PRASETYAMU
Nganti seprene isih dak
ugemi
Apa sing nate kok
ucapake marang aku
Janji prasetya urip
bareng selawase
Saiki mung dadi
pangeling-eling
Tembung setya tuhumu
iku palsu
Pranyata saiki amung semu
Tetembunganmu biyen kae
amung ana ing lathi
Sliramu nyidrani janji
Nanging aku mung bisa
pasrah
Iki kabeh wis dadi
garis uripku
Muga Gusti enggal
paring usada
Anggonku lara ngugemi
prasetyamu
Lidah Wetan, Jumat,
31 Oktober 2014
AKU
LAN SLIRAMU
Nadyan asring gawe
gelaning atimu
Esemmu tansah setya
anunggu baliku
Kebak rasa kapang ing
dhadhamu
Ora liya ya mung kanggo
aku
Ana pangrasa kang ora
bisa dakandharake
Dadi sengseming manah
nalika aneng sandhingmu
Iya, sliramu kang dadi
pepujanku
Sejatine rasa iki ora
sengaja tuwuh ing atiku
Aku kang lagi nandhang
branta
Nalika sliramu teka
nggawa tresna
Tresna kang bisa
ngadhemake geni ing atiku
Oktober, iya ing sasi
iku
Sliramu lan aku satuhu
ngiket prasetya
Ora bakal ana cidra
Lidah Wetan, 3
November 2014
NANDUR KABECIKAN
Ayo tumindak kang becik
Rina wengi tansah
ndonga
Ingkang tumuju Gustine
Yen sira tansah memuja
Antuka kanugrahan
Nuli nyembaha Gusti
kang Agung
Ing tembe bakal katekan
Lidah Wetan, 11
Maret 2014
ANGEN-ANGEN
Wengi iki sansaya sepi
Nalika eling dhek
semana
Lungguh jejer karo
sliramu
Bebarengan nyawang
endahing lintang
Kang abyor ing
awang-awang
Nanging saiki mung
angin kang dadi kancaku
Amarga sliramu adoh
saka pandelengku
Mung siji kang dadi
kekarepanku
Balia, aku kapang
marang sliramu
Lidah Wetan, 11 November 2014
PITUTUR
Rasa gumuruh aneng
dhadha
Ati kang kapang marang
Gusti
Terus tuwuh saya gedhe
Ing manah kang lagi
kelangan cekelan
Hawa panas sajroning
diri
Amarga tumindk ala kang
saya ngrembaka
Nadyan akeh pitutur
becik
Datan bisa ngalangi
bisike iblis
Amarga ati ora
kepageran iman
Neng donya bakal cilaka
Ing akherat bakal
sengsara
Lidah Wetan, 27 November 2014
KOSONG
Kosong kuwi kebak isi
Kabeh ruwang kaisi
Yen kok deleng kosong
Kowe lagi urip ing
tataran raga
Kosong kuwi ana pucuke
Kabeh ruwang ana hawane
Yen kok kira kuwi
kosong
Kowe lagi tekan ing
panca indera
Kosong iku wujud
sampurna
Kabeh ruwang migunani
Yen kok kira kosong
Kowe lagi bae tekan ing
tataran nepsu
Mula kosongke atimu
Kareben iri lan drengki
adoh saka atimu
Lidah Wetan, 13 November 2014
MANGSA
Ya kowe angin semesta
Kang ngirim warta
ngenani mangsa ketiga
Grimis wis tumekan ing
netra
Gandha lemah kang teles
wis bali ing jantung donya
Mangsa apa iki?
Tandhane ora kinira
Kebak pitakonan ing
saben pawongan
Ning wangsulane ora ana
Lidah Wetan, 13 Novenber 2014
RASANING
ATI
mung esem kang bisa
katon ing netra
nalika adoh jarakku lan
sliramu
nanging kowe tetep
katon sampurna
lan nduweni arti kanggo
uripku
senadyan adoh
tresna iki isih kanggo
sliramu
tangan iki pancen ora
bisa nggegem tanganmu
nanging tresna iki isih
duwekmu
Lidah Wetan, 13 November 2014
BUMI
Arane Bumi
Kebak isi kang migunani
Kanggo sapa bae kang
mbutuhake
Saiki, sesuk, uga
sawayah-wayah
Ning nalika ora dijaga
Dheweke uga bisa murka
Nguntabake isi saka
jero wetenge
Nggoyahake apa bae kang
ana sakiwa tengene
Uga bisa nangisi lakune
manungsa
Kang ora duwe tanggung
jawab
“Aku uga butuh
kokgatekake
Ora mung kokjupuk apa
sing ana ing awakku!”
Lidah Wetan, 29 Desember 2014
BAPA
IBU
Sumunare netra lan
manise esemmu
Nalika nyawang putramu
Kang kebak
pangarep-arep
Mugya dadi putra kang
migunani
Aku mangerteni
kapenginan kuwi
Sabisa-bisaha mesthi
dakturuti
Amung donga lan restu
saka panjengan
Aku bisa nggayuh apa
kang dadi kekarepanmu
Gusti, tansah paringana
kabagaswaran
Amrih bisa dadi apa
kang dadi pandongamu
Lidah Wetan, 29 Nopember 2014
Karya Ariyani Ayu Purwanti
0 comments:
Post a Comment