Thursday 3 November 2016

Naskah Drama dengan Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 08:55 | No comments
Naskah drama ini merupakan contoh dan bagian dari tugas mapel drama turgi. naskah yang menceritakan tentang larinya dua prajurit sakti dari Mojopahit.
pelarian tersebut sampai ke daerah pasuruan, dengan menjalani kehidupannya akhirnya mereka menemukan sebuah keajaiban. keajaiban tersebut ialah banyu biru.Naskah dibawah dilengkapi dengan berbagai bumbu sehingga terlihat unik dalam ceritanya, sehingga terlihat jauh dari keasliannya, saya haturkan mohon maaf yang sebesar-besarnya.
Naskah dibbawah akan ditulis menggunakan bahasa Jawa.


Dumadine Banyu Biru 



Babak 1
Tombro lan Kabut mlayu saka Kraton Majapahit. Ing tengah-tengah dalan Tombro lan Kabut nyawang ana alas sing singlu kang ora ana sing wani mlebu menyang alas kuwi  neng pikirane Tombro duwe kekarepan arep singitan menyang alas kuwi.

Tombro
:
But.. kabut......
Kabut
:
Ana apa Kang Tombro?
Tombro
:
Aku lan kowe padha tunggal sapikiran, ora gelem yen Majapahit diprentah Raden Dyah Ranawijaya

Kabut
:
Iya Kang, Aku dhewe ya ora nyana, yen tekane Raden Dyah Ranawijaya sawadya balane pancen ora kena kinira Kang.

Tombro
:
Mangka saka kuwi kowe takjak minggat saka Majapahit. Bakune aku iki ora gelem dikongkon dadi prajurit setyane Raden Ranawijaya.

Kabut
:
Iya kang, aku ya sarujuk marang kandhamu.

Tombro
:
Sik ta But.. apa kira-kira prajurite Raden Ranawijaya isih mbujung tekan kene?

Kabut
:
Ora ngerti kang, miturutku kang? (karo nguwasna kahanan kanthi kwatir)

Tombro
:
Apa?

Kabut
:
ngene kang kepriye yen singidan neng kana. Aku percaya yen  prajurite Raden Ranawijaya ora nganti mbujung tekan wana kuwi.

Tombro
:
Kabut?

Kabut
:
Apa Kang?

Tombro
:
Alas iki kondhang kaloka merga wingite,  sapa bae sing mlebu alas ora ana sing isa metu.



Kabut
:
Wah, malah dadi penak ta Kang, prajurit ora ngira yen aku lan sampeyan neng alas kuwi ta?
Tombro
:
Ya ya aku ngerti pancen watakmu ora duwe wedi, nanging apa kowe ya mikir, mengko yen wis mlebu apa ya isa metu But?



Kabut
:
Tinimbang kakang kecekel prajurite Raden Dyah Ranawijawa?

Tombro
:
N…..nnn…..nanging but!!

Kabut
:
Nanging apa Kang?apa ana sing sampeyan wedeni ing jero alas, kamangka mlebu metu alas kuwi wis penggaweyane awak dhewe lo Kang

Tombro
:
( mikir kahanan )

Kabut
:
Wis ta Kang aku mung pengin sampeyan lan aku slamet. Kae sayup - sayup wis krungu swara wong bengok-bengok lan gedabruge sikil sing lagi mlayu!!!

Tombro
:
Ayo age-age mlebu wana.




Babak 2


Wong loro banjur nyingit menyang alas wingit kuwi. Sajroning wana kuwi kahanane katon subur lan ana sumber banyu.
Tombro
:
Ayo ngaso ndhisik neng kene.

Kabut
:
Iya ayo aku ya kesel.

Tombro
:
Jan-jane nyapo ya But, Wana iki kok akeh sing ngarani wingit ?

Kabut
:
Iya Kang, jan-jane  nyapo ta ya, kamanggka dideleng saka wit-witan ya katon ijo royo-royo, ora mung kuwi wae semana uga karo woh-wohan

Tombro
:
Hahaha, hla iya.. Aku ya rada mikir but. Upama prajurit majapahit tekan kene apa ya ora padha entek , hahaha.

Kabut
:
Hahaha, iya.

Tombro
:
Nanging saiki padha tumpes amarga kena gempur raden Dyah Ranawijaya

Kabut
:
Wis Kang, Ora usah dieling-eling,  aku lan sampeyan iki wis nduweni niyat bakal ngalih saka Majapahit.

Tombro
:
iyaa But, yen dieling-eling pancen tragis banget, Prajurit sing ora nurut karo dhawuhe

Kabut
:
Wis kang, anggap wae dina iki dina kang kamardikan kanggone aku lan sampeyan, ora usah dipikir apa alane.

Tombro
:
Bener kandhamu, But apa kowe ora ngrasa apa – apa? ( tombro kaya-kaya ngrasa saklebatan kang sumliwer)

Kabut
:
Ana apa ta Kang?

Tombro
:
Tenan kowe ora ngrasa apa-apa?

Kabut
:
Ora i kang, ..hahaha aja guyon Kang, panggonan iki ora kena gawe guyon lo Kang

Tombro
:
Wah, guyon piye ta?

Kabut
:
halah mung pangrasane sampeyan wae kuwi Kang, Senajan ana apa-apa aku ya ora wedi Kang, hla wong sampeyan jagone para prajurit, saben maju perang ditrajang dhewe.

Tombro
:
hahaaha,. .kowe iki isa wae.

Kabut
:
Sik ta Kang.. apa sampeyan ora ngelak?

Tombro
:
Jan-jane ya ngelak banget,

Kabut
:
Sampeyan neng kene wae sedhiluk ya, aku takjajal mubeng nggolek banyu.

Tombro
:
oh ya, sing ngati-ngati.

Tombro lan Kabut pisah sedela, Kabut ngubengi wana nggolek banyu, Tombro ijen ning alas.
Tombro
:
Alas amba, woh-wohan akeh ora ana sing njupuk, wit-witan uga isih ngadeg gedhe-gedhe tur dhuwur banget. Iki pratandhane yen wana iki pancen ora tau ditekani manungsa. (Tombro noleh ning buri kaya ana sing nyawang dheweke). Wah..  Pranyata iki ora mung pangrasaku wae.  Cetha yen wana iki pancen akeh jim lan memdedine.
Hemmm, alas subur katon ijo hawane panas banget, kabut kowe sing ngati ngati

Kabut
:
wah neng ngendi panggone banyu iki ?
Wana saambane kaya ngene kok ya durung nemu anane sumber banyu. 
Wah kae kok kaya ana banyu,
( Kabut marani sumber arep njupuk banyu)
Rasane kok ana sing ngetut aku saka buri.
Nanging kkok ora ana.
Wah pancen wana iki nyalawedi ?apa mung prasaku wae.
Wis ora ngurus sing wigati aku wis antuk banyu iki,
Sawetara waktu ing panggonan liya.

Jim
:
Kanjeng kula sowan kanjeng.

Kebo
:
iya, ana wigati apa kowe wani marak seba ing ngarsaku?

Jim
:
wonten bab wigati kanjeng.

Kebo
:
coba, cethakne bab kang wigati kuwi!

Jim
:
wonten tiyang ingkang wantun mlebet dhateng wana ngriki.

Kebo
:
wooo, dadi ana maneh manungsa kang wani mlebu panggonanku, hahahahaah
Ya ya .. Jim jaga terus pawongan kuwi, yen nganti ngrusak wana iki, kandha marang ingsun!

Jim
:
Inggih, sendika.

Tombro lan Kabut wis mubeng-mubeng nggolek dalan metu saka alas nanging ora katemu.

Tombro
:
Kabut?

Kabut
:
Apa kang?

Tombro
:
wis pirang dina aku lan kowe ana alas iki?

Kabut
:
kira-kira 3 dina kang.
Tombro
:
hemm, Nganti tekan samene kok ora ngerti dalan kanggo metu saka alas.

Kabut
:
iya kang, ….. kang rumangsaku dalan iki wis kaletan bola-bali .(karo nyawang kahanan sapinggir dalan)
hla ya ta kang, wit kae sawangen.

Tombro
:
Wah ya But, yen kaya mangkene ceritane aku nduwe panemu.

Kabut
:
Panemu? Apa kang?

Tombro
:
Kepriye yen alas iki padha dibabat banjur didadekake desa?

Kabut
:
Geneya kowe nduwe panemu kaya ngono? Alas iki raket banget lan adoh saka pamerintahan. Kok malah arep dibangun desa ta kang.

Tombro
:
Hlo ya malah amarga iku But aku nduwe panemu yen alas iki bakal dadi desa. Wong-wong sing mlayu golek aman mengko bisa dadi Sutinahdesa kene.

Kabut
:
Oalah kaya mangkono ta kang alesanmu kapengin babad alas iki. Yen ngono aku sarujuk.

     Ing dina liya Tombro lan Kabut mbabadi alas sing akeh wit jambene. Kekarone ora ngerti yen alas kuwi gawat lan dijaga karo Jim Kebo. Sasuwene iki ora ana sing wani babad alas, amarga yen wani mbabad alas sing akeh wit jambene iku bakal ngadepi Jim Kebo. Kanthi ora nduwe pikiran sing rena-rena marang kahanan alas iku, siji mbaka siji wit jambe sing gedhe-gedhe iku ditegor.

Kabut
:
Siji baka siji wit jambe wis rubuh Kang, alas sing kawitane peteng singlu wus katon cahyaning srengenge sing mlebu ana alas.

Tombro
:
Iya But, kira – kira wis cukup  kanggo mbangun omah.

Kabut
:
iya kang ayo ndang ditutugne pakaryan iki.

Tombro
:
iya But. ( ning jero atine Tombro krasa ana sing ora kepenak, kaya-kaya bakal ana perkara sing marani dheweke)
Tombro
:
But apa kowe ora ngrasakake apa-apa?

Kabut
:
apa ta kang?

Tombro
:
atiku kok ya ora pati kepenak, emh…, Coba rasakne angin iki saya suwe saya banter.

Kabut
:
iya kang, kang swara apa kae?

Tombro
:
wahh, kuwi swara kewan.. hladalah apa kae? Delengen kae ana kebo mlayu mrene.

Kebo
:
He. . . kowe para manungsa! Ana perlu apa kowe nganti ngrusak alas sing dakpanggoni sawadyaku, yen kena dakkandhani aja kokbacutake lakumu!

Tombro
:
Kabut, iki ana Kebo, nanging bisa tata janma kayata manungsa.

Kabut
:
iya kang, sik kang tak takokane sapa sejatine dheweke iki?
Kebo, aku lan kakangku krungu kabar yen alas iki kebak kawingitan, sapa wae sing mlebu alas ora ana sing bisa metu saka alas iki, apa kabeh iki gara-garane kowe?

Kebo
:
Ya, manunga-manungsa sing mlebu wana kene kabeh ora duwe suba sita, mlebu sapanggon-panggon sakkarepe dhewe. Padha karo sakloron.

Tombro
:
Weee,. Apa kang dadi karepmu?

Kabut
:
kakang tombro, perkara iki aku sing ngadhepi?

Kebo
:
hahaha, manungsa arep ngadhepi seluman kaya aku? Hahaha, aku Seluman kebo sing njaga wana iki.

Kabut
:
oh dadi mangkono, sadurunge aku njaluk pangapura marang sliramu, amerga alas iki arep takdadekake desa kang bisa dipanggoni dening manungsa

Kebo
:
Desa.? Ha ha ha . . . mesthine mengko bakal ana luwih akeh manungsa. Manungsa kuwi senengane apus-apus, ora duwe tatanan, senengane ngrusak alame dhewe. Ora, aku ora lila. Yen kowe tetep mbacutake lakumu, kowe bisa nduweni alas iki yen aku tumekeng pati.

Tombro
:
kabuut?  Ora pa pa?

Kabut
:
Kang, aku wis ngomong aku wae sing ngadhepi  seluman  iki, apa kakang lali aku ya ora kalah prigel karo sampyan kang.

Tombro
:
sing ati-ati kabut

->perang<-

Kebo kalah perang mungsuh kabut, nalika arep ditigas janggane. Tombro ngerti sejatine seluman kuwi apikan, mung karepe njaga alase ben ora dirusak dening manungsa.

Kabut
:
hayo taktugel gulumu.

Tombro
:
kabut, ( menggak kabut karo nyekel pedhang sing arep nigas gulune kebo).

Kabut
:
Kang, apa sing ana jroning penggalihmu, kok nganti menggak patine seluman iki, kamangka aku arep dipateni karo dheweke.

Tombro
:
weningna pikirmu dhisik.

Kabut
:
kang… kang!

Kebo
:
nyapo kowe ora mateni aku, ayo aku wis kalah, nadyan aku seluman nanging aku dudu seluman sing gedhe nanging sumbar, aku bakal netepi janjiku, tak wenehna alas iki marang kowe sakloron nalika aku tumekeng pati

Tombro
:
iya aku ngerti. Nanging ya ora isa kaya mangkono, sapa jenengmu?

Kebo
:
Aku seluman.

Tombro
:
sak akeh-akehe seluman, mesthi yay a nduwe jeneng.

Kebo
:
Aku siluman  Kebo Biru
Tombro
:
oh dadi kowe Biru, ngene aku ngerti kowe  iki ngeman banget marang pertiwi kang nggedhekake kowe. Rak yo ngono ta? Mula saka kuwi kowe ora takpateni.

Kebo
:
ora mbok pateni?

Tombro
:
iya, nanging kowe kudu ngrewangi aku nggawe lan njaga desa supaya dadi desa sing tentrem.

Kebo
:
iya aku nurut apa sing dadi panjalukmu,  ora gara-gara kowe nulungi aku, nanging takdelok saka klakuwanmu, kowe kuwi manungsa kang asipat luhur beda karo manungsa siji kang gragas, ora praduli apa-apa.

Kabut
:
coba balenana!, tak tugel gulumu!

Tombro
:
Kabut!

Kabut
:
Kang!! kuwi ngunu seluman, kang ora kena dipercaya.

Tombro
:
Kabut, sarehna atimu… aku ngerti apa sing arep taklakoni.
Bali menyang kowe biru

Kebo
:
apa ?

Tombro
:
ana Sarat sing kudu mbok lakoni kowe kudu njelma dadi manungsa. Piwelingku aja pisan –pisan  kowe malih dadi kebo maneh.

Kebo
:
Geneya kudu kaya mangkono?

Tombro
:
Yen kowe dadi kebo maneh takanggep kowe wis nglanggar sumpahmu. Kowe bakal oleh ukuman saka aku!, saguh??

Kebo
:
Iya iyaa, yen mangkono panjalukmu. Aku saguh lan bakal sumpah ora dadi kebo maneh.

Babak 3


Bapa Ajar
:
Nduk, putriku Sulistya!

Endhang Sulistya
:
Dhawuh katimbalan rama

Bapa Ajar
:
Sliramu apa ngerti alas wingit kang ana tukulane wit jambe

Endhang Sulistya
:
Inggih mangertos rama Bapa Ajar , sejatosipun wonten menapa kalihan wana menika ?  

Bapa Ajar
:
Kabar angin sing taktrima wana kuwi wis dadi desa kang aran Desa Jambean.

Endhang Sulistya
:
Lajeng rama?

Bapa Ajar       
:
Mangkene, aku oleh wangsit saka pangimpenku, menawa sliramu iki bakal oleh garwa. 

Endhang Sulistya
:
Garwa rama? Lajeng sambung raketipun kalihan Desa menika menapa rama?

Bapa Ajar
:
garwamu ana ing desa kuwi.
Endhang Sulistya

(meneng mikir )
Bapa Ajar
:
Wis ora usah dipikir, saiki sliramu takutus kanggo budhal menyang Desa Jambean lan piwelingku aja pisan-pisan kaget yen neng kana ana kahanan kang ora lumrah.

Endhang Sulistya
:
Dados kados mekaten, inggih rama kula badhe bidhal dhateng Jambean

Bewagan
:
Kanggo sawetara wektu sliramu manggona ing desa kuwi, mengko yen wis wektune aku bakal nyusul menyang Desa Jambean
.
Endhang Sulistya
:
Inggih rama, nyuwun tambahing pangestu

Bapa Ajar
:
Iya pangestuku tampanana.


BABAK 4


Endhang Sulistya
:
Apa ya iki Desa Jambean, katone kaya manggkono, dadi alas sing kondhang wingit kae wis dibabad dadi desa kaya manggkene, sejatine sapa slirane kang isa babad alas dhek kae. Aku ora ngira babar pisan.  



Saka kadohan Endhang Sulistya kapitenggeng nguwasna wong lanang gagah-gagah sing ana arep ninggalna gerumbalan wong akeh,  

Endhang Sulistya
:
Nuwun sewu, tiyang kakung wonten ngriki wau sinten

Sutinah
:
Lo, sajake panjenengan sanes tiyang ngriki nggih,


Endhang Sulistya
:
Inggih sanes.

Sutinah
:
Em….nika wau ingkang babad desa niki, namipun kang tombro, kang Kabut, lan kang Biru

Endhang Sulistya
:
Oh mekaten, nanging ingkang setunggal menika kok benten saking sanesipun?

Lastri
:
Benten kados pundi ta ?

Endhang Sulistya
:
Kok boten lumrah.

