Friday 18 November 2016

Kambing dan Harimau

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:58 | No comments
Cerita berikut tentang harimau, kambing serta Kerbau. hewan-hewan tersebut dihidupkan seperti layaknya manusia. bagaimana penganggit akan menghidupkanny?
cerita akan ditulis menggunakkan versi Jawa



Wedhus lan Macan


Rikala semana, ing sawijine panggonan sing garing lan gersang, urip kebo sing kuru. Amarga ora ana suket sing kena dipangan. Kebo banjur pindah menyang panggonan liya sing luwih subur, nalika wis teka papan kang luwih subur, lan akeh suket. Kebo mbatin seneng “Nah, ya iki pangananku, wareg aku yen sukete akeh kaya ngene.”
Kebo geage mlayu karep arep ndang mangan suket-suket ijo kuwi, nanging ora dikira ana macan sing ngedhang-ngedhangi. Banjur omong, “kowe ora bisa mangan neng kene sadurunge oleh ijin teka aku.”
“Ya wis, yen ngono aku pamit marang kowe can, aku pengen mangan suket-suket iki.”
“mangga, tapi syarate kowe kudu manut karo aku.” Saute macan. “amarga, sapa wae sing arep mangan suket neng kene iku mesti ngewenehi apa wae sing tak jaluk. Nah, aku pengen kowe sesuk ngewenehake atimu neng aku.”
Kebo mikir kanthi bingung, banjur semaur “ya wis, bakal dak wenehake atiku iki.”  Sidane kebo janji bakal ngewenehake atine marang macan.
Seminggu sawise kebo janji marang macan, macan teka. Tanpa dielingake Kebo uwis ngerti apa tujuwane Macan mara, ya ora liya kanggo njaluk atine kebo kaya sing wis dijanjikake.
“Piye karo janjimu Bo?” pitakone macan
“Anggonmu nagih janji kuwi kecepeten can.” Semaure kebo. “Sabar, sesuk wae yen awakku wis lemu tagihen maneh janjiku.”
Kira-kira 3 wulanan sawise kebo mara ing papan subur kuwi, awake kebo wis ketara lemu. Ngerti yen kebo wis lemu, macan mara maneh nagih janji. Tapi kebo ora gelem ngewenehake atine, “Kena apa aku kudu ngewenehake atiku iki? Pramila aku ya mung mangan suket kene. Njur iki suket lah ya duwekku barang ta.” Pikire kebo.
Keprungu iku, macan ngamuk, nanging kebo uga wis siap anggone arep nglawan si macan. Pungkasane kebo lan macan gelut, anggone gelut iku suwi banget. Kebo wis ora kuwat nglawan macan sing kuwat iku. Kebo mlayu sabanter-bantere, Macan ora gelem kalah, macan nguber kebo terus-terusan.
ing tengahe dalan kebo ketemu karo Jaran.
“nyapo kowe kok playon kaya mangkono?” takone jaran.
“aku diuber macan. Macan iku arep mateni aku,” semaure kebo.
“wis, kowe ora usah wedi. Saiki ndelika wae neng mburiku!” saute jaran kanthi sombong.
nalika macan teka, jaran tarung karo macan. Nanging pungkasane Jaran kudu ngakoni yen Macan iku pancen kuwat lan ora bisa dikalahake.
Jaran lan Kebo sidane mara menyang panggonane Bantheng.
“dulurku, aku lan kebo arep dipateni macan. Macan saiki lagi ngiter aku. Tulungana aku lan kebo ya.” Penjaluke Jaran.
“ya, yen pancen macan pengin mateni kowe kabeh, ben macan mateni bantheng sing kuwat iki dhisik.” Ujare bantheng sing sombong. “ neng endi saiki macan kuwi?”
Kebo lan jaran durung semaur, nanging macan uwis mencolot kanthi swara ngaum kang banter. Sidane macan lan bantheng uga tarung kanthi sengit. Nanging sidane Kebo, Jaran lan Bantheng mlayu keweden amarga si bantheng uga kalah nalika nglawan macan. Nanging macan ora marem yen durung bisa mangan kewan telu kuwi, macan terus nguber Kebo, Jaran lan Bantheng.
Sawise mlayu adoh, Kebo, Jaran lan Bantheng iku teka ing sumur sing wis asat ora ana banyune. Njur ketemu wedhus, Bantheng crita marang wedhus ngenani critane karo macan  mau. Ora kakean omong wedhus siap anggone arep ngewangi kewan 3 maeng. Nanging kewan-kewan kuwi ora percaya.
“Kowe arep ngewangi aku karo kewan-kewan iki? wis karuwan melua mlayu tinimbang kowe mengko dipangan macan. Macan kuwi kuwat, hla kowe mung wedhus kewan cilik sing ora nduwe kakuwatan apa-apa.” Omonge jaran sengit.
“iya, ora mungkin kowe bisa ngalahne macan sing kuwat.” Saute kebo.
Kewan telu mau banjur ndelik ing gubug sacedhake sumur, ninggalake wedhus. nanging wedhus ora mlayu, dheweke tetep neng kono karo mikir. Wedhus banjur oleh ide, dheweke mblodro woh kaktus meyang awake, nganti awake dadi abang. Ora suwi, macan teka kanthi praupan muntab.
“apa kowe weruh Kebo lan kanca-kancane?” takone macan.
“iya, ana apa?” saute wedhus
“kabeh kewan kuwi bakal dak pateni.”
“kewan-kewan kuwi uwis dakpateni kabeh, merga ngganggu aku. Iki sawangen awakku dadi abang kabeh merga getihe. Kewan 3 kuwi wis dakpateni. Yen kowe ya ngganggu aku, kowe ya bakal dakpateni.”
“Kowe dhus? Ora mungkin kowe isa mateni kewan telu mau. Yen bener kowe wis mateni kebo lan kanca-kancane, saiki dudohana aku neng endi mayite kewan telu mau kabeh?” takone macan semu ora percaya.
“yen kowe pengin eruh kewan telu mau, incengen sumur iku!”
Macan bingung, banjur macan ngongak nginceng njero sumur. Durung nganti macan ndelok isine sumur, wedhus nyruduk awake macan nganti nyemplung ing sumur lan mati. Jaran,kebo lan bantheng njaluk sepura marang wedhus amarga nyepelekake, lan ngaturake maturnuwun amarga wis ditulung saka bebaya.


diselsaikan oleh Alfiah Meisari

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads