Thursday 10 November 2016

Karna Tanding Bahsa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 06:06 | No comments
       Medan pertempuran antara Pndawa dan Kurawa (padang kurusetra) semakin sengit, setelah pandawa kehilangan panglima yang berharga dan perkasa yaitu sang Gathotkasa kini tibalah Arjuna maju menjadi panglima memimpin pasukan pandawa melawab pasukan kurawa yang dipimpim Karna. Peperangan kedua satriya berssaudara tersebut sangat hebat kedua sariya menaiki kereta perang dengan menembakan panah-panahnya. Disaat itulah keduanya beradu panah. karena keegoisannya Karna dirinya terjatuh dari kereta. tibalah adu kekutan tangan dan keris.
Cerita selanjutnya dibahasakan Jawa.

KARNA TANDHING


Dicritakake ana putri kang ayu , sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi  nikah karo Prabu Kumojoyo lan urip ing desa kerajaan sing jenenge  “Pandhawa”. Dheweke dikaruniai anak sing jenenge, KARNA . Sawise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi  sayang banget marang  Arjuna ,  ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake gak diperhatekne marang ibune, Karna sampek nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa gak sadar Dewi Kunthi ngomong kang sing gak apik marang Karna sing nyebabake Karna lara ati. Akhire Karna milih lunga saka Kerajaan Pandhawa. Sawise pirang-pirang tahun Karna lunga saka kerajaan, ibune mesti nggoleki lan nangisi karna. Ing sawijining dina , ibune mikirne Karna lan njaluk marang para dewa ngge nemokake dheweke karo Karna. Ora suwe , keprungu swara bocah enom swarane kaya Karna.
            Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan dudu kanggo  ketemu kulawarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kango ngerteni kahanan ibune lan karna nyuwun restu kanggo dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amerga yen dadi Ksatria perang padha karo Karna nglawan adhi adhine dhewe. Karna ora nggagas , lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna. Akhire , peperangan antara  Arjuna  saka kesatrian Madukara dadi  Ksatria perang Negara Amarta melawan Adipati Basukarna utawa Karna saka Awangga dadi Ksatria perang Negara Astina. Prabu Salya lan Sengkuni nduwe rencana arep mateni Abimanyu, sawijining anak saka  Arjuna, Amerga  pihak Astina weruh Kerajaan Amarta arep diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu. Pas wektune perang, Abimanyu wis akeh katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep nahan nganti mati . Sawise, Mase Semar nemokake mayit Abimanyu sing gletak kaku. Mase Semar lan Kresna yaiku kakak Arjuna bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna sing durung ngerti katiwasan putrane terus nyusun rencana kanggo mbinasakake Ngastina.  Sawise ngerti  katiwasan putrane, Arjuna langsung maju dhewe kanggo nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa senang, amerga bisa mateni Abimanyu. Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu nduwe garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak iku sing ngantikake Abimanyu. Karna nantang Arjuna kangge  ndang perang. Nanging Arjuna nulak, amerga dheweke ngerti Karna iku sadulur kandhunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane. Nanging  Arjuna nulak nggo perang. Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna  rerangkulan. Karna sadar Arjuna iku adhi siji-sijine sing didhuweni. Ibune weruh lan ngrasa seneng. Nanging Karna nguculake pelukanne, lan nuduh Arjuna sekongkol arep menusuk dheweke saka mburi. Akhire Karna lan Arjuna perang , ibune nangis pengin yen putra-putrane iku mandhekake perang iku. Akhire Arjuna tiba. Arjuna sengaja ngalah demi Ibune, lan pengin supaya atine Karna bisa luluh. weruhan kuwi Kurawa ngguyu cekakakan  amerga Arjuna kalah. Nanging perang iku tetep sida, tan saya panas. Wektu peperangan kalakon hebate ana keanehan loro ksatria sing pinter manah iku padha-padha ngetokake akeh anak panah nanging ora enek siji wae sing kena. Kadang mandheg banjur padha pepandang, padha netesake banyu mata. Prabu Salya(Kusir Karna) lan Prabu Kresna (Kusir Arjuna)kalorone ngerti, kaloro-lorone putra Dewi Kunthi iku ora saling tega mateni sampek nglarani sithik wae dadi ora enek  panah pas sasaran.
            Wektu padha saling tempur, saling ngetokake senjata saktine, saling ngudanke panah nanging ora ana sawijining panah sing kena ing awak. Prabu Kresna dadi kusir Arjuna lan botohe Amarta (Pandawa) ngerti persis senjata Pasopati sing dipasang ing gandewa Arjuna. Dadi Tali kusir jaran disentak dadi jaran gerak mangarep pas wektu Pasopati wucul saka gandewa sing awale diarahke mung ning ngarep Karna nanging amerga kereta gerak mangarep dadi Senjata Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarna utawa Karna. Anak Dewa Surya iku mencelat kenek kereta sampek nganti ajur.  Kaweruhan kabehiku Dewi Kunthi utawa ibune Karna lan Arjuna, ngerti yen anake kang pertama iku bener lunga kanggo salawase.
 Diselesaikan oleh Bimbi Oktavia

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads