Thursday 3 November 2016

Salah satu tuga metpen dengan menggunakan bahasa Jawa dengan melakukan penelitian eksperimen.





ATUR PANGIRING
Puji syukur tansah konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwasa, awit saking rahmat sarta hidayah-Ipun, panulis saged ngrampungaken panyusunan proposal panliten kanthi irah-irahan “Pangaribawane Buku Serat Pakeliran Jangkep Tumrap Kawasisan Nulis Isi Crita Wayang Siswa Kelas X SMA Negeri I Gondang Taun 2016 
Proposal punika mujudaken satunggaling tugas akhir semester 6 kagem mata kuliah Metode Penelitian Pendidikan. Panulis ugi ngaturaken panuwun ingkang ageng dhumateng dhosen mata kuliah punika Dra. Hj. Sri Wahyu Widayati, Si..  ingkang sampun maringi bimbingan dhumateng panulis sajroning nyusun proposal punika.
Proposal ingkang dipunsusun punika tamtu taksih wonten kekiranganipun, awit saking punika panulis nyuwun agunging pangapunten lan panulis ugi purun nampi panyaru lan pamrayogi saking para pamaos supados proposal selajengipun saged langkung sae malih. Panulis ugi ngajeng-ajeng mugya makalah punika saged maringaken paedah lan migunani kagem panulis lan para pamaos sadaya. Amin

Surabaya,   30 Mei 2016


                                        Panulis






DHAFTAR ISI




Atur Pangiring ................................................................................................ i
Dhaftar Isi ..................................................................................................... ii
BAB I PURWAKA ..................................................................................... 1
1.1         Lelandhesane Panliten...................................................................... 1
1.2         Undherane Panliten ......................................................................... 2
1.3         Ancasing Panliten ............................................................................ 2
1.4         Paedah Panliten ............................................................................... 2
1.5         Hipotesis  ......................................................................................... 3
BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN .................................................... 4
2.1   Panliten sadurunge kang Saemper .................................................... 4
2.2   Teori kang dadi dhasar panliten......................................................... 4
          2.2.1   Ketrampilan nulis.................................................................. 4
          2.2.2   Pangerten Wayang................................................................ 5
          2.2.3   Buku Serat Pakeliran Jangkep............................................... 5
          2.2.4   Pangerten Medhia................................................................. 6
BAB III METODE PANLITEN ................................................................ 7
3.1   Rancangan Panliten .......................................................................... 7
3.2   Variabel Panliten................................................................................ 8
3.3   Populasi lan Sampel .......................................................................... 8
        3.3.1   populasi................................................................................... 9
        3.3.2   sampel..................................................................................... 9
3.4   Instrumen Panliten ............................................................................ 9
        3.4.1   RPP....................................................................................... 10
        3.4.2   Tes......................................................................................... 10
3.5   Teknik Nglumpukake Dhata ........................................................... 10
        3.4.1   Teknik Tes............................................................................. 11
        3.4.2   Teknik Anget........................................................................ 11
3.6   Teknik Analisis Dhata ..................................................................... 11

KAPUSTAKAN......................................................................................... 12





BAB I
PURWAKA

Ing bab I bakal ngandharake ngenani (1) landhesane panliten, (2) punjere panliten, (3) ancase panliten, (4) paedahe panliten, (5) watesane panliten, lan (6) panjlentrehe tetembungan. Landhesane panliten mujudake subbab kang bisa dadi wadhah anggone panliti milih topik kang dijlentrehake, dene anane punjere panliten kuwi mujudake bab-bab kang bakal dijlentrehake dening panliti.
Ancase panliten kuwi ngandharake pitakonan-pitakonan lan nemokake wangsulan-wangsulan tumrap pitakonan-pitakonan panliten kasebut, dene paedahe panliten kuwi dhewe kanggo nggoleki kahanan lan konsekuensi tumrap kahanan tartamtu sajrone panliten. Watesane panliten nduweni guna supaya panliten kang ditindakake bisa kapunjer marang bab kang bakal dijlentrehake. Kang pungkasan yaiku panjlentrehe tetembungan. Panjlentrehe tetembungan iki diajab supaya ora kliru anggone ngerteni tetembungan kang digunakake ing panliten iki. Kanggo luwih cethane bakal kaandharake ing ngisor iki.

1.1  Lelandhesane Panliten
Ing jaman modern kaya saiki, akeh wong kang wus ora kenal utawa ngerti babagan wayang. Apa maneh yen wis mlebu ing jagad pamulangan. Meh kebeh siswa ing seolah ora ngerti wayang awit jeneng, sipate, nganti critane. Kabeh mau ora dingerteni dening bocah-bocah sing isih sekolah, nganti ana omongan yen wayang kuwi mung tontonane wong tuwa wae. Samajune jaman crita wayang saya ngadoh ing kalangan bocah, kamangka wayang kuwi identitase wong Jawa. Yen kepengin dadi wong Jawa sing bener delenga wayang. Unen-unen mangkono sing diripta dening bebrayan Jawa biyen. Akehe siswa sing ora ngerti babgan wayang kudu dingerteni dening para guru kanga rep mulang ing babagan kuwi, mula panliten-penliten kudu dilakoni amrih ketemu penere. Panliten-panliten kang anggolek kepriye bocah saiki bisa ngerteni wayang kuwi kalebu panliten eksperimen. Panliten eksperimen kuwi panliten kang kene digeneralisasi utawa kena disebarake marang para guru kang mbutuhake. Piwulangan babgan wayang wis ana awit SD, nanging panliten iki uga wigati banget ing kalangan SMA amarga bocah sing saumuran semunu sipate munggah mudun. Kepengin nggolek jati dhirine. Mula kanthi piwulangan wayang lan kareaktere bisa migunani tumrap bocah kang saumuran SMA.

1.2              Underane Panliten
Adhedhasar lelandhesane panliten kang wis dijlentrehake, bisa katemu undheran sing bakal diudhari sajrone panliten yaiku:
1)                 Kepriye asile pamulangan nulis isi crita wayang tanpa maca buku serat pakeliran jangkep siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016?
2)                 Kepriye asile pamulangan nulis isi crita wayang kanthi maca buku serat pakeliran jangkep siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016?
3)                 Kepriye pangaribawane buku serat pakeliran jangkep tumrap kawasisan nulis isi crita wayang siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016?


1.3              Ancase Panliten
Panliten iki nduweni ancas kanggo njlentrehake asile maca buku serat pakeliran jangkep kanggo ngundhakake asil pasinaon ngerteni wayang siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang. Saliyane iku, lan uga nduweni ancas:
1)                 Ngandharake asile pamulangan nulis isi crita wayang tanpa maca buku serat pakeliran jangkep siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016.
2)                 Ngandharake asile pamulangan nulis isi crita wayang kanthi maca buku serat pakeliran jangkep siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016.
3)                 Ngandharake pangaribawane buku serat pakeliran jangkep tumrap kawasisan nulis isi crita wayang siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016.

1.4              Paedah Panliten
Saka tujuwan panliten kasebut, panliten iki diajab bisa menehi piguna kanggo kaneh pihak, mligine sing ana gegayutane karo proses pasinaon. Kanthi rinci, piguna panliten iki bisa dijlntrehake kaya ing ngisor iki:
1)                  Kanggo Guru
Pangajab saka asile panliten iki bisa menehi paedah kanggone guru kayata: bisa dadi medhia pembelajaran, mligine nalika sinau babagan wayang. Saliyane iku bisa menehi menehi sumber kang durung dingerteni guru, supaya bisa nggampangake pahame siswa ngenani materi sing arep diandharake,
2)                  Kanggo Siswa
Pangajab saka asile panliten panliten iki supaya bisa menehi paedah: nambahi kawasisan siswa sajrone sianu basa Jawa; b) dadi reverensi lan pangeling-elinge siswa,  nggampangake pemahaman siswa tumrap materi sing disinaoni;
3)                  Kanggo Sekolah
Saliyane kanggo siswa lan guru, panliten iki dikarepake bisa menehi paedah kanggo sekolah, ndadekake siswa luwih mangerti lan luwih wasis, saka kuwi bisa ngunggahake kwalitas sekolahan.


1.5              Hipotesis
Hipotesis penliten minangka wangsulan sawetara saka underane panliten. Hipotesis kasebut ngandhut hipotesis tindakan.
H0: “Buku Serat Pakeliran Jangkep ora nduweni pangaribawa kanggo ningkatake kawasisan nulis isi crita wayang siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016”.
Ha: “Buku Serat Pakeliran Jangkep nduweni pangaribawa kanggo ningkatake kawasisan nulis isi crita wayang siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang taun 2016.









BAB II
TINTINGAN KAPUSTAKAN

           Sajrone bab II iki arep diandharake ngenani tuladha panliten-panliten sadurunge lan konsep-konsep sing digunakake sajrone panliten iki. Tintingan kapustakan kasebut kaandharake kaya ing ngisor iki.

2.1       Panliten Sadurunge kang Saemper
Panliten sadurunge kang memper tau ginarap ing babagan wayang , yaiku:
 Skripsi kanthi irah-irahan Pengaruh Penggunaan Mdia Wayang Terhadap Ketrampilan Menyimak Cerita Siswa Kelas II B SD Negeri Kasongan Bbantul Yogyakarta. dening Ratna Wulandari, jurusan Pendidikan Guru Sekolah Dasar. Panliten iki minangka panliten kang asipat panliten kelas kang awujud eksperimen.  
Saka panliten-panliten kasebut bisa didudut pambedane karo panliten iki, yaiku panliten iki nggunakake wayang minangka medhiane lan kang pamulangane. Panliten ning ndhuwur nggunakake wayang mung kanggo medhia wae.

2.2              Teori kang Digunakake sajrone Panliten
Ing subbab iki diandharake ngenani teori lan konsep sing digunakake sajrone panliten, yaiku: (1) katrampilan nulis, (2) pangerten wayang, lan (3) buku serat pakeliran jangkep. Ing ngisor iki bakal kaandharake siji-siji:


2.2.1        Katrampilan Nulis

Dalman (2014:3) sing wis katulis dening wong lan nggunake basa tulis kuwi  minangka alat lan medhia. Aktivias nulis nduweni saperangan unsur, yaiku pangripta minangka panyalur pesan, isi tulisan saluran utawa medhia lan maca.
Miturut Suparno lan Yunus (2008:13) nulis yaiku salah siji kegiyatan ngandharake pesen (komunikasi) kanthi cara nggunake basa tulis minangka medhia. Marwoto sajrone Dalman (2014:4) ngandharake  yen nulis minangka sarana ngandharke wacana utawa gagasan sajrone karya utawa karangan.
     Adedhasar para ahli, bisa didudut nulis yaiku kagiyatan sing dilkoni ora mung nyalin tembung – tembung nanging uga ngrmbakakake lan nuangake pikiran – pikiran sajrone struktur sing arupa tulisan.

2.2.2        Pangerten Wayang
Sajroning basa Jawa tembung wayang kajpuk saka tembung “ayang-ayang”. Yen dditliti saka arti filsafat, “wayang” kena diartekake minangka ayang-ayang utawa kaca pangilon saka sifat-sifat ang kajupuk saka manungsa. Sipat kang dimaksud kuwi kayata, angkara murka, kabajikan, nggragas, lan sipt liyane. Wayang dilakokake dening dhalang kang direwang saperang wong kang nabuh gamelan lan uga ana minangka waranggana. Fungsi dhalang ing kene yaiku ngatur dalane pagelaran kanthi tatas. Dhalang dadi pamimpin pagelaran. Wayang uga kaperang dadi saperangan jinise. Ana wayang golek, wayang wong, wayang iket, wayang purwa, lan wayang liyane. Bakune kabeh wayang kuwi cerita kang sejatine nyritakake kahanan manungsa. Para winasis wis paring pangandikan yen ta wong Jawa kuwi ndelenga wayang kareben dadi wong Jawa kang sejati. Mula saka kuwi, wayang kuwi pagelaran kang agung, kebak mite kang kinandhut. Dhalang uga nduweni kabisan kanga gung, sakliyane bisa crita dhalang uga bisa nyanyi. Seni liyane kang kena dineleng kuwi sei pasunggingan wayang. Lan pagelaran wayang kuwi pagelaran kang paling suwe dhewe wektune, nganti sedina natas.

2.2.3        Buku Serat Pakeliran Jangkep
Buku serat pakeliran jangkep kaperang dadi pirang-pirang buku. Saka bukune wae pakeliran jngkep dadi buku kuwi ngandharake ringkesan nganti kepriye critane wayang sing bisa ndadekake pawongan bisa ketarik kawigantene. Sajroning buku uga ana saperangan suluk, ada-ada kang digunakake dhalang kanggo mbukani pagelaran. Gambar-gambar uga bisa narik kawigatene para siswa.

2.2.4        Pangerten Medhia
Miturut etimologi, tembung “medhia” kuwi awujud jamak saka “medium”, kang asale basa Latin “medius” sing artine tengah. Basa Jawa, tembung “medium” bisa diartekake  “antara” , saengga pangerten medhia bisa tumuju ing samubarang kang ancase menehhi informasi antarane sumber lan panarima pesen. Medhia bisa diartekake minangka samubarang kang wujude lan salurane bisa digunakake sajroning proses menehi infomasi.
Tetembungan medhia wiwitani dingerteni kanthi piranti paraga, banjur lumaku jaman dingerteni audio aids, nganti saiki ing kamajon jaman ana e-Learning. Aksara ‘e’ kuwi singkaan saka elektronik. Artine medhia pasinaun kang wujude elektronik, kayata CD ultimedhia minangka medhia offline, web minangka medhia online




















BAB III
METODHE PANLITEN

            Metodhe panliten iki bakal diandharakee ngenani metodhe-metodhe apa wae kang arep digunakake sajroneproses panliten. Metodhe kang digunakake kudu trep lan slaras karo panliten kang arep ditindakake. Mula saka kuwi, metodhe panliten iki bakal ngandharake ngenani rancangan panliten, desain panliten, variabel, sumber dhata, instrumen panliten, teknik nglumpukake dhata lan teknik analisis dhata. Supaya luwih cetha, bakal diandharake kaya ing ngisor iki.

3.1 Rancangan Panliten
            Panliten iki kalebu panliten kuantitatif yaiku ngandharake ngenani asil utawa pangaribawane piwulangan nulis teks narasi. Metodhe panliten kuantitatif yaiku metodhe panliten adhedhasar filsafat positivism, digunakake kanggo nliti populasi utawa sampel tartamtu, panglumpuke dhata nggunakake instrumen panliten, analisis dhata nggunakake statistik, kanthi tujuwan kanggo nguji hipotesis kang wis ditemtokake (Sugiyono, 2012: 8). Panliten kang nduwen irah-irahan “PANGARIBAWANE BUKU SERAT PAKELIRAN JANGKEP TUMRAP KAWASISAN NULIS ISI CRITA WAYANG SISWA KELAS X SMA NEGERI 1 GONDANG KABUPATEN MOJOKERTO TAUN 2016”  nggunakake angka-angka yaiku asil utawa pambiji kanggo siswa sajrone piwulangan nulis crita isine wayang. Ancase saka panliten iki yaiku kanggo meruhi pangaribawane buku Serat Pakeliran Jangkep  tumrap kawasisan nulis nulis isi crita wayng  siswa kelas X SMA Negeri 1 Gondang.
            Panliten iki kalebu panliten eksperimen. Eksperimen yaiku cara kanggo nggoleki sesambungan sebab-akibat (sesambungan kausal) antarane rong perangan kang disengaja diciptakake dening panliti kanthi ngilangi utawa ngurangi perangan-perangan liya kang ngganggu utawa ora wigati (Arikunto, 2013: 9). Miturut Sugiyono (2012: 72) metodhe panliten eksperimen yaiku metodhe panliten kang digunakake kanggo nggoleki pangaribawane perlakuan utawa treatment tartamtu kang ditrapake sajrone kaanan kang wis diatur. Mula saka kuwi, Sugiyono (2012: 73) merang jinis panliten eksperimen dadi 4 yaiku Pre Eksperimental Design, True Eksperimental Design, Factoral Eksperimental Design, lan  Quasi Eksperimental Design. Campbell Stanley (sajrone Arikunto, 2012: 123) merang jinis panliten eksperimen adhedhasar becik alane eksperimen, utawa sampurna orane eksperimen, yaiku  Pre Eksperimental Design (eksperimen kang durung becik) lan True Eksperimental Design (eksperimen kang dirasa wis becik).

3.2 Variabel Panliten
            Variabel yaiku objek panliten utawa apa kang dadi punjere panliten (Arikunto, 2013:161). Miturut Sugiyono (2012: 38) variabel yaiku samubarang kang bisa awujud apa wae kang wis ditemtokake dening panliti kanggo disinaoni saengga bisa oleh informasi ngenani babagan kasebut, banjur bisa ditarik dudutan. Saben panliten nduweni variabel, yaiku variabel kang menehi pangaribawa utawa variabel bebas lan variabel kang tuwuh saka akibat variabel bebas utawa biyasa kasebut variabel kaiket. Sajrone panliten iki uga nduweni kaloro variabel kasebut. Variabel utama kang ana ing panliten iki yaiku buku Serat Pakeliran Jangkep minangka variabel ora kaiket lan asil piwulangan nulis teks narasi minangka variabel kaiket.

3.3 Populasi lan Sampel
            Dhata dibutuhake ing saben panliten kanggo menehi informasi ngenani panliten kang ditindakake. Sumber dhata yaiku subjek ing ngendi asale dhata kasebut (Arikunto, 2013: 172).  Sumber dhata kasebut kaperang dadi loro yaiku populasi lan sampel.  Populasi lan sampel sajrone panliten bakal diandharake ing ngisor iki.

3.3.1 Populasi
            Populasi yaiku wilayah kang kasusun saka objek utawa subjek kang nduweni watak tartamtu (Sugiyono, 2012: 80). Miturut Arikunto (2013: 173) populasi yaiku sakabehane subjek panliten. Adhedhasar pamawas para ahli kasebut, bisa diweruhi yen panliten yaiku saklompok subjek utawa objek kang digunakake kanggo njupuk dhata.
            Sajrone panliten iki nggunakake populasi siswa kelas X SMA Negeri I Gondang kang cacahe ana 6 kelas. Populasi kelas X SMA Negeri I Gondang ora akeh yen nem kelas kuwi digunakake kanggo nindakake panliten. Cacah 2 kelas kuwi dianggep bisa dadi sesulih sakabehane kelas X SMA Negeri I Gondang.

3.3.2 Sampel
            Sampel yaiku saperangan utawa wakil populasi kang ditliti (Arikunto, 2013:174). Miturut Sugiyono (2012: 81) sampel yaiku perangan saka cacah lan karakteristik kang diduweni dening populasi kasebut. Adhedhasar andharan kasebut bisa diwerui yen sampel kuwi perangan populasi kang cacahe sethithik lan bisa dadi sesulih saka populasi sakabehe. Teknik sampel kang digunakake sajrone panliten iki yaiku sampling purposive  utawa purposive sample. Sampling purposive yaiku teknik nemtokake sampel yen kabeh anggota populasi digunakake minangka sampel (Sugiyono, 2012: 85). Miturut Arikunto (2013: 183) purposive sampel yaiku sampel kang ditindakake kanthi cara njupuk subjek adhedhasar strata, random utawa dhaerah, nanging adhedhasar anane tujuwan tartamtu. Ana 2 kelas kang dadi sampel sajrone panliten iki, yaiku siswa kelas VIII A lan VIII D, amarga dirasa pas lan gampang yen kawasisan siswa ing kelas eksperimen lan kelas kontrol kuwi padha.

3.4  Instrumen Panliten
            Instrumen yaiku sarana ngumpulake dhata kang kudu dirancang kanthi trep lan diupayakake bisa ngasilake data empiris lan apa anane kaya kahanane (Sudjana lan Rivai, 2010: 97). Miturut Sugiyono (2012: 102) instrumen yaiku piranti kang digunakake ngukur gejala utawa fenomena donya lan sosial kang ditliti. Saka pamawas kasebut bisa dimangerteni yen instrumen kuwi pwerangan kang wigati sajrone panliten, amarga instrumn panliten minangka cara kanggo mangsuli underane panliten sarta bisa nguji asile hipotesis kan wis ditemokake. Sajrone panliten iki nggunakake instrumen.

3.4.1 RPP (Rencana Pelaksanaan Pembelajaran)
            Sajrone proses piwulangan kudu nggunakake RPP minangka paugeran apa kang arep diwulangake. Ing panliten iki uga nggunakake RPP kanggo paugeran mulangake materi lan kanggo njupuk dhata panliten. sajrone piwulangan kang perlu digatekake lan uga ana ing RPP yaiku wektu, indikator, lan materi apa kang arep diwulangake. Panliti nggunakake 2 RPP sajrone panliten iki, yaiku RPP kang nganggo buku Serat Pakeliran Jangkep kanggo kelas eksperimen lan RPP tanpa nggunakake buku Serat Pakeliran Jangkep kanggo kelas kontrol.

3.4.2 Tes (Soal Tes)
            Miturut Arikunto (2013: 193) tes yaiku pitakonan utawa latiyan terus-terusan sarta piranti liya kang digunakake kanggo ngukur ketrampilan, kawruh inte;egensi, kawasisan utawa bakat kang diduweni dening individu utawa klompok. Tes nduweni guna kanggo meruhi lan nemtokake predhikat sawijine pawongan (Sugiyono, 2012: 171). Sajrone panliten iki nggunakake tes intelegensi kang awujud essay kanggo nglumpukake dhata panliten awujud angka yaiku biji utawa nilai. Tes intelegensi yaiku tes kang digunakake kanggo nganakake estimasi utawa hipotesis tumrap tingkat intelektual kanthi cara menehi saperangan (Arikunto, 2013: 194). Tes kang digunakake yaiku nulis teks narasi kanthi pre-test post-test 1 lan pre-test post-test 2.

3.5 Teknik Nglumpukake Dhata
            Tata cara nglumpukake dhata yaiku carane panliti nglumpukake dhata-dhata kanggo nindakake panliten iki. Nglumpukake dhata minangka salah sawijine babagan kang paling wigati sadurunge nindakake panliten. Panliten ora bisa mlaku sadurunge panliti nglumpukake dhata kanggo njangkepi panliten kang bakal ditindakake. Mula saka kuwi panliti kudu nemtokake cara nglumpukake dhata dhisik kang digunakake sadurunge nindakake panliten. teknik kanggo nglumpukake dhata sajrone panliten iki yaiku teknis tes lan teknik angket.



3.5.1 Teknik Tes
            Tes bisa digunakake kanggo ngukur kawasisan (Arikunto, 2013: 266). Sudjana (2004:100) ngandharake tes kalebu piranti kang digunakake kanggo ngukur kang diwenehake marang salah siji pawongan supaya bisa ngasilake wangsulan kang dikarepake kanthi lisan, tulisan, lan tumindak. Tes kaperang dadi 2, yaiku tes asile piwulangan lan tes kecerdasan. Sajrone panliten iki nggunakake tes asile piwulangan awujud dhata kuantitatif yaiku kawasisan nulis teks narasi kanthi nindakake post-test 1 lan post-test 2.

3.5.2 Teknik Angket
            Miturut Sugiyono (2012: 142) angket yaiku teknik panglumpuke dhata kang trep yen panliti weruh kanthi variabel kang bakal diukur lan weruh apa kang bisa dikarepake saka responden. Saperangan gedhe panliten nggunakake anket minangka metodhe kang dipilih kanggo nglumpukake dhata (Arikunto, 2013: 268). Panliten iki nggunakake jinis angket katutup yaiku menehi wangsulan saka dhaftar pitakonan kanthi cara tandha centang () ing kolom utawa biyasa kasebut cara check list. Angket katutup yaiku menehi wangsulan kanthi wangsulane wis ana saengga responden mung kari milih.
            Angket sajrone panliten iki diwenehake marang siswa sawise piwulangan pungkasan utawa ing panliten 2. Angket uga diwenehake siswa ing kelas eksperimen. Asil saka angket iki bisa direkap lan dianalisis. Angket iki uga bisa dadi dhata tambahan utawa dhata kang bisa nyengkuyung asil dhata tes kang uga diwenehake sadurunge.

3.6 Teknik Analisis Dhata
            Sawise nglumpukake dhata kang dibutuhake kanggo panliten iki banjur dhata-dhata kasebut dianalisis, proses iki kerep disebut teknik analisis dhata. Teknik analisis dhata digunakake sajrone panliten iki yaiku t-test rong sampel, amarga bakal nguji signifikansi rong sampel. Analisis dhata bisa diperang dadi telu, yaiku persiapan, tabulasi, lan pangetrepan dhata adhedhasar desain panliten (Arikunto, 2013: 278).

KAPUSTAKAN

Ali, Muhammad. 1985. Penelitian Kependidikan Prosedur dan Strategi. Bandung: Angkasa.
Aqib, CS. 2014. Penelitian tindakan kelas. Bandung: CV. Yrama Widya.
Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik. Jakarta: Rineka Cipta.
Basir, Udjang Pr. 2010. Ketrampilan Menulis: Dasar Menulis Ilmiah dalam Tulisan Latin dan Jawa (Pengantar Teori dan Praktik). Surabaya: UNESA Press.
Haryanto, S. 2008. Dasar-dasar Penulisan Proposal Penelitian”. Yogyakarta:Gajah Mada University Press.
Nela, G. 2014. Pengertian Media Menurut Beberapa Ahli”
Prayoga, Satria Surya. 2011.”Pengertian wayang” http://pengertianwayang.blogspot.co.id/ Diakses pada tanggal 28 Mei 2016

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads