Friday 18 November 2016

Harimau dan Burung Pipit

Posted by ilmu dasar kehidupan On 04:34 | No comments
Cerita lain tetapa masih sama didunia hewan. Crita yang membahas tentang harimau dan burung pipit. Cerita ini akan dibahasakan kedalam bahasa Jawa. simak crita dibawah dulur!



EMPRIT LAN MACAN

            Ing alas, Emprit dikenal kewan-kewan saalas dadi kewan kang paling dibombong. Emprit iku paling ayu lan paling apik swarane. Tur maneh, dheweke iku loma lan apik atine. Kaluwihane mau kasuwur marang para penghuni alas. Dadi, Emprit mau diurmati kabeh kewan sing ana ing jero alas.
            Nanging ing antarane kabeh kewan sing seneng marang Emprit, ana kewan siji sing ora seneng utawa meri nanging nyengkuyung uga supaya Emprit dadi Putri Alas kaya kanca-kancane, yaiku Elang. Dheweke meri amarga akeh banget sing mbombong Emprit ing ngarepe dheweke, apa maneh dheweke ora ayu kaya Emprit lan bisa nyayi apik. Beda maneh karo kewan-kewan saisi alas sing seneng bisa ngerti kaluwihane Emprit lan bisa nggawe tentreme ati yen nyawang lan ngrungokake Emprit yen nyanyi.
            Ing sawijining dina, kabeh warga alas padha kumpul menyang Emprit guna ngrungokkake swarane sing apik banget iku. Ngerti kaya mangkono, Elang saya mangkel atine, dheweke miber menyang jero alas. Ora sawetara adoh, ora ngira dheweke kepethuk macan ing tengah dalan. Dheweke mudhun banjur ngampiri Macan. “Wah, ana panganan mara, beja tenan aku dina iki,” batine macan.
            Macan alon-alon nyedhaki Elang, siyap nyaplok Elang sing katon enak ing panyawange Macan.
            “Aja pangan akuuuu,” njerite Gagak karo rada ngadoh.
            “Hla geneya?”
            “Dagingku ora enak, pait. Aja pangan aku, isih ana sing luwih enak tinimbang aku.”
            “Sapa iku?
“Emprit. Dheweke luwih enak amarga mangane enak-enak. Saben dina disuguhi panganan dening kabeh kewan saisi alas. Dheweke lagi wae dilantik dadi Putri Alas.” Jlentrehe Elang.
“Hlo hlo hlo… kok isa? Sakjane ya aku sing dadi Raja alas iki. Ora ana sing jenengi putri utawa ratu, anane mung Raja Alas yaiku aku Macan.
“Sakjane aku ya ora seneng yen Emprit dadi putri. Luwih becik ya awakmu sing dadi Raja Alas. Piye miturutmu?”
“Ayo saiki terna aku menyang papane Emprit. Kok ana kewan cilik bisa dadi panguwasa ing alas sing amba kaya ngene. Apa ya kuwat nandangi kabeh perkara sing ana?”
            “Ayo, Can. Aku ora sabar kepengin nyawang kalahe Emprit yen lawan awakmu. Kena caplok sepisan ya wis ilang nyawane.”
            Kewan loro mau rembugan kepriye supaya bisa mudhunake drajate Emprit. Yen ora ngono ya menisan ndhelikake utawa mateni Emprit supaya Macan bisa dadi pemimpine kewan-kewan sing ana ing alas. Pikire Macan, yen dadi Raja alas mangan kari njaluk ora usah kesel-kesel playon nggudag kewan buron.
            Ing papan panggonane Emprit kabeh kewan padha menakake upinge ngrungokake Putri Emprit nyanyi. Ora disangka ana rong Kidang mlayu saka tengah alas mara mrono. Dheweke ngaku yen perangan alas sing dienggoni Kidang kuwi mau kena kobongan. Kidang-kidang kuwi mau njaluk pitulungan marang Emprit, mula Emprit ngongkon para kidang supaya urip ing alas kono wae.
Sawise rembugan sakloron mau marani Emprit menyang panggone. Tekan kono, kewan sing padha ngerti ana macan sing teka mrono, padha mlayu kethetheran. Kajaba Emprit lan Kancil, ora wedi. Banjur macan marani Emprit lan nduwe niyatan ngapusi Emprit.
            “Prit, ing jero alas kono ana perkara, gelem ora awakmu ngancani aku. Aku ora bisa nulungi, mung awakmu sing bisa nulungi.”
            “Perkara apa iku, Can? Samesthine awakmu lak ya bisa ngebari masalah kuwi dhewe, apa maneh ana Elang sing mrene bareng awakmu mau.” wangsulane Emprit. “Banjur aku bisa nulungi apa?
            “Kucing lagi kecepit ing jero panggon lan mung awakmu sing bisa mlebu lan nulungi kucing.”
            “Iya.. iya, ayo, Cil,” Emprit ngajak Kancil.
            “Lang..Lang, gak usah ngajak Kancil. Mung aku karo awakmu thok wae.” saute macan.
            “Ya wis, ayo ndang budhal.”
            Ing tengah dalan, Emprit mikir, kenapa mung dheweke sing dijak macan, kenapa kok ora oleh ngajak liyane? Kancil keweden. Tekan panggon, macan nduduhi Emprit ing ngendi panggone kucing sing lagi kecepit. “Kok ora ana swara ya yen kucing lagi kecepit?” batine Emprit.
            Panggone kucing kecepit iku ing njero bolongan wit sing dalane cilik. Mesthi wae macan ora bisa mlebu. Bareng Emprit wis mlebu, dheweke ora ngerteni yen ning kono ana kucing babar pisan. Jebule dheweke dibujuki karo macan. Bareng Emprit arep metu, sikile malah kecanthol. Kahanan kuwi mbejakake macan sing arep nyerang Emprit.
            Dumadakan, ana Kancil sing mak bedunduk nulungi Emprit sing kecanthol sikile. Cepet-cepet anggone nulungi banjur dijak mlayu. Macan ora sida beja malah ketatap wit. Banjur, sadurunge Kancil lan Emprit mlayu adoh, dheweke ngerteni Gagak marani macan sing lagi kelaran. Emprit lagi ngerteni, jebule sing marakna dheweke kaya ngene iki mau Gagak.

Dikerjakan oleh Choiria Fitriyanti

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads