira cacahe, nanging nduweni ancas yaiku ukuran kang akeh banget utawa sawalike.
Satuwane lete papan ukuran ora winates bisa dideleng saka Jlentrehan perangan teges ing ngisor iki:

Tembung
Cedhak Banget
Cedhak
Rada Adoh
Adoh
Adoh Banget
Pangango
(intensi)
jabalkat
-
-
-
-
+
+
kene-kunu
+
-
-
-
-
-
kene-kana
-
+
±
-
-
-
mepet
+
-
-
-
-
+
dhempet
+
±
-
-
-
+
gang
-
+
±
-
-
+
cedhak
-
+
-
-
-
+
adoh
-
-
-
+
-
+
ngaluk-alul
-
-
±
+
-
-

Saka jlentrehan perangan teges satuwan lete papan kang ora kena dietung bisa dingerteni yen satuwan lete papan ing basa Jawa nduweni teges sing beda-beda. Satuwan sing ora kena dietung kuwi kayata, jabalkat, kene-kunu, kene-kana, mepet, dhempet, cedhak, adoh, ngaluk-aluk. Jabalkat jlentrehane nduweni -cedhak banget, - cedhak, -rada adoh, –adoh, +adoh banget, lan +pangango. Tegese yen ta ukuran jabalkat kuwi digunakake nalika ana lete papan kang adoh banget, ora digunakake nalika ana let kan ukurane rada adoh apa maneh cedhak, lan digunake asring banget kanggo satuwan lete papan sing ora winates adohe. Banjur ukuran kene-kunu. Satuwan kene-kunu nduweni teges sing beda karo satuwan liyane. Jlentrehane yaiku +cedhak banget, ±cedhak, -rada adoh, –adoh, -adoh banget, -pengango. Tegese satuwan kene-kunu iki digunakake lete papan kang rada cedhak, nanging bisa uga dadi cedhak. Satuwan iki ora kerep digunakake. Banjur satuwan liyane sing memper yaiku kene-kana. Kene-kana iki jlentrehane nduweni -cedhak banget, +cedhak, ±rada adoh, –adoh, -adoh banget, -pengango. Satuwan kene-kunu aro kene-kunu sejatine memper, nanging beda tingkatan. Kene-kana luwih adoh tinimbang kene-kunu. Banjur mepet, satuwan mepet jletrehan yaiku, +cedhak banget, -cedhak, -rada adoh, –adoh, -adoh banget, +pengango. Menawa satuwan dhempet -cedhak banget, ±cedhak, -rada adoh, –adoh, -adoh banget, +pengango. Bedane antarane dhempet karo mepet iki mung dhempet isih kena kanggo tingkatan cedhak nanging yen ws nganggo mepet kuwi mung tingkat cedhak banget. Ana maneh kang diarani gang. Gang nduweni jlentrehan -cedhak banget, +cedhak, ±ada adoh, –adoh, -adoh banget, +pengango, tegese gang iki asring banget digunakake kanggo ukurane lete papan, lan kalebu cedhak bisa uga rada adoh. Banjur cedhak kuwi jlentrehane -cedhak banget, +cedhak, -rada adoh, –adoh, -adoh banget, +pengango. Menawa satuwan adoh yaiku -cedhak banget, -cedhak, -rada adoh, +adoh, -adoh banget, +pengango. Rong ukuran iki padha penganggone kerep. Sing mbedakne antarane liyane yaiku tingkatane. Seje maneh karo ukuran ngaluk-aluk. Bedane mung kanggo adoh lan rada adoh. Penganggone ora kerep ing satuwan lete papan.


                                                     cedhak
(4)       Omahku karo omahe bocahe adoh
                                               ngaluk-aluk
                                               dhempet

          Ukara ing ndhuwur minangka pangecakane perangan satuwan lete papan kang ora kena dietung. Yen dideleng ukurane ing ukara, wis katon yen ta kuwi kabeh nduweni tingkatan kang beda-beda. Saka petang satuwan kuwi mung saperangan ora kabeh. Cedhak, adoh, dhempet, ngaluk-aluk iki bedane karo satuwan liyane ora nganggo wilangan wis dadi satuwan sng trep kanggone lete papan.

Saliyane kuwi, ana maneh sing bisa njlentrehake satuwan kang ora winates yaiku nganggo tembung pirang-pirang. Tembung iki mujudake wilangan sing tegese akeh banget. Kaya ta:
a.         pirang-pirang kilo
b.         pirang-pirang jangkah
c.         pirang-pirang dhepa
d.         pirang-pirang meter
e.         pirang-pirang pengawe
         
          Satuwane lete papan ukuran ora winates bisa dideleng saka Jlentrehan perangan teges ing ngisor iki:

Frase
Cedhak
Adoh
Adoh Banget
Pangango
(intensi)
pirang-pirang Kilo
-
-
+
+
pirang-pirang Jangkah
±
+
-
+
pirang-pirang Pengawe
±
+
-
-

          Saka jlentrehan perangan teges satuwan lete papan kang ora kena dietung ing ndhuwur bisa dingerteni yen satuwan lete papan ing basa Jawa nduweni teges sing bedakaro liyane. Satuwan sing ora kena dietung anganggo wilangan pirang-pirang yaiku pirang-pirang jangkah, pirang-pirang pengawe, pirang-pirang kilo, lan liyane. Pirang-pirang jangkah jlentrehane nduweni ±cedhak, +adoh, -adoh banget, lan +pangango. Ateges pirang-pirang jangkah iki gunane kanggo satuwan sing adoh lan uga kena kanggo cedhak. Padha karo pirang-pirang pengawe jlentrehane nanging sing mbedakne kekarone kuwi penganggone luwih kerep nganggo pirang-pirang jangkah tinimbang pirang-pirang pengawe. Dene pirang-pirang kilo nduweni -cedhak, -adoh, +adoh banget, lan +pangango. Tegese satuwan pirang-pirang kilo digunakake kanggo ukuran sing adoh banget.
       
                                            pirang-pirang jangkah
(5)       bensin saliter adohe isa pirang-pirang kilo

Ukara ing ndhuwur minangka pangecakane perangan satuwan lete papan kang ora kena dietung angango wilangan. Saka uarane katon yen ta kuwi nduweni tingkatan sing beda. Satuwan iki nganggo wilangan lan negesi mung kanggo ukuran sing adoh.

C.     Panutup
Saka andharan sing ana ing ndhuwur bisa kadudut yen let pranyata nduwe satuwan kayata satuwane kanggo ngukuri adohe papan lan wektu. Satuwane lete papan iku minangka dhasare ukuran kanggo ngukur let utawa anatarane rong panggon. Let iku dhewe  nduweni teges yaiku adohe utawa antarane saka rong papan. Ing kene satuwan let papan diperang dadi loro, yaiku satuwane let kang kena dietung lan ora kena dietung. Saben perangan kasebut nuduhake let sing beda. Satuwan lete kuwi kayata sajangkah, sadhepa, sa kilan, lan liya-liyane.

Kapustakan

Arifin dkk. 1990. Tipe-Tipe Semantik Adjektiva dalam Bahasa Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Chaer, Abdul. 2013. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.

Padmosoekotjo. 1956. Sarine Basa Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff N.V.

Padmosoekotjo. 1987. Paramasastra Jawa. Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.

Purnomo, Eko. 2011. Sistem Numeralia Basa Jawa: Satuwan Barang. Surabaya: UNESA.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J. B. Wolters’ Uitgevers-maatschappij N.V. Groningen.

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.

Sudaryanto.1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads