Friday 4 November 2016

Dewa Ruci Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 11:32 | 2 comments
Cerita kali ini berhubungan erat dengan lakon sebelumnya, cerita ini ialaha dewa ruci, siapakah sejti dari dewa ruci. sebenarnya  dewa ruci merupakan suara hati, atau mungin bisa disebut hati kecil dari sang sena/ Bima. ketika mencebur ke dalam samudra dia berhadapakan dengan ular raksasa dan bertemu dengan dirinya yang kecil. 
cerita selengkapnya dibawah dengan menggunakan bahasa Jawa.

DEWA RUCI



Nalika semana, ing dalem padhepokan Sokalima, Resi Drona kelingan marang Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena kang duweni kakuwatan ingkang kuwat lan gagah prakasa. Ing nalika semana sengkuni mangertos yen Brantasena janjian ketemu marang Resi Drona. Ing dalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudhara utawi Brantasena, yen dheweke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." ing kawah Candradimuka.
Brantasena tanpa risa - risi terus mangkat nyuwun pangestu dining Resi Drona. Ing dalem nalika semana uga Sengkuni wonten ing ngriku, lan mangertos omongane Resi Drona marang Brantasena. Sabanjuring Brantasena Budhal, Sengkuni medal lan takon marang Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli marang sengkuni yen dheweke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi "Kayu Gong Susuhing Angin" lan Drona uga jrumusake Brantasena.
Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supaya golek-golek wartane Brantasena. Ing dalem nalika semana uga Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sabanjure wonten buta kaleh kang ngalani Brantasena, akhire Buta kaleh lan Brantasena perang, buta mau kalah. Banjur buta maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Bathara kaleh mau atur panuwun marang Brantasena, banjur Brantasena takon marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,
"Apa kang dados
tegese Bathara Indra lan Bathara Bayu?"
Bathara mangsuli,
"Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas lan donga marang Gusti kang Maha Kuwasa.
Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene ancase Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan amba. Banjur Brantasena takon maneh,
"Apa Kayu Gong Susuhing Angin?"
Bathara Indra mangsuli,"
yen tegese, pusat napas tentreming ati lan pikiran."
Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu, lan arep takon meneh marang Resi Drona(gurune).
Ing padhepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, apa kabeh sing kedadeyan marang awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnan. Banjur Drona mangsuli,
" isih ana syarat kang kaping kalih, yaiku tirta pawitra
(tirta kesucian) kang ana ing jero samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi. Ananging Dewi Kunthi ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat, Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga Para Pandhawa ngrestoni Branthasena.
Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, Supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dalem perjalanan.
Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra kang mboten
wonten pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena saged ngalahke naga mau.
Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan nepsu kang kumanthil ing diri Brantasena,kaliyan tetengara Brantasena saged ngalahke naga kang ngadang kalani paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane pitakonan.
"
Kadospundi caraning tumuju kasampurnaan ing dalem urip?"
Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dalem raganing Dewa Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, ayem lan tentrem. Banjur Dewa Ruci ngendhikan,
"tegese, awakmu wis is
a nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan aja kaged karo sinar kang werna-werni, amerga atimu kang suci."
Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena dereng uga mbalek. Banjur Drona sadhar marang awake. Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan pungkasane Drona nemokake Brantasena gumlethak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona getun lan uga pethuk marang keponakane, lan sumpah bakal ngrawat Brantasena.


Merupakan tugas yang diselesaikan oleh Widia Astuti

2 comments:

Unknown said...

Kak ada ringkasan cerita wayang Dewa Ruci? Kebetulan nih saya lagi ad tugas, saya mau minta bantuannya. Terima kasih

ilmu dasar kehidupan said...

maaf baru bukak, dah lama bdak pernah update....

itu diatas sudah ringkas...
apa mau pakai bahasa indonesia

Total Pageviews

anti block

G.ads