Saturday 18 March 2017

Semantik Bahasa Jawa - Gramatikal - Anafora

Posted by ilmu dasar kehidupan On 05:13 | No comments
Anafora Pronomina Personal ing Basa Jawa


Khusnul Atikhoh


A.   Purwaka
Anafora pronomina personal ing basa Jawa minangka salah sijine perangan saka anafora. Anafora kuwi akeh perangane mung sing lagi dingerteni ana loro yaiku anafora pronominal lan anafora temporal. Anafora pronominal kuwi sambungane karo sesulih banjur yen anafora temporal kuwi sambungane karo wektu.
Makalah sing temane padha ditindakake dening Astuti (2013) ngenani perangan saka anafora pronominal lan Cahyani (2013) uga ngenani perangan saka anafora pronominal. Makalah ngenani anafora wis tau ana sing nliti, yen ngenani pronomina personal utawa sesulih purusa wis akeh yaiku tindakane Anggraini (2012) ngenani tembung sesulih purusa lan tembung sesulih pandarbe minangka piranti pangiketing basa sajroning wacana, lan Setyorini (2013) ngenani tembung sesulih ing basa Jawa dhialeg Surabaya sub- dhialeg Mojokerto. Topik anafora pronomina personal ing basa Jawa perlu diandharake lan dijlentrehake kanthi cetha lan rowa.  
Ing  kene  bakal diandharake ngenani  anafora pronomina personal ing basa Jawa kanthi cara ngonceki lan njlentrehake  teges, titikan, jinis lan tuladha anafora adhedhasar semantik gramatikal, kang nggunakake sintakmatik lan nggunakake konseptual struktur batin kanthi cara triaspek sintaksis.
Tujuwan panulise makalah iki kanggo ngandharake lan njlentrehake topik kanthi luwih cetha lan rowa. Makalah iki diajab bisa menehi kawruh lan nuduhake tujuwan saka anafora pronomina personal ing basa Jawa. Ing babagan elmu, makalah iki supaya bisa disempurnakake lan supaya bisa ngrembaka uga bisa digawe sarana sinau kanggo kanca-kanca kang sinau basa.

B.   Andharan
Ing andharan iki isine ana telu yaiku, (1) teges, (2) titikan, lan (3) jinise anafora pronominal ing basa Jawa.

1.    Tegese Anafora Pronomina Personal
Kridalaksana (1993:13) ngandharake yen tegese anafora yaiku wujud arane samubarang perangan utawa guna kang nuduhake maneh marang samubarang kang wis disebutake sadurunge sajrone wacana (anteseden) kanthi cara mbaleni utawa subtitusi. Ana uga kang ngarani anafora kuwi sesambungan antarane perangan siji lan sijine ing njerone teks. Sesambungan mau nuduhake marang samubarang kang wus disebutake sadurunge. Kaswanti Purwo (1984:103) ngandharake yen kadadeyan anafora disebabake dening konstituen basa kang kasusun kanthi cara linier lan saka konstituen kang wis kasusun kanthi cara linear kuwi tuwuh konstituen tartamtu kang wis disebutake lan disebutake maneh ing sesebutan sabanjure, kanthi nggunakake wujud pronomina utawa ora. Banjur anafora pronomina kuwi tegese anafora kang sipate nuduhake marang sesulih. Anafora pronomina personal  kuwi tegese anafora kang sipate nuduhake sesulih purusa utawa wong. Luwih cethane yen anafora mung nuduhake perangan sing manggon  ing sisih kiwa. Ing anafora ngandharake ngenani sesulih utamane sesulih purusa, nanging sing diandharake yaiku (a) pronomina utamapurusa akeh, (b) madyama purusa lan (c) pratama purusa. Anafora kuwi kaya dene tembung sesulih kang dibaleni maneh minangka frasa utawa tembung liya. Dene, pronomina personal yaiku tembung sing digawe kanggo nyulihi wong utawa barang utawa prakara kang lagi dirembug supaya luwih bisa cetha. Pronomina personal uga nduweni teges minangka tembung kang digunakake kanggo nyulihi samubarang kang wis dingerteni supaya ora bola-bali diomongake.

2.    Titikane Anafora Pronomina Personal
Anafora pronomina personal ing basa Jawa luwih nengenake pronomina personale amarga, anafora bisa ngadeg yen ana pronominale. Titikane pronomina personal yaiku ing jinise pronomina personal ana (1) pronomina personal kapisan utawa sesulih utamapurusa, (2) pronomina personal kapindho utawa sesulih madyamapurusa, lan (3) pronomina personal katelu utawa sesulih pratamapurusa bisa katitik saka cacahe yaiku ijen lan akeh ana kang sipate inklusif, ekslusif lan ana sing netral. Pronomina personal ing basa Jawa uga bisa nglungguhi kalungguhan tartamtu, kalungguhan kang dinduweni tembung panggandheng beda karo tembung utama (kaya diandharake dening Sudaryanto 1991:151).

3.    Jinise Anafora Pronomina Personal
Pronomina personal kaperang dadi telu yaiku pronomina personal kapisan utawa sesulih utamapurusa, pronomina personal kapindho utawa madyamapurusa, lan pronomina personal katelu utawa pratamapurusa. Pronomina personal kapisan lan pronomina personal kapindho kang ngandharake wong. pronominal personal katelu ngandharake wong utawa samubarang apa wae. Referen kang dituduh dening pronomina personal bisa owah-owah gumantung ing peranan kang digawa dening pawongan kang ngomong. Wong kang lagi ngomong yaiku pronomina personal kapisan. Yen personal kapisan wis ora ngomong genti dadi sing ngrungokake iku diarani personal kapindho. Wong kang ora ana ing panggon kuwi terus didadekake bahan omongan kuwi diarani personal katelu. Ing ngisor iki bakal dijlentrehake ngenani pamerange tembung sesulih purusa.

a.    Pronomina Personal Utama Purusa
Ing basa Jawa personal kapisan diarani utama purusa. Tembung-tembung utama purusa digunakake kanggo nengenake neng awake dhewe. Sajrone basa Indonesia, personal kapisan tunggal yaiku saya, aku, lan daku. Wujud tembung saya digunakake sajrone ujaran kang resmi. Wujud tembung saya bisa uga digunakake kanggo sesambungan pandarbe lan dideleh ing mburine nomina kang dinduw eni kayata rumah saya, paman saya. Personal kapisan aku, luwih kerep digunakake ing situasi nonformal lan luwih condhong ing sesambungan keakraban antarane panutur lan mitra tutur. Pronomina personal aku nduweni variasi wujud {–ku, ku-}. Dene pronomina personal aku umume digunakake kanggo karya sastra.
Ing basa Jawa, pronomina personal kapisan yaiku kategorisasi rujukan wong sing ngomong marang awake dhewe. Kanthi tembung liya pronominal personal utama purusa ngrujuk ing pawongan kang lagi ngomong. Pronomina utama purusa kaperang dadi loro, yaiku pronomina utama purusa ijen lan akeh. Tuladha pronomina personal kapisan ijen: aku, kula, awakku, kene, adalem, ulun, manira, abdi dalem, abdi dalem kawula lan ingsun. Wujud lan guna utama purusa ijen beda karo wujud lan guna utama pususa akeh. Tuladhane pronomina utama purusa akeh: kawula, kita (ditambah karo tembung kabeh utawa sedaya). Wujud utama purusa akeh mujudake wujud sing sipate ekslusif tegese wujud personal kasebut ngrujuk pamicara utawa panulis lan wong liya ing sakupenge, naning ora ana wong liya ing sakupenge lawan wicara. Nanging ing pronomina utama purusa iki ora bisa dianaforakake ing wujud pronomina utama purusa ijen amarga personal kapisan ijen iki ngomongake awake dhewe uga wis cetha tanpa dianaforakake. Banjur sing bisa dianaforakake yaiku pronomina utama purusa akeh amarga ing kana ora ngomong dhewe nanging ana pawongan sing diajak guneman.

1)    Pronomina Personal Ijen
Pronomina Personal ijen  iki ora bisa dianaforakake amarga pawongan sing ngomong kuwi, ngomong marang awake dhewe banjur wis cetha apa sing diomongake lan wis cetha tanpa nggawe anafora. Tuladhane yaiku aku, kula, awakku, adalem, kawula, ulun, manira, abdi dalem, abdi dalem kawula, ingsun. Tembung kang wis disebutake digunakake dening wong sing ngomong sajrone cecaturan, utawa luwih cethane wong kapisan. Kaya dene dhata ing ngisor iki.

(1)  Aku percaya panguwasane Gusti kang akarya jagad. (MP/JB.07 Minggu III Okt 2014: 23)
G :    j        w                l                       g
W :  t.s      t.kh          t.kr                      t.ar
K : pndk  tmdk      pndhng                  pnrh

(2)    Kula ditimbali Pak Gunar. (CS/ MP/ JB No. 06 Minggu II Oktober 2014 kc. 23)
G :    j        w                l
W :  t.s      t.kr             t.ar
K : pndk  tmdk      pndhng


(3)    Awakku dadi lemu. (CR/ I/ JB No. 23 Minggu I pebruari 2014 kc. 37)
G :        j           w            
W :       t.s      t.kah      
K :      pndk    tmdk     

(4)     Kawula ngestokaken dhawuh. (CW/ WP/ JB No. 16 Minggu III Des 2014 kc. 30)
Guna   :    j                w                l
Wujud :  t.s                    f.kr    
Kal       : pndk          tmdk       pnggnp
Jpndk + F.Kr + Pnggnp

 



2) Pronomina Personal Kapisan Akeh
Pronomina personal akeh ing basa Jawa bisa dianaforakake amarga wong sing omongan iki ora ngomong dhewe nanging ana sing diajak omongan utawa nduweni variasi anggone nuturake. Pronomina personal kapisan sing sipate akeh utawa kang nduweni makna “jamak” yaiku kita. Mung wae ana frasa kang dianggo nuduhake jamak yaiku: kita kabeh, kene kabeh lan kula sedaya. Ing kene dhatane ora bisa ditemokake ing majalah-majalah utawa buku-buku, mula ing tuladha ngisor iki dhatane nggawe dhewe lan ora ana sumbere. Tuladhane yaiku kita lan kene (ditambah karo tembung kabeh utawa sedaya). Kaya dene dhata ing ngisor iki:

(5)        Aku lan Naila bakal nggoleki buku,      kita   teka  ing toko buku jam 10 esuk.
Guna   :          j                  w                l          j        w                     k
Wujud :         t.ar               f.kr           t.ar    t.s     kr                   t. k
Kal       :       pndk               tmdk     pnggnp  pndk tmndk         pnggnp

       Tembung “kita” ing basa kuwi ateges “kowe”, nanging saiki, jalaran kaprebawan basa Indonesia owah tegese dadi “aku lan kowe ”. dhata ing ndhuwur bisa diarani anafora jalaran tembung kita nuduhake maneh marang tembung Aku lan Naila.

(5)         Aku lan kancaku padha nggarap pr, Kene kabeh durung padha nggarap.
Guna   :          j                        w              l            j                        w
Wujud :         f.ar                   f.kr            f.ar          t.s                      f.kr                  
Kal       :       pndk               tmdk     pnggnp       pndk                   tmndk  

Tembung kene uga diarani kita. Tembung kene kabeh ateges aku lan dheweke.  Tembung kene utawa kita kalebu inti, dene tembung kabeh kalebu modifikator. Kekarone ora bisa diilangi salah siji utawa di  owahi panggone, amarga bakal nuwuhake makna kang beda. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung kene kabeh kuwi mau nuduhake maneh marang tembung aku lan kancaku.

(6)          Kula lan warga bakal mbasmi para maling, Kita sedaya kedah waspada.
Guna   :          j                        w                   l                 j                    w
Wujud :         f.ar                     f.kr               f.ar              f.ses              f.kr                  
Kal       :       pndk               tmdk                pnggnp       pndk             tmndk  

Tembung kita sedaya tegese padha karo kene kabeh, mung wae tembung kita sedaya nggunakake basa krama. Tembung kita kalebu inti, dene tembung sedaya kalebu modifikator. Kekarone ora bisa diilangi salah siji utawa di  owahi panggone, amarga bakal nuwuhake makna kang beda. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung kita sedaya kuwi mau nuduhake maneh marang tembung kula lan warga.
Jpndk + F.Kr + Pnggnp+ F.Se + F.Kr

 



b.    Pronomina Personal Madyama Purusa
Ing basa Jawa personal kapindho diarani madyama purusa. Tembung-tembung madyama purusa digunakake kanggo nengenake marang wong kang dijak ngomong. Pronomina personal kapindho yaiku kategorisasi rujukan pamicara marang lawan wicara. Ing basa Indonesia personal kapindho ijen nduweni maneka warna wujud, yaiku engkau, kamu, anda, dikau, kau lan mu. Personal kapindho engkau, kamu, lan mu-, bisa digunakake dening wong tuwa tumrap wong enom kang wis dikenal apik, wong kang status sosiale luwih dhuwur, wong kang nduweni sesambungan akrab tanpa nyawang status sosial lan umur.
Personal kapindho anda dimaksudake kango netralake sesambungan. Saliyane kuwi personal kapindho anda uga digunakake sajrone sesambungan kang ora pribadhi, saengga anda ora diarahake ing siji wong, nanging pamicara ora pengin asikap formal utawa akrab. Personal kapindho ing basa Indonesia uga nduweni wujud akeh utawa jamak yaiku wujud kalian lan personal iki ditambahi sekalian: anda sekalian, kamu sekalian. Personal kapindho kang nduweni variasi wujud mung engkau lan kamu. Wujud kaiket iku masing-masing yaiku kau lan mu.
 Banjur yen ing Basa jawa, wujud pronomina madyama purusa iki bisa diperang dadi rong perangan adhedhasar cacahe sing ngrungokake utawa melu omong-omongan, yaiku pronomina madyama purusa ijen lan akeh. Tuladhane ijen yaiku: kowe, sampeyan, sliramu, panjenengan, lan tuladha madyama purusa akeh yaiku: kowe kabeh, panjenengan sedaya, panjenengan sami.

1) Pronomina Personal Kapindho Ijen
Pronomina Personal Kapindho ijen iki yaiku kowe, awakmu, sampeyan, sliramu, panjenengan, panjenengan dalem, nandalem, sira, pakenira, pukulun, pakenira, paduka, jengandika. Wujud personal iki biasane digunakake kanggo (1) wong tuwa marang wong enom sing wis dikenal apik lan suwi, (2) wong kang nduweni status luwih dhuwur kanggo nyapa lawan wicara sing statuse luwih endhek,lan (3) wong sing nduweni sesambungan raket, tanpa nyawang umur utawa status sosial (Purwo, 1984: 23). Kaya dene Dhata ing ngisor iki.
(7)          Ana   kok lagi mulih, kowe mau menyang ngendi?
Guna   :  j            w                  j                 w
Wujud : t.ar         f.kr              t.ar                f.kr                  
Kal       : pndk     tmdk          pndk             tmndk

Tembung kowe digunakake kanggo nuduhake pawongan kang ngrungokake omongan utawa wong kapindho. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung kowe kuwi mau nuduhake maneh marang tembung Ana.
(8)        Fatma iki ana melon, awakmu gelem ta?
Guna   :    j            w                  j            w
Wujud : t.ar         f.kr              t.ar             f.kr                  
Kal       : pndk     tmdk          pndk          tmndk

Tembung awakmu luwih digunakake kanggo pawongan kang ora sepira kenal utawa wong liya, supaya nuduhake rasa kurmat utawa ngregani pawongan kang dijak omongan. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung awakmu kuwi mau nuduhake maneh marang tembung Fatma.

(9)          Mas tega karo aku, Sampeyan bisa tak lapurake ing pengadilan.
Guna   :    j     w        l                 j                  w                     k
Wujud :  t.ar    t.kr       t.s           t.ar             f.kr                  t.k                  
Kal       : pndk tmdk pnggnp      pndk          tmndk              pnggnp

Tembung sampeyan digunakake kanggo nuduhake pawongan kang ngrungokake omongan utawa wong kapindho. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung sampeyan kuwi mau nuduhake maneh marang tembung mas.

(10)      Nimas pancen becik lakumu, sliramu bakal tak dadikake garwaku.
Guna   :    j            w                 l          j           w              l
Wujud : t.ar         f.kr              t.ar         t.s         kr            f.k           
Kal       : pndk      tmdk          pnggnp  pndk    tmndk     pnggnp

Tembung sliramu kadhangkala uga dianggo kanggo purusa kaloro, nanging becike kanggo purusa kaloro ora nganggo tembung sliramu. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung sliramu kuwi mau nuduhake maneh marang tembung Nimas.



(11)        Bapak menawi sampun dhahar, panjenengan diutus ngeterake Ibu.
Guna   :    j              w                 l                j                         w              l
Wujud :  t.ar            f.kr              t.kr           t.s                       f. kr           t.ar          
Kal       : pndk        tmdk          pnggnp        pndk                tmndk     pnggnp

Tembung panjenengan digunakake kanggo ngurmati wong sing luwih tuwa lan wujud krama inggile saka kowe. Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung panjenengan kuwi mau nuduhake maneh marang tembung bapak.
Jpndk + F.Kr + Pnggnp + T.ses + F.Kr + Pnggnp

 



2) Pronomina Madyama Purusa Akeh
Pronomina madyama purusa akeh yaiku saka wujud ijen banjur ditambahi tembung kabeh, sedaya, sami kayata kowe kabeh, panjenengan sedaya, panjenengan sami. Dhata pronomina madyama purusa angel digoleki ing buku utawa majalah, mula dhata ing ngisor iki ora ana sumbere. Tuladhane kaya dhata ing ngisor iki.
(12)      Ana, Fatma lan Diah wis nglakoni tumindak luput. Kowe kabeh kudu diukum.
Guna   :                 j                        w                 l                       j                  w
Wujud :                f.ar                    f.kr              t.ar                   f.ses           f.kr     
Kal       :                pndk                 tmdk          pnggnp            pndk           tmndk

Tembung kowe kabeh tegese padha karo kowe. Tembung kowe kalebu inti, dene   tembung kabeh kalebu modifikator. Tembung kabeh nduweni teges minangka cacahe kowe.  Kekarone ora bisa diilangi salah siji utawa di  owahi panggone, amarga bakal nuwuhake teges kang beda.  Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung kowe kabeh kuwi mau nuduhake maneh marang tembung Ana, Fatma, lan Diah.

(13)     Pak RT, RW lan Carik angsal serat ulem. Panjenengan sedaya kedah rawuh.
Guna   :                 j                  w             l                       j                      w       l
Wujud :                f.ar               kr           t.ar                   f.ses                   f.kr     
Kal       :                pndk           tmdk      pnggnp            pndk                    tmndk

Tembung panjengan sedaya tegese padha karo kowe, mung  wae nggunakake basa  krama lan gunane kanggo rasa urmat marang wong sing luwih tuwa. Tembung panjengan  kalebu inti, dene tembung sedaya kalebu modifikator. Tembung sedaya nduweni teges minangka cacahe panjenengan. Kekarone ora bisa diilangi salah siji utawa di  owahi panggone, amarga bakal nuwuhake teges kang beda.  Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung  panjengan sedaya kuwi mau nuduhake maneh marang tembung pak RT, RW lan Carik.


(14)   Pak Kyai lan pak moden diaturi kenduren. Panjengan sami samenika diaturi ndonga.
Guna   :                 j                  w             l                       j                      w                l
Wujud :                 f.ar             t.kr           t.ar                f.ses                         f.kr     
Kal       :                pndk           tmdk      pnggnp            pndk                       tmndk

Tembung panjengan sami tegese padha karo kowe, mung  wae nggunakake basa  krama alus lan gunane kanggo rasa urmat marang wong sing luwih tuwa. Tembung panjenengan  kalebu inti, dene tembung sami kalebu modifikator. Tembung sami nduweni teges minangka cacahe panjenengan. Kekarone ora bisa diilangi salah siji utawa di  owahi panggone, amarga bakal nuwuhake teges kang beda.  Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung panjenengan sami kuwi mau nuduhake maneh marang tembung pak Kyai lan pak Moden.
Jpndk + F.Kr + Pnggnp + F.Ses + F.Kr

 



c.    Pronomina Pratama Purusa
Ing basa Indonesia personal katelu ijen kawujud ia, dia, -nya lan beliau. Tembung-tembung pratama purusa digunakake kanggo nengenake marang wong utawa samubarang kang dadi bahan parembugan. Sajrone posisi minangka subyek, utawa ing ngarep verba, ia lan dia padha-padha bisa digunakake. Nanging yen kalungguhane minangka obyek, utawa manggon ing tengen saka kang diterangake. Mung wujud dia lan nya kang bisa digunakeke. Personal katelu tunggal utawa ijen beliau digunakake kanggo ngandharake rasa kurmat, yaiku digunakake dening wong kang dadi bahan parembugan. Saka kapapat personal kasebut mung dia, nya lan beliau kang bisa digunakake kanggo ngandharake apa kang dinduweni.
Ing basa indonesia personal katelu akeh utawa jamak yaiku mereka. Umume mereka mung digunakake kanggo manungsa. Samubarang utawa konsep kang jamak utawa akeh diandharake kanthi cara liya umpamane kanthi ngulang nomina kasebut. Sajrone carita fiksi kang nggunakake gaya fiksi, tembung mereka kadhang-kadhang uga digunakake kanggo nengenake ing kewan utawa samubarang kang dianggep nduweni nyawa. Tembung mereka ora nduweni variasi wujud saengga sajrone posisi apa wae mung wujud iku kang digunakake, umpamane usul mereka, rumah mereka.
Banjur ing basa Jawa wujud pronomina personal katelu mujudake kategorisasi rujukan pamicara marang wong kang ana ing njaba tindak komunikasi utawa ora ana ing njero pacaturan. Kanthi tembung liya wujud pronominal personal katelu ngrujuk wong sing ora ana ing pihak pamicara utawa lawan wicara. Pronomina personal katelu ing basa Jawa wujude mung ana siji yaiku tembung kang wis digunakake ing masyarakat, tuladhane dheweke, piyambakipun, lan panjenenganipun. Kaya dene dhata ing ngisor iki.

(15)        Ana tuku sapu ing toko, Dheweke lali ora nggawa dhuwit.
Guna   :  j        w     l         k              j                     w             l
Wujud : T.ar      t.kr           t.k             t.s                  F.kr          T.ar
Kal       : pndk  tmdk      pnggnp      pndk        tmndk          pnggnp

Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung dheweke kuwi mau nuduhake maneh marang tembung Ana.

(16)      Pak Sur sampun dhahar, Piyambakipun dhahar sega goreng.
Guna   :     j                w                        j                w             l
Wujud : t.ar              f.kr                      t.s              t.kr          f.ar
Kal       : pndk          tmdk                    pndk        tmndk          pnggnp

Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung piyambakipun kuwi mau nuduhake maneh marang tembung pak Sur.

(17)       Bu Puah mandhap saking bis, Panjenganipun saking pundi?
Guna   :      j             w               l                     j                     w 
Wujud :    t.ar          t.kr           t.kah               t.ses                 f.kr 
Kal       : pndk        tmdk      pnggnp      pndk        tmndk          pnggnp

Dhata ing ndhuwur nuduhake anane anafora yaiku anane tembung panjenenganipun kuwi mau nuduhake maneh marang tembung bu Puah.
Jpndk + F.Kr + Pnggnp + T.Ses + F.Kr

 



d.    Pronomina Personal Kang Mratelakake Ndarbeni
Pronomina personal kang mratelakake ndarbeni bisa dilebokake ing pronomina personal, amarga bisa digunakake kanggo nyulihi personal utawa purusa utawa barang sajrone ukara. Pronomina personal kang mratelekake ndarbeni kuwi ditengeri karo anane panambang {-ku}, {-mu}, {-e} adhedhasar wong kapisan, kapindho lan katelu. Dadi panambang {-ku}, {-mu}, {-e} ngandharake yen sing nduweni barang utawa apa wae kuwi aku, kowe, lan wong katelu utawa dheweke. Aku dadi {-ku}, kowe dadi {-mu}, lan dheweke utawa wong katelu dadi {-e}, yen jenenge wong tetep tuladhane Dika tetep dadi Dika. Kajaba {-e} bisa dadi tembung kang mratelekake ndarbeni, bisa mratelekake uga gawe tembung aran, agawe manising tembung dadi ora ngowahake teges lan minangka gawe tembung katrangan.

1)    Wong Kapisan Sing Ndarbeni
Wong kapisan sing ndarbeni bisa ditengeri karo panambang {–ku} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran. Panulise panambang iki tetep kesambung. Tembung kang kadhapuk panambang {–ku} nduweni makna gramatikal  “duweku”. Tuladhane kaya ing bagan ngisor iki.
Bagan 1
Panambang {-ku}

sapi                  +  -ku                sapiku
pari                  +  -ku                pariku
Panambang –ku                    gulu                 +  -ku               guluku
meja                +  -ku               mejaku
sikil                  +  -ku                sikilku
Pangetrape ing ukara:
(18) Sapiku bengah wae.
Tegese tembung sapiku ing ukara iki yaiku sapi kuwi duweku.
(19) Pariku durung buntas.
Tegese tembung pariku ing ukara iki yaiku pari kuwi duweku.
(20) Guluku wingi tengo.
Tegese tembung guluku ing ukara iki yaiku gulu duweku.
(21) Mejaku disilih Yatmi.
Tegese tembung mejaku ing ukara iki yaiku meja kuwi duweku.
(22) Sikilku rasane linu.
Tegese tembung sikilku ing ukara iki yaiku sing nduwe sikil aku


2)    Wong Kapindho Sing Ndarbeni
Wong kapindho sing ndarbeni bisa ditengeri karo anane panambang {–mu} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran. Panulise panambang iki tetep kesambung. Tembung kang kadhapuk panambang {–mu} nduweni makna gramatikal  “duwemu”. Tuladhane kaya bagan ing ngisor iki.
Bagan 2
Panambang {-mu}

sapi                  +  -mu                sapimu
pari                  +  -mu                parimu
Panambang –mu                   gulu                 +  -mu               gulumu
meja                +  -mu               mejamu
sikil                  +  -mu                sikilmu
Pangetrape ing ukara :
(23) Sapimu njaluk dicombor.
Tegese tembung sapimu ing ukara iki yaiku sapi kuwi duwekmu.
(24) Parimu njaluk dirabuk.
Tegese tembung parimu ing ukara iki yaiku pari kuwi duwekmu.
(25) Gulumu dawa kaya jerapah.
Tegese tembung gulumu ing ukara iki yaiku gulu kuwi duwekmu.
(26) Mejamu wis katon elek.
Tegese tembung mejamu ing ukara iki yaiku meja kuwi duwekmu.
(27) Sikilmu kok aboh gedhi.
Tegese tembung sikilmu ing ukara iki yaiku sikil kuwi duwekmu

3)    Wong Katelu Sing Ndarbeni
Wong katelu sing ndarbeni bisa ditengeri karo anane panambang {–e} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran. Yen ing basa krama panambang iki malih dadi {–ipun}, panulise panambang iki tetep kesambung. Tembung kang kadhapuk panambang {–e} nduweni makna gramatikal  “duweke”. Panambang {-e} dilironi {-ne} yen wandane kang pungkasan menga. Tuladhane kaya bagan ing ngisor iki.
Bagan 3
Panambang {-e}

sapi                  +  -e                sapine
pari                  +  -e                parine
Panambang –e                      gulu                 +  -e                gulune
meja                +  -e               mejane
sikil                  +  -e                sikile

Pangetrape ing ukara :
(28) Sapine Narto dipakani suket pirang-pirang tomblok.
Tegese tembung sapine ing ukara iki yaiku sapi duweke Narto.
(29) Parine Waridi wis padha jebul.
Tegese tembung parine ing ukara iki yaiku pari duweke Waridi.
(30) Gulune Mitra krasa lara.
Tegese tembung parine ing ukara iki yaiku pari duweke Mitra.
(31) Mejane Bu Hastuti anyar.
Tegese tembung mejane ing ukara iki yaiku meja duweke Bu Hastuti.
(32) Sikile meja kuwi ceklek.
Tegese tembung sikile ing ukara iki yaiku sikil duweke meja.


Katrangan:  J = Jejer
W = Wasesa
L = Lesan
F.ar = Frasa Aran
T.ar = Tembung Aran
F.Ses = Frase Sesulih
F.kr = Frase Kriya
T.Kr = Tembung kriya
T.Kah = Tembung Kahanan
Pndk = Panindak
Tmdk = Tumindak
Pnggnp = Pangganep

C. Panutup
Bisa didudut yen anafora yaiku materi struktur kanggo nggunakake tembung sesulih lan istilah linguistik kang dibaleni maneh minangka frasa utawa tembung liya. Anafora yaiku nuduhake maneh marang samubarang kang wis disebutake sadurunge sajrone wacana kanthi cara mbaleni utawa subtitusi. Anafora pronominal kuwi tegese anafora kang nyetakake ngenani sesulih, banjur anafora pronominal personal kuwi anafora kang nyetakake sesulih purusa utawa wong. Tuladhane tembung sing bisa digawe anafora yaiku ana anafora kang awujud sesulih purusa, panuduh lan pandarbe kayata dheweke, kowe minangka sesulih purusa. Luwih cethane yen anafora mung nuduhake ing titik tolak kang ana ing sisih kiwa. Ing anafora ngandharake ngenani pronominal, utamane pronominal personal,nanging sing diandharake yaiku pronominal personal kapisan sing wujud akeh utawa jamak, banjur pronominal personal wong kapindho, lan pronominal personal katelu. Pronominal personal kang mratelakake ndarbeni bisa dilebokake ing pronominal personal, amarga bisa digunakake kanggo nyulihi personal utawa purusa utawa baranng sajrone ukara. Pronominal personal kang mratelekake ndarbeni kuwi ditengeri karo panambang {-ku}, {-mu}, {-e} adhedhasar wong kapisan, kapindho lan katelu.

Kapustakan
Kridalaksana, Harimurti. 1993. Kamus Linguistik .Edhisi ketiga. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama

Purnomo, Al Aris.  2014. Mburu Pusaka. Surabaya: Jaya Baya Edhisi 06-28 Oktober- Maret

Purwo, Bambang Kaswanti. Deiksis dalam Bahasa Indonesia. Cetakan Pertama 1984.
Jakarta: PN Balai Pustaka

S, Sastrasoepadma.  1958. Paramasastra Djawa.Jogyakarta: Soejadi

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta:
          Yayasan Paramalingua

Setiyanto, Arya Bimo. 2007. Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka

Setyorini, Novia Rakhmatin. 2013. Tembung Sesulih Ing Basa Jawa dhialeg surabaya sub-
dhialeg Mojokerto. Program Sarjana. Universitas Negeri Surabaya. Surabaya.

Sudaryanto lan Pranowo. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekeja
Kongres Basa Jawa.

Ullmannhen, Stephen. 2012. Pengantar Semantik. Edisi ke 4. Diterjemahake dening:
Sumarsono. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Wedhawati. 2005. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Balai Bahasa


0 comments:

Total Pageviews

anti block

G.ads