Friday 18 November 2016

Memanen Hasil - Kenakalan Kera

Posted by ilmu dasar kehidupan On 04:14 | No comments
Berpindah ke cerita lain, yaitu cerita hewan dulur. Cerita kali ini akan membahas tentang kenakalan se  ekor kera, arena kenakalannya dia menerima akibat yang setimpal. Cerita berikut akan ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa.


“Munyuk Kang Nakal”


Ing sawijining alas, akeh urip para kewan- kewan ora liya yaiku kancil, munyuk, kura- kura lan uga kewan – kewan liyane. Telu kewan iku pancen wis kekancan apik awit disek. Dadi iya ora salah yen ketelune iku wis mangerteni sipat kang di duweni kanca- kancane kuwi. Kancil polahe pancen cerdik, pinter lan uga bijaksana uga lucu, makane kancil dadi sawijining kewan kang paling disenengi karo kewan- kewan liyane. Kura- kura setya marang kanca. Antarane katelu iku pancen munyuk iku kewan kang ora bisa kekancan apik marang liyane sipate munyuk iku yaiku nakal, bedigasan kakehan polah alias ora gelem meneng, serakah, lumuh ora gelem nyambut gawe lan sakpenake dewe. Nanging kang apik saka munyuk yaiku seneng tulung marang liya nadyan kudu ana imbalane alias nulung kudu ana pamrih.
Ing sawijining dina katelu kewan iki mlaku- mlaku menyang tegalane kancil lan kura- kura. Ing kunu akeh sayur mayur uga buah- buahan kang ditandur lan dirumat kanthi tumemen karo kancil lan kura- kura. Ing pojokan katon buah abang branang katon seger lan nyengsemake.
“waahhhhh,, woh apa kuwi? Enak temen iku kayake yen dipangan” pitakone munyuk karo mesam- mesem sajak kesengsem.
“iku woh ...”
Durung bar anggone kancil ngomong munyuk langsung mlayu marani woh- wohan iku banjur lansung dipangan, tanpa takon iku woh apa.
“lhoooohh kok rasane ngene. Panasssss pedesssssssss panassssssss lambeku panaaaaaasssss, lambeku , lambeku tulung aku cil......” bengoke munyuk amarga kepedesen sabanjure mangan woh lombok.
“aku maeng jan- jane arep kandha marang awakmu yen kuwi jenenge woh lombok. Kang pancen rasane pedes lan panas. Nanging durung bar anggonku ngomong awakmu wis langsung mbok pangan wae” kancil ngomongi
“ya rasakne kunu, makane yen enek wong ngomong dirungokake nganti tutuk disek” clatune kura- kura
Munyuk klesetan lonjak- lonjak mlayu ngalor ngidul ora karuan merga kepedesen, banjur nyemplungake sirahe ing sawijining kali kang ana ing cedhake tegalan.
“iya aku kapok, gak tak baleni maneh cil, kura- kura.” Munyuk ngaku kliru.
Ora suwe sawise ngomong lan ngaku yen dheweke salah munyuk ora kapok malah baleni klakuwane. Dheweke ngerti ana tanduran gedhang kang jejer- jejer ing sapinggire kali. Tanduran gedhang kuwi sing nandur yo ora liya yaiku kancil lan kura- kura.
“wahhhhh, gedhanggggg” munyuk mesam- mesem kanthi mripat kang binar- binar nyawang gedhang sing jejer- jejer ing ngarepe dheweke.
Dheweke langsung mlayu menek wit gedhang kang iseh durung mateng
“ munyuk kuwi durung maat”
Durung rampung munyuk ngomong dheweke wes menek wit lan mangan woh gedhang iku.
“ ahhhh rasane gak enakkk,”calthune munyuk.
Siji baka siji wit gedhang dipenek gentenan lan dicicipi kabeh lan kulit sisa anggone ngicip gedhang diuncalke ing ngisor nganti kenek ing sirahe kancil lan kura- kura. Nanging  apese kuwi saka kabeh wit- witan kang wis dipenek durung enek sing mateng. Kancil lan kura- kura mung bisa mangkel pegel nyawang polahe munyuk kang wis kebacut kuwi. Munyuk terus mider lan menek wit gedhang siji baka siji lan sasuwene iku dheweke kasil nemokake wit gedhang kang wohe wis mateng. Tanpa ngenteni suwe dheweke banjur mothel kabeh gedhange banjur ngiming- iming kancil uga kura- kura.
“hehhh munyuk, aku njaluk gedhange siji wae, aku lan kura- kura sing nandur kabeh wit gedhang iki” jlentrehe kancil
“ iya aku lan kancil kang nandur kabeh wit iki”. Tambahe kura- kura
“ yen awakmu pengin, mreneo munggaho lek kowe isa” hahahahaha clatune munyuk marang kancil lan kura- kura.
“ kowe kok sapenakmu dhewe, iku kabeh duwekku lan kura- kura, aku lan kura- kura sing duweni hak, kowe ora melu nandur kok sapenakmu dhewe ngentekne apa kang samestine ora duwekmu”. Kancil mangkel
“ Sing nemu aku, sing apek aku dadi iki kabeh duwekku”.
Kancil lan kura- kura tansaya mangkel, munyuk sapenake dhewe mangan ing dhuwur wit lan ngenteke kabeh woh gedhang sing kanthi rekasa wis ditandur dening kancil lan kura- kura. Munyuk kang lagi kesenengen anggone mangan gedhang ing dhuwur wit, lan kulite duguwak sebrana ing ngisor ora gatekake kancil maneh, akhire kancil dhuwe ide dheweke nglumpukne tanduran kang duweni eri lincip- lincip lan kura- kura nglumpuke kulit gedhang kang pating klecer ing ngisor, kabeh ditata ing ngisor wit gedhang kang ing dhuwure ana munyuk sing lagi mangan gedhang. Banjur
“kura- kura ayo mangan semangka”. Ajake kancil marang kura- kura.
“ayo cil, luwih seger lan enak mesthine tinimbang gedhang”
Sanalika iku munyuk banjur ngadheg nyawang ngisor nyawang kancil lan kura –kura.
“semangka aku iya jaluk cil” ature munyuk
Sanalika iku munyuk nyolot medhun lan lansung kplese kulit gedhang lan mancep ing dhuwure tanduran eri.
“ aduhhhhhhhhhhh, awakkkuuuuuuuuu” tulung aku cil kura kuraaaa..”
Sawise iku  munyuk ditulung lan dituturi marang kancil. Yen anggone kancil lan kura- kura nggawe munyuk kaya mangkana ora amarga dendam nanging pelajaran, supaya dheweke ora baleni.


diselesaikan oleh Yuliana Sri Astuti

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads