Panemtu Dhefinitif ing Basa Jawa
Yuliana S
A.
Purwaka
Panemtu dhefinitif sajrone basa Jawa kerep digunakake kanggo nyethakake
samubarang. Panemtu dhefinitif nduweni
teges nyethakake sawijine perangan sing ana ing ukara kanthi tujuwan kanggo
nyethakake utawa nuduhake samubarang sing dadi panemtu sajrone ukara saengga
bisa ngowahi teges.
Panemtu utawa determiner diperang dadi telulas. Salah
sijine yaiku panemtu dhefinitif. Panemtu dhefinitif sing dipilih minangka topik
sajrone nulis makalah iki merga nduweni perangan kang beda karo liyane. Kang
mbedakake saka panemtu liyane yaiku menawa panemtu dhefinitif kang dicethakake
kuwi samubarang kang sadurunge dingerteni maksude.
Panemtu ing basa Jawa wis tau ditliti, upama sajrone
makalah Nurhayati (2013) ngenani panemtu awujud tembung sesulih, lan Alfiyah
(2013) ngenani panemtu awujud tembung panyilah sing sipate umum tanpa
perangan-perangan lan ndadekake jlentrehan kurang jembar. Mula, ing makalah iki
bakal nambahi perangane determiner utawa panemtu mligine panemtu dhefintif
kanthi cetha lan gamblang ngenani guna lan wujud panemtu dhefinitif.
Makalah iki nduweni tujuwan kanggo ngandharake lan
njlentrehake topik, banjur nggolongake jinise. Makalah iki uga kanggo
ngandharake panemtu dhefinitif ing basa Jawa kanthi luwih gamblang supaya bisa
ngrembakake teori semantik gramatikal. Makalah iki diajab bisa menehi kawruh
lan nuduhake tujuwan saka panemtu dhefinitif ing basa Jawa. Ing babagan elmu,
makalah iki supaya bisa disampurnakake utawa dirembakake amarga ing makalah iki
mung ngandharake panemtu dhefinitif kanthi cacah 3. Saliyane iku, amrih makalah
iki bisa digawe sarana sinau kanggo kanca-kanca
kang nyinaoni basa.
B.
Andharan
Ing andharan iki isine ana telu, yaiku (1) teges, (2)
titikan, lan (3) jinise panemtu dhefinitif ing basa Jawa.
1.
Tegese Panemtu Dhefinitif
ing Basa Jawa
Panemtu utawa determiner yaiku tembung kang digunakake
kanggo nyethakake idhentitas tembung aran. sajrone panemtu nerangake salah
sawijining tembung aran kang ana sajrone ukara. Titikane panemtu kanthi cara sintaksis
yaiku nempukake antarane tembung aran
lan frasa aran. Panemtu semantik nerangake idhentitas
sawijine barang iku. Ing kene
tembung aran luwih di tengenake. Panemtu kalebu sajrone generalisasi quantifier
yaiku tetembungan kanggo nuduhake cacah, amarga panemtu njlentrehake ngenani
jumlah utawa cacah. Generalisasi iku dhewe uga nduweni sipat yaiku nyelarasake
teges sajrone ukara kang wiwitane asipat umum dadi sipat kang luwih khusus.
panemtu ing basa jawa
digunakake kanggo matesi sawijine gagasan. Panemtu ing basa jawa bisa diperang
dadi telulas jinis. Saka telulas jinis utawa perangan kasebut kang bakal
dirembug sajrone makalah iki yaiku ngenani panemtu dhefinitif. Panemtu dhefinitif yaiku
penemtu kang digunakake kanggo nyethakake utawa nerangake samubarang kang wis
cetha maksude utawa bisa digunakake kanggo nyethakake tembung kang wis
diterangake sadurunge. Panemtu dhefinitif digunakake kanggo nuduhake lan
nyethakake samubarang kang wis cetha maksute.
2.
Titikane Panemtu
Dhefinitif ing Basa Jawa
Titikane panemtu kanthi cara
sintaksis yaiku nempukake antarane tembung aran lan frasa aran. Panemtu
nerangake idhentitas samubarang. Dene titikane panemtu dhefinitif yaiku
digunakake sadurunge tembung aran. ing kene panemtu dhefintif digunakake
minangka pananda tembung aran utawa panyetha tembung aran. umume panemtu
dhefinitif digunakake kanggo nuduhake tembung aran kang sadurunge wis
disebutake. Panemtu dhefinitif bisa dititiki kanthi anane tembung iki, iku lan
ika minangka pananda kang matesi tembung aran. Tembung kuwi mau kalebu
pronomina demonstratif mligine yaiku demonstratif substantif yaiku panuduh
kanggo samubarang. Panganggone tembung panuduh ana ing ukara ana loro: 1)
dianggo panuduh sesulihe barang dadi jejer ing ukara utawa andharane ukara, lan
2) dianggo panuduh kaanan, dadi katrangane jejer utawa katrangane andaharan
(Poerwadarminta, 1953: 38-40).
3.
Jinise Panemtu
Dhefinitif ing Basa Jawa
Jinise panemtu dhefinitif ing basa jawa kaperang dadi
telung perangan. Yaiku (1) panemtu dhefinitif panuduh proximal, (2) panemtu panuduh
substantif distal, lan (3) panemtu dhefinitif panuduh relatif.
a. Panemtu Dhefinitif Panuduh Proximal
Tembung iki yaiku
tembung panuduh kanggo nuduhake samubarang sing cedhak (proximal). Tembung
panuduh iki tegese nuduhake objek.
Tembung iki bisa uga diarani tembung swara dhuwur ngarep yaiku swara i. Tembung panemtu definitif panuduh lumrah iki bisa madheg
dhewe ing ngarep ukara. tembung iki kajaba kanggo nuduhake barang kang cedhak
karo kang guneman uga bisa digunakake kanggo nuduhake sawijine bab utawa
sawijine kaanan kang lagi dikandhakake utawa kang arep dikandhakake.
Dhatane:
(1) Dhek mau evita bubar tuku
novel jawa. Novel iki mengkone
bakal digawe bahan skripsi. (CTP/ JB No. 06 Minggu II September 2014
kc.35)
G: Kat
J W L J W L
W:
Kat t.ar f.k f.ar f.ar f.k f.ar
K: Kat
pndk tmdk pngnp pnmt tmdk pnggh
Saka dhata
kang ana ing ndhuwur mau bisa dimangerteni menawa tembung iki mujudake panemtu dhefinitif. Iki ing kene definitifake tembung
aran kang sadurunge wis disebutake yaiku tembung novel jawa. Novel iki ing kene minangka definit saka
tembung novel jawa. Novel iki ing
kene nyethakake novel ngendi kang dimaksud kuwi wis jelas yaiku novel jawa dudu
novel liyane. Dadi ing jelas menawa tembung iki
kuwi gunanae kanggo nyethakake samubarang kang wis dimangerteni sadurunge.
(2) Dita mau mari tuku kembang
mawar. Kembang iki bakale
ditandur ing ngarep omah. (CTP/ JB No. 03 Minggu I januari 2013
kc.35)
G:
J W L J W Kat
W:
t.ar f.k f.ar f.ar f.k Kat
K:
pndk tmdk pndng pnmt tmndk Kat
Saka dhata kang ana ing nduwur
kuwi, bisa dimangerteni menawa tembung iki
ing kunu mujudake panemtu dhefinitif. Tembung iki definitifake tembung kang wis disebutake sadurunge yaiku
kembang mawar. Dadi ing kene wis jelas
kembang ngendi kang dimaksud yaiku kembang mawar kang mari dituku Dita. Kembang
iki ing kene yaiku minangka definit saka tembung kembang mawar. Kembang iki ing kene nyethakake tembung
aran yaiku kembang mawar.
(3)
Buku iki arep dakaaturake kancaku
sing saiki dadi dosen. (CC/ KBLD/ JB No. 08 Minggu III Oktober 2013)
G: J W L Gg
W: f.ar f.k t.Sslh Kat
K:
pnmt tmdk pnrh kat
Ing kene bisa dijlentrehake menawa iki ing kunu mujudake
panemtu definitif. Ing kunu iki definitake tembung buku. Dadi ing kunu bisa
dimangerteni kanthi luwih cetha buku ngendi kang dimaksud. Saliyane kuwi
tembung iki ing kene nyethakake
tembung aran kang manggon sadurunge definit yaiku buku.
(4)
Helm iki bar ceblok saka
lemari (CC/ CC/ KBLD/ JB No. 08 Minggu III Oktober 2013)
G: J W kat
W: f.ar f.k kat
K
: pndng tmdk pnggh
Ing kene bisa ditegesi menawa iki
ing kene yaiku nuduhake panemtu dhefinitif. Iki ing kene nuduhake utawa
nyethakake utawa nerangake tembung aran kang kalungguhane minangka jejer kang
sadurunge wis dimangerteni maksude. Dadi ing kunu tembung iki dhefinitake
tembung helm kang wis dingerteni helm endi kang dimaksud.
Saka andharan tuladha- tuladha ing nduwur, bisa didudut
kanthi rumus yen panemtu dhefinitif panuduh proximal iku kaya mangkene.
J/W/L+ (aran) P.Dhefinitif
+J/W/L/Gg/Kat
Utawa
(aran) P.Dhefinitif+
W/L
Tegese, panemtu dhefinitif panuduh proximal bisa
ditemokake ing sajrone ukara kang mawa tembung panuduh “iki”. Dene ing sadurunge
tembung panuduh “iki” kuwi ana tembung ana tembung aran kang kawuwuhan definit
“iki”. Dene kalungguhane ing kene yaiku mujudake panemtu kuwi mau.
b. Panemtu Dhefinitif Panuduh Relatif
Wujud tembung dhefinitif panuduh relatif yaiku ana
tembung “iku”. Tembung iku yaiku tembung panuduh kanggo nuduhake samubarang
sing ora cedhak karo mitra tutur lan panutur. Tembung iku bisa diarani tembung
vokal madya. Iku kajaba nuduhake barang kang adoh karo kang guneman, tembung
iku bisa digunakake kanggo nuduhake sawijine bab kang wus dikandhakake.
Dhatane:
(1)
sapi iku biyen duweke bapakku.
(CC/ L / JB No. 11 Minggu II Nopember 2013)
G: J W L
W: f.ar f.k t.Sslh
K
: pnmt tmndk pnrh
Saka tuladha ing ndhuwur bisa dimangerteni menawa iku mujudake panemtu dhefinitif. Ing
kene tembung iku nuduhake utawa
nyethakake tembung aran yaiku sapi. Dadi ing kene tembung iku definitake tembung sapi. Dadi ing kono kuwi mau katon cetha
sapi ngendi kang dimaksud utawa sapi ngendi kang biyen duweke bapakku.
(2) R. Gito Suhardjo iku Bapakku. (CC/ L / JB No. 11 Minggu II
Nopember 2013)
G: J W
W:
t.ar t.Sslh
K:
pndng pnmt
(3) Wong iku gurune mbakyuku. CC/ L / JB No. 11 Minggu II Nopember 2013)
G:
J W L
W: t.ar t.ar t.sslh
K:
pnmt pndng pnrh
Tembung iku sajrone ukara ing nduwur minangka
wates kanggo nengeri jejer. Tembung iku
digunakake kanggo nyethakake tembung aran yaiku R.gito suhardjo lan wong iku.
Tembung iku ing kene definitake tembung aran kang kalungguhane minangka jejer.
Dadi ing kene kang dimaksud saka kaloro dhata kasebut wis genah menawa R. Gito
Suharjo kuwi bapakku lan sapa kang dadi gurune mbakyuku uga wis genah yaiku
wong iku. Wong kang sadurunge wis dimangerteni utawa wong kang wis cetha
maksude sing endi.
(4) Wulan ngarep aku
arep gawe omah, omah iku
bakal dakiseni barang-barang antik.
G:
Kat J W J W Gg
W:
Kat t.sslh f.k f.ar f.k f.ar
K: Kat pndk tmdk pnmt tmdk pnggh
Saka dhata ing nduwur
bisa dimangerteni yen iku ing kene mujudake panemtu defitif. Iku ing kene
definitake tembung aran yaiku omah. Saliyane kuwi tembung iku uga nuduhake
sawijine bab kang sadurunge wis dikandhakake yaiku ing klausa kapisan wis
dikandhakake menawa wulan ngarep aku arep gawe omah, dene ing kalusa kapindho
dicethakake maneh yen omah iku bakal diiseni barang-barang antik. Dadi ing kene
wis cetha menawa iku definitifake utawa nyethakake sawijine bab kanthi luwih
cetha lan kuwi wis dikandhakake sadurunge.
(5)
Bojoku arep tuku omah joglo, omah
iku bakal dipanggoni
sakluwarga. (CC/ J/ JB No. 14 Minggu I Desember 2013)
G:
J W L J W
W: t.ar f.k f.ar f.ar f.pnggh
K:
pndk tmdk pnggh pnmt pnggh
Saka tuladha ing ndhuwur dimangerteni yen iku mujudake panemtu dhefinitif. Ing
kene tembung iku dhefinitake tembung
omah. Dadi ing kene dhefinit iku
nyethakake utawa nerangake omah ngendi kang dimaksud kuwi wis cetha. Saliyane
kuwi ing kene tembung iku nuduhake samubarang kang wis
dikandhakake sadurunge yaiku bab bojoku sing arep tuku omah, banjur ing klausa
kapindo dicethakake maneh yen omah iku
bakal dipanggoni sakluwarga. Saliyane kuwi tembung iku ing kene nerangake tembung aran omah.
(6)
Saridin dumadakan keprungu suwara. Suwara iku tansaya suwe saya
cetha. (CS/ PJ No/ 26-29 Juni 2013)
G:
J W J W
W:
t.ar f.k f.ar f.k
K:
pndk tmdk pnmt pnggh
Saka andharan tuladha- tuladha ing nduwur, bisa didudut
kanthi rumus yen panemtu dhefinitif panuduh relatif iku kaya mangkene.
(aran)
P.dhefinitif+ J/W/L
Tegese, panemtu dhefinitif Panuduh relatif kuwi bisa
ditemokake ing sajrone ukara kang mawa tembung panuduh “iku”. Dene ing
sadurunge tembung panuduh “iku” kuwi ana tembung ana tembung aran kang
kawuwuhan definit “iku”. Dene kalungguhane ing kene yaiku mujudake panemtu kuwi
mau.
c. Panemtu Dhefinitif Panuduh Distal
Tembung ika/ kae yaiku tembung panuduh kanggo
nuduhake samubarang kang adoh. Kae bisa nuduhake papan lan uga wektu ing
sajabane kedadeyan. Kae uga bisa nuduhake sawijine kadadeyan ing wektu kang
kepungkur. ika/kae uga bisa
digunakake kanggo nuduhake sawijine bab kang wis dikandhkake.
Dhatane:
(7)
Klambi sing pengin mbok tuku wingi, klambi kae wis dituku wong liya.
(CC/ J/ JB No. 14
Minggu I Desember 2013)
G:
J W Kat J W L
W:
T.ar f.k kat f.ar f.k f.ar
K:
Pndng tmndk kat
pnmt tmdk pnggh
Saka andharan ing dhuwur kuwi mau bisa dimangerteni
menawa tembung kae kuwi mujudake
panemtu dhefinitif. Ing kene kae
dhefinitake tembung aran yaiku klambi kang wis disebutake sadurunge. Kae uga nuduhake menawa samubarang kang
dimaksud kuwi ana ing wektu kepungkur. Samubarang kuwi yaiku klambi kang
dikarepake utawa kang pengin dituku wingi wis dituku wong liya. Dadi kae ing kene wis genah maksude.
Saka andharan tuladha- tuladha ing nduwur, bisa didudut
kanthi rumus yen panemtu dhefinitif Substantif Relatif iku kaya mangkene.
J/W/L + PD “iki”
+ J/W/L
Tegese panemtu dhefinitif panuduh distal. bisa ditemokake
ing sajrone ukara kang mawa tembung panuduh. Dene sakiwa tengene tembung
panuduh “kae” bisa nduweni guna lan kalungguhan kang beda gumantung
pangganggone. Dene ing sadrunge tembung panuduh “kae” kuwi ana tembung ana
tembung aran kang kawuwuhan definit “kae”. Dene kalungguhane ing kene yaiku
mujudake panemtu kuwi mau.
Katrangan:
NO
|
CEKAKAN
|
KATRANGAN
|
1
|
T.ar
|
Tembung
aran
|
2
|
Kat
|
Katrangan
|
3
|
J
|
Jejer
|
4
|
W
|
Wasesa
|
5
|
L
|
Lesan
|
6
|
Gg
|
Geganep
|
7
|
F.ar
|
Frasa
aran
|
8
|
F.k
|
Frasa
kriya
|
9
|
Pndk
|
Panindak
|
10
|
Pndng
|
Panandang
|
11
|
Tmndk
|
Tumindak
|
12
|
Pnmt
|
Panemtu
|
13
|
Pnggh
|
Panggenah
|
14
|
f.
pnggh
|
Frasa
pangenah
|
15
|
t.sslh
|
Tembung
sesulih
|
16
|
pnrh
|
Pinurih
|
C.
Panutup
Panemtu dhefinitif utawa bisa diarani tembung katrangan
pasti utawa cetha yaiku tembung kang mujudake tembung kang bisa gawe genah lan
cetha marang barang utawa prakara kang lagi digunemake. Gunane panemtu definitif yaiku nyethakake
samubarang. Kajaba nyethakake
samubarang panemtu dhefinitif uga digunakake kanggo matesi lan luwih nerangake
utawa nyethakake samubarang kang sadurnge wis dikandhakake. Saliyane iku
definitif uga duweni guna kanggo matesi utawa dadi patanda marang tembung kang
didhefinitake. Penemtu dhefinitif bisa diperang dadi telu yaiku (1) panemtu
dhefinitif panuduh proximal tembunge ana “iki” kang digunakake kanggo nuduhake samubarang
kang cedhak uga digunakake kanggo nuduhake samubarang lan sawijine bab utawa
kaanan kang bakal dikadhakake utawa arep dikadhakake. (2) panemtu dhefinitif panuduh
relatif , tembunge yaiku “iku” kang digunakake kanggo nuduhake sawijine bab kang wus
dikandhakake, lan (3) panemtu dhefinitif panuduh distal tembunge ana “ika/kae
kang digunakake kanggo nuduhake sawijine
bab kang wis dikandhakake.
Kapustakan
Antunsuhono.-.Reringkesaning Paramasastra-Djawi.
Jogjakarta: Soejadi.
Chaer, Abdul. 1994. Pengantar:
Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Rineka Cipta.
Djajasudarma, Fatimah. 1993. Semantik: Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: PT Refika Aditama.
Kaswantipurwo, Bambang. 1983. Deiksis dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai pustaka.
Padmosoekotjo. 1987. Paramasastra
Jawa.Surabaya: Citra Jaya Murti.
Rahyono, FX. 2012. Studi
Makna. Jakarta: Penaku.
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011.
Paramasastra Gagrag anyar Basa Jawa.
Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Sasangka, Sry
Satriya Tjatur Wisnu. 2010. Unggah-
Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Uhlenbeck, e.m.
1982. Kajian Morfologi Bahasa Jawa.
Jakarta: Djambatan.
0 comments:
Post a Comment