Sutinah
:
Lo, kula kok boten mangeertos nggih, miturut kula kok nggih biasah, kang Tombro gagah, kang Kabut nggih ngganteng, semono ugi kalih kang biru

Endhang Sulistya
:
Oh dadi iki sing dadi piwelingipun rama Bapa Ajar  ( ing jero ati)

Lastri
:
Panjenengan sejatosipun sinten

Endhang Sulistya
:
Kula menika ………..

Durung tutug anggone Endhang Sulistya ngomong dadak katekan brandhal

Darto
:
Hahaha ana bocah ayu iki banjar.(nyekel tangane teka buri)  Arep menyang ngendi Kowe ?

Endhang Sulistya
:
Sampeyan sapa?

Darto
:
Ha ha ha. Wong ditakoni kok malah bali takon ki piye?

Banjar
:
Wah. pancen kok ayu tenan, aku ora ngira desa sing adoh tekan ngendi-endi kok ana pawongan ayu kaya mangkene hahahahaaha. (ndemok janggute)

Endhang Sulistya
:
Aja kurang ajar kowe,

(Karo nggeret-nggeret tangane Endhang Sulistya)

Darto
:
Ayo melu aku wae. Uripmu bakal kepenak.

Endhang Sulistya
:
Aku ora bakal melu, moh..

Sutinah
:
Lo lo lo , sapeyan aja sakpenake dhewe sampeyan sapa?

Banjar
:
Weeeeee, iki dudu urusanmu, timbang kowe takpateni, aluwung minggata (njongkrokne Sutinah)
..
Sutinah
:
Tulung – tulung….



(Swarane Sutinah njaluk tulung keprungu dening Kabut)

Kabut 
:
Ana swarane wanita njaluk tulung. Coba rungokna kang Bro!

Tombro
:
Apa ta. Swara apa ta aku kok ora keprungu apa-apa wiwit maeng.
(Tulung . . . Tulung. . .)
Tombro
:
Iya aku krungu. Ana swara wong njaluk tulung. Sajake  swarane ora adoh saka kene.

Kebo
:
Sik coba daksawange.

Kabut
:
Iya Bo, sawangen saka ngendi asale swara kuwi.

Kebo
:
Swarane saka kana.(kanthi nudhing panggon)

Tombro
:
Wis. Ayo age-age mrana.

(Tombro, Kabut, lan Kebo mlayu ing panggonan wong sing njaluk tulung kuwi)

Tombro
:
Apa karepmu? Wani-wanine nggawe rusuh ing desaku.

Darto
:
Sapa kowe? Aku mung kapengin seneng-seneng karo bocah ayu iki.

Tombro
:
Yen kowe arep nggawa bocah iki. Adhepana aku. (perang)

->Perang<-

(sawise nulungi Endhang Sulistya Tombro ngrasa kepranan marang Endhang Sulistya.)

Trombo           
:
Emm. Bocah ayu, sapa kang dadi jenengmu

Endhang Sulistya
:
Kula Sulistya Kang mas

Tombro
:
Sulistya?

Endhang Sulistya
:
Inggih

Tombro
:
Hla aku kok ya ora tau tumon
sliramu ta?

Endhang Sulistya
:
Inggih, sejatosipun kula enggal teng ngrkii

Tombro
:
Oh, anyar.. omahmu pinggir endi,ya cobak takterne.

Endhang Sulistya           
:
Kula taksih enggal kemawon ing desa ngriki, dados kula dereng nggadah griya kang mas?

Tombro
:
Ohhh….ngene wae, piye yen sawetara wektu sliramu manggon ning omahku wae  

Endhang Sulistya
:
Lo, menapa boten napa-napa kang mas?

Tombro
:
Ora, ora ngapa..ayo.



Babak 5

Ing liya panggon, nalika prajurit Mojopahit sing isih nggoleki mlajare Tombro lan Kabut krungu ana wong sing ngomongake panggone Tombro lan Kabut saiki


Darto
:
Banjar, aku kok ora nyana yen Desa anyar sing jenenge Jambean kok ya ana wong sing sekti

Banjar
:
Iya kang, takkira ora ana, eh jebule kok ya ana, pancen dinane iki dina apes

Darto
:
Sapa jenenge wong gagah gagah dhek mau?

Banjar
:
Yen ora salah Tombro kang
.
Prajurit Mojopahit
:
Tombro ?( ngrungokake omongane Darto lan Banjar)

Darto
:
Iya Tombro.. dideleng saka pawakane kaya prajurit wae pawongan kae

Prajurit Mojopahit
:
Tak rungokake kowe sakloron ngomongake prajurit sing jenenge Tombro?

Banjar
:
Kisanak, kowe iki sapa?

Prajurit Majapahit
:
Apa kowe ora isa nyawang wusana sing dakgawe iki? (karo mrekes tangane Banjar)

Darto
:
Kisanak, sabar kisanak…

Prajurit
:
(ngeculke tangane Banjar) apa bener kowe mau ngomongake pawongan kang jenenge Tombro?

Darto
:
Iya pancen bener kisanak.

Prajurit Majapahit
:
Saiki dununge pawongan kuwi nyang endi?

Darto
:
Lo mengko dhisik kisanak, untunge kanggo aku lan kancaku iki apa ?

Prajurit Majapahit

:
(ngucalna dhuwit )
Darto
:
Hahahaa,.. kisana mlaku terus mangidul, mengko yen katon alas, kisanak mlebu. La ing kunu ana Desa Jambean, Pawongan kang jenenge Tombro ana ing desa kuwi.

Prajurit Majapahit
:
Yen nganti kowe sakloron nggawe goroh karo prajurit Majapahit, nyawamu sing bakal ilang.


Babak 5

Nalika prajurit teka Desa Jambean lan dheweke ngrangket Tombro sing lagi mlaku karo Endhang Sulistya.

Prajurit Majapahit
:
Heee.. mandega Dhisik! ( nyeluk Tombro sing lagi mlaku karo endhang)

Tombro
:
(noleh nyang buri)

Prajurit Majapahit
:
Ora tedheng aling-aling, Tombro iki

Tombro
:
Iya .. aku pancen Tombro

Prajurit Majapahit
:
Tombro,… kowe wis wani mlajar saka Kraton Majapahit, dadi sira takrangket takgawa nyang ngarsanane Prabu Dyah Ranawijaya

Tombro
:
Hee prajurit aku wis ora ana urusan karo prabu Dyah Ranawijaya,

Prajurit
:
Tombro aja kakehan omong, ayo melu aku

Tombro
:
Yen aku ora gelem melu?

Prajurit Majapahit
:
Aja takon dosa bakal taseret nyang Majapahit

Tombro
:
Dhik, mundura sedela!

Endhang Sulistya
:
Inggih kangmas, ingkang atos-atos

Perang








Babak 6

Ing tengah-tengah Tombro lagi andum katresnan karo Endhang Sulistya jebul Kabut teka lan meruhi kedadeyan kuwi mau lan ing njero ati Kabut ngrasa panas lan ora trima banjur omong,


Kabut
:
Oh dadi kaya mangkene kelakuwane Tombro lan Endhang Sulistya ing mburiku, apa slirane ora ngerti yen aku uga tresna marang Endhang Sulistya? Aku ora trima Kang, laraning atiku bakal dakgawa nganti besok. Kedadeyan iki bakal ora daklalikake.

Nalika Kabut lagi nguda rasane. Ora sengaja kebo krungu lan salah paham marang Kabut dikira Kabut bakal ngrebut Endhang Sulistya saka Tombro. sing  dadekake saklorone mau padha tandhing.

Kebo
:
He Kabut, mandhega kowe.

Kabut
:
Apa karepmu ngomong kaya mangkono?

Kebo
:
Apa tenan kowe bakal ngrebut Endhang Sulistya saka Tombro, yen kaya mangkono aja kokbacutake.

Kabut
:
Hla saka ngendi kowe isa weruh kaya mangkono?

Kebo
:
Ora sengaja aku mau krungu nalikane kowe ngomong ing mburine Tombro lan Endhang Sulistya. Lan kupingku ora salah krungu yen kowe ora trima Tombro bebarengan karo Endhang Sulistya.

Kabut
:
Heeh pancen bener apa kandhamu, aku ora trima yen Tombro kuwi cedhak karo Endhang Sulistya. Kuwi amarga aku uga nduwe rasa marang Endhang Sulistya, nanging aku ora bakal ngrebut Endhang Sulistya saka tangane Tombro.

Kebo
:
Hahaha, aku ora percaya yen kowe menggalih kaya mangkono, amarga aku krungu dhewe kowe ora bakal lali marang kedadeyan iki lan bakal nggawa lara atimu nganti tekan patimu. Aku ora bakal meneng bae yen kowe bakal ngrebut Endhang Sulistya saka tombro. Mula saka kuwi ayo kene majua tandhingana aku. Yen kowe tetep ngeyel bakal ngrebut Endhang Sulistya saka tombro.

Kabut
:
Mengko dhisik, aja salah tampa dhisik bo. Pancen bener aku nduwe lara ati marang tombro, nanging aku ora nduwe niyatan kanggo ngrebut Endhang Sulistya saka tombro.

Kebo
:
Haah, aja selak kowe but, wis aja kakehan omong ayo kene majua tandhingana aku.


*Perang tandhing*


Nalika Kabut lan Kebo lagi padha tandhing, saklorone kuwi padha-padha kuwate. Nganti suwi perang tandhing kuwi saya tenanan. Saklorone ora ana sing gelem ngalah, amarga ngrasa padha benere. Sasuwene perang, ana pawongan liwat sing meruhi kedadeyan kuwi, pawongan kuwi salah sijining Sutinahdesa. Banjur pawongan sing jenenge Saswita kuwi, misahke lan nengahi antarane Kabut lan Kebo.

Saswita
:
Sik..sik.. Wonten napa niki? Kok padha gegeran wonten papan ngriki?

Kebo
:
Wis aja melu-melu kowe, iki dudu urusanmu lan kowe ora ngerti apa duununge kedadeyan iki. Banjur minggata kana.

Saswita
:
Inggih mboten saged mekaten ta, kula sampun ngertosi kedadeyan niki. Inggih menapa pantes kula tinggal?

Kabut
:
Mekaten, kedadeyan niki namung salah tampa. Kula sampun nyobi ngandharaken marang slirane nanging mboten dipunpercados. Dados purun mboten purun kula kedah manut perang.

Kebo
:
Wis aja kakehan omong ndang majua, lan kowe Saswita ndang nyingkriha kana aja melu-melu perkara iki.

Saswita
:
Mboten, kula mboten purun ngalih yen panjenengan taksih mbacutaken perang,

Kebo
:
Aja dibacutake, tampanana iki.


->perang<-


Weruh yen kebo malih kebo, saswita keweden lan mlayu nggoleki Tombro.
Saswita
:
Kang mbro… kang… kang mbro… ( nggoleki parane Tombro)

Kang Tombro, kang Kabut kang….kang kabut….

Tombro
:
Loh mengko dhisik, ana apa ?

Saswita
:
Kang kabut kang..( menggos-menggos )
Tombro
:
Kabut? Kena apa Kabut ? Sejatine ana apa? Kok sliramu sajake gupuh ora kaya ing padatan sing senengane guyon.

Saswita
:
Menika boten guyon Kang Tombro. Wonten kedadeyan ingkang ndamel kula ngeten
Tombro
:
Kedadeyan apa?
Saswita
:
Kang kabut kalih kang biru?
Tombro
:
Kabut lan biru nyapo?
Saswita
:
Lagi gelut kang, sing aneh kang biru dados aneh kados kebo
Tombro
:
Dadi kebo, ora kena dianggap entheng perkara iki, ayo enggal diparani

Babak 7

Sawise Saswita ngandhani perkara sing dialami kebo lan Kebut, Tombro enggal marani wong loro. Tombro  njaluk pancethan kanggo perkara sing dialami Kabut lan Kebo. Kebo ngandharake kanthi pamikire dhewe nanging Tombro mbantah yen sing diandharake Kebo kuwi salah. Amarga Kebo sing mulane rupa manungsa saiki wis malih dadi kebo maneh, pranyata kuwi wis ngalanggar apa sing dadi sarate dhek tahun-tahun kapungkur. Ditambah Kabut wis nggeblag semaput ing ngarepe Kebo nggawe dukane Tombro.

Kebo
:
Kang Tombro?

Tombro
:
Ora usah nyeluk aku kang, bakune apa nyapo kowe dadi kebo.

Kebo
:
Aku ngerti kang aku salah, nanging.

Tombro
:
Nanging apa ? kowe malah gepuk karo dulurku kabut lan wis gawe kabut cilaka.

Kebo
:
Kang, nanging aku duwe adhedhasar saka tumindakku.
Tombro
:
Apa , dhasarmu? ora sudi nrima apa kang dadi adhedhasarmu,... kowe wis wani nglanggar janji sing mbok aturne biyen, ateges kowe kudu nampa pidana saka aku.


Babak  8     

Kebo diseret menyang alas.
Tombro
:
Ayo melu aku! Bakal dak ajar kowe.
(Kebo mung bisa meneng tanpa bisa ngelawan masiya di ajar nganti getihe kelacaran).

Tombro
:
Matia kowe! Mati kowe!

Kebo
:
ampun kang  ampun! Kabeh kuwi ora padha karo kasunyatan sing ana ing pikirnmu.
Bakal dakcethaakake.

Tombro
:
Wis menenga kowe Bo!  Omonganmu kuwi wis ora kena dipercaya maneh. Aku dhewe ya kuciwa banget marang kowe. Lambene seluman panen ora kena dipercaya
(Kebo wis ora bisa ngomong nalika Tombro nyeret kebo mlayu nganti tekn pinggire rawa).

Kebo
:
Aku kudu nglakoni tumindak kang kepriye maneh supaya kowe percaya karo aku.

Tombro
:
Apa kowe ngerti yen rawa iki bakal dadi seksi durakamu marang aku.

Kebo
:
Kang, kang,!

Tombro
:
Ora ana ampun maneh kanggo awakmu.


Kebo
:
Kang yen pancen mangkono, ora isa ngomong apa apa maneh, aku wis janji marang sliramu kang. Aku bakal njaga desa iki, dakkira janjiku wis taklakoni. Yen pancen dinane iki dinaku. Aku iklas kang.

Tombro
:
Heemm, apa kaya mangkono, sing dhasare seluman, nganti jaman akir, sipate tetep wae seluman.
Rasakna iki!
(Tombro nguncalake  ragane kebo kang wis lemes menyang rawa-rawa nganti kelep.Kebo mung bisa pasrah amarga dheweke mikir gawe apa urip yen wis ora dipercaya maneh).


Sanalika mripate Tombro mendhelik, dheweke kapitenggengan nalika ketip sepisan  mau ngerti  neng dunya. Rawa-rawa sing buthek owah dadi bening banget nganti katon watu-watu ing jero banyu. Ora mung watu-watu sing katon nanging kabeh kang ana ing njero banyu kuwi bisa katon cetha. Sanalika dheweke bingung.

Tombro
:
Ana apa iki?
(Tombro bingung karo tolah-toleh)

Kabut
:
  Tombroo

Dumadakan ana swara kang asing kanggone Tombro.

Tombro
:
Loo, Bapa…

Bapa Ajar
:
Iya iki aku Tombro

Tombo
:
Oh, Bapa Ajar  …., nyuwun pangapunten. Wiwit kapan Bapa wonten ngriki?

Bapa Ajar
:
Wiwit kowe perang karo kebo.

Tombro
:
Kula nyuwun pangapunten Bapa sampun ndamel geger ing desa menika. Kula boten nyangka Kebo mblenjani janji

Bapa Ajar
:
Iya ora dadi ngapa. Sejatine kowe iki kliru Tombro?

Tombro
:
Hloh napa Bapa?

Bapa Ajar  
:
Jan-jane kowe iki bingung marang kahanan ing sangarepmu ta?

Tombro
:
Inggih, kok saged dados mekaten, menika kados pundi ?

Bapa Ajar
:
Ngene Tombro, sejatine Kebo sing nyemplung ing telaga kuwi mono siswaku, dheweke takutus kanggo njaga alas iki, suk mben, alas iki dadi desa yen kebo kalah marang pawongan. dheweke uga takutus dadi abdine pawongan kuwi, ora liya ya kowe Tombro.
Ngenani Kabut, dheweke ora apa – apa, sejatine perkara iki salah paham, Kebo sing mbok kira mblenjani janjine kuwi mono mbelani kowe Tombro.
 

Krungu omongane Bapa Ajar  . …… sing kaya mangkono njalari Tombro gela lan getun banget. Dheweke njegur banyu kanggo nggoleki kebo kang wis kedhelep mau.

Tombro
:
Kebo ngapuranen aku kebo.
(Tombro bengok – bengok karo nggoleki kebo ing banyu).

Bapa Ajar
:
Tombro, wis aja ngrasa luput, ora ana sing luput antarane kowe, Kabut, lan Kebo.
Kebo wis ora isa ditemokake maneh tombro, dheweke ngrasa wis nglakoni kabeh sing dadi kawajibane.  Telaga buteg mau dadi wening lan saking weninge nganti banyu kaya warna langit, warna biru amargane kebo wis nyawiji karo banyune, mula kowe kudu bisa njaga banyu iki nganti mbesok

Tombro
:
(nggetuni kahanan )saka kadadeyan telaga iki bakal takwenehi jeneng banyu biru

Nanging kanyata kebo ora bisa ditemokake. Kebo wis nyawiji karo banyu sing bening lan werna biru mau. Kamangka saka kahanan kuwi banyu wening mau diarani Banyu Biru.








0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads