Thursday 3 November 2016

Kikis Tunggarana Bahasa Jawa

Posted by ilmu dasar kehidupan On 08:23 | 1 comment
Kembali lagi ke ceita Raja Muda Gatutkaca. Suatu ketika terdapat amanah untuk mencari pengetahuan guna memperkuat jati diri. dilain piha juga trdapat raja muda yang juga sama meminpin para kalangan raksasa. Dialah Boma putra dewa Wisnu.
perebutan itu terjadi sangat sengit anatara kedua raja tersebut 
cerita yang lebih lengkap akan dicertakan di bawah



KIKIS TUNGGARANA




Pranyata pangarep-arepe Prabu Kresna marang putrane, Sitija panguwasa negara Trajutrisna, ora kaya pangarep-arepe. Prabu Bomanarakusuma ngajak geger terus. Kapisan sing dilakoni ora ndadekake rakyate makmur nanging upaya njembarake wilayah lan njembarake pangaribawane tumrap negara-negara sakiwa tengene. Lan saiki wis kudu ngadhepi Kerajaan Pringgadani. Prabu Boma Narakasura nduwe niyat nyawijekake negara-negara raseksa, ora kajaba Pringgadani. Dheweke kepingin ngasorake kanthi cara nggawe perkara cilik sing bisa ndadekake perkara gedhe tumrap Gathotkaca lan Kerajaan Trajutrisna.
Ing Kerajaan Pringgadani esuk iku nrima tamu saka kerajaan Tunggarana, sing dadi rajane yaiku Prabu Kahana. Kerajaan Tunggarana wiwitane jajahane Pringgadani, nanging sawise Prabu Arimba gugur, mula misahake dhiri saka Pringgadani. Nanging saiki Tunggarana sing wis mardika dijajah Pasukan Trajutrisna. Prabu Anom Gathotkaca dadi murka. Gathotkaca ngerti sabenere Prabu Boma mung nggawe onar supaya Pringgadani lan Trajutrisna perang. Yen Pringgadani kalah perang, mula Pringgadani bakal dijajah Trajutrisna.
Nanging Gathotkaca janji marang tamune, yaiku Prabu Kahana, Pringgadani bakal mbantu Kerajaan Tunggarana kanggo ngusir Prabu Kahana saka wilayah Tunggarana, lan Pringgadani ora bakal njajah maneh kaya wektu  jaman Prabu Arimba.
Persiyapan perang wiwit disiyapake. Gathotkaca njaluk loro kakakee, Antareja lan Antasena, supaya ngrewangi dheweke. Pasukan Pringgadani karo pasukan Tunggarana direwangi Antareja lan Antasena tumeka ing Tunggarana.
Perange kedaden. Pasukan raseksa, sing dipimpin Detya Kala Ancakogra, Detya Kala Yayahgriwa, Detya Kala Mahundara, Detya Kala Dandang bikudan, Detya Kala Timangdapur sarta Wilmana Nyerang pasukan Pringgadani.
Sawetara iku Boma ngrewangi Setyaki lan Samba nyerang bala Pringgadani. Dheweke mihak Boma. Kekuwatane rong pasukan kuwi imbang, padha kuwat tahan. Nanging wektu pasukan raseksa jadi-jadian saya ndheseg, mula Antareja lan Antasena wiwit nggunakake aji Wisa Upas. Dheweke banjur kena Upase Antareja, mula dheweke bali menyang asale. Yayahgriwa bali dadi pecahan tempayan, Mahundra bali dadi balung manuk dara. Sawetara iku Gathotkaca lagi nglawan Ancakogra. Ancakogra katon sekti banget. Pungkasane Gathotkaca ngetokake aji pamungkase, kanthi tapak aji Brajamustilan dirangkep tapak aji Brajadenta, kaloro tangane Gathotkaca nggegem kadya tangan wesi lan njotos dhadhane Ancakogra. Dhadha tengen lan kiwane pecah lan ajur, banjur Ancakogra mati. Ancakogra bali dadi ancak sajia. Semono uga Antasena uga ngasorake mungsuh-mungsuhe, Dandangbiku lan Timangdapur uga lebur. Dheweke bali dadi rosokan dandang lan rosokan sabuk. Ngerti kaya mangkono, boma ngamuk. Saiki kari siji piarakane sing isih urip yaiku manuk rajawali raseksa peralihan saka awake Prabu Narantaka. Prabu Boma Narakasura age-age numpaki manuk iku, lan eladhung Gathotkaca rada kuwalahan Gathotkaca ngladeni.
Sawetara iku wong tuwane dheweke teka, Werkudara, Arjuna, lan Puntadewa saka Pringgadani. Dene pihak Trajutrisna teka uga Kresna lan Baladewa. Kahanan saya panas. Kresna ndhukung Boma supaya Trajutrisna menangake perang iki. Semono uga Pandhawa mbengok marang Gathotkaca supaya menangake perang.
Prabu Kresna ngeyel yen Tunggarana duweke Trajutrisna. Amarga Boma sing menehi weruh Prabu resna yen Gathotkaca ngrebut Tunggarana. Dene Tunggarana sebenere wilayah Trajutrisna. Mula Werkudara bisa ndhidhik Gathotkaca.
Werkudara ngeyel. Tekane Gathotkaca mung kepengin mbantu negara Tunggarana nguwalake dhiri saka murkane Prabu Boma Narakasura, ora njajah kaya Boma Narakasura. Malah Prabu Kresna kudu bisa ndhidhik anake, Boma Narakasura. Rong kubu kasebut saya geger. Luwih-luwih Baladewa nyerang Werkudara.
Prabu Kresna mikir yen ora mungkin Boma ngapusi amarga dheweke keturunane Dewa. Werkudara kepancing , dheweke murka lan mberot arep nekani Baladewa lan nglawan. Prabu Puntadewa njaluk kaloro pihak supaya sabar, kareben anak-anake sing ngrampungake. Krungu tetembungan Prabu Puntadewa, kaloro pihak kuwi sarujuk.
Sawetara iku Gathotkaca nantang Boma Narakasura perang ing langit. Prabu Noma Narakasura numpaki manuk Wilmana jelmaan Prabu Narakasura. Manuk Wilmana nggudag Gathotkaca karo nyemburake geni. Bola-bali Gathotkaca diserang karo geni. Gathotkaca nglayangake aji Brajamusti saka kadohan, lan tepak kena sasaran. Boma ceblok saka manuk Wilama banjur mati.
Prabu Kresna siyap ngetokake Pusaka Kembang Wijayakusuma. Nanging Bathara Kresna kaget wektu ngerti Boma tangi maneh numpaki manuk wilmana lan nyerang Gathotkaca maneh. Prabu Kresna kaget wektu ngerti kasektene anake sing ora kinira sadurunge. Bathara Kresna mulai percaya yen Sitija saiki dudu Satija biyen. Boma wis kalebon sukma raseksa sing sekti. Mula Bathara Kresna ngendheg paprangan ing antarane Trajutrisna lan Pringgadani.
Pungkasane kaloro pihak padha ngendhegake paprangan. Dhewehe diajak rundhingan. Saka pihak Trajutrisna ana Boma Narakasura, Setyaki, lan Samba. Dene pihak Pringgadani, Gathotkaca, Antareja, lan Antasena. Banjur saka pihak Tunggarana ana Prabu Kahana.
Saka pihak Pandhawa lan pihak Dwarawati mutusake bakal mbalikake Tunggarana marang Prabu Kahana, balik dadi negara mardika.lan pihak Gathotkaca utawa Boma ora kena nyerang Kerajaan Tunggarana. Dheweke ora kena njupuk Tunggarana supaya njembarake wilayahe. Kabeh sarujuk, kajaba Boma. Dheweke janji bakal perang maneh lawan Gathotkaca. Prabu Tunggarana nrima keputusan kasebut lan ngucapake panuwun marang kabeh pihak saengga bisa nggayuh karaharjan. Banjur kabeh padha balik menyang negarane dhewe-dhewe.


Merupakan tugas pelengkap yang dikerjakan oleh Choiria Firtrianti

1 comments:

abasozora said...

mantap terima kasih banyak

Total Pageviews

anti block

G.ads