Wednesday 21 August 2019

Geguritan Wis Pegel

Posted by ilmu dasar kehidupan On 21:21 | No comments

Karya Wisnu P.B



WIS PEGEL

Anggonku ambegan dakkira wis suwe
Upama mlaku kena diarani adoh banget
Rambut ireng gumanti warna
putih terang kawaca
Prigel anggonku olah ingolah
Saiki sing karasa mung pegel

Banyu kang netes saka soca
Ngelingi dhek jaman semana
Wiwit kuncung nganti gelung
Wiwit timur nganti diwasa
Kabeh ngunu dak siya-siya
Ngombe, main, madon
Iku sing mesthi klakon

Saiki aku wis pikun
Kadang kala lali omah lali dalan
Lali kahanan lali panggonan

Aku wis pegel nglakoni urip
Saben saben klera-kleru
Dhuh gusti aku jaluk pangapura
Marang kabeh dedosa

PANGGON CIUT

Rong meter ping rong meter
Kabangun tembok ra sepira dhuwur
Katutup gentheng ireng kebak lumut
Kalapis keramik tan tinata
Among samunu panggon panguripan

Urip ing panggon ciyut
Saben ambegan mesthi sesek
Obah ingobah mesthi katatap
Kapan isa metu saka kene



0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads