Saturday 18 March 2017

Semantik Bahasa Jawa - Gramatikal - Adisional

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:06 | No comments
Sesambungan Adhisional Sajrone Ukara Camburan Sejajar
Choiria F

A.  Purwaka
          Sesambungan adhisional bisa ditemokake sajrone ukara camboran sajajar. Lumrahe klausa siji lan sijine kawuwuhan tembung panggandheng, yen ora ana, mesthi kawuwuhan tandha koma (,). Klausa-klausa iku bisa disambungake dadi ukara camboran sajajar kanthi nggatekake wujud, guna lan kalungguhane.
          Sesambungan adhisional sajrone ukara camboran sajajar iki narik kawigaten kanggo ditliti amarga isih durung akeh sing nliti sesambungan ing antarane klausa sajrone ukara camboran sajajar mligine sesambungan adhisional. Yen ana panliten ngenani sesambungan antar klausa, lumrahe panliti mung ngandharake perangane lan tuladhane. Kayadene Sudaryanto (1991) sesambungan adhisional mung diandharake saklebatan sajrone perangan lan tuladha sing ora dijlentrehake kanthi triaspek sintaksis. Mula ora ngerti kepriye titikane sesambungan ing antarane klausa sing diarani sesambungan adhisional. Ahli basa liyane kayata Herawati (2010) mung ngandharake perangane sesambungan koordhinatif sajrone ukara camboran sajajar satembung panggandhenge disebutke kabeh. Andharan iki nyengkuyung panliti ngenani sesambungan adhisional sajrone ukara camboran sajajar.
          Andharan ing ngisor iki bakal dijlentrehake ngenani sesambungan sajajar sajrone konstruksi gramatikal kanthi nemokake titikan lan jinise. Sawise nemokake titikan, banjur jinise kasebut dijlentrehake kanthi triaspek sintaksis yaiku wujud, guna, lan kalungguhan. Andharan iki diandharake kanthi cara triaspek sintaksis amarga bab iki dhimensionale kalebu semantik gramatikal. Dene relasionale yaiku relasi sintakmatik amarga saben tembung ing ukarane iku ana sesambungane. Dene konseptuale yaiku struktur batin.
          Asil makalah iki nduweni paedah teoretis yaiku bisa menehi sumbangan teoretis ing basa Jawa sajrone bidhang elmu Semantik-Sintaksis mligine sajrone topik sesambungan adhisional sajrone ukara camboran sajajar. Dene paedah praktise yaiku dadi materi sajrone pasinaon ngenani elmu Semantik-Sintaksis.

B.  Andharan
          Isine andharan yaiku (1) tegese sesambungan adhisional, (2) titikan sesambungan adhisional, lan (3) jinise sesambungan adhisional sajrone ukara camboran sajajar bakal dijlentrehake ing ngisor iki.
1.   Tegese Sesambungan Adhisional sajrone Ukara Camboran Sajajar
          Miturut Antunsuhono (1953:97) sesambungan adhisional iku sesambungan sing nduweni teges nggabungake. Adhedhasar teges koordinatore, sesambungan semantis sajrone ukara camboran sajajar digolongake dadi telung macem yaiku sesambungan adhisional, kausal, lan alternatif (Alwi, 1988:317). Adhedhasar gunane minangka tandha sesambungan makna, tembung panggandheng sajajar iku bisa dipilah dadi pitung klompok (Wedhawati, 2010:387), yaiku sesambungan makna adhisional (penambahan), perlebihan, perturutan, kausal (perlawanan), alternasi (pamilihan), lan kombinasi. Dene sesambungan makna adhisional iku bisa diperang maneh dadi telu yaiku adhisional adhitif (nggunggungake), adhisional integratif (nggabungake), lan adhisional over (ngluwihake).

2.   Titikane Sesambungan Adhisional sajrone Ukara Camboran Sajajar
Titikan sesambungan Adhisional sajrone ukara camboran sajajar kaya mangkene
a.    Ing ukarane ditengeri anane tembung panggandheng “lan”, “karo”, “lan maneh”, lan liya-liyane.
Ukara camboran sajajar kedadeyan saka rong klausa utawa luwih. Ing antarane rong klausa iku ana tembung sing nggandheng yaiku tembung panggandheng utawa koordhinator. Tembung panggandheng iku sing nuwuhake sesambungan ing antarane rong klausa kuwi.
b.    Klausa siji gunane kanggo nambahake klausa liyane.
Ukara camboran sajajar kadadeyan saka pirang-pirang klausa. Kanthi anane tembung panggandheng, klausa kapindho, katelu lan sateruse iku gunane kanggo nambahake klausa kapisan
         
3.   Jinise Sesambungan Adhisional
          Sesambungan makna ing antarane klausa iku bisa diperang dadi telu yaiku sesambungan adhisional adhitif/ nggunggungake, sesambungan adhisional integratif/ nggabungake, lan sesambungan adhisional over/ ngluwihake (Sudaryanto, 1991). Andharane kaya mangkene.
a.   Sesambungan Adhisional Adhitif
          Sajrone sesambungan adhisional penjumlahan, sesambungan makna klausane nduweni jangkauan kanggo nggunggungake. Dadi, gunggung samubarang sing disambungake iku bab kang wigati. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki.
(1)
Adhik
saben dina
dolanan
PS
lan
HP
Wujud
TA
FKat
TK
TA
TP
TA
Guna
J
K
W
L

L
Kalungguhan
Pndk
Wkt
KTd
Pndh

Pndh
(Jaya Baya No 11 Minggu II Nopember 2016 kaca 28)

(1a) Adhik saben dina dolanan PS
(1b) Adhik saben dina dolanan HP
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (1a) lan (1b). Pambedane yaiku tembung “PS” lan “HP” sing gunane lesan lan kalungguhane minangka panandhang. Klausa (1b) nggunggungake klausa (1a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggunggungake.
(2)
Bapak
wis mundhut
tang
lan
obeng
wingi
Wujud
TA
FK
TA
TP
TA
Tkat
Guna
J
W
L

L
K
Kalungguhan
Pndk
KTd
Pndh

Pndh
Wkt
(Jaya Baya No 2 Minggu II Nopember 2015 kaca 28)

(2a) Bapak wis mundhut tang wingi
(2b) Bapak wis mundhut obeng wingi
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (2a) lan (2b). Pambedane yaiku tembung “tang” lan “obeng” sing gunane lesan lan kalungguhane minangka panandhang. Klausa (2b) nggunggungake klausa (2a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggunggungake.
(3)
Esuk iki
Dheweke
kudu ngepel
lan
masak
Wujud
FKat
TS
FK
TP
TK
Guna
K
J
W

W
Kalungguhan
Wkt
Pndk
KTd

KTd
(Jaya Baya No 12 Minggu II Nopember 2015 kaca 28)

(3a) Esuk iki dheweke kudu ngepel
(3b) Esuk iki dheweke kudu masak
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (3a) lan (3b). Pambedane yaiku tembung “ngepel” lan “masak” sing gunane wasesa lan kalungguhane minangka kriya tanduk. Klausa (3b) nggunggungake klausa (3a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggunggungake.
(4)
Ati iki
ora bisa ngempet
rasa welas
lan
trenyuh
Wujud
FA
FK
FKah
TP
TKah
Guna
J
W
L

L
Kalungguhan
Pndk
KTg
Kah

Kah
(Jaya Baya No 11 Minggu II Nopember 2016 kaca 14)

(4a) Ati iki ora bisa ngempet rasa welas
(4b) Ati iki ora bisa ngempet rasa trenyuh
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (4a) lan (4b). Pambedane yaiku tembung “welas” lan “trenyuh” sing gunane lesan lan kalungguhane minangka kahanan. Klausa (4b) nggunggungake klausa (4a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggunggungake.
(5)
Rampung murak berkat,
para pamong
lan
kanca sakantor
pamit mulih
Wujud
FKat
FA
TP
FA
FK
Guna
Kat
J

J
W
Kalungguhan
Pros
Pndk

Pndk
KTd
(Jaya Baya No 11 Minggu II Nopember 2016 kaca 22)

(5a) Rampung murak berkat, para pamong pamit mulih
(5b) Rampung murak berkat, kanca sakantor pamit mulih
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (4a) lan (4b). Pambedane yaiku frasa “para pamong” lan “kanca sakantor” sing gunane jejer lan kalungguhane minangka panindak. Klausa (4b) nggunggungake klausa (4a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggunggungake.
(6)
Kamare Enggarningrum
kamar makan
kamar tamu
lan
Wujud
FA
FA
FA
TP
Guna
J
J
J

Kalungguhan
Pndh
Pndh
Pndh



kamar ngarep
wis dipasang
garis pulisi
Wujud
FA
FK
FA
Guna
J
W
L
Kalungguhan
Pndh
KTg
Pnr
(Jaya Baya No 2 Minggu II Desember 2015 kaca 28)

(6a) Kamare Enggarningrum wis dipasang garis pulisi
(6b) Kamar makan wis dipasang garis pulisi
(6c) Kamar tamu wis dipasang garis pulisi
(6d) Kamar ngarep wis dipasang garis pulisi
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka patang klausa yaiku klausa (6a), (6b), (6c), lan (6d). Pambedane yaiku frasa “kamare Enggarningrum”, “kamar makan”, “kamar tamu”, lan “kamar ngarep” sing gunane jejer lan kalungguhane minangka panandhang. Klausa (2b) nggunggungake klausa (2a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggunggungake.
J/W/L + lan + J/W/L

 
          Saka andharan tuladha-tuladha ing ndhuwur, bisa didudut kanthi rumus yen sesambungan adhisional nggunggungake iku kaya mangkene.

          Tegese, sesambungan adhisional nggunggungake bisa ditemokake ing ukara camboran sajajar mawa tembung panggandheng. Dene sakiwa tengene tembung panggandheng “lan” padha-padha nduweni guna lan kalungguhan sing padha. Kalungguhan ora dilebokake rumus amarga bisa kalungguhan apa wae sing ana ing gunane.
b.  Sesambungan Adhisional Integratif
          Sajrone sesambungan adhisional penggabungan anane teges klausa ora katujokake kanggo dijumlahake. Sesambungan sing ana mung asipat deskriptif. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki.
(1)
Enggarningrum
dibenthus-benthusake
traso
lan
dilebokake
jedhing
Wujud
TA
TK
TA
TP
TK
TA
Guna
J
W
G

W
G
Kalungguhan
Pndh
KTg
Pnr

KTg
Pnr
(Panjebar Semangat No. 24 – 13 Juni 2016 kaca 19)

(1a) Enggarningrum dibenthus-benthusake traso
(1b) Enggarningrum dilebokake jedhing
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (1a) lan (1b). Pambedane yaiku rong guna “dibenthus-benthusake traso” lan “dilebokake jedhing” sing gunane wasesa lan geganep lan kalungguhane minangka kriya tanggap lan pinurih. Klausa (1b) digabungake karo klausa (1a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggabungake.
(2)
Jamasan pusaka tumbak Kyai Upas
saged nulak
balak
lan
saged njagi
katentreman
wargi kitha tulungagung
Wujud
FA
FK
TA
TP
FK
TA
FA
Guna
J
W
L

W
L
G
Kalungguhan
Pndk
KTd
Pndh

KTd
Pndh
Pnr
(Jaya Baya No 11 Minggu II Nopember 2016 kaca 10)

(2a) Jamasan pusaka tumbak Kyai Upas saged nulak balak wargi kitha Tulungagung
(2b) Jamasan pusaka tumbak Kyai Upas saged njagi katentreman wargi kitha Tulungagung
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (2a) lan (2b). Pambedane yaiku rong guna “nulak balak” lan “njagi katentreman” sing gunane wasesa lan geganep lan kalungguhane minangka kriya tanduk lan panandhang. Klausa (2b) digabungake karo klausa (2a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggabungake.
(3)
Prisma
ngedhem
ati
lan
menepna
pikir
menyang Malang
Wujud
TA
TK
TA
TG
TK
TA
FKat
Guna
J
W
L

W
L
Kat
Kalungguhan
Pndk
KTd
Pndh

KTd
Pndh
Ppn
(Jaya Baya No 11 Minggu II Nopember 2016 kaca 37)

(3a) Prisma ngedhem ati menyang Malang
(3b) Prisma menepna pikir menyang Malang
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (3a) lan (3b). Pambedane yaiku rong guna “ngedhem ati” lan “menepna pikir” sing gunane wasesa lan lesan lan kalungguhane minangka kriya tanduk lan panandhang. Klausa (3b) digabungake karo klausa (3a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggabungake.
(4)
Wayah udan
klambine bocah-bocah
teles
lan maneh
bukune
melu kebloh
Wujud
Fkat
FA
TKah
TP
TA
Fkah
Guna
Kat
J
W

J
W
Kalungguhan
Kat
Png
Kah

Png
Kah
(Jaya Baya No 11 Minggu II Nopember 2016 kaca 19)

(4a) Wayah udan klambine bocah-bocah teles
(4b) Wayah udan bukune bocah-bocah kebloh.
          Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (4a) lan (4b). Pambedane yaiku rong guna “klambine teles” lan “bukune kebloh” sing gunane jejer lan wasesa lan kalungguhane minangka pananggap lan kahanan. Klausa (4b) digabungake karo klausa (4a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional nggabungake.
          Saka andharan tuladha-tuladha ing ndhuwur, bisa didudut kanthi rumus yen sesambungan adhisional nggabungake iku kaya mangkene.
J+W / W+L / W+G    + lan +      J+W / W+L / W+G

 
 
          Tegese, sesambungan adhisional nggabungake bisa ditemokake ing ukara camboran sajajar mawa tembung panggandheng. Dene sakiwa tengene tembung panggandheng “lan” padha-padha nduweni rong guna lan kalungguhan sing padha. Rong guna kuwi bisa arupa jejer lan wasesa, wasesa lan lesan, apa wasesa lan geganep.
c.   Sesambungan Adhisional Over
          Sajrone sesambungan makna adhisional ngluwihake teges klausa siji ngluwihake klausa liyane. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki.
(1)
Piyambakipun
taksih enem
sregep
lan maneh
pinter
Wujud
TS
FKah
TKah
TP
TKah
Guna
J
W
W

W
Kalungguhan
Png
Kah
Kah

Kah
(Panjebar Semangat No. 25 – 20 Juni 2009 kaca 19)

(1a) Piyambakipun taksih enem
(1b) Piyambakipun sregep
(1c) Piyambakipun pinter
            Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka telung klausa yaiku klausa (1a), (1b), lan (1c). Pambedane yaiku “taksih enem”, “sregep”, lan “pinter” sing gunane wasesa lan kalungguhane minangka kahanan. Klausa (1b) lan (1c) ngluwihake klausa (1a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional ngluwihake.
(2)
Awake mungsuhe
dhuwur
lan maneh
gedhe pisan
Wujud
FA
TK
TP
Tkah
Guna
J
W

W
kalungguhan
Pndh
Kah

Kah
(Jaya Baya No 9 Minggu II Januari 2016 kaca 28)

(2a) Awake mungsuhe dhuwur
(2b) Awake mungsuhe gedhe
            Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka rong klausa yaiku klausa (2a), lan (2b). Pambedane yaiku “dhuwur”, lan “gedhe” sing gunane wasesa lan kalungguhane minangka kahanan. Klausa (2b) ngluwihake klausa (2a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional ngluwihake.

(3)
Rambute Eli
lurus
ireng
lan maneh
wangi pisan
Wujud
FA
TKah
TKah
TP
TKah
Guna
J
W
W

W
Kalungguhan
Png
Kah
Kah

Kah
(Jaya Baya No 9 Minggu II Januari 2016 kaca 28)

(2a) Rambute Eli lurus
(2b) Rambute Eli ireng
(2c) Rambute Eli wangi
            Ukara camboran ing ndhuwur kedadeyan saka telung klausa yaiku klausa (3a), (3b) lan (3c). Pambedane yaiku “lurus”, “ireng” lan “wangi” sing gunane wasesa lan kalungguhane minangka kahanan. Klausa (3b) lan (3c) ngluwihake klausa (3a) mula bisa diarani nduwe sesambungan adhisional ngluwihake.
Wkahanan + lan maneh + Wkahanan

 
          Saka andharan tuladha-tuladha ing ndhuwur, bisa didudut kanthi rumus yen sesambungan adhisional ngluwihake iku kaya mangkene.

            Tegese, sesambungan adhisional ngluwihake bisa ditemokake ing ukara camboran sajajar mawa tembung panggandheng. Dene sakiwa tengene tembung panggandheng “lan maneh” padha-padha nduweni guna wasesa lan kalungguhan minangka kahanan.
Katrangan
TA       : tembung aran
TK       : tembung kriya
TKat    : tembung katrangan
TKah   : tembung kahanan
FA       : frasa aran
FK       : frasa kriya
FKat    : frasa katrangan
FKah   : frasa kahanan
J          : jejer
W         : wasesa
L          : lesan
K          : katrangan
G         : geganep
Pndk    : panindak
Pngp    : pananggap
Pndh    : panandhang
Prg      : paraga
Pnr      : pinurih
KTg     : kriya tanggap
KTd     : kriya tanduk
Kah      : kahanan
Pros     : proses
Ppn      : papan
C.  Dudutan
          Sesambungan adhisional sajrone ukara camboran sajajar yaiku sesambungan sing nyambungake klausa-klausa sing ngemu makna penambahan sing ana ing ukara camboran sajajar mawa tembung panggandheng. Titikane ukara sesambungan adhisional yaiku (1) klausa siji nambahake klausa sijine, (2) ing ukarane ditengeri anane TP “lan”, “karo”, “lan maneh”, lan liya-liyane.
          Dene jinise sesambungan adhisional iku ana telu yaiku sesambungan adhisional nggunggungake, nggabungake lan ngluwihake. Sesambungan adhisional nggunggungake bisa ditengeri yen ing sakiwa tengene tembung panggandheng “lan” padha-padha nglungguhi saguna yaiku jejer, wasesa, utawa lesan. Kalungguhane ora ana titikane nanging tetep kudu padha. Sesambungan adhisional nggabungake bisa ditengeri yen ing sakiwa tengene tembung panggandheng “lan” ana rong guna, bisa jejer lan wasesa, wasesa lan lesan, utawa wasesa lan guna. Dene kalungguhane uga ora ana titikane nanging tetep kudu padha. Dene sesambungan adhisional ngluwihake bisa ditengeri yen ing sakiwa tengene tembung “lan maneh” ana wasesa sing nduweni kalungguhan kahanan.
Kapustakan
Alwi, Hasan, dkk. 1988. Tata Bahasa Baku Bahasa Indonesia. Edisi Ketiga. Jakarta: Balai Pustaka
Antunsuhono. 1953. Reringkesaning Paramasastra-Djawa.Jogjakarta. Soejadi.
Bc.Hk., Suroso. 2009. “Njarening Pangigit-Igit” sajrone Panjebar Semangat, edhisi 24 - 13 Juni kaca 19. Surabaya.
Bc.Hk., Suroso. 2009. “Njareming Pangigit-Igit” sajrone Panjebar Semangat, edhisi 25 - 13 Juni kaca 19. Surabaya.
Broto, Anjrah Lelono. 2015. “Bapak Polah Anak Kepradhah” sajrone Jaya Baya, edhisi 2 Minggu II Nopember kaca 28. Surabaya.
Darma-Dian. 2016. “Nalika ing Lantai Wolu” sajrone Jaya Baya, edhisi 11 Minggu II Nopember kaca 28. Surabaya.
Irowati, Endang. 2016. “Liponsos Surabaya Wis Kakehan Uwong” sajrone Jaya Baya, edhisi 11 Minggu II Nopember kaca 14. Surabaya.
Kridalaksana, Harimurti. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.
Nurhayati, ES. 2016. “Prisma lan Prasetya Janjine” sajrone Jaya Baya, edhisi 11 Minggu II Nopember kaca 38. Surabaya.
Poerwanto, D. 2016. “Budhal-Mulih Numpak Truk Mecaki Dalan Pagunungan” sajrone Jaya Baya, edhisi 11 Minggu II Nopember kaca 18. Surabaya.
Rianto, Ismoe. 2016. “Tan Kendhat” sajrone Jaya Baya, edhisi 11 Minggu II Nopember kaca 22. Surabaya.
S.A., Tiwiek. 2015. “Mandhak Mung Sega Pecel Ae…” sajrone Jaya Baya, edhisi 9 Minggu II Januari 2016 kaca 26. Surabaya.
Subagyo, Rahmad. 2009. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Sastra Universitas Negeri Surabaya
Sudaryanto. 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Jokjakarta: Duta Wacana University Press
Wedhawati. 2010. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius.
Wardoyo, Don. 2016. “Toya Sangang Warni Kangge Tumbak Baru Klinthing” sajrone Jaya Baya, edhisi 11 Minggu II Nopember kaca 10. Surabaya.
Yatik, S. 2015. “Ramalan Ces-Pleng” sajrone Jaya Baya, edhisi 12 Minggu II Nopember kaca 28. Surabaya.




0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads