Tuesday 13 February 2018

Gathotkaca - Gatotkaca

Posted by ilmu dasar kehidupan On 01:01 | No comments
Gathotkaca


Gathotkaca kang kondhang kanthi sebutan “Satriya Pringgondani” lan “Alap-alap Pringgondani” kuwi, nalika isih jabang bayi jenenge Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrane Raden Werkudara (satriya Panengggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi, putrane Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujude buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani Dewi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Bratasena uga banjur gelem ngepek bojo Arimbi.
Bareng wis suwe anggone jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sebanjure mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Dening ingkang eyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi “topeng” aran topeng waja kang mapan ana sajrone kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus critane. Nuli dening ramane Raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmase Dewi Arimbi) kang kakarone padha adu kekuatan lan kadigdayan.
Tembung Gathotkaca tegese kumpuling kesantosan. Nalika lair, nganti umur nembelas dina pusere jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lalandhep wujud apa wae. Nanging wusanane puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkane Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duweke Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaelokane, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing pusere Gathotkaca, satemah muwuhi kesantosane Gathotkaca. Sanadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesane Gathotkaca. Mula semanga perang ngadhepi manungsa kang darbe Senjata Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yen nganti senjata Kunta diuculake, Gathotkaca mesti mati. Nuhoni unen-unen “Pusaka manjing Wrangka”.
Laire Gathotkaca ngepasi karo dumadine ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka. Para dewa padha kocar-kacir amarga diamuk dening Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthine iku disuwa dening para Dewa saengga ndadeake paprangan. Para dewa padha keplayu banjur golek “pintasrayan” menyang negara Ngamarta (Amarta) tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca (Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadekake jagone para dewa, dimungsuhake Prabu Kala Pracona lan Patihe Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalane. Sadurunge diajokake ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi ana ing Kawah Candradimuka lan para dewa didhawuhi dening Bathara Guru supaya nlorongake gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajrone kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabe Gathotkaca banjur disebut satriya babaran kahyangan dening Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggone ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antakusuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan, tandange Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalane padha mati kabeh. Sasirnane Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengake nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumure jagung kanthi jejuluk Prabu Guruptra.

Ing perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungane Adipati Karna. Panah kang diculke kuwi janjane ora tekan merga Gathotkaca abure wis ana sandhuwure mega sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung dening yitmane Ditya Kala Bendana, bapa-pamane Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dening ponakane iku, saengga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwadane Gathotkaca kumleyang saka gegana nibani kreta Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Prapanganing Baratayuda, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon “Suluhan” amarga dumadine perang ing wayah bengi.

0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads