Friday 18 November 2016

Ayam dan Kancil

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:05 | No comments
Memang cerita hewan kebanyakan membahasa tentang kehidupan kancil. Cerita berikut juga akan membahas tentang kecerdikan  si kancil. Bagaimana kecerdikannya?
cerita tentang ayam dan Kancil versi Jawa.



Pitik lan Kancil


Mbak Sumini, wong sing dodol bakso nduwe Pitik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwa
            "Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik" pitakone Kancil

            "Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane" 

            "Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil.
            “Aku peel kancil. Aku kesel  banget, amarga saben pendhak dina kudu ngaranf crita aneh-aneh supaya padha gelem cedhaka karo aku. Kanca-kancaku mesthi padha ora gelem srawung karo aku sing wulune akeh, menawa aku ora isa gawe ngguyu”

            "Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan,ngomonge kancil”
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"

            "Laiyo rasah no! Mbak Suminii juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru" nasehateKancil

            "Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karokanca-kancaku"

            "Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe” gunemekancil
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik kanthi rupa sumringah.

            Wiwit dina iku Pitik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik seneng ngrungokke omongane pithik liyane 

Diselesaikan oleh Dwi Catur Ayu Paninggih

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads